Anda di halaman 1dari 4

ASSALAAMU’ALAIKUM WARAHMATULLOOHI WABARAKAATUH

AL HAMDULLILLAAHI ROBBIL’AALAMIIN
WABIHII NASTA’IINU ‘ALAA UMURIDDUNYA WADDIIN
AYS HADU ALLAA ILAAHA ILLALLOOHU
WAHDAHU LAA SYARIIKALAH AL MAALIKUL HAQQUL MUBIIN
WA ASY HADU ANNA MUHAMMADAN ‘ABDUHU WAROSUULUH
SHOODIQUL WA’DIL AMIIN.
ALLOOHUMMA SHOLLI WASALLIM WABAARIK ‘ALAA
SAYYIDDINA WA MAULANAA WAHABBI BINAA MUHAMMADIN
WA’ALAA ALIIHI WASHOHBIHII WAMAN TABI’AHUM BIL HAQ
ILAA YAUMIDDIIN. AMMAA BA’DU

HADHROTAL MUKARROM WAL MUHTAROM


 Katur Panjenenganipun Para pepunden, Para pini sepuh, Sesepuh dalasan Aji Sepuh,
Para winasis, \Para Suci,
Para ‘Alim, Para Ulama, Para Kiyai, Wabil Khusus mirunggan dhumateng
Panjenenganipun Al Mukarrom .........................................................................................
Ingkang tansah kita antu-antu, Barokah, Do’a soho Tausiyahipun.

 Kunjuk dhumateng Panjenenganipun Manggalaning Praja Pramugarining Nagri,


Pangembat, Pangemban, Pamomong kawula dasih. Ingkang tansah hamestuti jejeging
adil. Mirunggan dhumateng Panjenenganipun Jajaran FORKOMPINCA, Purwantoro
 Ingkang satuhu kinurmatan Bapa Kepala Desa saha Baraya Agung Jajaran Pemerintah
Desa Bangsri.
 Katur Panjenenganipun Takmir Masjid, Tokoh Agama lan ugi Tokoh Masyarakat Desa
Bangsri.
 Sagunging para pirawuh, para pini lenggah, kakung sumawana putri, ingkang dhahat
kalingga murdaning akrami. Satuhu pantes lamunta sinudarsana. Hadirin wal Hadirot
Rahimakumullah.

Kawula Nuwun, kanthi linambaran pepayung budi rahayu miwah ngaturaken


sewu agunging aksami, mugi keparengo kawulo hambuka wiwaraning pepanggihan
puniki, Awit pinitados minangka pambiwara. Kinen ngaturaken menggah tumapaking
titilaksana adicara wonten madyaning kalenggahan puniki.

Hanamung sakderengipun prayogi saha langkung utami, Jumbuh kalayan anut


tuntunaning Agami, kinarya hamurwani lekas wekasing karti, gatining sedya.
Sumangga nuwun langkung rumiyen, Kulo dherekaken Unjuk raos puji syukur
dhumateng Ilahi Robbi, Ngerso Dalem Pengeran Dzat ingkang Murbeng Kawasa,
Inggih datan wonten sanes kajawi namung ALLOH SWT, B i q o u l i n a, Kanti atur
“ Al Hamdulillaahi Robbil’aalamiin “
Inggih karana Agung barokah, nikmat, hidayah saha ma’unahipun ingkang
rumentah dhumateng kita sami, Kacehna saged Menak-aken wanci kanthi kempal
tetuanggalan nyawiji, ing kahanan sehat wal ‘afiyat kinalisaken saking sambikala.

Sholatulloh Wasallamuhu mugi tansah kalimpahno, saha sumangga tansah


kakintunaken dhumateng Habbibina Wanabiyyina Muhammadin SAW.
Mugi kabagyan-karaharjan tansah sinarira dhumateng panjenenganipun, kulowargo,
sohabat, tabiut taabi’in saha lumunturipun dhumateng para pini lenggah, hadirin wal
hadirot Rohimakumullooh.
Sagung para pini lenggah ingkang satuhu luhuring budi,
Menggah urut reroncening tata adicara : PENGAJIAN UMUM MAHARGYA
WULAN SUCI ROMADHAN ING TAHUN 1444 HIJRIYAH, ingkang Ginelar dening
sagung Masyarakat Desa Bangsri, senengkuyung Sesarengan Pemerintah Desa Bangsri.
Nuwun Inggih :
1. Adicara kaping Setunggal : Pambuka
2. Ingkang ongko Kalih : Pamaosan Ayat Suci Al Qur’an
3. Kalajengaken Kumandanging Lagu Indonesia Raya, tataran adicara ongko Tiga.
4. Adicara ongko Sekawan Nuwun inggih Atur Prakata Panitia Penyelenggara
5. Adicara ongka Gangsal Sumene / Istirahat
6. Wondene Sambutan-Sambutan wonten ing Adicara ongko Enem
7. Tataran Adicara ongko Pitu, inggih punika ISTIGHOZAH kalajengaken MAUIDHOTUL
HASANAH saha Panengku Pujo Waosan Dunga.
8. Minangka purnaning adicara, Nuninggih tataran adicara ongko Wolu ; Panutup.

