Anda di halaman 1dari 109

DARMAGANDUL Anyariosaken reringkesanipun BABAD BEDAHING MAJAPAHIT Kawewehan pepandinganing cariyos Miturut suraosipun serat walisana Serat Darmagandul

sudah diterbitkan beberapa kali setidaknya hingga empat kali naik cetak di atas kertas. Cetakan ke-empat dilakukan pada tahun 1955. Dari beberapa sejarah dan karya sastra tersebut mengalami beberapa tambahan dan sedikit pengurangan. Sementara itu, Darmagandul cetakan pertama (mungkin dalam bentuk tulisan di atas daun lontar) sangat sulit dilacak keberadaannya. Berikut ini saya sertakan cetakan ke 3. Tanpa ada tendensi apapun saya menayangkan Darmagandul sekedar menambah dan melestarikan karya sastra kuno, demi menghargai para leluhur perintis bangsa. Selain itu saya berusaha semaksimal mungkin untuk mencintai dan menggali produk-produk lokal yang sarat muatan nilai kearifan. Saya pun menyadari sering terjadi pemutarbalikan sejarah masa lampau terutama apa yang terjadi pada masa abad 15 s/d 19. Dengan harapan penayangan ini dapat menambah khasanah ilmu yang berfungsi menjadi bandul penyeimbang sumber sejarah lainnya yang dianggap kontraversi dengan kejadian masa lalu. Dalam konteks ini saya berusaha tidak mengambil sikap pro kontra, sebaliknya berangkat dari sikap

ilmiah, dan etika akademisi. Yang terpenting saya mencoba merambah hakekat ilmu yang katanya bebas nilai, walaupun saya sangat pesimis dengan pendapat tersebut. Namun dengan sangat menyesal tayangan masih dalam bahasa Jawa sehingga belum bisa dipahami khalayak umum. Sementara ini saya masih menyelesaikan alih bahasa yang dibantu sahabat-sahabat yang peduli dengan pelestarian kesusastraan kuno.

BEBUKA
Sinarkara sarjunireng galih, myat carita dipangiketira, kihai Kalamwadine, ing nguni anggeguru, puruhita mring Raden Budi, mangesthi amiluta, duta rehing guru, sru stya nglampahi dhawah, panggusthine tan mamang ing lair batin, pinindha lir Jawata. Satuduhe Raden Budi ening, pan ingembun pinusthi ing cipta, sumungkem lair batine, tan etung lebur luluh, pangesthine ing awal akhir, tinarimeng Bathara, sasedyanya kabul, agung nugraheng Hyang Suksma, sinung ilham ing alam sahir myang kabir, dumadya auliya. Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi, pan biyasa mituhu susetya, mring dhawuh weling gurune, kedah medharken kawruh,

karya suka pireneng jalmi, mring sagung ahli sastra, tuladhaning kawruh, kyai Kalamwadi ngarang, sinung aran srat Darmagandhul jinilid, sinung tembang macapat. Pan katemben amaos kinteki, tembang raras rum seya prasaja, trewaca wijang raose, mring tyas gung kumacelu, yun darbeya miwah nimpeni, pinirit tinuladha, lelepiyanipun, sawusnya winaos tamat, linaksanan tinedhak tinurun sungging, kinarya nglipur manah. Pan sinambi-sambi jagi panti, saselanira ngupaya tedha, kinarya cagak lenggahe, nggennya dama cinubluk, mung kinarya ngarem-aremi, tarimanireng badan, anganggur ngethekur, ngebun-bun pasihaning Hyang, suprandene tan kaliren wayah siwi, sagotra minulyarja. Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan sumarah kumambang karseng Hyang, ing lokhilmakful tulise, panitranira nuju, ping trilikur ri Tumpak manis, Ruwah Je warsanira, Sancaya kang windu, masa Nem ringklnya Aryang, wuku Wukir sangkalanira ing warsi: wuk guna ngesthi Nata [taun Jawa 1830].

DARMAGANDHUL

Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi mangkene Mau-maune kpriye dene wong Jawa kok banjur padha ninggal agama Buddha salin agama Islam? Wangsulane Ki Kalamwadi: Aku dhewe iya ora pati ngrti, nanging aku tau dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya kna dipracaya, nyaritakake purwane wong Jawa padha ninggal agama Buddha banjur salin agama Rasul. Ature Darmagandhul: dongengane? Banjur kapriye

Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: Bab iki satmne iya prlu dikandhakake, supaya wong kang ora ngrti mula-bukane karben ngrti. Ing jaman kuna nagara Majapahit iku jnnge nagara Majalngka, dene nggone jnng Majapahit iku, mung kanggo pasmon, nanging kang durung ngrti ddongengane iya Majapahit iku jnng sakawit. (1) Ing nagara Majalngka kang jumnng Nata wkasan jjuluk Prabu Brawijaya. Ing wktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang Prabu krama oleh Putri Cmpa, (2) ing mangka Putri Cmpa mau agamane Islam, sajrone lagi sih-sinihan, Sang Rtna tansah matur marang Sang Nata, bab luruhe agama Islam, sabn marak,

ora ana maneh kang diaturake, kajaba mung mulyakake agama Islam, nganti njalari katariking panggalihe Sang Prabu marang agama Islam mau. Ora antara suwe kaprnah pulunane Putri Cmpa kang aran Sayid Rakhmat tinjo mnyang Majalngka, sarta nyuwun idi marang Sang Nata, kaparnga angglarake sarengate agama Rasul. Sang Prabu iya marngake apa kang dadi panyuwune Sayid rakhmat mau. Sayid Rakhmat banjur kalakon dhdhukuh ana Ngampeldnta ing (3) angglarake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para ngulama saka sabrang kang padha tka, para ngulama lan para maulana iku padhamark sang Prabu ing Majalngka, sarta padha nyuwun dhdhukuh ing pasisir. Panyuwunan mangkono mau uga diparngake dening Sang Nata. Suwesuwe pangidhp mangkono mau saya ngrbda, wong Jawa banjur akeh bangt kang padha agama Islam. Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama Islam kabeh, dene panggonane ana ing Benang (4) bawah Tuban. Sayid Kramat iku maulana saka ing Arab tdhake Kanjng Nabi Rasulullah, mula bisa dadi gurune wong Islam. Akeh wong Jawa kang padha kelu maguru marang Sayid Kramat. Wong Jawa ing pasisir lor sapangulon sapangetan padha ninggal agamane Buddha, banjur ngrasuk agama Rasul. Ing Balambangan sapangulon nganti tumka ing

Bantn, wonge uga padha kelu rmbuge Sayid Kramat. Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis klakon urip nganti sewu taun, dene wong-wonge padha manmbah marang Budi Hawa. Budi iku Dzate Hyang Widdhi, Hawa iku karping hati, manusa ora bisa apa-apa, bisane mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake.

Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka Putri Bangsa Cina, miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi ttngr Raden Patah. Barng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti sadhereke seje rama tunggal ibu, arane Raden Kusen. Satkane Majalngka Sang Prabu kewran panggalihe nggone arp maringi ssbutan marang putrane, awit yen miturut lluri saka ingkang rama, Jawa Buddha agamane, yen nglluri lluhur kuna, putraning Nata kang pambabare ana ing gunung, ssbutane Bambang. Yen miturut ibu, ssbutane: Kaotiang, dene yen wong Arab ssbutane Sayid utawa Sarib. Sang Prabu banjur nimbali patih sarta para nayaka, padha dipundhuti ttimbangan nggone arp maringi ssbutan ingkang putra mau. Saka ature Patih, yen miturut lluhur kuna putrane Sang Prabu mau disbut Bambang, nanging sarehne ibune bangsa Cina, prayoga disbut Babah, tgse

pambabare ana nagara liya. Ature Patih kang mangkono mau, para nayaka uga padha mupakat, mula Sang Nata iya banjur dhawuh marang padha wadya, yen putra Nata kang miyos ana ing Palembang iku diparingi ssbutan lan asma Babah Patah. Katlah nganti tumka saprene, yen blastran Cina lan Jawa ssbutane Babah. Ing nalika samana, Babah Patah wdi yen ora nglakoni dhawuhe ingkang rama, mulane katone iya snng, snnge mau amung kanggo samudana bae, mungguh satmne ora snng bangt nggone diparingi ssbutan Babah iku. Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati ing Dmak, madanani para bupati urut pasisir Dmak sapangulon, sarta Babah Patah dipalakramakake oleh ing Ngampelgadhing, kabnr wayahe kiyai Agng Ngampel. Barng wis sawatara masa, banjur boyong marang Dmak, ana ing desa Bintara, sarta sarehne Babah Patah nalika ana ing Palembang agamane wis Islam, anane ing Dmak didhawuhi nglstarekake agamane, dene Raden Kusen ing nalika iku jinunjung dadi Adipati ana ing Trung (5), pinaringan nama sarta ssbutan Raden Arya Pcattandha. Suwening suwe sarak Rasul saya ngrbda, para ngulama padha nyuwun pangkat sarta padha duwe ssbutan Sunan, Sunan iku tgse budi, uwite kawruh kaelingan kang bcik lan kang ala, yen

wohe budi ngrti marang kaelingan bcik, iku wajib sinuwunan kawruhe ngelmu lair batin. Ing wktu iku para ngulama budine bcik-bcik, durung padha duwe karp kang cidra, isih padha cgah dhahar sarta cgah sare. sang Prabu Brawijaya kagungan panggalih, para ngulama sarake Buddha, kok nganggo ssbutan Sunan, lakune isih padha cgah mangan, cgah turu. Yen sarak rasul, sirik cgah mangan turu, mung nuruti rasaning lesan lan awak. Yen cgah mangan rusak, Prabu Brawijaya uga banjur paring idi. Suwe-suwe agama Rasul saya sumbar. Ing wktu iku ana nalar kang aneh, ora kna dikawruhi sarana netra karna sarta lesan, wtune saka engtan, jroning utk iku yen diwarahi budi nyambut gawe, kang maca lan kang krungu nganggp tmn lan ora, iya kudu ditimbang ing sabnre, saiki isih ana wujuding patilasane, isih kna dinyatakake, mula saka pangiraku iya nyata. Dhek nalika samana Sunan Benang sumdya tindak marang Kadhiri, kang ndherekake mung sakabat loro. Satkane lor Kadhiri, iya iku ing tanah Krtasana, kpalangan banyu, kali Brantas pinuju banjir. Sunan Benang sarta sakabate loro padha nyabrang, satkane wetan kali banjur niti-niti agamane wong kono apa wis Islam, apa isih agama Budi. Ature Ki Bandar wong ing kono agamane Kalang, sarak Buddha mung sawatara, dene kang agama Rasul lagi bribik-bribik, wong ing kono akeh padha agama Kalang, mulyakake Bandung

Bandawasa. Bandung dianggp Nabine, yen pinuji dina Riyadi, wong-wong padha bbarngan mangan enak, padha snng-snng ana ing omah. Sunan Benang ngandika: Yen ngono wong kene kabeh padha agama Gdhah, Gdhah iku ora irng ora putih, tanah kene patut diarani Kutha Gdhah. Ki Bandar matur: Dhawuh pangandika panjnngan, kula ingkang nkseni. Tanah saloring kutha kadhiri banjur jnng Kutha Gdhah, nganti tkane saiki isih karan Kutha Gdhah, nanging kang mangkono mau arang kang padha ngrti mula-bukane. Sunan Benang ngandika marang sakabate: Kowe goleka banyu imbon mnyang padesan, kali iki isih banjir, banyune isih buthk, yen diombe nglarani wtng, lan maneh iki wancine luhur, aku arp wudhu, arp salat. Sakabate siji banjur lunga mnyang padesan arp golek banyu, tkan ing desa Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge lanang, kang ana mung bocah prawan siji, wajah lagi arp mpg birahi, ing wktu iku lagi nnun. Sakabat tka sarta alon calathune: mBok Nganten, kula ndha toya imbon bning rsik. mBok Prawan kaget krungu swarane wong lanang, barng noleh wruh lanang sajak kaya santri, MBok Prawan salah cipta, pangrasane wong lanang arp njjawat, mjanani marang dheweke, mula nggone mangsuli nganggo tmbung saru: nDika mntas liwat kali

tka ngangge ngarani njaluk banyu imbon, ngriki botn entn carane wong ngimbu banyu, kajaba uyuh kula niki imbon bning, yen sampeyan ajng ngombe. Santri krungu ttmbungan mangkono banjur lunga tanpa pamit lakune dirikatake sarta garundlan turut dalan, satkane ngarsane Sunan Benang banjur ngaturake llakone nalika golek banyu. Sunan Benang mirng ature sakabate, bangt dukane, nganti kawtu pangandikane nyupatani, ing panggonan kono disabdakake larang banyu, prawane aja laki yen durung tuwa, sarta jakane aja rabi yen durung dadi jaka tuwa, barng kna dayaning pangandika mau, ing sanalika kali Brantas iline dadi cilik, iline banyu kang gdhe nyimpang nrabas desa alas sawah lan patgalan, akeh desa kang padha rusak, awit katrajang ilining banyu kali kang ngalih iline, kali kang maune iline gdhe sanalika dadi asat. Nganti tumka saprene tanah Gdhah iku larang banyu, jaka lan prawane iya nganti kasep nggone omah-omah. Sunan Benang trus tindak mnyang Kadhiri. Ing wktu iki ana dhmit jnnge Nyai Plncing, iya iku dhmit ing sumur Tanjungtani, tansah digubl anak putune, padha wadul yen ana wong arane Sunan Benang, gawene nyikara marang para llmbut, ngndl-ndlake kaprawirane, kali kang saka Kadhiri disotake banjur asat sanalika, iline banjur salin dalan kang dudu msthine, mula akeh desa, alas, sawah sarta patgalan, kang padha

rusak, iya iku saka panggawene Sunan Benang, kang uga ngsotake wong ing kono, lanang wadon ngantiya kasep nggone omah-omah, sarta kono disotake larang banyu sarta dilih jnnge tanah aran Kutha Gdhah, Sunan Benang dhmne salah gawe. Anak putune Nyai Plncing padha ngajak supaya Nyai Plncing glma nluh sarta ngrridhu Sunan Benang, bisaa tumka ing pati, dadi ora tansah ganggu gawe. Nyai Plncing krungu wadule anak putune mangkono mau, enggal mangkat mthukake lakune Sunan Benang, nanging dhmit-dhmit mau ora bisa nydhaki Sunan Benang, amarga rasane awake padha panas bangt kaya diobong. Dhmit-dhmit mau banjur padha mlayu marang Kadhiri, satkane ing Kadhiri, matur marang ratune, ngaturake kahanane kabeh. ratune manggon ing Selabale. (6) Jnnge Buta Locaya, dene Selabale iku dununge ana sukune gunung Wilis. Buta Locaya iku patihe Sri Jayabaya, maune jnnge kiyai Daha, duwe adhi jnnge kiyai Daka. Kiyai daha iki cikal-bakal ing Kadhiri, barng Sri Jayabaya rawuh, jnnge kiyai Daha dipundhut kanggo jnnge nagara, dheweke diparingi Buta Locaya, sarta banjur didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya. Buta iku tgse: butng utawa bodho, Lo tgse kowe, caya tgse: kna dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging tmn mantp stya ing Gusti, mulane didadekake patih. Wiwite ana sbutan kiyai, iya iku kiyai daha lan kiyai Daka,

kiyai tgse: ngayahi anak putune sarta wongwong ing kanan keringe. Jngkare Sri Narendra anjujug ing omahe kiyai Daka, ana ing kono Sang Prabu sawadya-balane disugata, mula sang Prabu asih bangt marang kiyai Daka, jnnge kiyai Daka dipundhut kanggo jnng desa, dene kiyai Daka banjur diparingi jnng kiyai Tunggulwulung, sarta dadi senapatining prang. Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan putrane putri kang aran Ni Mas Ratu Pagdhongan, Buta Locaya lan kiyai Tunggulwulung uga padha muksa; Ni Mas Ratu Pagdhongan dadi ratuning dhmit nusa Jawa, kuthane ana sagara kidul sarta jjuluk Ni Mas Ratu Anginangin. Sakabehe llmbut kang ana ing lautan dharatan sarta kanan keringe tanah Jawa, kabeh padha sumiwi marang Ni Mas Ratu Anginangin. Buta Locaya panggonane ana ing Selabale, dene kiyai Tunggulwulung ana ing gunung Klut, rumksa kawah sarta lahar, yen lahar mtu supaya ora gawe rusaking desa sarta liya-liyane. Ing wktu iku kiyai Buta Locaya lagi lnggah ana ing kursi kncana kang dilemeki kasur babut isi sari, sarta kinbutan laring mrak, diadhp patihe aran Megamndhung, lan putrane kakung loro uga padha ngadhp, kang tuwa arane Panji Sktidiguna, kang anom aran panji Sarilaut.

Buta Locaya lagi ngandikan karo kang padha ngadhp, kaget kasaru tkane Nyai Plncing, ngrungkbi pangkone, matur bab rusake tanah lor Kadhiri, sarta ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong saka Tuban kang sumdya llana mnyang Kadhiri, arane Sunan Benang. Nyai Plncing ngaturake susahe para llmbut sarta para manusa. Buta Locaya krungu wadule Nyai Plncing mangkono mau bangt dukane, sarirane nganti kaya gni, sanalika banjur nimbali putra-wayahe sarta para jin pri parajangan, didhawuhi nglawan Sunan Benang. Para llmbut mau padha sikp ggaman prang, sarta lakune barng karo angin, ora antara suwe llmbut wis tkan ing saloring desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur maujud manusa aran kiyai Sumbre, dene para llmbut kang pirang-pirang ewu mau padha ora ngaton, kiyai Sumbre banjur ngadg ana ing tngah dalan sangisoring wit sambi, ngadhang lakune Sunan Benang kang saka lor. Ora antara suwe tkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang wis ora kasamaran yen kang ngadg ana sangisoring wit sambi iku ratuning dhmit, sumdya ganggu gawe, katitik saka awake panas kaya mawa. Dene llmbut kang pirangpirang ewu mau padha sumingkir adoh, ora btah kna prabawane Sunan Benang. Mangkono uga Sunan Benang uga ora btah cdhak karo kiyai

Sumbre, amarga kaya dene cdhak mawa, kiyai Sumbre mangkono uga. Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisn, amarga kna daya prabawane kiyai Sumbre. Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: Buta Locaya! kowe kok mthukake lakuku, sarta nganggo jnng Sumbre, kowe apa padha slamt?. Buta Locaya kaget bangt dene Sunan Benang ngrtos jnnge dheweke, dadi dheweke kawanguran karpe, wusana banjur matur marang Sunan Benang: Kados pundi dene paduka sagd mangrtos manawi kula punika Buta Locaya?. Sunan Benang ngandika: Aku ora kasamaran, aku ngrti yen kowe ratuning dhmit Kadhiri, jnngmu Buta Locaya.. Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: Paduka punika tiyang punapa, dene mangangge pating gdhabyah, dede pangagm Jawi. Kados wangun walang kadung?. Sunan Benang ngandika maneh: Aku bangsa Arab, jnngku Sayid Kramat, dene omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh kang dadi sdyaku arp mnyang Kadhiri, prlu nonton patilasan kadhatone Sang Prabu Jayabaya, iku prnahe ana ing ngndi?.

