Anda di halaman 1dari 2

Cerita Pendek Bahasa Jawa: Andong lan Laler Cilik

Jaman mbiyen ana andong nggawa momotan jambu kluthuk lagi mlaku
saka Selarong arep menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane isih gronjal-
gronjal digawe saka watu durung ana aspal. Nalika andong lagi liwat
dalan sing kebak wedi, ana laler cilik mencok ning nduwure andong.
Bareng karo mencoke laler, lakune andong malik rindik. Ora amarga
kabotan laler, nanging amarga rodane kepater dening wedi sing mbleder
ning ndalan.

Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amarga kapencokan


deweke.
“Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti merga jarane kabotan
awakku” pikire si laler kanthi ati bungah rumangsa paling abot sak donya.
“Sapa sing iso nandingi abote awakku, ora ana kewan liya sing luwih abot
timbang aku!”.

Sakwise sakwetara mencok ning andong, laler banjur jeleh terus mabur
meneh. Nalika Laler mabur, andonge pas liwat dalan sing ora ana wedine.
Dadi lakune andong malik cepet maneh. Si Laler kang gegeden rumongso
tambah yakin menawa deweke abot tenan. “Weladalah, tak tinggal sedilit
wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek ngono aku iki abot
temenan ya!” celatune si laler.

Laler banjur mikir, manawa deweke mencok ning andong karo ngobahke
sewiwine mestine si andong bakal mlaku luwih banter amarga kasurung
dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba mencok maneh ning andong karo
ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik mlayu banter banget ngedap-
edapi. Laler kaget banget ngantek awake kontal saka andong. Untunge
deweke iso mabur sakdurunge tiba ning lemah.

Sajatine andong mau iso mlayu banter banget amarga dalane ndronjong, Dadi
lumrah menawa mlakune luwih banter wong diewangi gravitasi bumi. Nanging
lelakon itu agawe Laler dadi tambah ge-er. Trus mbengok-mbengok marang jarane
andong.. ‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku salah ngukur kekuatanku. Anggonku
ngobahke sewiwi sajake kebanteren, dadi andongmu mlakune banter banget. Sorry
ya, sesuk maneh anggonku ngobahke sewiwi rindik wae”. celatune Laler kanthi ati
mongkok (Undil Okt 09).
bacaan:
Tjrita Pantja Warna oleh S. Har, Penerbit PT. Jaker Jogjakarta

Anda mungkin juga menyukai