Hadirin Wal Hadirot Rohimakumulooh,


1. Mugi kepareng kawula lumebet dhumateng tataran adicara ingkang ongko Setunggal,
nuninggih Pambuka.
Minangka tandha yekti Purwakaning adicara : Pengaosan Rutin Pimpinan Anak
Cabang Muslimat lan Fatayat kecamatan Bulukerto, Sumangga Nuwun sesarengan Maos
Ummul Kitab.
( Ilahadiniyah ‘Alaa kulli niyatin sholihah Wali Syafa’ati Rasulillaahi Muhammadin
Sholalloohu ‘alaihi wasallam, Al Faaatihaah…… )

2. Ndungkap tataran adicara ongko kalih Badhe katur Waosan Kalam Ilahi,
Wondene kumandhanging ayat-ayat suci Al Qur’an badhe katindakaken dening
Panjenenganipun IBU SRI HARYATI.
Kunjuk dhumateng panjenenganipun sasono miwah Pandaya-wara kawula aturaken,
Sumangga.....

3. Paripurna pamaosan ayat-ayat suci Al Qur’an, mugi saged mimbuhi wuwuhing ganjaran
saha kekiyatan Iman Taqwa kita dhumateng Alloh SWT. Amien.
Adicara ongko Tiga : Kumandhaning Lagu Kebangsaan Indonesia Raya
Katur dhumateng Panjenenganipun ; Ibu ANGGIE Mugi kepareng samekta ing gati.
Saha kanthi boten Angirangi raos pakurmatan dhumateng Para Pilenggah sedayanipun
mugi kepareng Jumeneng Sawetawis. (Hadirin di Mohon Berdiri)
******************************************************
Hadirin wal Hadirot dipun aturi pinarak Lenggah malih, Matur Suwun.

4. Adicara Ongko sekawan Atur Prakata Panitia Penyelenggara


5. Ndhungkap tataran adicara ongko Gangsal nuniggih ; SAMBUTAN – SAMBUTAN
a. Tanggap Sabdo kaping setunggal Saking Kepala Desa Bangsri
b. Tanggap Sabdo kaping kalih saking Camat Purwantoro
Dhumateng panjenenganipun Ibu / Bapak .....................................
Minongko tetuwangganing kawula dasih wonten ing Song-song Gung Kecamatan
Bulukerto, Sasono saha pandaya-wara kawula aturaken, Sumungga.
Sewu agunging panuwun dipun aturaken, dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu...............
2. Hadirin wal hadirot Rohimakumullooh. Ndungkap dhumateng tataran adicara ongko
Nenem, nun-inggih ISTIGHOZAH kalajengaken MAUIDZOH HASANAH, ingkang
badhe dipun Sabda-wedharaken dening Panjenenganipun Al Mukarrom GUS HABIB
MUSTHOFA.
Sakparipurnaning Tausiyah ing mangke, mugi kepareng Panengku Pujo maosaken Do’a.

Dhumateng panjenenganipun Al Mukarrom GUS HABIB MUSTHOFA.Sasono sabdo


kawula aturaken sak wetahipun, Sumangga.
3. Para Pirawuh Sami ingkang kinurmatan
Bilih sampun ndungkap paripurna adicara PENGAJIAN UMUM MAHARGYA
WULAN SUCI ROMADHAN ING TAHUN 1444 HIJRIYAH, ingkang Ginelar dening
sagung Masyarakat Desa Bangsri, senengkuyung Sesarengan Pemerintah Desa Bangsri. ing
wekdal puniki.
Minangka Panutuping Adicara, Sumangga nuwun tansah ngunjukakenraos
pamuji syukur dhumateng Alloh Subhanahu wata’alaa kanti waosan HAMDALLAAH
sesarengan (Al Hamdulillaahi Robbil’aalamiin)

Hadirin wal hadirot Rohimakumullooh.


Hanamung semanten menggah anggen kawula nindakaken jejibahan
minangka pambiwara, Tertamtu kathah sanget kalepatan punapa dene kekhilafan
ingkang kula sandhang, Pramila Mawantu-wantu tansah tumadhah asto, mugi
Panjenengan kerso Anglumeberno Sih Samodra Pangaksama dhumateng Pribadhi
kula.

WA AKHIIRON …….
Wilujeng Kundur..... mugi tindakipun dumugi ndalem sowang-sowang, tansah
pinanggih ing karahayon. Allohumma Amin.
WALLOOHUL MUWAFIQ ILLA AQWAA MITH THOORIQ
WASSALLAAMU’ALAIKUMWAROHMATULLOOHIWABAROKAATUH
SUSUNAN ACARA
PENGAJIAN UMUM DALAM RANGKA MENYAMBUT BULAN SUCI
RAMADHAN TAHUN 1444 HIJRIYAH
YANG DISELENGGARAKAN OLEH MASYARAKAT DESA BANGSRI
BERSAMA PEMERINTAH DESA BANGSRI

1. Pembukaan : Ummul Kitab / AL Faatehah

2. Pembacaan Al Qur’an : Ibu Sri Haryati

3. Lagu Indonesia Raya : Ibu Anggie

4. Prakata Panitia : Ust. Sugeng Mahfudz

------------------ istirahat -------------------

5. Sambutan-Sambutan : a.

b.

6. Istigozah,

Mauidhoh Hasanah + Do’a : GUS HABIB MUSTHOFA

7. Penutup : Al Hamdallah

Anda mungkin juga menyukai