Buta Locaya banjur matur: Wetan punika wastanipun dhusun Mnang (9), sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton sarta pasanggrahanipun inggih sampun botn wontn, kraton utawi patamanan Bagendhawati ingkang kagungan Ni Mas Ratu Pagdhongan inggih sampun sirna, pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna, namung kantun namaning dhusun, sadaya wau sirnanipun kaurugan siti pasir sarta lahar saking rdi Klut. Kula badhe pitaken, paduka gndhak sikara dhatng anak putu Adam, nyabdakakn ingkang botn patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta nglih nami Kutha Gdhah, nglih lepen, lajng nyabdakakn ing ngriki awis toya, punika namanipun siya-siya botn surup, sikara tanpa dosa, saiba susahipun tiyang gsang laki rabi sampun lungse, lajng botn gampil pncaripun titahing Latawalhujwa, makatn wau saking sabda paduka, spintn susahipun tiyang ingkang sami kbnan, lepen Kadhiri ngalih panggenan mili nrajang dhusun, wana, sabin, pintn-pintn sami risak, ngriki paduka-sotakn, slaminipun awis toya, lepenipun asat, paduka sikara botn surup, nyikara tanpa prakara. Sunan Benang ngandika: Mula ing kene tak-lih jnng Kutha Gdhah, amarga wonge kene agamane ora irng ora putih, ttpe agama biru, sabab agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu, aku njaluk banyu ora oleh, mula kaline banjur tak-lih iline, kene kabeh tak sotake larang

banyu, dene nggonku ngsotake prawan tuwa jaka tuwa, amarga kang tak jaluki banyu ora oleh iku, prawan baleg.. Buta Locaya matur maneh: Punika namanipun botn timbang kaliyan sot panjnngan, botn sapintn lpatipun, tur namung tiyang satunggal ingkang lpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah sangt, botn timbang kaliyan kukumipun, paduka punika namanipun daml mlaratipun tiyang kathah, saupami konjuk Ingkang Kagungan Nagari, paduka inggih dipunukum mlarat ingkang langkung awrat, amargi ngrisakakn tanah, lah sapunika mugi panjnngan-sotakn wangsulipun malih, ing ngriki sagda mirah toya malih, sagd dados asil panggsangan laki rabi taksih alit lajng mncarakn titahipun Hyang Manon. Panjnngan sanes Narendra tka ngarubiru agami, punika namanipun tiyang dahwen. Sunan Benang ngandika: Sanadyan kok-aturake Ratu Majalngka aku ora wdi. Buta Locaya barng krungu tmbung ora wdi marang Ratu Majalngka banjur mtu npsune, calathune sngol: Rmbag paduka niki dede rmbage wong ahli praja, patute rmbage tiyang entn ing bambon, ngndlake dumeh tiyang digdaya, mbok sampun sumakehan dumeh dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak malaekat, lajng tumindak sakarsa-karsa botn toleh kalpatan, siya dahwen sikara botn ngangge

prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wontn ingkang nglangkungi kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta ajrih ssikuning Dewa, tbih saking ahli budi yen ngantos siya dhatng ssami nyikara tanpa prakara, punapa paduka punika tiyang tunggilipun Aji Saka, muride Ijajil. Aji Saka dados Ratu tanah Jawi namung tigang taun lajng minggat saking tanah Jawi, sumbr toya ing Mdhang saurutipun dipunbkta minggat sadaya, Aji Saka tiyang saka Hindhu, paduka tiyang saking Arab, mila sami siya-siya dhatng ssami, sami daml awising toya, paduka ngakn Sunan rak kdah simpn budi luhur, daml wilujng dhatng tiyang kathah, nanging kok jbul botn makatn, wujud paduka niki jajil blis katingal, botn tahan digodha lare, lajng mubal npsune glis duka, niku Sunan napa? Yen pancen Sunaning jalma yktos, msthi simpn budi luhur. Paduka niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka cilaka, tandhane paduka sapunika sampun jasa naraka jahanam, yen sampun dados, lajng padukanggeni piyambak, siram salbting kawah wedang ingkang umob mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning llmbut, sanes alam kaliyan manusa, ewadene kula taksih engt dhatng wilujngipun manusa. Inggih sampun ta, sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi mangsulakn malih, lepen ingkang asat lan panggenan ingkang sami katrajang toya kula-aturi mangsulakn kados sawaunipun, manawi panjnngan botn karsa mangsulakn, sadaya manusa Jawi ingkang Islam badhe sami kula-tluh kajngipun pjah sadaya,

kula tamtu nyuwun bantu wadya bala dhatng Kanjng Ratu Ayu Anginangin ingkang wontn samodra kidul. Sunan Benang barng mirng npsune Buta Locaya rumaos lupute, dene gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula banjur ngandika: Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kna mbaleni caturku kang wus kawtu, besuk yen wus limang atus taun, kali iki bisa bali kaya mau-maune. Buta Locaya barng krungu ksagahane Sunan Benang, banjur npsu maneh, nuli matur marang Sunan Benang: Kdah paduka- wangsulna sapunika, yen botn sagd, paduka kula-banda. Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: Wis kowe ora kna mangsuli, aku pamit nyimpang mangetan, woh sambi iki tak-jnngake cacil, dene kok kaya bocah cilik padha tukaran, dhmit lan wong pcicilan rbut bnr ngadu kawruh prakara rusaking tanah, sarta susahe jalma lan dhmit, daksuwun marang Rabbana, woh sambi dadi warna loro kanggone, daginge dadiya asm, wijine mtuwa lngane, asm dadi pasmoning ulat kcut, dene dhmit padu lan manusa, lnga tgse dhmit mllng jalma lunga. Ing besuk dadiya pasksen, yen aku padu karo kowe, lan wiwit saiki panggonan ttmon iki, kang lor jnnge desa Singkal, ing kene desa ing Sumbre, dene

panggonane balamu kang ana ing kidul iku jnnge desa Kawanguran. Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang wetan kali, katlah nganti tumka saprene ing tanah Kutha Gdhah ana desa aran Kawanguran, Sumbre sarta Singkal, Kawanguran tgse kawruhan, Singkal tgse sngkl banjur nmu akal. Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang tindake tkan ing desa Bogm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rca jaran, rca mau awak siji ndhase loro, dene prnahe ana sangisoring wit trnggulun, wohe trnggulun mau akeh bangt kang padha tiba nganti amblasah, Sunan Benang ngasta kudhi, rca jaran ndhase digmpal. Buta Locaya barng wruh patrape Sunan Benang anggmpal ndhasing rca jaran, saya wuwuh npsune sarta mangkene wuwuse: Punika yasanipun sang Prabu Jayabaya, kangge pralambang ing tekadipun wanita Jawi, benjing jaman Nusa Srnggi, sintn ingkang sumrp rca punika, lajng sami mangrtos tekadipun para wanita Jawi. Sunan Benang ngandika: Kowe iku bangsa dhmit kok wani padu karo manusa, jnnge dhmit kmnthus.

Buta Locaya mangsuli: Inggih kaot punapa, ngriku Sunan, kula Ratu. Sunan Benang ngandika: Woh trnggulun iki takjnngake knthos, dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku krngan karo dhmit kumnthus, prakara rusaking rca. Ki Kalamwadi ngandika: Katlah nganti saprene, woh trnggulun jnnge knthos, awit saka sabdane Sunan Benang, iku pituture Raden Budi Sukardi, guruku. Sunan Benang banjur tindak mangalor, barng wis wanci asar, krsane arp salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana timbane, sumure banjur digolingake, dene Sunan Benang sawise, nuli sagd mundhut banyu kagm wudhu banjur salat. Ki Kalamwadi ngandika: Katlah nganti saprene sumur mau karane sumur Gumuling, Sunan Benang kang anggolingake, iku pituture Raden Budi guruku, mbuh bnr lupute. Sunan Benang sawise salat banjur nrusake tindake, satkane desa Nyahen (10) ing kona ana rca buta wadon, prnahe ana sangisoring wit dhadhap, wktu iku dhadhape pinuju akeh bangt kmbange, sarta akeh kang tiba kanan keringe rca buta mau, nganti katon abang mbranang, saka akehe kmbange kang tiba, Sunan Benang

priksa rca mau gumun bangt, dene ana madhp mangulon, dhuwure ana 16 kaki, ubnge bangkekane 10 kaki, saupama dilih saka panggonane, yen dijunjung wong wolung atus ora kangkat, kajaba yen nganggo piranti, baune tngn rca mau dismpal dening Sunan Benang, bathuke dikrowak. Buta Locaya wruh yen Sunan Benang ngrusak rca, dheweke npsu maneh, calathune: Panjnngan nyata tiyang dahwen, rca buta bcik-bcik dirusak tanpa prakara, saniki awon warnine, ing mangka punika yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah asilipun punapa panjnngan ngrisak rca? Pangandikane Sunan Benang: Mulane rca iki takrusak, supaya aja dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi, yen wong muji brahala iku jnnge kapir kupur lair batine ksasar. Buta Locaya calathu maneh: Wong Jawa rak sampun ngrtos, yen punika rca sela, botn gadhah daya, botn kuwasa, sanes Hyang Latawalhujwa, mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados para llmbut sampun sami manggen wontn ing siti utawi kajng, amargi siti utawi kajng punika wontn asilipun, dados tdhanipun manusa, mila para llmbut sami dipunsukani panggenan wontn ing rca, panjnngan-tundhung dhatng pundi? Sampun jamakipun brkasakan manggen ing guwa, wontn

ing rca, sarta ndha ganda wangi, dhmit manawi ndha ganda wangi badanipun kraos sumyah, langkung snng malih manawi manggen wontn ing rca wtah ing panggenan ingkang spi edhum utawi wontn ngandhap kajng ingkang agng, sampun sami ngraos yen alamipun dhmit punika sanes kalayan alamipun manusa, manggen wontn ing rca tka panjnngan-sikara, dados panjnngan punika ttp tiyang jail gndhak sikara siya-siya dhatng sasamining tumitah, makluking Pangeran. Aluwung manusa Jawa ngurmati wujud rca ingkang pants simpn budi nyawa, wangsul tiyang bangsa Arab sami sojah Kabatullah, wujude nggih tugu sela, punika inggih langkung sasar. Pangandikane Sunan Benang: Kabatullah iku kang jasa Kangjng Nabi Ibrahim, ing kono pusring bumi, didelehi tugu watu disujudi wong akeh, sing sapa sujud marang Kabatullah, Gusti Allah paring pangapura lupute kabeh salawase urip ana ing alam pangumbaran. Buta Locaya mangsuli karo npsu: Tandhane napa yen angsal sihe Pangeran, angsal pangapuntn sadaya kalpatanipun, punapa sampun angsal saking Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi cap abrit? Sunan Benang ngandika maneh: Kang kasbut ing kitabku, besuk yen mati oleh kamulyan.

Buta Locaya mangsuli karo mbkos: Pjah malih yen sumrpa, kamulyan sanyata wontn ing dunya kemawon sampun korup, sasar nymbah tugu sela, manawi sampun nrimah nmbah curi, prayogi dhatng rdi Klut kathah sela agngagng yasanipun Pangeran, sami maujud piyambak saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi. Saking dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya kdah sumrp ing Batullahipun, badanipun manusa punika Baitullah ingkang sayktos, sayktos yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos, punika kdah dipunrksa, sintn sumrp asalipun badanipun, sumrp budi hawanipun, inggih punika ingkang kenging kangge tuladha. Sanadyan rintn dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun raga ptng, kawruhipun sasar-susur, sasar nmbah tugu sela, tugu damlan Nabi, Nabi punika rak inggih manusa kkasihipun Gusti Allah, ta, pinaringan wahyu nyata pintr sugih engtan, sidik paningalipun trus, sumrp cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang yasa rca punika Prabu Jayabaya, inggih kkasihipun Ingkang Kuwaos, pinaringan wahyu mulya, inggih pintr sugih engtan sidik paningalipun trus, sumrp saderengipun kalampahan, paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, btuwah saking lluhuripun. samisami nyungkmi kabar, aluwung nyungkmi kabar sastra saking lluhuripun piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging dipuntingali. Tiyang nyungkmi kabar Arab, dereng ngrtos

kawontnanipun ngrika, punapa dora punapa yktos, anggga ujaripun tiyang nglmpara. Mila panjnngan anganjawi, nyade umuk, nyade mulyaning nagari Mkah, kula sumrp nagari Mkah, sitinipun panas, awis toya, tanm-tanm tuwuh botn sagd mdal, bnteripun bantr awis jawah, manawi tiyang ingkang ahli nalar, mastani Mkah punika nagari cilaka, malah kathah tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang tumbasan. Panjnngan tiyang duraka, kula-aturi kesah saking ngriki, nagari Jawi ngriki nagari suci lan mulya, asrp lan bnteripun ckapan, tanah pasir mirah toya, punapa ingkang dipuntanm sagd tuwuh, tiyangipun jalr bagus, wanitanipun ayu, madya luws wicaranipun. Rmbag panjnngan badhe priksa pusring jagad, inggih ing ngriki ingkang kula-linggihi punika, sapunika panjnngan ukur, manawi kula lpat panjnngan jotos. Rmbag panjnngan punika mblasar, tandha kirang nalar, kirang ndha kawruh budi, rmn niksa ing sanes. Ingkang yasa rca punika Maha Prabu Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjnngan, panjnngan punapa sagd ngpal lampahing jaman? Sampun ta, kula aturi kesah kemawon saking ngriki, manawi botn purun kesah sapunika, badhe kula undhangakn adhi kula ingkang wontn ing rdi Klut, panjnngan kula-kroyok punapa sagd mnang, lajng kula bkta mlbt dhatng kawahipun rdi Klut, panjnngan punapa botn badhe susah, punapa panjnngan kpengin manggen ing sela kados kula? Mangga dhatng Selabale, dados murid kula!.

Sunan Benang ngandika: Ora arp rmbugmu, kowe setan brkasakan.

manut

Buta Locaya mangsuli: Sanadyan kula dhmit, nanging dhmit raja, mulya langgng salamine, panjnngan dereng tampu mulya kados kula, tekad panjnngan rusuh, rmn nyikara niaya, mila panjnngan dhatng tanah Jawi, wontn ing Arab nakal kalbt tiyang awon, yen panjnngan mulya tamtu botn kesah saking Arab, mila minggat, saking lpat, tandhanipun wontn ing ngriki taksih krejaban, maoni adating uwong, maoni agama, daml risak barang sae, ngarubiru agamane lluhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhatng Mnadhu. Sunan Benang ngandika: Dhadhap iki kmbange tak jnngake celung, uwohe kledhung, sabab aku kcelung nalar lan kledhung rmbag, dadiya pasksen yen aku padu lan ratu dhmit, kalah kawruh kalah nalar. Mula katlah nganti tumka saprene, woh dhadhap jnnge kledhung, kmbange aran celung. Sunan Benang banjur pamitan: Wis aku arp mulih mnyang Benang. Buta Locaya mangsuli karo npsu: Inggih sampun, panjnngan enggala kesah, wontn ing ngriki mindhak daml sangar, manawi kadangon wontn

ing ngriki mindhak daml susah, murugakn awis wos, nambahi bnter, nyudakakn toya. Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane uga banjur mulih. Gnti kang cinarita, nagari ing Majalngka, anuju sawijining dina, Sang Prabu Brawijaya miyos sinewaka, diadhp Patih sarta para wadya bala, Patih matur, yen mntas nampani layang saka Tumnggung ing Krtasana, dene surasane layang ngaturi uninga yen nagara Krtasana kaline asat, kali kang saka Kadhiri miline nyimpang mangetan, saperanganing layang mau unine mangkene: Wontn ler-kilen Kadhiri, pintn-pintn dhusun sami karisakan, anggenipun makatn wau, saking kenging sabdanipun ngulama saking Arab, namanipun Sunan Benang. Sang Prabu mirng ature Patih bangt dukane, Patih banjur diutus mnyang Krtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge sarta asile bumi kang katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi nimbali Sunan Benang. Glising carita, Patih sawise niti-priksa, banjur ngaturake kahanane kabeh, dene duta kang diutus mnyang Tuban uga wis tka, matur yen ora oleh gawe, amarga Sunan Benang lunga ora karuhan parane. Sang Prabu midhangt ature para wadya banjur duka, paring pangandika yen ngulama saka Arab

pada ora lamba atine. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, wong Arab kang ana ing tanah Jawa padha didhawuhi lunga, amarga gawe ribding nagara, mung ing Dmak lang Ngampelgadhing kang kparng ana ing tanah Jawa, nglstarekake agamane, liyane loro iku didhawuhi ngulihake mnyang asale, dene yen padha ora glm lunga didhawuhi ngrampungi bae. Ature Patih: Gusti! lrs dhawuh paduka punika, amargi ngulama Giripura sampun tigang taun botn sowan utawi botn ngaturakn bulubkti, mnggah sdyanipun badhe rraton piyambak, botn ngrumaosi ndha ngombe wontn tanah Jawi, dene namanipun santri Giri anglangkungi asma paduka, pparabipun Sunan Analyakin, punika nama ing tmbung Arab, mnggah tgsipun Sunan punika budi, tgsipun Aenal punika marifat, tgsipun Yakin punika wikan, sumrp piyambak, dados nama tingal ingkang trus, suraosipun ing tmbung Jawi nama Prabu Satmata, punika asma luhur ingkang makatn punika ngirib-irib tingalipun Kang Maha Kuwasa, mariksa botn kasamaran, ing alam donya botn wontn kalih ingkang asma Sang Prabu Satmata, kajawi namung Bathara Wisnu nalika jumnng Nata wontn ing nagari MdhangKasapta. Sang Prabu midhangt ature Patih, banjur dhawuh nglurugi prang mnyang Giri, Patih budhal ngirid wadya-bala prajurit, nglurug mnyang Giri. Patih sawadya-balane satkane ing Giri banjur campuh prang. Wong ing Giri geger, ora kuwat nanggulangi pangamuke wadya Majapahit. Sunan Giri mlayu mnyang Benang, golek kkuwatan,

sawise oleh bbantu, banjur prang maneh mungsuh wong Majalngka, prange rame bangt, ing wktu iku tanah jawa wis meh saparo kang padha ngrasuk agama Islam, wong-wong ing Pasisir lor wis padha agama Islam, dene kang kidul isih ttp nganggo agama Buddha. Sunan Benang wis ngrumasani kaluputane, nggone ora sowan mnyang Majalngka, mula banjur lunga karo Sunan Giri mnyang Dmak, satkane ing Dmak, banjur ngbang marang Adipati Dmak, diajak nglurug mnyang Majalngka, pangandikane Sunan Benang marang Adipati Dmak: Wruha yen saiki wis tkan masa rusake Kraton Majalngka, umure wis satus tlu taun, saka panawangku, kang kuwat dadi Ratu tanah Jawa, sumilih Kaprabon Nata, mung kowe, rmbugku rusakn Kraton Majalngka, nanging kang sarana alus, aja nganti ngtarani, sowana besuk Garbg Mulud, nanging rumantiya sikping prang: 1. gaweya samudana, 2. dhawuhana balamu para Sunan kabeh lan para Bupati kang wis padha Islam kumpulna ana ing Dmak, yen kumpule iku arp gawe masjid, mngko yen wis kumpul, para Sunan sarta Bupati sawadya-balane kang wis padha Islam, kabeh msthi nurut marang kowe. Ature Adipati Dmak: Kula ajrih ngrisak Nagari Majalngka, amngsah bapa tur raja, kaping tiganipun daml sae paring kamukten ing dunya, lajng punapa ingkang kula-walsakn, kajawi namung stya tuhu. Dhawuhipun eyang Sunan Ngampelgadhing, botn kaparng yen kula

mngsah bapa, sanadyan Buddha nanging margikula sagd dumados gsang wontn ing dunya. Inggih sanadyan Buddha punapa kapir, tiyang punika bapa inggih kdah dipunhurmati, punapa malih dereng wontn lpatipun dhatng kula. Sunan Benang ngandika mneh: Sanadyan mungsuh bapa lan ratu, ora ana alane, amarga iku wong kapir, ngrusak kapir Buddha kawak: kang kok-tmu ganjaran swarga. Eyangmu kuwi santri mri, gundhul bntul butng tanpa nalar, patute mung dadi godhogan, sapira kawruhe Ngampelgadhing, bocah kalairan Cmpa, masa padhaa karo aku Sayid Kramat, Sunan Benang kang wis dipuji wong sabumi alam, tdhak Rasul panutaning wong Islam kabeh. Kowe mungsuh bapakmu Nata, sanadyan dosa pisan, mung karo wong siji, tur ratu kapir, nanging yen bapakmu kalah, wong satanah Jawa padha Islam kabeh. Kang mangkono iku, sapira mungguh kauntunganmu nugrahaning Pangeran tikl kaping mbuh, sihing Hyang Kang Maha Kuwasa kang dhawuh marang kowe. Satmne ramanira iku siya-siya marang sira, tandhane sira diparingi jnng Babah, iku ora prayoga, tgse Babah iku saru bangt, iya iku: bae mati bae urip, wiji jawa digawa Putri Cina, mula ibumu diparingake Arya Damar, Bupati ing Palembang, wong pranakan buta; iku mgat sih arane. Ramanira panggalihe ttp ora bcik, mulane rmbugku, walsn kalawan alus, lire aja katara, ing batin sspn gtihe, mamahn balunge.

