Anda di halaman 1dari 3

PAMBIWARA

PELEPASAN SISWA-SISWI SMA IT AL HUDA WONOGIRI


TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Assalaamu’alaikum warahmatulloohi wabarakaatuh


Al Hamdulillaahi rabbil’aalamiin.
Wabihii Nasta’iinu Ala Umuriddunya Waddiin.
Asy hadu allaa ilaaha illallooh. Wahdahu Laa syariikahlah.
Wa asy hadu anna Muhammadan’abuduhu warasuuluh. Ammaa Ba’du.

 Kunjuk Ingkang kinurmatan saha kinabekten Bapa (Bopo) ........................................................


Pengasuh Pondok Pesantren Islam Terpadu Al Huda Wonogiri.
 Kunjuk Ingkang kinurmatan saha kinabekten Bapa (Bopo) ........................................................
Tetuwangga saha Pangarsatama Yayasan Al Huda Wonogiri.
 Ingkang kinurmatan Bapa .................................................................
Minangka Pangarsatama SMAIT Al Huda Wonogiri.
 Ingkang kinurmatan Bapa ..................................................................
Minangka Pangarsatama SMPIT Al Huda Wonogiri.
 Ingkang Kinurmatan Sagung Pangemban Pangembating Praja Pramugarining Nagri,
Mirunggan dhumateng Jajaran Forkompinca Kecamatan Wonogiri.

 Katur dhumateng Dewan Guru, Asatidz-Wa Asatidzah, saha Karyawan-karyawati


Baraya Agung Pawiyatan ing Yayasan Al Huda Wonogiri.
Ingkang satuhu luhur saha minulyeng budi.
 Katur dhumateng Pangarsa saha Pengurus Komite SMIT Al Huda Wonogiri
 Katur dhumateng Bapak Ibu Wali Murid,
Sagung Para Tamu Sinedahan Ingkang satuhu bagya-mulya,
Para Kadang-kadang Putra siswa pawiyatan, ingkang sanget kula tresnani,
Hadirin wal Hadirot Rohimakumuloh.

Nuwun inggih, murwakani atur kula minangka pambiwara. Sumangga langkung rumiyen
kula dherek-aken tansah ngaturaken pamuji miwah sykur kunjuk pepada dalem Gusti Alloh SWT.
Karana ageng barokah lan nikmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan dalasan kula.
Kacehna saged pinangihan kempal manunggal, wonten ing mriki kanthi boten wonten alangan
kalis ing rubeda sambikala.

Donga pamuji, sholawat salam mugi konjuk saha kalimpahna dumateng Nabi Muhammad
SAW, sumrambah dhumateng kulowarga, para sahabat lan lan umatipun, Lumeber dhumateng para
pinilenggah saha pirawuh. Hadirin wal Hadirot rohumakumulloh. Amin.

Menggah Urut Reronecening Rantaman Adicara “Purna Wiyata SMP-SMA IT AL HUDA


Wonogirin, ing Warsa Pawiyatan Kalih ewu tigo likur, Kalih ewu sekawan likur. wonten wekdal
puniki, inggih meniko :

1. Adicara ongko Setunggal Pambuka


2. Kalajengaken Adicara ongko Kalih Pamaosan Ayat Suci Al Qur’an
3. Adicara ongko Tiga Atur Pangandikan Prakata Panitia Penyelenggara
4. Wondene adicara ongko sekawan Atur Pangandikan saking Kepala SMP IT Wonogiri
5. Adicara ongko gangsal Atur Pangandikan Kepala SMA IT Wonogiri
6. Prosesi Wisuda / Penyerahan Ijazah wonten ing Adicara ongko nenem.
7. Minangka purnaning pepanggihan, Nuwun inggih adicara ongko pitu Panutup.
Mekaten menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kalampahan, Sumangga tansah
kula dherekaken sami sekece pinarak lenggah kantghi merdika, ngantos purnaning adicara. Nuwun.
Para Pilenggah, Hadirin wal Hadirat ingkang kinurmatan.
1. Sumangga lumebet tataran adicara ongko Setunggal, Nuwun inggih Pambuka.
Minangka tanda yekti Pambukaing Adicara Purna Wiyata SMP-SMA IT Wonogiri
ing Warsa Pawiyatan 2023 / 2024 sumangga kita maos Basmallah (Al Fatehah) sesarengan.
……...

2. Adicara ongko kalih badhe katur waosan kalam Ilahi.


Ingkang badhe nindakaken jejibahan nuwun inggih, Sedherek ……………………..
Katur dhumateng sedherek ...................................... wekdal lan papan kula aturaken.

Paripurna Pamaosan Ayat suci al Qur’an,

3. Adicara ongko Sekawan Atur Palapuran BP.3 Tahun 2007/2008 utawi tahun
kapengker.Dipun lajengaken Pamosan RAPBM Tahun 2008/2009.
Ingkang kinurmatan Bapak MIJANTO, S.Ag. Minongko Ketua Komite MA. Al Barokah
Purwantoro, sasana saha pandayawara kula aturaken.

4. Adicara ongko Gangsal, Lain-lain.

5. Bapak Ibu Wali Murid, Hadirin wal hadirot ingkang kinabekten.


Sampun ndungkap paripurna Pepanggihan Rapat Pleno saha Sosialisasi RAPBM menika.
Minangka panutuping pepanggihan sumangga tansah asung pamuji syukur, kanthi maos
Al Hamdallah. ……………………

Kawula ingkang nindakaken jejibahan pambiwara, tartamtu


kathah kalepatan punapa dene kekhilafan. Pramila mawantu-wantu tansah
Nyuwun lumebering pangaksama.
Wilujeng kondur,
Mugi tansah cinaketna rohmat saha sihing Gusti Alloh SWT.

Akhiron Billaahit Taufiq Wal Hiadayah.


Wassalaamu’alaikum Wr, Wb.

Anda mungkin juga menyukai