Anda di halaman 1dari 3

Ala ahmadu hairi man rokiban najai.

I’ki syi’ir kanggo bocah lanang wadon


nebehake tingkah laku ingkan awon
serta nerangake budi kang perayoga
Kanggo dalan pada mlebu ing suwargo,
bocah iku wiwit umur pitung taun
kudu ajar tata keben ora getun
Kudu tresno ring ibune kang rumatii...
Kawit cilik marang bapak kang gemati
ibu bapak rewangono lamon repot
ojo koyo wong gemagus ingkang wakocts
lamon ibu bapak prentah enggal tendang
ojo bantah ojo se’al ojo mampang
Andap asor ing wong tuo najan lioo...
tetep ono ojo koyo rojo koyo
nggumen alus alon lirih ingkang terang
ojo kasar ojo misuh koyo bujang
yen wong tuo lungguh ngisor siro ojo
pisan lungguh nduwur koyo jamak jujaa..
Yen wong tuo sare ojo geger guyon
lamon siro nuju moco kudu alon
lamon siro lewat anio ing ngarepe
kudu nuwun amit sarto ndepe-ndepe.
Lamon ibu bapak duka becik meneng
ojo melu pada ugo ojo greneng
Bab Ambagi Waktu
Dadi bocah kudu ogar bagi zaman
ojo pijer dolan nganti lali mangan,
yen wayahe shalat ojo tunggu prentah
enggal tandang cekat-ceket ojo wegah,
wayah ngaji wayah sekolah sinau
kabeh mau gateake kelawan tuhu
Kentong subuh enggal tangi nuli adus
wudhu nuli shalat khusyuk ingkang bagus
rampung Shalat tandang nggawe opo bae
kang prayoga koyo nyapuni umahe
lamon ora iyo moco moco Qur’an
naja namun sitik dadi yo wiridan
budal ngaji awan bengi sak kabehe
tata krama lan adahe pada bae

Ing Pamulangan
Lamon arep budal menjang pamulangan
tata-tata ingkang rajin kang resikan
nuri pamit ibu bapak kanti salam
Jawab ibu bapak Alaikumussalam
disanguni akeh setik kudu trima
supaya ing tembadadi wong utama
Ono pamulangan kudu tansah gati
nompo piwulangan ilmu kang wigati
Ono kelas ojo ngantuk ojo guyon,
wayah ngeso kena nemen guyon
karo konco ojo bengis ojo judes
Mundak diwadani konco ora waras
Mulih Saking Pawulangan
Bubar saking pawulange enggal mulih
ojo mampir mampir dolan selak ngelih
Tekan omah omah nuri salin sandangane
kudu pernah rajin rapi aturane
Ono ing Omah
Karo dulur kanco ingkang rukun bagus,
ojo koyo kucing belang rebut tikus
Dadi tuo kudu weruh ing sepuhe
Dadi enaom kudu rumangsa bocahe,
lamon bapak alim pangkat / suih joyo
siro ojo kurma lunggung Ring wong liyo.
Pangkat gampang minggatt sugih keno mulih
alim iku gampang owah malih-malih
Ari kala siro madep + koyo boyo

Anda mungkin juga menyukai