Sunan Giri nyambungi rmbug: Aku iki ora dosa dilurugi ramamu, didakwa rraton, amarga aku ora seba marang Majalngka. Sumbare Patih, yen aku kacandhak arp dikuciri lan dikon ngdusi asu, akeh bangsa Cina kang padha tka ana ing tanah Jawa, ana ing Giri padha tak-Islamake awit kang muni ing kitabku, yen ngislamake wong kapir, besuk ganjarane swarga, mula akeh bangsa Cina kang padha tak- Islamake, tak-anggp kulawarga. Dene tkaku mrene ini ngungsi urip mnyang kowe, aku wdi marang Patih Majalngka, lan ramanira sngit bangt marang santri kang muji dhikir, nggone ngarani jare lara ayan esuk lan sore, yen kowe ora ngukuhi, msthi rusak agama Mukhammad Nabi. Wangsulane Sang Adipati Dmak: Anggenipun nglurugi punika lrs, tiyang rraton, botn ngrumaosi yen kdah manut prentahing Ratu ingkang mbawahakn, sampun wajibipun dipunlurugi, dipunukum pjah, awit panjnngan botn ngrumaosi dhahar ngunjuk wontn in tanah Jawi. Sunan Benang ngandika maneh: Yen ora kokrbut dina iki, kowe ngnteni surude bapakmu, kaprabone bapakmu wis msthi ora bakal tiba kowe, msthi dipasrahake marang Adipati Pranaraga, amarga iku putrane kang tuwa, utawa dipasrahake marang putra mantu, iya iku Ki Andayaningrat ing Pngging, kowe anak nom, ora wajib jumnng

Nata, mumpung iki ana lawang mnga, Giri kang dadi jalarane ngrusak Majalngka, nadyan mati, mungsuh wong kapir, mati sabilullah, patine slamt nampani swarga mulya, wis wajibe wong Islam mati dening wong kapir, saka nggone nyungkmi agamane, karo wis wajibe wong urip golek kamuktening dunya, golek darajat kang unggul dhewe, yen wong urip ora wruh marang uripe, iku durung gnp uripe, lamun sipat manusa msthi melik mngku praja angreh wadya bala, awit Ratu iku Khalifa wakile Hyang Widdhi, apa bae kang dikarpake bisa klakon, satmne kowe wis pinasthi bakal jumnng Ratu ana ing tanah Jawa, sumilih kaprabone ramamu, ananging ing laire iya kudu nganggo sarat dirbut sarana prang, yen kowe ora glm nglakoni, msthine sihe Gusti Allah kang mnyang kowe bakal dipundhut bali, dadi kowe jnnge nampik sihe Allah, aku mung sadarma njurungi, amarga aku wis wruh sadurunge winarah, wis tak-smprong nganggo sangkal bolong katon nrawang ora samar sajroning gaib, kowe kang katiban wahyu sihe Pangeran, bisa dadi Ratu ana ing tanah Jawa, murwani agama suci, ambirat nggonmu madg Narendra, bisa ngideni adgmu Nata mngku tanah Jawa, bisa lstari satruse. Akeh-akeh dhawuhe Sunan Benang, pambujuke marang adipati Dmak supaya mtu npsune, glm ngrusak Majalngka, malah diwenehi lpiyan carita Nabi, kang glm ngrusak bapa kapir, iku padha nmu rahayu.

Adipati Dmak matur: Manawi karsa panjnngan makatn, kula namung sadarmi nglampahi dhawuh, panjnngan ingkang mbotohi. Sunan Benang ngandika maneh: Iya mangkono iku kang tak karpake, saiki kowe wis glm tak botohi, lah saiki uga kowe kirima layang marang adhimu Adipati Trung, ananging tmbungmu kang rmit sarta alus, adhimu antpn, apa abot Sang Nata, apa abot sadulur tuwa kang tunggal agama. Yen adhimu wis rujuk adgmu Nata, gampang bangt rusaking Majalngka. Majapahit sapa kang dindlake yen Kusen mbalik, Si gugur isih cilik, masa ndadak waniya, Patihe wis tuwa, dithothok bae mati, msthi ora bisa nadhahi yudamu. Adipati Dmak banjur kirim layang marang Trung, ora suwe utusan bali, wis tinampan wangsulane Sang Adipati Trung, saguh ambiyantu prang, layang banjur katur Sunan Benang, ndadekake sukaning panggalih, Sunan Benang banjur ngandika marang Adipati Dmak, supaya Sang Adipati ngaturi para Sunan lan para Bupati kabeh, samudana yen arp ngdgake masjid, lan diwenehana sumurup yen Sunan Benang wis ana ing Dmak. Glising carita, ora suwe para Sunan lan para Bupati padha tka kabeh, banjur pakumpulan ngdgake masjid, sawise msjid dadi, banjur padha salat ana ing masjid, sabakdane salat, banjur tutup lawang, wong kabeh dipangandikani dening Sunan Benang, yen Adipati Dmak arp dijumnngake Nata, sarta banjur arp ngrusak Majapahit, yen wis padha rujuk, banjur arp kpyakan tumuli. Para Sunan lan para

Bupati wis padha rujuk kabeh, mung siji kang ora rujuk, iya iku Syekh Sitijnar. Sunan Benang duka, Syekh Sitijnar dipateni, dene kang kadhawuhan mateni iya iku Sunan Giri, Syekh Sitijnar dilawe gulune mati. Sadurunge Syekh Sitijnar tumka ing pati, ninggal swara: Eling-eling ngulama ing Giri, kowe ora tak-wals ing akhirat, nanging tak-wals ana ing dunya kene bae, besuk yen ana Ratu Jawa kanthi wong tuwa, ing kono gulumu bakal tak-lawe gnti. Sunan Giri mangsuli: Iya besuk wani, saiki wani, aku ora bakal mundur. Sawise golong karpe, nglstarekake apa kang wis dirmbug. Sang Adipati Dmak banjur ingidenan jumnng Nata, amngku tanah Jawa, jjuluk Senapati Jimbuningrat, patihe wong saka Atasaning aran Patih Mangkurat. Esuke Senapati Jimbuningrat wis miranti sapraboting prang, banjur budhal mnyang Majapahit, diiringake para Sunan lan para Bupati, lakune kaya dene Garbg Maulud, para wadya bala ora ana kang ngrti wadining laku, kajaba mung para Tumnggung lan para Sunan apa dene para ngulama, Sunan Benang lan Sunan Giri ora melu mnyang Majapahit, pawadane sarehne wis spuh, mung arp salat ana ing masjid bae, lan paring idi rahayuning laku, dadi mung para Sunan lan para Bupati bae kang ngiringake Sultan Bintara, ora kacarita lakune ana ing dalan. Gnti kocapa nagara in Majapahit, Patih saulihe saka ing Giri banjur matur sang Praba, bab nggone mukul prang ing Giri, mungguh kang dadi senapati ing Giri iya iku sawijining bangsa

Cina kang wis ngrasuk agama Islam, arane Scasena, mangsah mncak nganggo ggman abir, sawadya-balane watara wong tlung atus, padha bisa mncak kabeh, brngose capang sirahe gundhul, padha manganggo srban cara kaji, mangsah prang paculat kaya walang kadung, wadya Majapahit ambdhili, dene wadya-bala ing Giri pating jnkelang ora klar nadhahi tibaning mimis. Senapati Scasena wis mati, dene bala Cina liyane lang kari padha mlayu salang tunjang, bala ing Giri ngungsi mnyang alas ing gunung, sawneh ngambang ing sagara, mlayu mnyang Benang trus diburu dening wadya-bala Majapahit, Sunan Giri lan Sunan Benang banjur nunggal saprau-layar ngambang ing sagara, kinira banjur minggat marang Arab ora bali ngajawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, supaya utusan mnyang Dmak, andhawuhake yen ngulama ing Giri lan ing Benang padha tka ing Dmak, didhawuhi nykl, kaaturna bbandan ing ngarsa Nata, awit dosane santri Benang ngrusak bumi ing Krtasana, dene dosane santri Giri ora glm seba marang ngarsa Prabu, tekade sumdya nglawan prang. Patih samtune ing paseban jaba, banjur nimbali duta kang arp diutus mnyang Dmak, sajrone ana ing paseban jaba, ksaru tkane utusane Bupati ing Pathi, ngaturake layang marang Patih, layang banjur diwaos kiyai Patih, mungguh surasaning layang. Menak Tunjungpura ing Pathi ngaturi uninga, yen Adipati ing Dmak, iya iku

Babah Patah, wis madg Ratu ana ing Dmak, dene kang ngbang- bang adging Nata, iya iku Sunan Benang lan Sunan Giri, para Bupati pasisir lor sawadyane kang wis padha Islam uga padha njurungi, dene jjuluking Ratu, Senapati Jimbuningrat, utawa Sultan Syah Alam Akbar Sirullah Kalifaturrasul Amirilmukminin TajudilAbdulhamid Kak, iya Sultan Adi Surya Alam, ing Bintara. Ing samngko Babah Patah sawadya-balane wis budhal nglurug marang Majapahit, sdya mungsuh ingkang rama, Babah Patah abot mnyang gurune, ngenthengake ingkang rama, para Sunan lan para Bupati padha ambiyantu anggone arp mbdhah Majapahit. Babah Patah anggone nggawa bala tlung lksa miranti sapraboting prang, mungguh kature Sang Prabu amborongake kiyai Patih. Layang kang saka Pathi mau katitimasan tanggal kaping 3 sasi Mulud taun Jimakir 1303, masa Kasanga Wuku Prangbakat. Kiyai Patih sawise maos layang, njtung atine, sarta krot, grng-grng, gedheggedheg, bangt pangungune, banjur tumnga ing tawang karo nybut marang Dewa kang Linuwih, bangt gumune mnyang wong Islam, dene ora padha ngrti mnyang kabcikane Sang Prabu, malah padha gawe ala. Kyai Patih banjur matur Sang Prabu, ngaturake surasane layang mau. Sang Prabu Brawijaya midhangt ature Patih kaget bangt panggalihe, njgrg kaya tugu, nganti suwe ora ngandika, jroning panggalih ngungun bangt marang putrane sarta para Sunan, dene padha

duwe sdya kang mangkono, padha diparingi pangkat, wkasane malah padha gawe buwana balik, kolu ngrusak Majapahit. Sang Prabu nganti ora bisa manggalih apa mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama tka arp ngrusak karaton, digoleki nalar-nalare tansah wudhar, lair batin ora tinmu ing nalar, dene kok padha duwe pikir ala. Ing wktu iku panggalihe Sang Prabu ptng bangt, sungkawane ratu Gdhe kang linuwih, sinmonan dening Dewa, kaya dene atining kbo ntek dimangsa ing tumaning kinjir. Sang Prabu banjur andangu marang Patih, apa ta mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama apa dene para Bupati kolu ngrusak Majapahit, ora padha ngelingi marang kabcikan. Ature Patih, mratelakake yen uga ora mangrti, amarga adoh karo nalare, wong dibciki kok padha mals ala, lumrahe msthi, padha mals bcik. Ki Patih uga mung gumun, dene wong Islam pikire kok padha ora bcik, dibciki walse kok padha ala. Sang Prabu banjur ngandika marang patih, bab anane llakon kaya mangkono iku amarga saka lpate sang nata piyambak, dene ngggampang marang agama kang wis kanggo turun-tumurun, sarta nggone kgiwang marang ature Putri Cmpa, ngideni para ngulama mncarake agama Islam. Sang Nata saka putking panggalihe nganti kawdhar pangandikane ngsotake marang wong Islam: Sun-suwung marang Dewa Gung, muga

winalsna susah-ingsun, wong Islam iku besuk kuwalika agamanira, manjalma dadi wong kucir, dene tan wruh kabcikan, sun-bciki walse angalani. Sabdaning Ratu Agung sajroning kasusahan, katarima dening Bathara, sinksen ing jagad, katandhan ana swara jumgur gtr patr sabuwana, iya iku kawitane manuk kuntul ana kang kucir. Sunan, ngulama kabeh ngrangkp jnng walikan, katlah tumka saprene, ngulama jnnge walian, kuntul kucir githoke. Sang Prabu banjur mundhut pamrayoga marang Patih, prakara tkane mungsuh, santri kang ngrbut nagara, iku dilawan apa ora? Sang Nata rumaos gtun lan ngungun, dene Adipati Dmak kapengin mngkoni Majapahit bae kok dirbut sarana prang, saupama disuwun kalayan aris bae msthi diparingake, amarga Sang Nata wis spuh. Ature Patih prayoga nglawan tkaning mungsuh. Sang Prabu ngandika, yen nganti nglawan rumaos lingsm bangt, dene mungsuh karo putra, mula dhawuhe Sang Prabu, yen mapag prang kang sawatara bae, aja nganti ngrusakake bala. Patih didhawuhi nimbali Adipati Pngging sarta Adipati Pranaraga, amarga putra kang ana ing Majapahit durung wanci yen mapagake prang, sawise paring pangandika mangkono. Sang Prabu banjur lolos arsa tdhak marang Bali, kadherekake abdi kkasih, Sabdapalon lan Nayagenggong. Sajrone Sang Prabu paring pangandika, wadya-bala Dmak wis pacak baris ngpung nagara, mula kassa tindake. Wadya Dmak banjur campuh karo wadya Majapahit, para Sunan banjur ngawaki prang,

Patih Majapahit ngamuk ana samadyaning paprangan. Para Bupati Nayaka wolu uga banjur melu ngamuk. Prange rame bangt, bala Dmak tlung lksa, balang Majapahit mung tlung ewu, sarehne Majapahit karoban mungsuh, prajurite akeh kang padha mati, mung Patih sarta Bupati Nayaka pangamuke saya nsg. Bala Dmak kang katrajang msthi mati. Putrane Sang Prabu aran Raden Lmbupangarsa ngamuk ana satngahing paprangan, tandhing karo Sunan Kudus, lagi rame-ramene ttandhingan prang, Patih Mangkurat ing Dmak nglambung, Putra Nata tiwas, saya bangt npsune, pangamuke kaya bantheng kataton, ora ana kang diwdeni, Patih ora pasah sakehing ggaman, kaya dene tugu waja, ora ana braja kang tumama marang sarirane, ing ngndi kang katrajang bubar ngisis, kang tadhah mati ngglasah, bangkening wong tumpang tindhih, Patih binendrongan saka kadohan, tibaning mimis kaya udan tiba ing watu. Sunan Ngudhung mapagake banjur mrajaya, nanging ora pasah, Sunan Ngudhung disuduk kna, barng Sunan Ngudhung tiwas, Patih dibyuki wadya ing Dmak, dene wadya Majapahit wis ntek, sapira kuwate wong siji, wkasan Patih ing Majapahit ngmasi, nanging kuwandane sirna, tinggal swara: Elingeling wong Islam, dibciki gustiku walse ngalani, kolu ngrusak nagara Majapahit, ngrbut nagara gawe ppati, besuk tak-wals, tak-ajar wruh nalar bnr luput, tak-damoni sirahmu, rambutmu takcukur rsik.

Sapatine Patih, para Sunan banjur mlbu mnyang kadhaton. nanging sang Prabu wis ora ana, kang ana mung Ratu Mas, iya iku Putri Cmpa, sang Putri diaturi sumingkir mnyang Benang uga karsa. Para prajurit Dmak banjur padha mlbu mnyang kadhaton, ana ing kono pada njarah rayah nganti rsik, wong kampung ora ana kang wani nglawan. Raden Gugur isih timur lolos piyambak. Adipati Trung banjur mlbu mnyang jro pura, ngobongi buku-buku btuwah Buddha padha diobongi kabeh, wadya sajroning pura padha bubar, beteng ing Bangsal wis dijaga wong Trung. Wong Majapahit kang ora glm tluk banjur ngungsi mnyang gunung lan alas-alas, dene kang padha glm tluk, banjur dikumpulake karo wong Islam, padha dikon nybut asmaning Allah. Layone para putra santana lan nayaka padha kinumpulake, pintak ana sakidul-wetan pura. Kuburan mau banjur dijnngake Bratalaya, jarene iku kubure Raden Lmbupangarsa. Barng wis tlung dina, Sultan Dmak budhal mnyang Ngampel, dene kang dipatah tunggu ana ing Majapahit, iya iku Patih Mangkurat sarta Adipati Trung, njaga kaslamtan mbokmanawa isih ana pakewuh ing wuri, Sunan Kudus njaga ana ing kraton dadi sulihe Sang Prabu, Trung uga dijaga ngulama tlung atus, sabn bngi padha salat kajat sarta andrs Kuran, wadya-bala kang saparo lan para Sunan padha ndherek Sang Prabu mnyang Ngampelgadhing, Sunan Ngampel wis seda, mung

kari garwane kang isih ana ing Ngampel, garwane mau asli saking Tuban, putrane Arya Teja, sasedane Sunan Ngampel, Nyai Agng kanggo ttuwa wong Ngampel. Sang Prabu Jambuningrat satkane ing Ngampel, banjur ngabekti Nyai Agung, para Sunan sarta para Bupati gnti-gnti padha ngaturake smbah mnyang Nyai Agng. Prabu Jimbuningrat matur yen mntas mbdhah Majapahit, ngaturake lolose ingkang rama sarta Raden Gugur, ngaturake patine Patih ing Majapahit lan matur yen panjnngane wis madg Nata mngku tanah Jawa, dene jjuluke: Senapati Jimbun, sarta Panmbahan Palembang, nggone sowan mnyang Ngampel iku, prlu nyuwun idi, ttpa jumnng Nata nganti run-tumurun aja ana kang nylani. Nyai Agng Ngampel sawise mirng ature Prabu Jimbun, banjur muwun sarta ngrangkul Sang Prabu, Nyai Agng ing batos karaos-raos, mangkene pangudaraosing panggalih: Putuku, kowe dosa tlung prakara, mungsuh Ratu tur sudarmane, sarta kang aweh kamukten ing dunya, tka dirusak kang tanpa prakara, yen ngelingi kasaeane uwa Prabu Brawijaya, para ngulama padha diparingi panggonan kang wis anggawa pamtu minangka dadi pangane, sarta padha diuja sakarpe, wong pancene rak smbah nuwun bangt, wusana banjur diwals ala, seda utawa sugnge ora ana kang wruh.

Nyai Agng banjur ndangu Sang Prabu, pangandikane: ngger! aku arp takon mnyang kowe, kandhaa satmne, bapakmu tnan kuwi sapa? Sapa kang ngangkat kowe dadi Ratu tanah Jawa lan sapa kang ngideni kowe? Apa sababe dene kowe syikara kang tanpa dosa? Sang Prabu banjur matur, yen Prabu Brawijaya iku jarene ramane tmnan. Kang ngangkat sarirane dadi Ratu mngku tanah Jawa iku para Bupati pasisir kabeh. Kang ngideni para Sunan. Mulane nagara Majapahit dirusak, amarga Sang Prabu Brawijaya ora karsa salin agama Islam, isih ngagm agama kapir kupur, Buddha kawak dhawuk kaya kuwuk. Nyai Agng barng mirng ature Prabu Jimbun, banjur njrit ngrangkul Sang Prabu karo ngandika: ngger! kowe wruha, kowe iku dosa tlung prakara, msthi ksiku ing Gusti Allah. Kowe wani mungsuh Ratu tur wong tuwamu dhewe, sarta sing aweh nugraha marang kowe, dene kowe kok wani ngrusak kang tanpa dosa. Anane Islam lan kapir sapa kang gawe, kajaba mung siji Gusti Allah piyambak. Wong ganti agama iku ora kna dipksa yen durung mtu saka karpe dhewe. Wong kang nyungkmi agamane nganti mati isih nggoceki tekade iku utama. Yen Gusti Allah wis marngake, ora susah ngango dikon, wis msthi salin dhewe ngrasuk agama Islam. Gusti Allah kang sipat rahman, ora dhawuh lan ora malangi marang wong kang salin agama. Kabeh iki sasnnge dhewe-

dhewe. Gusti Allah ora niksa wong kapir kang ora luput, sarta ora paring ganjaran marang wong Islam kang tumindak ora bnr, mung bnr karo lupute sing diadili nganggo ttping adil, lalar-lulurn asalmu, ibumu Putri Cmpa nymbah pikkong, wujud dluwang utawa rja watu. Kowe ora kna sngit mnyang wong kang agama Buddha, tandha mripatmu iku lapisan, mula blero pandlngmu, ora ngrti marang kang bnr lan kang luput, jarene anake Sang Prabu, tka kolu marang bapa, kduga ngrusak ora nganggo prakara, beda matane wong Jawa, Jawa Jawi ngrti matane mung siji, dadi wruh ing bnr lan luput, wruh kang bcik lan kang ala, msthi wdi mnyang bapa, kapindhone Ratu lan kang aweh nugraha, iku wajib dibkteni. Eklasing ati bkti bapa, ora bkti wong kapir, amarga wis wajibe manusa bkti marang wong tuwane. Kowe tak-dongengi, wong Agung Kuparman, iku agamane Islam, duwe maratuwa kapir, maratuwane gthing marang wong Agung amarga seje agama, maratuwane tansah golek sraya bisane mantune mati, ewadene Wong Agung tansah wdi- asih lang ngaji-aji, amarga iku wong tuwane, dadi ora dielingi kapire, nanging kang dielingi wong tuwane, mula Wong Agung iya ngajiaji marang maratuwane. Iya iku ngger, kang diarani wong linuwih, ora kaya tekadmu, bapa disiya-siya, dupeh kapir Budha ora glm ganti agama, iku dudu padon. Lan aku arp takon, apa kowe wis matur marang wong tuwamu, kok-aturi salin agama? nagarane kok nganti kok-rusak iku kapriye?

Prabu Jimbun matur, yen durung ngaturi salin agama, tkane Majapahit banjur ngpung nagara bae. Nyai Agng Ngampel gumujng karo ngandika: Tindakmu iku saya luput bangt, sanadyan para Nadi dhek jaman kuna, nggone padha wani mungsuh wong tuwane, iku amarga sabn dinane wis ngaturi santun agama, nanging ora karsa, mangka sabn dinane wis diaturi mujijade, kang nandhakake yen kudu wis santun agama Islam, ananging atur mau ora dipanggalih, isih nglstarekake agamane lawas, mula iya banjur dimungsuh. Lamun mangkono tumindake, sanadyan mungsuh wong tuwa, lair batine ora luput. Barng wong kang kaya kowe, mujijadmu apa? Yen nyata Khalifatullah wnang nyalini agama lah coba wtokna mujijadmu tak-tontone. Prabu Jimbun matur yen ora kagungan mujijad apa-apa, mung manut unine buku, jare yen ngislamake wong kapir iku ing besuk oleh ganjaran swarga. Nyai Agng Ngampel gumujng nanging wwah dukane. Ujar-jare bae kok disungkmi, tur dudu bukuning lluhur, wong ngumbara kok diturut rmbuge, sing nglakoni rusak ya kowe dhewe, iku tandha yen isih mntah kawruhmu, durung wani marang wong tuwa, saka kpenginmu jumnng Nata, kasusuhane ora dipikir. Kowe kuwi dudu

santri ahli budi, mung ngndlake ikt putih, nanging putihe kuntul, sing putih mung ing jaba, ing jro abang, nalika eyangmu isih sugng, kowe tau matur yen arp ngrusak Majapahit, eyangmu ora parng, malah manti-manti aja nganti mungsuh wong tuwa, saiki eyangmu wis seda, wwalre koktrajang, kowe ora wdi papacuhe. Yen kowe njaluk idi marang aku, prakara ttpmu dadi Ratu tanah Jawa, aku ora wnang ngideni, aku bangsa cilik tur wong wadon, mngko rak buwana balik arane, awit kowe sing msthine paring idi marang aku, amarga kowe Khalifatullah sajroning tanah Jawa, mung kowe dhewe sing tuwa, saucapmu idu gni, yen aku tuwa tiwas, yen kowe ttp tuwa Ratu. Banjure pangandikane Nyai Agng Ngampel: Putu! kowe tak- dongengi kupiya patang prakara, ing kitab hikayat wis muni, carita tanah Msir, panjnngane Kanjng Nabi Dhawud, putrane anggege kapraboning rama, Nabi Dhawud nganti kengsr saka nagara, putrane banjur sumilih jumnng Nata, ora lawas Nabi Dhawud sagd wangsul ngrbut nagarane. Putrane nunggang jaran mlayu mnyang alas, jarane ambandhang kcanthol-canthol kayu, nganthi pothol gumantung ana ing kayu, iya iku kang diarani kukuming Allah. Ana maneh caritane Sang Prabu Dewata-cngkar, iku iya anggege kapraboning rama, nanging banjur disotake dening ingkang rama banjur dadi buta, sabn dina mangsa jalma, ora suwe antarane, ana Brahmana saka tanah sabrang angajawa, aran Aji Saka, angglarake panguwasa sulap ana ing tanah

Jawa. Wong Jawa akeh kang padha asih marang Aji Saka, gthing marang Dewatacngkar, Ajisaka diangkat dadi Raja, Dewatacngkar diprangi nganti kplayu, ambyur ing sagara, dadi bajul, ora antara suwe banjur mati. Ana maneh caritane nagara Lokapala uga mangkono, Sang Prabu Danaraja wani karo ingkang rama, kukume iya isih tumindak kaya kang tak-caritakake mau, kabeh padha nmu sangsara. Apa maneh kaya kowe, mungsuh bapa kang tanpa prakara, kowe msthi cilaka, patimu iya mlbu mnyang yomani, kang mangkono iku kukume Allah. Sang Prabu Jimbun mirng pangandikane ingkang eyang, panggalihe rumasa kduwung bangt, nanging wis ora kna dibalekake. Nyai Agng Ngampel isih nrusake pangandikane: Kowe kuwi dilbokake ing loropan dening para ngulama lan para Bupati, mung kowe kok glm nglakoni, sing nglakoni cilaka rak iya mung kowe dhewe, tur kelangan bapa, salawase urip jnngmu ala, bisa mnang prang nanging mungsuh bapa Aji, iku kowe mrtobata marang Kang Maha Kuwasa, kiraku ora bakal oleh pangapura, sapisan mungsuh bapa, kapindho murtat ing Ratu, kaping tlune ngrusak kabcikan apa dene ngrusak prajane tanpa prakara. Adipati Pranaraga lan Adipati Pngging masa trimaa rusaking Majapahit, msthine labuh marang bapa, iku bae wis abot sanggane. Nyai Agng akeh-akeh pangandikane marang Prabu Jimbun. Sawise Sang Prabu

dipangandikani, banjur didhawuhi kondur mnyang Dmak, sarta didhawuhi nglari lolose ingkang rama, yen wis ktmu diaturana kondur mnyang Majapahit, lan aturana mampir ing Ngampelgadhing, nanging yen ora krsa, aja dipksa, amarga yen nganti duka mangka banjur nyupatani, msthi mandi. Sang Prabu Jimbun sarawuhe ing Dmak, para wadya padha snng-snng lan suka-suka nutug, para santri padha trbangan lan dhdhikiran, padha angucap sukur lan bungah bangt dene Sang Prabu wis kondur sarta bisa mnang prange. Sunan Benang mthukake kondure Sang Prabu Jimbun, Sang Nata banjur matur marang Sunan Benang yen Majapahit wis klakon bdhah, layanglayang Buddha iya wis diobongi kabeh, sarta ngaturake yen ingkang rama lan Raden Gugur lolos, Patih Majapahit mati ana samadyaning paprangan, Putri Cmpa wis diaturi ngungsi mnyang Benang, wadya Majapahit sing wis tluk banjur padha dikon Islam. Sunan Benang mirngake ature Sang Prabu Jimbun, gumujng karo manthuk-manthuk, sarta ngandika yen wis cocog karo panawange. Sang Prabu matur, yen kondure uga mampir ing Ngampeldnta, sowan ingkang eyang Nyai Agng Ngampel, ngaturake yen mntas saka Majapahit, sarta nyuwun idi nggone jumnng Nata, nanging

ana ing Ngampel malah didukani sarta diumanuman, nggone ora ngrti marang kabcikane Sang Prabu Brawijaya, nanging sawise, banjur didhawuhi ngupaya ingkang rama, apa sapangandikane Nyai Agng Ngampel diaturake kabeh marang Sunan Benang. Sunan Benang sawise mirngake ature Sang Nata ing batos iya kduwung, rumaos lupute, dene ora ngelingi marang kabcikane Sang Prabu Brawijaya. Nanging rasa kang mangkono mau banjur dislamur ing pangandika, samudanane nyalahake Sang Prabu Brawijaya lan Patih, nggone ora karsa salin agama Islam. Sunan Benang banjur ngandika, yen dhawuhe Nyai Agng Ngampel ora prlu dipanggalih, amarga panimbange wanita iku msthi kurang sampurna, luwih bcik nggone ngrusak Majapahit dibanjurake, yen Prabu Jimbun mituhu dhawuhe Nyai Ngampeldnta, Sunan Benang arp kondur mnyang Arab, wusana Prabu Jimbun banjur matur marang Sunan Benang, yen ora nglakoni dhawuhe Nyai Ngampel, msthine bakal oleh sabda kang ora bcik, mula iya wdi. Sunan Benang paring dhawuh marang Sang Prabu, yen ingkang rama mksa kondur mnyang Majapahit, Sang Prabu didhawuhi sowan nyuwun pangapura kabeh kaluputane, dene yen arp ngaturi jumnng Nata maneh, aja ana ing tanah Jawa, amarga msthi bakal ngribdi lakune wong

kang padha arp salin agama Islam, supaya dijumnngake ana seje nagara ing sajabaning tanah Jawa. Sunan Giri banjur nyambungi pangandika, mungguh prayoganing laku supaya ora ngrusakake bala, Sang Prabu Brawijaya sarta putrane bcik ditnung bae, awit yen mateni wong kapir ora ana dosane. Sunan Benang sarta Prabu Jimbun wis nayogyani panmune Sunan Giri kang mangkono mau. Gnti kang cinarita, tindake Sunan kalijaga nggone ngupaya Sang Prabu Brawijaya, mung didherekake sakabat loro lakune klunta-lunta, sabn desa diampiri, saka nggone ngupaya warta. Lampahe Sunan Kalijaga turut pasisir wetan, sing kalangkungan tindake Sang Prabu Brawijaya. Lampahe Sang Prabu Brawijaya wis tkan ing Blambangan, sarehne wis kraos sayah banjur kendl ana sapinggiring beji. Ing wktu iku panggalihe Sang Prabu ptng bangt, dene sing marak ana ngarsane mung kkasih loro, iya iku Nayagenggong lan Sabdapalon, abdi loro mau tansah gguyon, lan padha mikir kahaning llakon kang mntas dilakoni, ora antara suwe ksaru sowanne Sunan Kalijaga, banjur ngabkti sumungkm padane Sang Prabu.

Sang Prabu banjur ndangu marang Sunan Kalijaga: Sahid! kowe tka ana apa? Apa prlune nututi aku? Sunan Kalijaga matur: Sowan kula punika kautus putra paduka, madosi panjnngan paduka, kapanggiha wontn ing pundi-pundi, smbah sungkmipun konjuka ing pada paduka Aji, nuwun pangaksama sadaya kasisipanipun, dene ngantos kamipurun ngrbat kaprabon paduka Nata, awit saking kalimputing manah mudha punggung, botn sumrp tata krami, sangt kapenginipun mngku praja angreh wadyabala, sineba ing para bupati. Samangke putra paduka rumaos ing kalpatanipun, dene darbe bapa Ratu Agung ingkang anyngkakakn saking ngandhap aparing darajat Adipati ing Dmak, tangeh malsa ing sih paduka Nata, ing mangke putra paduka emut, bilih panjnngan paduka linggar saking praja botn kantnan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen msthi manggih ddukaning Pangeran. Mila kawula dinuta madosi panjnngan paduka, kapanggiha wontn ing pundi-pundi ingaturan kondur rawuh ing Majapahit, ttpa kados ingkang wau-wau, mngku wadya sineba para punggawa, aweta dados jjimat pinundhi-pundhi para putra wayah buyut miwah para santana, kinurmatan sinuwunan idi wilujngipun wontn ing bumi. Manawi paduka kondur, putra paduka pasrah kaprabon paduka Nata, putra paduka nyaosakn pjah gsang, yen kaparng saking karsa paduka, namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning

kalpatanipun, lan nyuwun pangkatipun lami dados Adipati ing Dmak, ttpa kados ingkang sampun. Dene yen panjnngan paduka botn karsa ngasta kaprabon Nata, sinaosan kadhaton wontn ing rdi, ing pundi sasnnging panggalih paduka, ing rdi ingkang karsakakn badhe dipundhpoki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar paduka, nanging nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun ingkang rila trusing panggalih. Sang Prabu Brawijaya ngandika: Ingsun-rungu aturira, Sahid! nanging ora ingsun-gatekake, karana ingsun wis kapok rmbugan karo santri padha nganggo mata pitu, padha mata lapisan kabeh, mula blero pandulune, mawas ing ngarp nanging jbul anjnggung ing buri, rmbuge mung manis ana ing lambe, batine angandhut pasir kinapyukake ing mata, murih picka mataku siji. Sakawit ingsun bciki, walse kaya knyung buntut, apa ta salah-ingsun, tka rinusak tanpa prakara, tinggal tata adat caraning manusa, mukul prang tanpa panantang, iku apa nganggo tataning babi, dadi dudu tataning manusa kang utama. Sunan Kalijaga barng ngrungu pangandikane Sang Prabu rumasa ing kaluputane nggone melu mbdhah karaton Majapahit, ing batin bangt panalangsane, dene kadudon kang wis kbanjur, mula banjur ngrrpa, ature: Inggih saduka-duka paduka ingkang dhumawa dhatng putra wayah, mugi dadosa jimat paripih, kacancang pucuking rema, kaptk wontn ing mbun, mandar

amwahana cahya nurbuwat ingkang wning, rahayunipun para putra wayah sadaya. Sarehning sampun kalpatan, punapa malih ingkang sinuwun malih, kajawi namung pangapuntn paduka. wangsul karsa paduka karsa tindak dhatng pundi? Sang Prabu Brawijaya ngandika: Saiki karsaningsun arsa tindak mnyang Bali, ktmu karo yayi Prabu Dewa agung ing Klungkung, arsa ingsun-wartani pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang tanpa dosa, lan arsa ingsun-kon nimbali para Raja kanan kering tanah jawa, samkta sakapraboning prang, lan Adipati Palembang sunwehi wruh, yen anake karo pisan satkane tanah Jawa sun-angkat dadi Bupati, nanging ora wruh ing dalan, banjur wani mungsuh bapa Ratu, sunjaluk lilane anake arp ingsun pateni, sabab murtat wani ing bapa kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung wikan marang Hongte ing Cina, yen putrane wis patutan karo ingsun mtu lanang siji, ananging ora wruh ing dalan, wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-jaluk lilane, yen putune arsa ingsun-pateni, ingsun njaluk biyantu prajurit Cina, samkta sakapraboning prang, njujuga nagari Bali. Yen wis samkta sawadya prajurit, sarta padha eling marang llabtan kabcikaningsun, lan duwe wlas marang wong wungkuk kaki-kaki, ykti padha tka ing Bali saggamaning prang, sun-jak marang tanah Jawa angrbut kapraboningsun, iya sanadyan prang gdhe ggmpuran amungsuh

anak, ingsun ora isin, awit ingsun ora ngawiti ala, aninggal carane wong agung. Sunan Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang Prabu kang mangkono iku ing sanalika mung dhlgdhlg, ngandika sajroning ati: Tan cidra karo dhawuhe Nyai Agng Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk isih mbrgagah nggagahi nagara, ora nyawang wujuding dhiri, kulit kisut ggr wungkuk. Lamun iki ngantiya nyabrang marang Bali, ora wurung bakal ana prang gdhe tur wadya ing Dmak masa mnanga, amarga katindhihan luput, mungsuh ratu pindho bapa, kaping tlune kang mbciki, wis msthi bae wong Jawa kang durung Islam ykti asih marang Ratu tuwa, angantp tangkping jurit, msthi asor wong Islam tumps ing pprangan. Wusana Sunan Kalijaga matur alon: Dhuh pukulun Jng Sang Prabu! saupami paduka lajngna rawuh ing bali, nimbali para Raja, saestu badhe prang ggmpuran, punapa botn ngeman risakipun nagari Jawi, sampun tamtu putra paduka ingkang badhe nmahi kasoran, panjnngan paduka jumnng Nata botn lami lajng surud, kaprabon Jawi kaliya ing sanes darah paduka Nata, saupami kados dene sgawon rbatan bathang, ingkang krah tulus krah ttumpsan sami pjah sadaya daging lan manah kathda ing sgawon sanesipun. Sang prabu Brawijaya ngandika: Mungguh kang mangkono iki luwih-luwih karsane Dewa Kang

Linuwih, ingsun iki Ratu Binathara, ntpi mripat siji, ora nganggo mata loro, mung siji marang bnr paningalku, kang miturut adat pranatane para lluhur. Saupama si Patah ngrasa duwe bapa ingsun, kpengin dadi Ratu, disuwun krananing bcik, karaton ing tanah Jawa, iya sun-paringake krana bcik, ingsun wis kaki-kaki, wis warg jumnng Ratu, nrima dadi pandhita, pitkur ana ing gunung. Balik samngko si Patah siya mring sun, msthine-ingsun iya ora lila ing tanah Jawa diratoni, luwih karsaning Jawata Gung, pamintane marang para titah ing wuri. Sunan Kalijaga barng mirng pangandikane Sang Prabu, rumasa ora kaconggah ngaturi, mula banjur nyungkmi pada, sarta banjur nyaosake cundrike karo matur, yen Sang Prabu ora karsa nglampahi kaya ature Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga nyuwun supaya dipateni bae, amarga lingsm manawa mruhi llakon kang saru. Sang Prabu nguningani patrape Sunan kalijaga kang mangkono mau, panggalihe kanggg, mula nganti suwe ora ngandika tansah tbah jaja karo nnggak waspa, srt pangandikane: Sahid! linggiha dhisik, tak-pikire sing bcik, tak-timbange aturmu, bnr lan lupute, tmn lan gorohe, amarga aku kuwatir yen aturmu iku goroh kabeh. Sumurupa Sahid! saupama aku kondur marang Majapahit, si Patah seba mnyang aku, gthinge ora bisa mari, amarga duwe bapa Buddha kawak kapir kupur, liya dina lali, aku banjur dickl dibiri,

dikon tunggu lawang pungkuran, esuk sore diprdi smbahyang, yen ora ngrti banjur diguyang ana ing blumbang dikosoki alang-alang garing. Sang Prabu mbanjurake pangandikane marang Sunan Kalijaga: Mara pikirn, Sahid! saiba susahing atiku, wong wis tuwa, nykrukuk, kok dikum ing banyu. Sunan Kalijaga gumujng karo matur: Mokal manawi makatn, benjing kula ingkang tanggl, botn-botnipun manawi putra paduka badhe siyasiya dhatng panjnngan paduka, dene bab agami namung kasarah sakarsa paduka, namung langkung utami manawi panjnngan paduka karsa gantos sarak rasul, lajng nybut asmaning Allah, manawi botn karsa punika botn dados punapa, tiyang namung bab agami, pikkahipun tiyang Islam punika sahadat, sanadyan salat dhingklakdhingkluk manawi dereng mangrtos sahadat punika inggih ttp nama kapir. Sang Prabu ngandika: Sahadat iku kaya apa, aku kok durung ngrti, coba ucapna tak-rungokne. Sunan kalijaga banjur ngucapake sahadat: ashadu ala ilaha ilallah, wa ashadu anna MukhammadarRasulullah, tgsipun: Ingsung ankseni, ora ana Pangeran kang sajati, amung Allah, lan ankseni, Kangjng Nabi Mukhammad iku utusane Allah.

Ature Sunan Kalijaga marang Sang Prabu: Tiyang nmbah dhatng arah kemawon, botn sumrp wujud tgsipun, punika ttp kapiripun, lan malih sintn tiyang ingkang nmbah puji ingkang sipat wujud warni, punika nmbah brahala namanipun, mila tiyang punika prlu mangrtos dhatng lair lan batosipun. Tiyang ngucap punika kdah sumrp dhatng ingkang dipunucapakn, dene tgsipun Nabi Mukhammad Rasulallah: Mukhammad punika makam kuburan, dados badanipun tiyang punika kuburipun rasa sakalir, muji badanipun piyambak, botn muji Mukhammad ing Arab, raganipun manusa punika wwayanganing Dzating Pangeran, wujud makam kubur rasa, Rasul rasa kang nusuli, rasa pangan manjing lesan, Rasule minggah swarga, lullah, luluh dados ndhut, kasbut Rasulullah punika rasa ala ganda salah, riningks dados satunggal Mukhammad Rasulallah, kang dhingin wruh badan, kaping kalih wruh ing tdhi, wajibipun manusa mangeran rasa, rasa lan tdhi dados nybut Mukhammad rasulullah, mila smbahyang mungl uzali punika tgsipun nyumrpi asalipun. Dene raganipun manusa punika asalipun saking roh idlafi, rohipun Mukhammad Rasul, tgsipun Rasul rasa, wijile rasaning urip, mdal saking badan kang mnga, lantaran ashadualla, manawi botn mngrtos tgsipun sahadat, botn sumrp rukun Islam, botn mangrtos purwaning dumados. Sunan kalijaga ature akeh-akeh, nganti Prabu Brawijaya karsa santun agama Islam, sawise

banjur mundhut paras marang Sunan Kalijaga nanging remane ora tdhas digunting, mulane Sunan Kalijaga banjur matur, Sang Prabu diaturi Islam lair batos, amarga yen mung lair bae, remane ora tdhas digunting. Sang Prabu banjur ngandika yen wis lair batos, mulane kna diparasi. Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon lan Nayagenggong: Kowe karo pisan tak-tuturi, wiwit dina iki aku ninggal agama Buddha, ngrasuk agama Islam, banjur nybut asmaning Allah Kang Sajati. Saka karsaku, kowe sakarone tak-ajak salin agama Rasul tinggal agama Buddha. Sabdapalon ature sndhu: Kula niki Ratu Dhang Hyang sing rumksa tanah Jawa. Sintn ingkang jumnng Nata, dados momongan kula. Wiwit saking lluhur paduka rumiyin, Sang Wiku Manumanasa, Sakutrm lan Bambang Sakri, runtumurun ngantos dumugi sapriki, kula momong pikukuh lajr Jawi, kula manawi tilm ngantos 200 taun, sadangunipun kula tilm tamtu wontn pprangan sadherek mngsah sami sadherek, ingkang nakal sami ndha jalma, sami ndha bangsanipun piyambak, dumugi sapriki umur-kula sampun 2000 langkung 3 taun, momong lajr Jawi, botn wontn ingkang ewah agamanipun, ntpi wiwit sapisan ngestokakn agami Buddha. Sawg paduka ingkang karsa nilar pikukuh luhur Jawi. Jawi tgsipun ngrti, tka narimah nama Jawan, rmn manut nunut-nunut, pamrihipun daml kapiran muksa paduka mbenjing.

Sabdane Wiku tama sinauran gtr-patr. Sang Prabu Brawijaya sinmonan dening Jawata, nggone karsa mlbt agama Rasul, iya iku rrupan kahanan ing dunya ditambahi warna tlu: 1: aran sukt Jawan, 2: pari Randanunut, lan 3: pari Mriyi. Sang Prabu andangu maneh: Kapriye kang padha dadi kkncnganmu, apa glm apa ora ninggal agama Buddha, salin agama Rasul, nybut Nabi Mukhammad Rasulallah panutaning para Nabi, lan nybut asmaning Allah Kang Sajati? Sabdapalon ature sndhu: Paduka mlbt piyambak, kula botn tgl ningali watak siya, kados tiyang Arab. Siya punika tgsipun ngukum, tur siya dhatng raga, manawi kula santun agami, saestu daml kapiran kamuksan-kula, ing benjing, dene ingkang mastani mulya punika rak tiyang Arab sarta tiyang Islam sadaya, anggenipun ngalm badanipun piyambak. Manawi kula, mastani botn urus, ngalm saening tangga, ngapsakn badanipun piyambak, kula rmn agami lami, nybut Dewa Ingkang Linangkung. Jagad punika raganipun Dewa ingkang asipat budi lan hawa, sampun dados wajibipun manusa punika manut dhatng eling budi karpan, dados botn ngapirani, manawi nybut Nabi Mukhammad Rasulullah, tgse Mukhammad niku makaman

kubur, kubure rasa kang salah, namung mangeran rasa wadhag wadhahing ndhut, namung tansah ndha eca, botn ngengti bilahinipun ing wingking, mila nami Mukhammad inggih makaman kuburan sakalir, roh idlafi tgsipun lapisan, manawi sampun risak wangsul dhatng asalipun malih. Wangsul Prabu Brawijaya lajng manggen wontn pundi. Adam punika muntl kaliyan Hyang Brahim, tgsipun kbrahen nalika gsangipun, botn manggih raos ingkang saestu, nanging tangining raos wujud badan, dipunwastani Mukhammadun, makaman kuburing rasa, jasanipun budi, dados sipatipun tiyang lan raos. Manawi dipunpundhut ingkang Mahakuwasa, sarira paduka sipate tiyang wujud dados, punika dadosipun piyambak, lantaranipun ngabn awon, bapa biyung botn daml, mila dipunwastani anak, wontnipun wujud piyambak, dadosipun saking gaib samar, saking karsaning Latawalhujwa, ingkang nglimputi wujud, wujudipun piyambak, risak-risakipun piyambak, manawi dipunpundhut dening Ingkang Maha Kuwasa, namung kantun rumaos lan pangraos ingkang paduka-bkta dhatng pundi kemawon, manawi dados dhmit ingkang tngga siti, makatn punika ingkang nistha, namung prlu nnggani daging bacin ingkang sampun luluh dados siti, makatn wau ttp botn wontn prlunipun. Ingkang makatn punika amargi namung saking kirang budi kawruhipun, kala gsangipun dereng ndha woh wit kawruh lan woh wit budi, nrimah pjah dados setan, ndha siti ngajng-ajng tiyang ngirim sajen tuwin slamtanipun, ing tmbe tilar

mujijat rakhmat nyukani kiyamat dhatng anak putunipun ingkang kantun. Tiyang pjah botn kbawah pranataning Ratu ing lair, sampun msthi sukma pisah kaliyan budi, manawi tekadipun sae inggih nampeni kamulyan, nanging manawi tekadipun awon inggih nampeni siksanipun. Cobi paduka-jawab atur-kula punika. Sang Prabu ngandika: Mulih marang asale, asal Nur bali marang Nur. Sabdapalon matur maneh: Inggih punika kawruhipun tiyang bingung gsangipun rugi, botn gadhah kawruh kaengtan, dereng ndha woh kawruh lan budi, asal siji mantuk satunggal, punika sanes pjah ingkang utami, dene pjah ingkang utami punika sewu satus tlung puluh. Tgsipun satus punika putus, tlu punika tilas, puluh punika pulih, wujud malih, wujudipun risak, nanging ingkang risak namung ingkang asal saking roh idlafi. Uripipun langgng namung raga pisah kaliyan sukma, inggih punika sahadat ingkang botn mawi ashadu, gantos roh idlafi lapisan: sasi surup msthi saking pundi asalipun wiwit dados jalmi. Surup tgsipun: sumurup purwa madya wasananipun, ntpana namane tiyang lumampah, sampun ebah saking prnahipun mlbt mbkta sir cipta lami. Sang Prabu ngandika: Ciptaku nempel wong kang luwih. Sabdapalon matur: Punika tiyang ksasar, kados dene kmladeyan tumemplek wit-witan agng, botn bawa piyambak, kamuktenipun

namung nmpil. Punika botn pjah utami, pjahipun tiyang nistha, rmnipun namung nempel, nunut-nunut, botn bawa piyambak, manawi dipuntundhung, lajng klambrangan, dados brkasakan, lajng nempel dhatng sanesipun malih. Sang Prabu ngandika maneh: Asal suwung aku bali, mnyang suwung, nalika aku durung maujud iya durung ana apa-apa, dadi patiku iya mangkono. Sabdapalon: Punika pjahipun tiyang kalap nglawong, botn iman ilmi, nalika gsangipun kados kewan, namung ndha ngombe lan tilm, makatn punika namung sagd lma sugih daging, dados nama sampun narimah ngombe uyuh kemawon, ical gsangipun salbtipun pjah. Sang Prabu: Aku nunggoni makaman kubur, yen wis luluh dadi lbu. Sabdapalon: Inggih punika pjahipun tiyang cubluk, dados setan kuburan, nnggani daging wontn kuburan, daging ingkang sampun luluh dados siti, botn mangrtos santun roh hidlafi enggal. Inggih punika tiyang bodho mangrtosa. Nun! Sang Prabu ngandika: Aku arp muksa saragaku. Sabdapalon gumuyu: Yen tiyang agami Rasul trang botn sagd muksa, botn kuwawi ngringks nguntal raganipun, lma kakathahn

daging. Tiyang pjah muksa punika claka, amargi nami pjah, nanging botn tilar jisim, namanipun botn sahadat, botn pjah, botn gsang, botn sagd dados roh idlafi enggal, namung dados gunungan dhmit. Pangandikane Sang Prabu: Aku ora duwe cipta apa-apa, ora ikhtiar nampik milih, sakarsane Kang Maha Kuwasa. Sabdapalon: Paduka nilar sipat, botn ngrumaosi yen tinitah linangkung, nilar wajibing manusa, manusa dipun wnangakn nampik milih, manawi sampun narimah dados sela, sampun botn prlu pados ilmi kamulyaning seda. Sang Prabu: Ciptaku arp mulih mnyang akhirat, munggah swarga seba Kang maha Kuwasa. Sabdapalon matur: Akhirat, swarga, sampun paduka-bkta ngaler ngidul, jagadipun manusa punika sampun mngku alam sahir kabir, nalika tapl Adam, sampun ppak: akhirat, swarga, naraka arasy kursi. Paduka badhe tindak dhatng akhirat pundi, mangke manawi ksasar lo, mangka nggene akhirat punika tgse mlarat, sanggennggen wontn akhirat, manawi kenging kulasingkiri, sampun ngantos kula mantuk dhatng kamlaratan sarta minggah dhatng akhirat adil nagari, manawi lpat jawabipun tamtu dipunukum, dipunbanda, dipunpaksa nyambut daml awrat tur botn tampa arta. Klbt akhirat nusa Srnggi,

nusa tgsipun manusa, Srng tgsipun padamlan ingkang awrat sangt. nggi tgsipun gawe. Dados tgsipun jalma pinksa nyambut daml dhatng Ratu Nusa Srnggi namanipun, punapa botn cilaka, tiyang gsang wontn ing dunya kados makatn wau, sakulawargane mung nadhah bras sapithi, tanpa ulam, sambl, jangan punika akhirat ingkang katingal tata lair, manawi akhiratipun tiyang pjah malah langkung saking punika, paduka sampun ngantos kondur dhatng akhirat, sampun ngantos minggah dhatng swarga, mindhak ksasar, kathah rajakaya ingkang wontn ing ngriku, sadaya sami trima tilm kmul siti, gsangipun nyambut daml kanthi paksan, botn salah dipunpragat, paduka sampun ngantos sowan Gusti Allah, amargi Gusti Allah punika botn kantha botn warna, wujudipun amung asma, nglimputi wontn ing dunya tuwin ing akhirat, paduka dereng tpang, tpangipun amung tpang kados cahyanipun lintang lan rmbulan, kapanggihe cahya murub dados satunggal, botn pisah botn kumpul, tbihipun botn mawi wangnan, clak botn panggihan, kula botn kuwawi clak, punapa malih paduka, Kangjng Nabi Musa toh botn kuwawi mandng dhatng Gusti Allah, mila Allah botn katingal, namung Dzatipun ingkang nglimputi sadaya wujud, paduka wiji rohani, sanes bangsanipun malaekat, manusa raganipun asal saking nutfah, sowan Hyang Latawalhujwa, manawi panggenanipun sampun spuh, nyuwun ingkang enggal, dados botn wongsal-wangsul, ingkang dipunwastani pjah gsang, ingkang gsang

napasipun taksih lumampah, tgsipun urip, ingkang ttp langgng, botn ewah botn gingsir, ingkang pjah namung raganipun, botn ngraosakn kanikmatan, pramila tumrap tiyang agami Buddha, manawi raganipun sampun spuh, suksmanipun mdal nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang sampun spuh, nutfah sampun ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manusa punika langgng, botn ewah gingsir, ingkang ewah punika makaming raos, raga wadhag ingkang asal roh idlafi. Prabu Brawijaya botn anem botn spuh, nanging langgng manggen wontn satngahipun jagadipun, lumampah botn ebah saking panggenanipun, wontn salbting guwa sir cipta kang ning. Gawann ggawanmu, ngGgawa ndha raga. Tulis ical, etangan gunggunge: kumpul, plsatipun wtaha. Ningali jantung ktg kiwa: surut marga sire cipta, jujugipun ingkang ctha cthik cthak. Punika pungkasanipun kawruh, kawruhipun tiyang Buddha. Lbtipun roh saking cthak marginipun, kendl malih wontn cthik, mdal wontn kalamwadi, kentir sagara rahmat lajng lumbt ing guwa indra-kilaning estri, tibaning nikmat ing dhasaring bumi rahmat, wontn ing ngriku ki budi jasa kadhaton baitullah ingkang mulya, dadosipun saking sabda kun, dados wontn tngahing jagad swarganing tiyang spuh estri, mila jalma keblatipun wontn tngahing jagad, jagading tiyang punika guwa sir cipta namanipun, dipunbkta dhatng pundi- pundi botn ewah,

umuripun sampun dipunpasthekakn, botn sagd ewah gingsir, sampun dipunsrat wontn lokhilmakful, bgja cilakanipun gumantung wontn ing budi nalar lan kawruhipun, ingkang ical utawi kirang ikhtiaripun inggih badhe ical utawi kirang bgjanipun. Wiwitanipun keblat sakawan, inggih punika wetan kilen kidul ler : tgsipun wetan : wiwitan manusa maujud; tgsipun kulon : bapa klonan; tgsipun kidul : estri didudul wtnge ing tngah; tgsipun lor : laire jabang bayi, tanggal sapisan kapurnaman, snteg sapisan tnunan sampun nigasi. Tgsipun pur: jumbuh, na; ana wujud, ma; madhp dhatng wujud; jumbuh punika tgsipun ppak, sarwa wontn, mngku alam sahir kabir, tanggalipun manusa, lairipun saking tiyang spuhipun estri, sarng tanggalipun kaliyan sadherekipun kakang mbarp adhi ragil, kakang mbarp punika kawah, adhi punika ari-ari, sadherek ingkang sarng tanggal gaibipun, rumksa gsangipun elingipun panjanmaning surya, lnggah rupa cahya, kontning eling sadayanipun, siyang dalu sampun sumlang dhatng sadaya rrupen, ingkang engt sadayanipun, surup lan tanggalipun sampun samar : kala rumiyin, sapunika lan benjing, punika kawruhipun tiyang Jawi ingkang agami Buddha. Raga punika dipunibaratakn baita, dene suksmanipun inggih punika tiyang ingkang wontn ing baita wau, ingkang ndahakn pandomipun, manawi baitanipun lumampah mangka salah pandomipun, tamtu manggih cilaka, baita pcah, tiyangipun rbah. Pramila kdah ingkang mapan, mumpung baitanipun taksih lumampah, manawi

botn mapan gsangipun, pjah malih sagda mapan, ntpi kamanusanipun, manawi baitanipun bibrah, inggih pisah kaliyan tiyangipun; tgsipun suksma ugi pisah kaliyan budi, punika namanipun sahadat, pisahipun kawula kaliyan Gusti, sah tgsipun pisah, dat punika Dzating Gusti, manawi sampun pisah raga suksma, budinipun lajng santun baitullah, napas tali, muji dhatng Gusti, manawi pisaha raga suksma lan budi, mrtitis ingkang botn-botn, yen tunggal, kabsaran, tanggalipun botn surup salaminipun, punika kdah ingkang waspada, ngengtana dhatng asaling kawula, kawula ugi wajib utawi wnang matur dhatng Gusti, nyuwun baitullah ingkang enggal, ngungkulana ingkang lami. Raganing manusa punika namanipun baitullah, inggih prau gaweyaning Allah, dadosipun saking sabda kun, manawi baitanipun tiyang Jawi sagd mapan santun baitullah malih ingkang sae, baitanipun tiyang Islam gsangipun kantun pangrasa, praunipun sampun rmuk, manawi suksma punika pjah ing alam dunya suwung, botn wontn tiyang, manawi tiyang punika trus gsang, ing dunya kbak manusa, lampahipun saking nem urut spuh, ngantos roh lapisan, sanadyan suksmanipun tiyang, nanging manawi tekadipun nasar, pjahipun manjalma dados kuwuk, sanadyan suksmanipun kewan, nanging sagd manjalma dados tiyang (kajngipun, adiling Kawasa tiyang punika pinasthi ngundhuh wohing panggawene piyambak-piyambak). Nalika panjnnganipun Bathara Wisnu jumnng Nata

wontn ing Mndhang Kasapta, sato wana tuwin llmbut dipuncipta dados manusa, dados wadyabalanipun Sang Nata. Nalika eyang paduka Prabu Palasara iyasa kadhaton wontn ing Gajahoya, sato wana tuwin llmbut inggih dipuncipta dados tiyang, pramila gandanipun tiyang satunggalsatunggalipun beda-beda, gandanipun kadosdene nalika taksih dados sato kewan. Srat tapak Hyang, ingkang dipunwastani Sastrajendrayuningrat, dados saking sabda kun, ingkang dipunwastani jithok tgsipun namung puji thok. Dewa ingkang daml cahya murub nyrambahi badan, tgsipun incngn aneng cnglmu. Jiling punika puji eling marang Gusti. Punuk tgsipun panakna. Timbangan tgsipun salang. Pundhak punika panduk, urip wontn ing alam dunya pados kawruh kaliyan woh kuldi, manawi angsal woh kuldi kathah, untungipun sugih daging, yen angsal woh kawruh kathah, kenging kangge sangu gsang, gsang langgng ingkang botn sagd pjah. Tpak tgsipun tpa-tapanira. Walikat: walikane gsang. Ula-ula: ulatana, lalarn ggrmu sing nggligir. Sungsum tgsipun sungsungn. Lambung: waktu Dewa nyambung umur, alamipun jalma sambungan, lali eling urip mati. Lmpeng kiwa tngn tgsipun tekadmu sing lmpng lair batin, purwa bnr lawan luput, bcik lawan ala. Mata tgsipun tingalana batin siji, sing bnr keblatira, keblat lor bnr siji. Tngn tgsipun tngnn ingkang trang, wontn ing dunya amung sadarmi ngangge raga, botn daml botn tumbas. Kiwa tgsipun: raga iki isi hawa kkajngan, botn wnang

ngkahi pjah. Makatn punika ungling srat. Manawi paduka maibn, sintn ingkang daml raga? Sintn ingkang paring nama? inggih namung Latawalhujwa, manawi paduka maibn, paduka ttp kapir, kapiran seda paduka, botn pitados dhatng sratipun Gusti, sarta murtat dhatng lluhur Jawi sadaya, nempel tosan, kajng sela, dados dhmit tngga siti, manawi paduka botn sagd maos sastra ingkang wontn ing badanipun manusa, saseda paduka manjalma dhatng kuwuk, dene manawi sagd sagd maos sastra ingkang wontn ing raga wau, saking tiyang inggih dados tiyang, kasbut ing srat Anbiya, Kanjng Nabi Musa kala rumiyin tiyang ingkang pjah wontn ing kubur, lajng tangi malih, gsangipun gantos roh lapis enggal, gantos makam enggal. Manawi paduka ngrasuk agami Islam, tiyang Jawi tamtu lajng Islam sadaya. Manawi kula, wadhag aluskula sampun kula-cakup lan kula-carub, sampun jumbuh dados satunggal, inggih nglbt inggih jawi, dados kantun sasdya-kula kemawon, ngadam utawi wujud sagd sami sanalika, manawi kula kpengin badhe wujud, inggih punika wujud-kula, sdya ngadam, inggih sagd ical sami sanalika, yen sdya maujud sagd katingal sanalika. Ragakawula punika sipating Dewa, badan-kawula sakojur gadhah nama piyambak-piyambak. Cobi paduka-dumuk: pundi wujudipun Sabdapalon, sampun kalingan pajar, saking pajaripun ngantos sampun botn katingal wujudipun Sabdapalon, kantun asma nglimputi badan, botn nem botn spuh, botn pjah botn gsang, gsangipun

nglimputi salbting pjahipun, dene pjahipun nglimputi salbting gsangipun, langgng salaminipun. Sang Prabu ndangu: Ana ing ngndi Pangeran Kang Sajati? Sabdapalon matur: Botn tbih botn clak, paduka wayangipun wujud sipating suksma, dipunanggp sarira tunggal, budi hawa badan, tigatiga punika tumindakipun; botn pisah, nanging inggih botn kumpul. Paduka punika sampun Ratu linuhung tamtu botn badhe kkilapan dhatng atur-kula punika. Sang Prabu ngandika maneh: Apa kowe ora manut agama? Sabdapalon ature sndhu: Manut agami lami, dhatng agami enggal botn manut! Kenging punapa paduka gantos agami tka botn nantun kula, paduka punapa kkilapan dhatng nama kula Sabdapalon? Sabda tgsipun pamuwus, Palon: pikukuh kandhang. Naya tgsipun ulat, Genggong: langgng botn ewah. Dados wicantn-kula punika, kenging kangge pikkah ulat pasmoning tanah Jawi, langgng salaminipun. Sang Prabu ngandika: Kapriye iki, aku wis kbacut mlbu agama Islam, wis diskseni Sahid, aku ora kna bali agama Buddha maneh, aku wirang yen digguyu bumi langit.

Sabdapalon matur maneh: Inggih sampun, lakar paduka-lampahi piyambak, kula botn tumuttumut. Sunan Kalijaga banjur matur marang Sang Prabu, kang surasane ora prlu manggalih kang akeh-akeh, amarga agama Islam iku mulya bangt, sarta matur yen arp nyipta banyu kang ana ing beji, prlu kanggo tandha ykti, kapriye mungguh ing gandane. Yen banyu dicipta bisa ngganda wangi, iku tandha yen Sang Prabu wis mantp marang agama Rasul, nanging yen gandane ora wangi, iku anandhakake: yen Sang Prabu isih panggalih Buddha. Sunan Kalijaga banjur nyipta, padha sanalika banyu sndhang banjur dadi wangi gandane, ing kono Sunan kalijaga matur marang Sang Prabu, kaya kang wis kathandha, yen Sang Prabu nyata wis mantp marang agama Rasul, amarga banyu sndhang gandane wangi. (11) Ature Sabdapalon marang Sang Prabu: Punika kaskten punapa? kasktening uyuh kula wingi sontn, dipunpamerakn dhatng kula. Manawi kula timbangana nama kapilare, mngsah uyuhkula piyambak, ingkang kula rbat punika? Paduka sampun klajng klorob, karsa dados jawan, iribiriban, rmn manut nunut-nunut, tanpa guna kula mong, kula wirang dhatng bumi langit, wirang momong tiyang cabluk, kula badhe pados momongan ingkang mripat satunggal, botn rmn momong paduka. Manawi kula sumdya ngdalakn kaprawiran, toya kula-ntut spisan

kemawon, sampun dados wangi. Manawi paduka botn pitados, kang kasbut ing pikkah Jawi, nama Manik Maya, punika kula, ingkang jasa kawah wedang sanginggiling rdi rdi Mahmeru punika sadaya kula, adi Guru namung ngideni kemawon, ing wkdal samantn tanah Jawi sitinipun gonjang-ganjing, saking agnging latu ingkang wontn ing ngandhap siti, rdi-rdi sami kula ntuti, pucakipun lajng anjmblong, latunipun kathah ingkang mdal, mila tanah Jawi lajng botn goyang, mila rdi-rdi ingkang inggil pucakipun, sami mdal latunipun sarta lajng wontn kawahipun, isi wedang lan toya tawa, punika inggih kula ingkang daml, sadaya wau atas karsanipun Latawalhujwa, ingkang daml bumi lan langit. Punapa cacadipun agami Buddha, tiyang sagd matur piyambak dhatng Ingkang Maha Kuwasa. Paduka yktos, manawi sampun santun agami Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu aps, Jawi kantun jawan, Jawinipun ical, rmn nunut bangsa sanes. Benjing tamtu dipunprentah dening tiyang Jawi ingkang mangrti. Cobi paduka-yktosi, benjing: sasi murub botn tanggal, wiji bungkr botn thukul, dipuntampik dening Dewa, tinanma thukul mriyi, namung kangge tdha pksi, mriyi punika pantun kados ktos, amargi paduka ingkang lpat, rmn nmbah sela. Paduka-yktosi, benjing tanah Jawa ewah hawanipun, wwah bnter awis jawah, suda asilipun siti, kathah tiyang rmn dora, kndl tindak nistha tuwin rmn supata, jawah salah

masa, daml bingungipun kanca tani. Wiwit dintn punika jawahipun sampun suda, amargi kukuminipun manusa anggenipun sami gantos agami. Benjing yen sampun mrtobat, sami engt dhatng agami Buddha malih, lan sami purun ndha woh kawruh, Dewa lajng paring pangapura, sagd wangsul kados jaman Buddha jawahipun. Sang Prabu mirng ature Sabdapalon, ing batos rumaos kaduwung bangt dene ngrasuk agama Islam, nilar agama Buddha. Nganti suwe ora ngandika, wasana banjur ngandika, amratelakake yen nggone mlbt agama Islam iku, amarga kpencut ature putri Cmpa, kang ngaturake yen wong agama Islam iku, jarene besuk yen mati, antuk swarga kang ngungkuli swargane wong kapir. Sabdapalon matur, angaturake lpiyan, yen wiwit jaman kuna mula, yen wong lanang manut wong wadon, msthi nmu sangsara, amarga wong wadon iku utamane kanggo wadhah, ora wnang miwiti karp, Sabdapalon akeh-akeh nggone nutuh marang Sang Prabu. Sang Prabu ngandika: Kok-tutuha iya tanpa gawe, amarga barang wis kbacut, saiki mung kowe kang tak-tari, kapriye kang dadi kkncnganing tekadmu? Yen aku mono nggonku mlbu agama Islam, wis diskseni dening si Sahid, wis ora bisa bali mnyang Buddha mneh.

Sabdapalon matur yen arp misah, barng didangu lungane mnyang ngndi, ature ora lunga, nanging ora manggon ing kono, mung ntpi jnnge Smar, nglimputi salire wujud, anglela kalingan padhang. Sang Prabu diaturi ngyktosi, ing besuk yen ana wong Jawa ajnng tuwa, aggaman kawruh, iya iku sing dimong Sabdapalon, wong jawan arp diwulang wruha marang bnr luput. PRALAMPITA 500 TAUN ING TEMBE Sang Prabu karsane arp ngrangkul Sabdapalon lan Nayagenggong, nanging wong loro mau banjur musna. Sang Prabu ngungun sarta nnggak waspa, wusana banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: Ing besuk nagara Blambangan salina jnng nagara Banyuwangi, dadiya tngr Sabdapalon nggone bali marang tanah Jawa anggawa momongane. Dene samngko Sabdapalon isih nglimput aneng tanah sabrang. Sunan Kalijaga banjur didhawuhi nngri banyu sndhang, yen gandane mari wangi, besuk wong Jawa padha ninggal agama Islam ganti agama Kawruh. Sunan Kalijaga banjur yasa bumbung loro kang siji diiseni banyu tawa, sijine diiseni banyu sndhang. Banyu sndhang mau kanggo tandha, yen gandane mari wangi, wong tanah Jawa padha salin agama kawruh. Bumbung sawise diiseni banyu, banjur disumpli godhong pandan-sili, sabanjure digawa sakabate loro.

Sang Prabu Brawijaya banjur tindak didherekake Sunan Kalijaga lan sakabate loro. Dina kaping pisan : Tindake kawngen ana ing dalan, nyare ana ing Sumbrwaru, esuke bumbunge dibukak, banyune diambu isih wangi, Dina kaping pindo : Nuli mbanjurake tindake, wayah surup srngenge, wis tkan ing Panarukan. Sang Prabu nyare ana ing kono, ing wayah esuk, banyu ing bumbung diganda isih wangi, Sang Prabu mbanjurake tindake. Dina kaping telu : Barng wis wayah surup srngenge, tkan ing Bsuki, Sang Prabu uga nyare ana ing kono, esuke banyu ing bumbung diganda mundhak wangine, Dina kaping papat : Sang Prabu banjur nrusake tindake nganti wayah surup srngenge, tkan ing Prabalingga, ana ing kono uga nyare sawngi, esuke banyune ditiliki, banyune tawa isih enak, nanging munthuk, unthuke gandane arum, nanging mung kari sathithik, amarga krp diunjuk ana ing dalan, dene banyune sndhang barng ditiliki gandane dadi bangr, tumuli dibuwang. Sang Prabu banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: Prabalingga ing besuk jnnge loro, Prabalingga karo Bangrwarih, ing kene besuk dadi panggonan kanggo pakumpulane wong-wong kang padha ngudi kawruh kapintran lan kabatinan,

Prabalingga tgse prabawane wong Jawa kalingan prabawane tangga. Sang Prabu mbanjurake tindake, ing pitung dinane, wis tkan ing Ampelgadhing. Nyai Agng Ampelgadhing tumuli mthukake banjur ngabkti marang Sang Prabu karo muwun, sarta akeh-akeh ssambate. Sang Prabu banjur ngandika: Wis aja nangis ngger, mupusa yen kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu mangkene. Aku lan kowe mung sadarma nglakoni, kabeh llakon wis ditulis aneng lokhilmakful. Bgja cilaka ora kna disinggahi, nanging wajibe wong urip kudu kpengin mnyang ilmu. Nyai Agng Ampel banjur matur marang Sang Prabu, ngaturake patrape ingkang wayah Prabu Jimbun, kaya kang wis kasbut ing ngarp. Sang Prabu banjur dhawuh nimbali Prabu Jimbun. Nyai Ampel nuli utusan mnyang Dmak nggawa layang, satkane ing Dmak, layang wis katur marang Sang Prabu Jimbun, ora antara suwe Prabu Jimbun budhal sowan mnyang Ampel. Kacarita putra Nata ing Majapahit, kang aran Raden Bondhan Kajawan ing Tarub, mirng pawarta yen nagara Majapahit dibdhah Adipati Dmak, malah Sang Prabu lolos saka jroning pura, ora karuhan mnyang ngndi tindake, rumasa ora kapenak panggalihe, banjur tindak marang

Majapahit, tindake Raden Bondhan Kajawan namur kula, nungsung warta ing ngndi dununge ingkang rama, satkane Surabaya, mirng warta yen ingkang rama Sang Prabu tdhak ing Ampel, nanging banjur grah, Raden Bondhan Kajawan nuli sowan ngabkti. Sang Prabu ndangu: Sing ngabkti iki sapa? Raden Bondhan Kajawan matur yen panjnngane kang ngabkti. Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang putra, grahe Sang Prabu sangsaya mbatk, ngrumaosi yen wis arp kondur marang jaman kalanggngan, pangandikane marang Sunan Kalijaga mangkene: Sahid, nydhaka mrene, aku wis arp mulih marang jaman kalanggngan, kowe gaweya layang mnyang Pngging lan Pranaraga, mngko takwenehane tandha asta, wis padha narima rusake Majalngka, aja padha ngrbut kapraboningsun, kabeh mau wis karsane Kang Maha Suci, aja padha prang, mundhak gawe rudahing jagad, balik padha ngemana rusaking wadya-bala, sebaa marang Dmak, sapungkurku sing padha rukun, sapa sing miwiti ala, tak-suwun marang Kang maha Kuwasa, yudane apsa. Sunan Kalijaga banjur nyrat, sawise rampung banjur ditapak-astani dening sang Prabu, sabanjure diparingake marang Pngging lan Pranaraga.

Sang Prabu banjur ngandika: Sahid, sapungkurku kowe sing bisa momong marang anak putuku, aku titip bocah iki, saturun-turune mongn, manawa ana bgjane, besuk bocah iki kang bisa nurunake lajre tanah Jawa, lan maneh wkasku marang kowe, yen aku wis kondur marang jaman kalanggngan, sarekna ing Majapahit sa-lor-wetane sagaran, dene pasareyaningsun bakal sun-paringi jnng Sastrawulan, lan suwurna kang sumare ana ing kono yayi Raja Putri Cmpa, lan maneh wlingku, besuk anak-putuku aja nganti entuk liya bangsa, aja gawe senapati prang wong kang seje bangsa. Sunan Kalijaga sawise dipangandikani banjur matur: Punapa Sang Prabu botn paring idi dhatng ingkang putra Prabu Jimbun jumnngipun Nata wontn ing tanah Jawi? Sang Prabu ngandika: Sun-paringi idi, nanging mung mandhg tlung turunan. Sunan Kalijaga nyuwun sumurup mungguh tgse araning bakal pasareyane Sang Prabu. Sang Prabu ngandika: Sastra tgse tulis, Wulan tgse damaring jagad, tulise kuburku mung kaya gbyaring wulan, yen isih ana gbyaring wulan, ing tmbe buri, wong Jawa padha wruh yen sedaku wis ngrasuk agama Islam, mula tak-suwurake Putri Cmpa, amarga aku wis diwadonake si Patah, sarta wis ora dianggp priya, nganti kaya

mangkene siya-siyane marang aku, mulane nggonku mangni madge Ratu mung tlung turunan, amarga si Patah iku wiji tlu, Jawa, Cina lan raksasa, mula kolu marang bapa sarta rusuh tindake, mula wkasku, anak-putuku aja entuk seje bangsa, amarga sajroning sihsinihan di seje bangsa mau nganggo ngobahake agamane, bisaa ngapsake urip, mula aku paring piwling aja gawe senapati prang wong kang seje jinis, mundhak ngenthengake Gustine, ing sajroning mangun yuda, banjur mangro tingal, wis Sahid, kabeh pitungkasku, tulisn. Sang Prabu sawise paring pangandika mangkono, astane banjur sidhakp, trus seda, layone banjur disarekake ana ing astana Sastrawulan ing Majapahit, katlah nganti saprene kocape kang sumare ana ing kono iku Sang Putri Cmpa, dene mungguh satmne Putri Cmpa iku sedane ana ing Tuban, dununing pasareyan ana ing Karang Kumuning. Barng wis tlung dina saka sedane Sang Prabu Brawijaya, kacarita Sultan Bintara lagi rawuh ing Ampelgadhing sarta kapanggih Nyai Agng. Nyai Agng ngandika: Wis bgjane Prabu Jimbun ora nungkuli sedane ingkang rama, dadi ora bisa ngabkti sarta nyuwun idi nggone jumnng Nata, sarta nyuwun pangapura kabeh kaluputane kang wis klakon.

Prabu Jimbun ature marang Nyai Agng, iya mung mupus ppsthen, barang wis kbacut iya mung kudu dilakoni. Sultan Dmak ana ing Ampel tlung dina lagi kondur. Kacarita Adipati Pngging lan Pranaraga, iya iku Adipati Andayaningrat ing Pngging lan Bathara katong ing Pranaraga, wis padha mirng pawarta yen nagara Majapahit dibdhah Adipati Dmak, nanging nggone mbdhah sinamun sowan riyaya, dene ingkang rama Sang Prabu lan putra Raden Gugur lolos saka praja, ora karuhan jujuge ana ing ngndi, Adipati Pngging lan Adipati Pranaraga bangt dukane, mula banjur dhawuh ngundhangi para wadya sumdya nglurug prang marang Dmak, labuh bapa ngrbut praja, para wadya-bala wis rumanti ggamaning prang pupuh, mung kari budhale bae, kasaru tkane utusane Sang Prabu maringake layang. Adipati Pngging lan Adipati Pranaraga sawise tampa layang lan diwaos, layang banjur disungkmi kanthi bangt ing pamuwune lan bangt anjntung panggalihe, tansah gedheg-gedheg lan grng-grng, wajane krot-krot, surya katon abang kaya gni, lan kawiyos pangandikane sru, kang surasane nyupatani marang panjnngane dhewe, muga aja awet urip, mundhak nddawa wirang. Adipati sakarone padha puguh ora karsa sowan marang Dmak, amarga saka putking panggalihe banjur padha grah, ora antara lawas padha nmahi seda, dene kaol kang gaib, sedane Adipati

Pngging lan Adipati Pranaraga padha ditnung dening Sunan Giri, pamrihe supaya aja ngribdi ing tmbe buri. Mula carita bdhahe Majapahit iku mung dickak, ora satimbang karo gdhene nagara sarta ambane jajahane, amarga aran ambuka wwadining ratu, putra mungsuh bapa, yen dirasa satmne saru bangt. Mula carita bdhahe Majapahit sinmonan dening para pujangga wicaksana, mangkene pasmone: 1. Amarga saka kramate para Wali, krise Sunan Giri ditarik mtu tawone ngntupi wong Majapahit. 2. Sunan Cirbon badhonge mtu tikuse maewu-ewu, padha mangani sangu lan bkakas jaran, wong Majapahit bubar, amarga wruh akehing tikus. 3. Pthi saka Palembang ana satngahing paprangan dibukak mtu dhmite, wong Majapahit padha kagegeran amarga ditluh ing dhmit. 4. Sang Prabu Brawijaya sedane mekrad.

Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi marang muride kang aran Darmagandhul, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki: Kabeh mau mung pasmon, mungguh sanyatane, carita bdhahing Majapahit iku kaya kang tak-caritakake ing ngarp. Nagara Majapahit iku rak dudu barang kang gampang rusake, ewadene bisa rusak mung amarga dikritiki tikus. Lumrahe tawon iku bubar

amarga saka dipangan ing wong. Alas angkr akeh dhmite, bubaring dhmit yen alase dirusak dening wong, arp ditanduri. Nanging yen Majapahit rusake amarga saking tikus, tawon lan dhmit, sapa kang ngandl yen rusake Majapahit amarga tikus, tawon lan dhmit, iku pratandha yen wong mau ora landhp pikire, amarga carita kang mangkono mau kalbu aneh lan ora mulih ing nalar, ora cocog lair lan batine, mula mung kanggo pasmon, yen dilugokake jnnge ambukak wadine Majapahit, mula mung dipralambangi pasmon kang orang mulih karo nalare. Dene tgse pasmon mau mangkene: Tikus iku watake ikras-ikris, suwe-suwe yen diumbar banjur ngrbda, tgse: para ulama dhek samana, nalika lagi tkane nyuwun panguripan marang sang Prabu ing Majapahit, barng wis diparingi, piwalse ngrusak. Tawon iku nggawa madu kang rasane manis, ggamane ana ing silit, dene panggonane ana ing gowok utawa tala, tgse: maune tkane nganggo tmbung manis, wusana ngntup saka ing buri, dene tala tgse mntala ngrusak Majapahit, sapa kang ngrungu padha gawok. Dene dhmit diwadhahi pthi saka Palembang, barng dibukak muni jumglug, tgse: Palembang iku mlembang, iya iku ganti agama, pthi tgse wadhah kang brukut kanggo madhahi barang kang samar, dhmit tgse samar, rmit, rungsid, dhmit iku uga tukang nluh. Mungguh gnahe mangkene:

bdhahe nagara Majapahit sarana ditluh kalayan primpn lan samar, nalika arp pambdhahe ora ana rmbag apa-apa, samudanane mung sowan garbgan, dadi dikagetake, mula wong Majapahit ora sikp ggaman prang, wruh-wruh Adipati Trung wis ambantu Adipati Dmak. Kuna-kunane ora ana praja gdhe kaya Majapahit bdhahe mung saka dintup ing tawon sarta dikritiki ing tikus bae, apa dene bubare wong sapraja mung saka ditluh ing dhmit. Bdhahe Majapahit swarane jumgur, kprungu saka ing ngndi-ndi nagara, yen bdhahe saka bindhah dening putra, iya iku Wali wolu utawa Sunan wolu kang padha dimmule wong Jawa, sangane Adipati Dmak, kabeh mau padha mbalela mbalik. Banjure maneh pangandikane kiyai Kalamwadi: Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi, sadurunge Majapahit bdhah, manuk kuntul iku durung ana kang nganggo kucir, barng nagara wis ngalih marang Dmak, kahanan ing dunya nuli malih, banjur ana manuk kuntul nganggo kucir. Prabu Brawijaya sinmonan ing gaib: kbo kombang atine ntek dimangsa tuma kinjir, kbo tgse ratu sugih, kombang tgse mnng swarane kang mbrngngng, iya iku Prabu Brawijaya panggalihe tlas nalika bdhahe Majapahit, kajaba mung kendl grng-grng bae,

ora karsa nglawan prang, dene tuma kijir iku tumane celeng, tuma tgse tuman, celeng iku iya aran andhapan, iya iku Raden Patah nalika tkane ana ing Majapahit sumungkm marang ingkang rama Sang Prabu, ing wktu iku banjur diparingi pangkat, tgse oleh ati saka Sang Prabu, wusana banjur mukul prang ngrbut nagara, ora ngetung bnr utawa luput, nganti ngntekake panggalihe Sang Prabu. Dene kuntul nganggo kucir iku pasmone Sultan Dmak, nggone nyri-nyri marang ingkang rama Sang Prabu, dumeh agamane Buddha kawak kapir kupur, mulane Gusti Allah paring pasmon, githok kuntul kinuciran, tgse: tolehn githokmu, ibumu Putri Cina, ora kna nyri-nyri marang wong seje bangsa, Sang Prabu Jimbun iku wiji tlu, purwane Jawa, iya iku Sang Prabu Brawijaya, mula Sang Prabu Jimbun gdhe panggalihe melik jumnng Nata, mulane melik nggal sugih, amarga katarik saka ibune, dene nggone kndl nanging tanpa duga iku saka wijine Sang Arja Damar, amarga Arja Damar iku ibune putri raksasa, snng yen ngokop gtih, pambkane siya, mula ana kuntul nganggo kucir iku wis karsaning Allah, ora mung Sunan Dmak dhewe bae kang didhawuhi ngrumasani kaluputane, nanging sanadyan para Wali liyane uga didhawuhi ngrumasani, yen ora padha glm ngrumasani kaluputane, dosane lair batin, mula jnnge Wali ditgsi Walikan: dibciki mals ngalani.

Dene anane bangsa Cina padha nnka ana ing tanah Jawa iku ddongengane mangkene: Jare, dhek jaman kuna, nalika santri Jawa durung akeh kawruhe, sawise padha mati, suksmane akeh kang katut angin banjur thukul ana ing tanah China, mula saiki banjur padha bali mulih marang tanah Jawa, dadi suksmane bangsa mau, iku mau-maune iya akeh kang suksma Jawa. Darmagandhul matur: kiyai! Kang agama Srani iku kang kaya apa? diarani

Kiyai Kalamwadi banjur nrangake: Kang diarani agama Srani iku tgse sranane ngabkti: tmntmn ngabkti marang Pangeran, ora nganggo nmbah brahala, mung nmbah marang Allah, mula sbutane Gusti Kanjng Nabi Isa iku Putrane Allah, awit Allah kang mujudake, mangkono kang kasbut ing kitab Anbiya. Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi. Sultan Dmak waskitha ing gaib, rumaos kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula banjur ngrumaosi kabeh kaluputane, nuli sowan anddagan ana ing pasareyane ingkang rama, barng wis antara tlung dina lawase, kaprnah pusring kuburan tanpa sangkan thukul wit-witan warna papat, siji warnane irng smu abang dalah godhong sarta kmbange, loro wit sarta kmbange putih godhonge sdhngan, tlu wit kang godhonge ngrmbuyut mubng kaya payung, papat wit kang

godhonge lmbut sarta mawa ri, lan wktu iku sajroning pasareyane Sang Prabu kprungu ana swara dumling, mangkene ujaring swara: ntek katrsnanku marang anak. Den enak mangan turu. Ana gajah digtak kaya kucing, sanajan matiya ing tata-kalairane, nanging lah eling-elingn ing besuk, yen wis agama kawruh, ing tmbe bakal tak-wals, tak-ajar wruh ing nalar bnr lan luput, pranatane mngku praja, mangan babi kaya dhek jaman Majapahit. Sultan Dmak mirng swara dumling kang surasane mangkono iku, ing batos bangt kaduwung marang apa kang wis dilampahi, mula nganti suwe njgrg ora bisa ngandika, ngrumaosi klirune dene nuruti rmbuge para Sunan kabeh, nganti wani mungsuh ingkang rama sarta ngrusak Majapahit. Iya wiwit titi masa iku anane wit-witan warna papat kang padha thukul ana ing kuburan, dadi pasmon kabeh, iya iku Tlasih, Smboja, Turugajah lan Gtakkucing. Mula nganti tumka saprene wit Smboja panggonane ana ing kuburan, kmbang Tlasih kanggo ngirim para lluhur, godonge Gtakkucing yen kasenggol banjur obah, godhonge uga banjur mingkup kaya dene godhong Gtakkucing. Sawise mangkono, Sultan Dmak banjur kondur, sakondure saka pasareyane ingkang rama, bangt panalangsane ing dalm batos, tansah ngrumaosi ing kalpatane.

Sunan Kalijaga uga waskitha ing gaib yen sinmonan dening Kang Maha Kuwasa, mula uga bangt panalangsane sarta ngrumaosi kaluputane, mula banjur mangagm sarwa wulung, beda karo para Wali liyane isih padha manganggo sarwa putih. Kabeh mau ora padha ngrumasani kaluputane, mung Sunan Kalijaga piyambak rumaos yen kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula bangt mrtobate, wasana banjur pinaringan pangapura dening Allah, sinmonan wiwit anane orong-orong githoke tumka ing punuk dissli tataling kayu jati, mungguh karpe: punukmu panakna, sajatining ilmu iku ora susah maguru marang wong Arab, ilmuning Gusti Allah wis ana ing githokmu dhewedhewe,wujude puji thok, nanging dudu puji jatining kawruh, kang ngawruhi sajatining urip, urip dadi wayangan Dzating Pangeran, manusa bisa apa, mobah mosik mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake, sabda iku mtu saka ing karp, karp mtu saka ing budi, budi iku Dzate Kang Maha Agung, agung iku wis samkta, tanpa kurang tan wuwuh, tanpa luwih sarta ora arah ora nggon. Kiyai kalamwadi nutugake caritane: Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi mangkene: mungguh kang katarima, muji marang Allah iku, iku sindhenan Dharudhmble. Tmbung dhar iku tgse wudhar, ru iku tgse ruwt sulit lan rungsit, dene dhmble tgse dhmbel dadi siji, yen wis sumurup tpunge sarat sariat tarekat hakekat lan marifat, iku mau wis muji tanpa ngucap, sarak iku sarate ngaurip, iya iku nampik milih iktiyar lan

manggaota, sariat iku saringane kawruh agal alus, tarekat iku kang nimbang lan nandhing bnr lan luput, hakekat iku wujud, wujud karsaning Allah, kang ngobahake sarta ngosikake rasane budi, wruh ora kasamaran ing sawiji-wiji. Yen kowe wis ngrti marang tgse Dharudhmble, msthi wis marm marang kawruhmu dhewe. Mangan woh kawruh lan budi, smbahe kaya wsi kang dilabuh ana ing gni ilang abange mung rupa siji, kang muji lan kang dipuji wis nunggal dadi sawiji, dhmble wujud siji. Yen kowe wis bisangawruhi surasane kang tak-kandhakake iki, jnnge munajad. Saupama wong nulup manuk, yen ra wruh prnahe manuke, masa knaa, nggone nulup mung ngawur. Yen kawruhe wong pintr ora angel yen disawang, mtune saka ing utk. Darmagandhul matur, nyuwun ditrangake bab nggone Nabi Adam lan Babu Kawa padha ksiku dening Pangeran, sabab saka nggone padha dhahar wohe kayu Kawruh kang ditandur ana satngahing taman Pirdus. Ana maneh kitab kang nrangake, kang didhahar Nabi Adam lan Babu Kawa iku woh Kuldi, kang ditandur ana ing swarga. Mula nyuwun trange, yen ing kitab Jawa caritane kapriye, kang nybutake kok mung kitab Arab lan kitabe wong Srani. Kiyai Kalamwadi banjur nrangake, yen kitabe wong Jawa ora nybutake bab mangkono iku, dene Sajarah Jawa iya ana kang nybutake turun Adam, iya kitab Manik Maya.

Kiyai Kalamwadi banjur ngandhakake: Sawise buku-buku pathokan agama Buddha diobongi, amarga mundhak ngrribdi agama Rasul, sanadyan buku kang padha disimpni dening para wadya, iya dipundhut banjur diobongi, nalika sabdhahe Majapahit, sapa kang durung glm nganggo agama Islam banjur dijarah rajah, mula wong-wong ing kono padha wdi marang wisesaning Ratu. Dene wong-wong kang wis padha glm salin agama Rasul, banjur padha diganjar pangkat utawa bumi sarta ora padha nyangga pajg, mulane wong-wong ing Majapahit banjur padha ngrasuk agama Islam, amarga padha melik ganjaran. Ing wktu iku Sunan Kalijaga, kagungan panggalih, caritane lluhure supaya aja nganti pdhot, banjur iyasa wayang, kanggo gantine kitab-kitab kuna kang wis padha diobongi. Ratu Mataram uga mangun carita sajarahe para lluhur Jawa, buku-buku sakarine, kang isih padha disimpn uga padha dipundhut kabeh, nanging wis padha amoh, Sang Nata ing Mataram andangu para wadya, nanging wis padha ora mnangi, wiwit Kraton Gilingwsi nganti tumka Mataram wis ora kasumurupan caritane, buku-buku asli saka ing Dmak lan Pajang padha dipriksa, nanging tinmu tulisan Arab, kitab Pkih lan Tajusalatina apa dene Surya-Alam kang kanggo pikukuh, mula Sang Prabu ing Mataram kewran panggalihe nggone kagungan karsa iyasa babad carita tanah Jawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang para pujangga, andikakake padha gawe

layang Babad Tanah Jawa, ananging sarehne kang gawe Babad mau ora ngmungake wong siji bae, mula ora bisa padha gaweyane, kang dinggo pathokan layang Lokapala, mungguh caritane kaya kang kasbut ing ngisor iki. Wayahe Nabi Adam iya iku putrane Nabi Sis, arane Sayid Anwar. Sayid Anwar didukani ingkang rama lan ingkang eyang, amarga wani- wani mangan wohe wit kayu Budi sngkrane Pangeran kang tinandur ana ing swarga. Ciptane Sayid Anwar supaya kuwasane bisa ngiribi kaya dene kuwasane Pangeran, ora narima yen mung mangan who Kawruh lan woh Kuldi bae, nanging wohe kayu Budi kang disuwun. Sayid Anwar miwiti yasa sarengat dhewe, ora karsa ngagm agamane ingkang rama lan ingkang eyang, dadi murtat sarta nampik agamane lluhure, mangkono uga karsa ngakoni yen turune Adam sarta Sis, pangraose Sayid Anwar iku dadi saka dadine piyambak, mung waranane bae saka Adam lan Sis, dadine saka budi hawaning Pangeran. nggone Kagungan pamanggih mangkono mau diantpi bangt, jalaran mangkene: asal suwung mulih marang spi, bali marang asale maneh. Sarehne Sayid Anwar banjur lunga nuruti karping atine, lakune mangetan nganti tumka ing tanah Dewani, ana ing kono banjur ktmu karo ratuning jin arane Prabu Nuradi, Sayid Anwar ditakoni iya banjur ngandharake llakone kabeh, wusanane Sayid Anwar dipek mantu sarta dipasrahi kaprabon, ngratoni para jin, jjuluk Prabu Nurcahya, wiwit jumnnge Prabu

Nurcahya, jnnge nagara banjur dilih dadi aran nagara Jawa. Misuwure, kang jumnng Nata, Jawa jawi ngrti kawruh agal alus. Sawise iku Sang Prabu banjur nganggit sastra mung salikur aksara, saucaping wong Jawa bisa kaucap, dijnngake Sastra Endra Prawata. Tmbung Jawa, ditgsi: nguja hawa, karsane Sang Prabu: bisaa rowa, saturun-turune bisaa jumnng Nata mngkoni tanah Jawa. Sang Prabu putrane siji pparab Sang Hyang Nurrasa, uga dhaup karo putri jin putrane mung siji iya iku Sang Hyang Wnang. Sang Hyang Wnang uga dhaup karo putri jin, dene putrane uga mung siji kakung pparab Sang Hyang Tunggal, krama oleh putri jin. Sang Hyang Tunggal pputra Sang Hyang Guru, kabeh mau turune Sang Hyang Nurcahya, kang padha didhahar woh wit kayu Budi. Sang Hyang Guru kagungan pangraos yen kuwasane padha karo Gusti Allah, mula banjur iyasa kadhaton ana pucaking Mahameru, sarta ngakoni yen purwaning dumadi mtune asal saka budi hawa npsu. Aran Dewa ngaku misesani mujudake sipat roh, agamane Buddha budi, mangeran digdayane sarta ngaku Gusti Allah. Sdya kang mangkono mau iya diideni dening Kang Maha Kuwasa, sarta kalilan nimbangi jasane Kang Maha Kuwasa. Dewa iku wrdine ana loro tgse: budi hawa, sarta: wadi dawa, mulane agamane Buddha. Sbutan Dewi: tgse: dening wadining wadon iku bisa ngtokake ndhas bocah.

Darmagandhul didhawuhi nimbang mungguh kang bnr kang ndi, mangan woh wit kayu Kawruh, apa wit kayu Budi, apa woh wit Kuldi? Saka panimbange Darmagandhul, kabeh iku iya bnr, snngan salah siji ndi kang disnngi, diantpi salah siji aja nganti luput. Yen kang dipangan woh wit kayu Budi, agamane Buddha budi, panybute marang Dewa; manawa mangan woh wit kawruh, pnybute marang Kangjng Nabi Isa, agamane srani, yen snng mangan woh wit kayu Kuldi, agamane Islam, sambate marang nabi panutan; iya iku Gusti Kangjng Nabi Rasul; dene yen dhmn Godhong Kawruh Godhong Budi, panmbahe marang Pikkong, sarta manut sarake Sisingbing lan Sicim; salah sijine aja nganti luput. Yen bisa woh-wohan warna tlu iku mau iya dipangan kabeh, yen wong ora mangan salah sijine woh mau, msthine banjur dadi wong bodho, uripe kaya watu ora duwe kkarpan lan ora mangrti marang ala bcik. Dene mungguh bcike wong urip iku mung kudu manut marang apa alame bae, dadi ora aran siya-siya marang uripe, yen Kalifah dhahar woh Budi, iya melu mangan woh Budi, yen Kalifah dhahar woh kawruh, iya melu mangan woh kawruh, yen kalifah dhahar woh Kuldi, iya melu mangan woh Kuldi. Dene prakara bnr utawa lupute, iku Kalifah kang bakal tanggung. Sarehne dinut wong akeh, dadi Panutan kudu kang bnr, amarga wong dadi Panutan iku saupama ttuwuhan minangka wit-e. Yen wong ora glm manut marang kang bnre kudu dinut, iku kaya dene iwak kang mtu

saka ing banyu. Saupama woh ora glm nempel wit, msthi dadi glundhungan kang tanpa dunung. Awit saka iku, mulane wong iku kudu ngelingi marang agamane kang nurunake, amarga sanadyan saupama ana salahe, Gusti Allah msthi paring pangapura. Darmagandhul matur nyuwun trange agama Rasul lan liya-liyane, mungguh kang dadi bedane apa? Kiyai Kalamwadi banjur nrangake beda-bedane, yen saka dhawuhe kang Maha Kuwasa, manusa didhawuhi muja marang agamane. Nanging banjur akeh kang kliru muja marang barang kang katon, kaya ta buku, kitab, kris, tumbak, utawa liya-liyane barang. Kang kaya mangkono mau ngrusakake agama, amarga banjur mangeran marang wujud, satmah lali marang Pangerane, amarga maro tingal marang barang rrupan. Wong urip iku kudu duwe gondhelan agama, amarga yen ora duwe agama msthi duwe dosa, mung bae dosane mau ana kang sathithik lan ana kang akeh. Dene kang bisa nyirnakake (nyudakake) dosa iku, mung banyu suci, iya iku tekad suci lair batin. Kang diarani banyu tekad suci iku kang ning, iya iku minangka aduse manusa, bisa ngrsiki lair batine. Yen wong luwih, ora ngarp-arp munggah swarga, kang digoleki bisaa nikmat mulya punjula saka sapadhane, aja nganti nmu sangsara, bisaa duwe jnng kang bcik, sinbut kang utama, bisaa nikmat badan lan atine, mulya kaya maune, kaya nalika isih ana ing alam samar, ora duwe susah lan prihatin. Lawang swarga iku prlu dirsiki, dirngga

ing tekad kang utama, supaya aja ngrribdi ana ing donyane, bisaa slamt lair batine. Kang diarani lawang swarga lan lawang nraka iku, pancadan kang tumuju marang kabgjan utawa kacilakan. Yen bcik narik raharja, yen ala ngundhuh cilaka, mula pangucap kang ala, msthi mlbu yomani. Yen bcik, bisa tampa ganjaran. Darmagandhul matur maneh, nyuwun trange, manusa ing dunya wujude mung lanang lan wadon, dadine kok banjur warna-warna, ana Jawa, Arab, Walanda lan Cina. Dene sastrane kok uga beda-beda. Iku maune kpriye, dalah tgse sarta cacahing aksarane kok uga bedabeda. Geneya kok ora nganggo aksara warna siji bae? Kyai Kalamwadi banjur nrangake, yen kabehkabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa. Mula aksarane digawe beda-beda, supaya para kawulane padha mangan woh wit kayu Budi lan woh wit kayu Kawruh, amarga manusa diparingi wahyu kaelingan, bisa mthik woh Kawruh lan woh Budi, pamthike sapira sagaduke. Gusti Allah uga iyasa sastra, nanging sastrane nglimputi ing jro, lan manut wujud, iya iku kang diarani sastra urip, manusa ora bisa anggayuh, sanadyan para Auliya sarta para Nabi nggone nggayuh iya mung sagaduke. Woh wit Kawruh lan woh wit Budi ditandhani nganggo sipat wujud, dicorek ana ing dluwang, nganggo mangsi supaya wong bisa wruh, mula jnnge dalwang, tgse mtu wangune,

mangsi tgse mangsit, dadi yen dalwang ditrapi mangsi, msthi banjur mtu wangune, mangsit mangan kawruh, mula jnng kalam, amarga kawruhe anggawa alam. Sastra warna-warna paringe kang Maha-Kuwasa, iku wajib dipangan, supaya sugih pangrten lan kaelingan, mung wong kang ora ngrti sastra paringe Gusti Allah, msthi ora mangrti marang wangsit. Auliya Gong Cu kumnthus niru sastra tulisan paringe Gusti allah, nanging panggawene ora bisa, sastrane unine kurang, dadi pelon, para Auliya panggawene sastra dipathoki cacahe, mung aksara Cina kang akeh bangt cacahe, nanging unine pelo, amarga Auliya kang nganggit ksusu mangan woh Kawruh, ing mangka iya kudu mangan woh wit kayu Budi. Auliya mau lali yen tinitah dadi manusa. Ewadene mksa nganggo kuwasane Kang Maha Kuwasa, anggayuh kang dudu wajibe, ksusu tampa panglulu nganggit sastra kang nganti tanpa etungan cacahe, jnnge sastra godhong. Godhonge wit Budi lan wit Kawruh, dipthik saka sathithik, ditata dikumpulake, banjur dianggit kanggo sastra, mulane aksarane nganti ewon. Auliya Cina ksiku, amarga arp gawe sastra urip kaya yasane Gusti Allah. Auliya Jawa nggone mangan woh wit kayu Budi nganti warg, mula nggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Auliya Arab nggone mangan woh wit kayu Kuldi akeh bangt. Dene nggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Nanging yen sastra yasane Gusti Allah, dadine saka sabda, wujude dadi

dhewe, mulane unine iya ctha, sastrane ora ana kang padha. Darmagandhul banjur didhawuhi nimbang, mungguh anggitane para Auliya kabeh mau kang mratandhani asor luhuring budine kang ndi? Saka panimbange Darmagandhul, kabeh mau iya bnr, nanging anggr mtu saka budi. Dene kang gawe aksara mung sathithik, nanging wis bisa nyukupi, iku mratandhani yen luwih pintr tinimbang karo liya-liyane. Kiyai Kalamwadi ngandika: Yen manusa arp wruh sastrane Gusti Allah, tulisan mau ora kna ditonton nganggo mripat lair kudu ditonton nganggo mripat batin. Yen mangkono iya bisa katon, Gusti Allah iku mung sawiji, nanging Dzate nyarambahi sakabehing wujud. Yen ndlng kudu nganggo ati kang bning, ora kna kacampuran pikiran kang warna-warna, sarta kudu kang mlng nggone mawas, supaya ora bisa kliru karo kanyatane. Kiyai Kalamwadi lnggah diadhp garwane aran Endhang Prjiwati. Darmagandhul sarta para cantrik iya padha marak. Kiyai Kalamwadi paring piwulang marang garwane, dadi ntpi jnnge priya kudu mulang muruk marang rabine. Dene kang diwulangake, bab kawruh kasunyatan sarta kawruh kang kanggo yen wis tumka ing pati, ing

wong ssomahan iku. Kang wadon diupamakake omah, sanadyan kahanane wis sarwa bcik. Nanging sabn dinane isih kudu dipiyara lan didandani. Saka pangandikane Kiayi Kalamwadi, wong iku yen dipitakoni, satmne ragane wis bisa mangsuli, sabab ing kono wis ana pangandikane Gusti Allah paring piwulang, nanging ora mtu ing lesan, mung paring sasmita kang wis ditulis ana saranduning badan sakojur. Pangandikane kiyai Kalamwadi: Sarehne aku iku wong cubluk, dadi ora bisa aweh piwulang kang endah, aku mung arp pitakon marang ragamu, amarga ragamu iku wis bisa sumaur dhewe. Banjure pangandika kiyai Kalamwadi kaya ing ngisor iki. Tanganmu kiwa iku wis anggawa tgs dhewe, lan wis dadi piwulang kang bcik lan nyata, kang anuduhake yen ragamu iku wujude kiwa, mung hawa kang katon. Tmbung ki: iku tgse iki, wa: tgse wwadhah, ragamu iku diibaratake prau, prau dadi ibarate wong wadon, wong tgse nglowong, wadon tgse mung dadi wadhah, dene isine mung tlung prakara, iya iku: kar-ri-cis. Yen prau wis isi tlung prakara iku, wong wadon wis kcukup butuhe, dadi ora goreh atine. Dene tgse kar-ri-cis iku mangkene.

1. Kar, tgse dakar, iya iku yen wong lanang wis bisa ntpi lanange, msthi wong wadon

atine marm, wusanane dadi nmu slamt nggone jjdhowan. 2. Ri, tgse pari, iya iku kang minangka pangane wong wadon, yen wong lanang wis bisa nyukupi pangane, msthi wong wadon bisa tntrm ora goreh. 3. Cis, tgse picis, utawa dhuwit, ya iku yen wong lanang wis bisa aweh dhuwit kang nyukupi, msthi wong wadon bisa tntrm, tak baleni maneh, cis tgse bisa goreh atine.

Kosok baline yen wong lanang ora bisa aweh momotan tlung prakara mau, wong wadon bisa goreh atine. Tangan tngn tgse etungn panggawemu, sabn dina sudiya, sanggup dadi kongkonan, wong wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang lanang anggone golek sandhang pangan. Bau tgse kanthi, gnahe wong wadon iku dadi kanthine wong lanang, tumrap nindakake samubarang kang prlu. Sikut tgse singkurn sakehing panggawe kang luput. Ugl-ugl tgse sanadyan tukar padu, nanging yen isih padha trsnane iya ora bisa pdhot. Epek-epek tgse ngpek-ngpek jnnge kang lanang, awit wong wadon iku yen wis laki, jnnge banjur melu jnnge kang lanang. Iya iku

kang diarani warangka manjing curiga, warangkane wanita, curigane jnnge wong lanang. Rajah (ing epek-epek) tgse wong wadon iku panganggpe marang guru-lakine dikaya dene panganggpe marang raja. Driji tgse drjg utawa pagr, iya iku idrana jiwamu nganggo pagr kautaman, wanita iku kudu andarbeni ambk kang utama, dene driji kabeh mau ana tgse dhewe-dhewe. Jmpol tgse mpol, yen wanita dikarsakake dening priyane, iku kang gampang gtas rnyah kaya dene mpoling klapa. Driji panuduh tgse wanita nglakonana apa sapituduhe kang priya. Driji panunggul, tgse wanita wajib ngunggulake marang priyane, supaya nyupangati bcik. Driji manis, tgse wanita kudu duwe pasmon utawa polatan kang manis, wicarane kudu kang manis lan prasaja. Jnthik, tgse wong wadon iku panguwasane mung sapara limane wong lanang, mula kudu stya tuhu marang priyane. Kuku tgse nggone rumksa marang wadi, paribasane aja nganti kndho tapihe.

Mungguh pikikuhe wong jjodhowan iku, wanita kudu stya marang lakine sarta nglakoni patang prakara, iya iku: pawon, paturon, pangrksa, apa dene kudu nyingkiri padudon. Wong jjodhowan yen wis ntpi kaya piwulang iki, msthi bisa slamt sarta akeh tntrme. Kiyai Kalamwadi banjur paring pangandika maneh, dene kang dipangandikakake bab pikukuhe wong jjodhowan. Saka pangandikane kiyai Kalamwadi, wong jjodhowan iku pikukuhe kudu duwe ati eling, aja nganti tumindak kang ora bnr. Mungguh pikukuhe wong laki-rabi iku, dudu dunya lan dudu rupa, pikukuhe mung ati eling. Wong jjodhowan, yen gampang luwih gampang, nanging yen angel, angele ngluwihi. Wong jjodhowan itu luput pisan kna pisan, yen wis luput, ora kna tinambak ing rajabrana lan rupa. Wanita kudu tansah eling yen winngku ing priya, yen nganti ora eling, lupute banjur ngambra-ambra, amargi yen wanita nganti cidra, iku ugi ngilangake Pangerane wong jjodhowan, dene kang diarani cidra iku ora mung jina bae, nanging samubarang kang ora prasaja iya diarani cidra, mula wanita kudu prasaja lair batine, amarga yen ora mangkono bakal nandhang dosa rong prakara, kang sapisan dosa marang kang lanang, kapindhone dosa marang Gusti Allah, kang mangkono iku msthi ora bisa nmu llakon kang kapenak. Mula ati, kudu tansah eling, amarga tumindaking badan mung manut karping ati, awit

ati iku dadi ratuning badan. Wong jjodhowan diibaratake prau kang gdhe, lakuning prau manut satang lan kmudhine, sanadyan satange bnr, yen kmudhine salah, prau ora bcik lakune. Wong lanang iku lakuning satang, dene kang wadon ngmudheni, sanadyan bcik nggone ngmudheni, nanging yen kang nyatang ora bnr, lakune prau iya ora bisa jjg, sarta bisa tkan kang disdya, amarga kang padha nglakokake padha karpe, dadi tgse, wong jjodhowan, kudu padha karpe, mula kudu rukun, rukun iku gawe karaharjan sarta mahanani katntrman, ora ngmungake wong jjodhowan kang rukun bae, kang oleh katntrmaning ati, sanadyan tangga tparone iya melu tntrm, mula wong rukun iku bcik bangt. Kowe tak-pituturi, mungguh dalane kamulyan iku ana patang prakara: 1. 2. 3. 4. Mulya saka jnng. Mulya saka bandha. Mulya saka sugih ilmu. Mulya saka kawignyan.

Kang diarani mulya saka jnng, iku wong kang utama, bisa oleh kabgjan kang gdhe, nanging kabgjane mau ora mung kanggo awake dhewe, kapenake uga kanggo wong akeh liyane. Dene kang mulya saka ing bandha, lan mulya saka nggone sugih ilmu, lan mulya saka kapintran, iku ana ngndi bae, iya akeh rgane.

Mungguh dalane kasangsaran uga ana patang prakara: 1. Rusaking ati, manusa iku yen pikire rusak, ragane msthi iya melu rusak. 2. Rusaking raga, iya iku wong lara. 3. Rusaking jnng, iya iku wong mlarat. 4. Rusaking budi, iya iku wong bodho, cupt budine, wong bodho lumrahe gampang npsune.

Kang diarani tampa kanugrahing Gusti Allah, iya iku wong kang sgr kawarasan sarta kacukupan, apa dene tntrm atine. Wong urip kang kpengin bisaa dadi wong utama, duweya jnng kang bcik, kanggo ttuladhan marang wong kang padha ditinggal ing tmbene. Ki Darmagandhul matur lang nyuwun ditrangake bab anane wong ing jaman kuna karo wong ing jaman saiki, iku satmne pintr kang ndi, amarga wong akeh panmune warna-warna tumrape bab iku. Pangandikane kiyai Kalamwadi: Wong kuna lan wong saiki, iku satmne iya padha pintre, mung bae tumrape wong ing jaman kuna, akeh kang durung bisa mujudake kapintrane, mula katone banjur kaya dene ora pintr. Ana dene wong ing

jaman saiki nggone katon luwih pintr iku amarga bisa mujudake kapintrane. Wong ing jaman kuna kapintrane iya wis akeh, dene kang mujudake iya iku wong ing jaman saiki. Saupama ora ana kapintrane wong ing jaman kuna, msthi bae tumrape wong ing jaman saiki ora ana kang kanggo ttuladhan, amarga kahanan saiki iya akeh kang nganggo kupiya kahanan ing jaman kuna. Wong ing jaman saiki ngowahi kahanan kang wis ana, ndi kang kurang bcik banjur dibcikake. Wong ing jaman saiki ora ana kang bisa nganggit sastra, yen manusa iku rumasa pintr, iku tgse ora rumasa yen kawula, mangka uripe manusa mung sadarma nglakoni, mung sadarma nganggo raga, dene mobah mosik, wis ana kang murba. Yen kowe arp wruh wong kang pintr tmnan, dununge ana wong wadon kang nutu sabn dina, tampahe diiseni gabah banjur diubngake sadhela, gabah kang ana kabur kabeh, sawise, banjur dadi bedabeda, awujud bras mnir sarta gabah, nuli mung kari ngupuki bae, sabanjure dipilah-pilah. Tgse: bras yen arp diolah kudu dirsiki dhisik, miturut kaya karpe kang arp olah-olah. Yen kowe bisa mangreh marang manusa, kaya dene wong wadon kang nutu mau, nggone nyilah-nyilahake bras aneng tampah, kowe pancen wong linuwih, nanging kang mangkono mau dudu kawadjibanmu, awit iku dadi kawajibane para Raja, kang misesa marang kawulane. Dene kowe, mung wajib mangrti tataning praja supaya uripmu aja kongsi dikul dening sapadhaning manusa, uripmu dadi bisa slamt, kowe bakal dadi ttuwa, kna kanggo

pitakonan tumraping para mudha bab pratikle wong ngawula ing praja. Mula wlingku marang kowe, kowe aja pisan- pisan ngaku pintr, amarga kang mangkono mau dudu wajibing manusa, yen ngrumasani pintr, mundhak ksiku marang Kang Maha Kuwasa, kaelokane Gusti Allah, ora kna ginayuh ing manusa, ngrumasanana yen wong urip iku mung sadarma, ana wong pintr isih kalah pintr karo wong pintr liyane, utawa uga ana wong pintr bisa kasoran karo wong kompra, bodho pintring manusa iku saka karsane Kang Maha Kuwasa, manusa anduweni apa, bisane apa, mung digadhuhi sadhela dening Kang Maha Kuwasa, yen wis dipundhut, kabeh mau bisa ilang sanalika, saka kalangkungane Gusti Allah, yen kabeh mau kapundhut banjur diparingake marang wong kompra, wong kompra banjur duwe kaluwihan kang ngungkuli kaluwihane wong pintr. Mula wlingku marang kowe, ngupayaa kawruh kang nyata, iya iku kawruh kang gandheng karo kamuksan. Ki Darmagandhul banjur matur maneh, nyuwun trange bab tilase kraton Kdhiri, iya iku kratone Sang Prabu Jayabaya. Kiyai Kalamwadi ngandika: Sang Prabu Jayabaya ora jumnng ana ing Kdhiri, dene kratone ana ing Daha, kaprnah sawetane kali Brantas. Dene yen Kdhiri prnahe ana sakuloning kali Brantas lan sawetaning gunung Wilis, ana ing desa Klotok, ing kono iku ana bata putih, iya iku patilasane Sri Pujaningrat. Dene yen patilasane Sri Jayabaya ika ana ing daha, saikine jnnge desa Mnang, patilasane kadhaton wis ora

katon, amarga kurugan ing lmah lahar saka gunung Klut, patilasan-patilasan mau wis ilang kabeh, pasanggrahan Wanacatur lan taman Bagendhawati uga wis sirna, dene pasanggrahan Sabda, kadhatone Ratu Pagdhongan uga wis sirna. Kang isih mung rca yasane Sri Jayabaya, iya iku candhi Prudhung, Tgalwangi, prnahe ing sa-lor-wetane desa Mnang, lan rca buta wadon, iya iku rca kang diputung tangane dening Sunan Benang nalika llana mnyang Kdhiri, rca mau lungguhe madhp mangulon, ana maneh rca jaran awak siji ndhase loro, panggonane ana ing desa Bogm, wwngkon dhistrik Sukarja, mula Sri Jayabaya yasa rca, mangkene caritane, (kaya kang kapratelakake ing ngisor ini). Ing Lodhaya ana buta wadon ngunggah-unggahi Sang Prabu Jayabaya, nanging durung nganti katur ing ngarsa Prabu, buta wadon wis dirampog dening wadya cilik-cilik, buta wadon banjur ambruk, nanging durung mati, barng ditakoni, lagi waleh yen sumdya ngunggah-unggahi Sang Prabu. Sang Prabu banjur mriksani putri buta mau, barng didangu iya matur kang dadi sdyane. Sang Prabu banjur paring pangandika mangkene: Buta! andadekna sumurupmu, karsaning Dewa Kang Linuwih, aku iku dudu jodhomu, kowe dak-tuturi, besuk sapungkurku, kulon kene bakal ana Ratu, nagarane ing Prambanan, iku kang pinasthi dadi jodhomu, nanging kowe aja wujud mangkono, wujuda manusa, aran Rara Jonggrang.

Sawise dipangandikani mangkono, putri buta banjur mati. Sang Prabu banjur paring pangandika marang para wadya, supaya desa ing ngndi papan matine putri buta mau dijnngake desa Gumuruh. (11) Ora antara suwe Sri Jayabaya banjur jasa rca ana ing desa Bogm. Rca mau wujud jaran lagaran awak siji ndhase loro, kiwa tngn dilareni. Patihe Sang Prabu kang aran Buta Locaya sarta Senapatine kang aran Tunggulwulung padha matur marang sang Prabu, kang surasane nyuwun mitrang kang dadi karsa-Nata, nggone Sang Prabu yasa rca mangkono mau, apa mungguh kang dadi karsane. Sang Prabu banjur paring pangandika, yen nggone yasa rca kang mangkono itu prlu kanggo pasmon ing besuk, sapa kang wruh marang wujude rca iku msthi banjur padha mangrti kang dadi tekade wong wadon ing jaman besuk, yen wis jaman Nusa Srnggi. Bogm tgse wadhah bangsa rtna-rtna kang adi, tgse wanita iku bangsa wadhah kang winadi. Laren (12) kang ngubngi jaran tgse iya sngkran. Dene jaran sngkran iya iku ngibaratake wong wadon kang disngkr. Sirah loro iku dadi pasmone wong wadon ing jaman besuk, kang akeh padha mangro tingal, sanadyan ora kurang ing panjagane, iya bisa cidra, lagaran, iku tgse tunggangan kang tanpa piranti. Ing jaman besuk, kang klumrah wong arp laki-rabi, ora nganggo idine wong tuwane, margane saka lagaran dhisik, yen wis mathuk pikire, iya sida dipek rabi, nanging yen ora cocog, iya ora sida laki-rabi.

Sang Prabu nggone yasa candhi, prlu kanggo nydhiyani yen ana wadyabala kang mati banjur diobong ana ing kono, supaya bisa sirna mulih marang alam spi. Yen pinuju ngobong mayit, Sang Prabu uga karsa rawuh ngurmati. Kang mangkono iku wis dadi adate para raja ing jaman kuna. Mula kang dadi panyuwunku marang Dewa, muga Sang Prabu karsa yasa candhi kanggo pangobongan mayit, kaya adate Raja ing jaman kuna, amarga aku iki anak dhalang, aja suwe-suwe kaya mmdi, duwe rupa tanpa nyawa, bisaa mulih marang asale. Samuksane Sang Prabu Jayabaya, Patih Buta Locaya sarta Senapati Tunggulwulung, apa dene putrane Sang Prabu kang kkasih Ni Mas Ratu Pagdhongan, kabeh banjur padha andherek muksa. Buta Locaya banjur dadi ratuning dhdhmit ing Kdhiri. Tunggulwulung ana ing gunung Klut, dene Ni Mas Ratu Pagdhongan banjur dadi ratuning dhdhmit ana ing sagara kidul, asmane ratu Anginangin. Ana kkasihe Sang Prabu Jayabaya, jnnge Kramatruna, nalika Sri Jayabaya durung muksa, Kramatruna didhawuhi ana ing sndhang Kalasan. Sawise tlung atus taun, putrane Ratu ing Prambanan, kkasih Lmumbardadu iya Sang

Pujaningrat, jumnng Nata ana ing Kdhiri, kadhatone ana sakuloning bangawan (3), kdhi tgse wong wadon kang ora anggarap sari, dene dhiri iku tgse anggp, kang paring jnng iku Rtna Dewi Kilisuci, dicocogake karo adate Sang Rtna piyambak, amarga Sang Rtna Dewi Kilisuci iku wadat, sarta ora anggarap sari. Dewi Kilisuci nyawabi nagarane, aja akeh gtihe wong kang mtu. Mula Kdhiri iku diarani nagara wadon, yen nglurug prang akeh mnange, nanging yen dilurugi aps. Kang klumrah pambkane wanita ing Kdhiri iku gdhe atine, amarga kasawaban pambkane Sang Rtna Dewi Kilisuci. Dene Rtna Dewi Kilisuci iku sadhereke spuh Nata ing Jnggala. Sang Rtna mau tapa ana ing guwa Selamangleng, sukune gunung Wilis. WUWUHAN KATRANGAN. Kanjeng Susuhunan Ampeldnta pputra ratu Fatimah, patutan saka Nyai Agng Bela. Ratu Fatimah krama oleh pangeran Ibrahim, ing Karang Kumuning Satilare Pangeran Karang Kumuning. Ratu Fatimah banjur tapa ana ing manyura, karo Pangeran Ibrahim Ratu Fatimah pputra putri nama Nyai Agng Malaka, katmokake Raden Patah. Raden Patah (Raden Praba), putrane Prabu Brawijaya patutan saka putri Cmpa kang katarimakake marang Arya Damar Adipati ing Palembang, barng Raden Patah wis jumnng Nata, jjuluk Sultan Syah Alam Akbar Sirullah

KalifatulRasul AmirilMuminin RajudilAbdul Hamid Kak, iya Sultan Adi Surya Alam ing Bintara (Dmak). Putri Cmpa nama Aranawanti (Ratu mas) kagarwa Prabu Brawijaya, pputra tlu: 1. Putri nama Rtna Pambayun, katrimakake marang Adipati Andayaningrat ing Pngging, nalika jaman pambalelane nagara Bali marang Majapahit. 2. Raden Arya Lmbuptng Adipati ing Madura. 3. Isih timur rmn marang laku tapa, nama Raden Gugur, barng muksa kasbut nama Sunan Lawu.

Pannggak Putri Cmpa nama Pismanhawanti kagarwa putrane Jumadil Kubra I, patutan saka ibu Sitti Fatimah Kamarumi, isih tdhake Kangjng Nabi Mukammad, asma Maulana Ibrahim, ddalm ana ing Jeddah, banjur pindhah ing Cmpa, dadi Imam ana ing Asmara tanah ing Cmpa, banjur kasbut nama Maulana Ibrahim Asmara, iku kang pputra Susuhunan Ampeldnta Surabaya. Dene putra Cmpa kang waruju kakung, nama Awastidab, wus manjing Islam, nyakabat marang maulana Ibrahim, jumnng Raja Pandhita ing Cmpa anggnteni ingkang rama, pputra siji kakung kkasih Raden Rachmat. Kang ibu putri Cmpa (garwa Maulana Ibrahim), pputra Sayid Ali

Rachmat, ngjawa nama Susuhunan Katib ing Surabaya, ddalm ing Ampeldnta, kasbut Susuhunan Ampeldnta. Cmpa iku kutha karajan ing India buri (Indo china). Sawetara iku Sayid Kramat kang kasbut ing buku iki pparabe Susuhunan ing Bonang utawi Sunan Benang. ***********
KATRANGAN

1. 2. 3. 4. 5. 6. 7.

Kulon kutha Majakrta lt +/- 10 km. Plabuhane saiki aran: Haipong. Lor Stasiyun: Surabayakota Smut. Benang = Bonang ing Karsidhenan Rmbang. Tarik. Kulon kutha Kdhiri. Akire Mnang didgi pabrik gula arane iya pabrik Mnang, 8. stasiyune ing Gurah antarane Kdhiri Pare +/- 7 km. saka Kdhiri. 9. Kidul Majaagung lt +/- 15-16 km. Saiki dicluk desa Ngrimbi. 10. Ing saclakipun pabrik Mnang, wontn dhusun nama Guruh. 11. mbok manawi ewah-ewahan saking GumrahGumuruh. 12. Gurah = gusah. 13. ngrsiki gorokan. 14. Laren = kalenan. 15. Bangawan = Brantas. *****************

Rampung