Anda di halaman 1dari 4

Mata pelajaran : Bahasa Daerah Hari,tgl : 2013

Kelas : 7 ( Tujuh ) Waktu : 120 Menit






** MANUK EMPRIT LAN KIDANG **
Ana manuk Emprit sajodho uripe ayem tentrem. Sanajan duwe anak cilik-cilik, nanging ora rumangsa sumelang ing
bab pangane. Nanging kahanan kaya mangkono mau enggal owah. Nalika dheweke weruh sing duwe sawah niliki parine karo
ngobong merang ing pojokan
Ing sacedhake kono ana kidang lagi golek pangan , mula emprit enggal njaluk pitulungan. Kabeneran kidang mau
nemu akal lan ngandhani emprit ora perlu susah, dheweke bakal bisa menehi pitulungan.
Pinuju sawijining dina, nalika kidang golek pangan ing tegalan, tanpa kenyana-nyana sikile kena jaring. Kidang
sambat-sambat kanthi melas asih. Emprit kang lagi gojeg karo anak-anake menehi pitulungan, jaringe diuculi lan enggal mulih.
Kidang mencolot nggendring nggoleki Emprit mitrane kanggo ngaturake panuwun.

Pilihen jawaban sing kok anggep paling bener !
01. Dongeng ing ndhuwur kalebu jenis dongeng .....
a. Legenda b. Mite c. Sage d. Fabel
02. Pesen moral kang ana ing ndhuwur yaiku ........
a. Urip kudu tulung tinulung c. Tansah njaluk pitulungan
b. Kudu nrima kebecikan d. Tansah sumelang anane bebaya
03. Kidang sambat-sambat melas amarga ........
a. Amarga duwe anak cilik-cilik c. Amarga sikile kena jaring
b. Amarga parine diobong sing duwe sawah d. Amarga ora ana sing menehi pitulungan
04. Sapa sing njaluk tulung karo Kidang kang lagi golek pangan ?
a. gagak b. Kutut c. Emprit d. Prenjak
05. Manuk emprit sajodho uripe ayemtentrem. Tembung ayemtentrem kalebu tembung ......
a. Entar b. Saroja c. Lingga d. Garba
06. Bapak mundhut gudheg lan salak pondhoh. Tembung sigeg antep yaiku ........
a. Bapak b. Mundhut c. Gudheg d. Salak
07. Bapak duka sebab kothak sing disimpen dipangan rayap. Kang ora kalubu tembung sigeg entheng ing ukata iku ........
a. Bapak b. Sebab c. Kothak d. Rayap
08. Tuladhane tembung sigeg antep yaiku ......
a. Sregep , jilbab b. Rusak , gedheg c. Ngadeg , rehab d. Salep , klelep
09. Saben dinten Pak Guru rawuh jam enem. Ukara iku nganggo basa .....
a. Ngoko alus b. Ngoko lugu c. Krama alus d. Krama lugu
10. Griyanipun Pak Bakri sae sanget . ukara iku nganggo basa ......
a. Ngoko alus b. Ngoko lugu c. Krama alus d. Krama lugu
11. Ayo mampir ing omahku dhisik. Yendidadekake basa krama kang bener yaiku .....
a. Mangga pinarak wonten griya kula rumiyin c. Ayo pinarak ten griya kula rumiyin
b. Mangga pinarak ten dalem kula rumiyin d. Ayo pinarak ten dalem kula rumiyin
12. Kang kalebu tembang dolanan yaiku
a. Asmaradana b. Pangkur c. Dhandhanggula d. Cublak-cublak suweng
13. Tembung kang panulise nganggo tanda cakra yen ditulis Jawa yaiku ....
a.trenyuh b. Madyama c. Patra d. Kreteg
14. Basa kang ora kacampuran tembung tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman iku diarani .....
a. Basa ngoko lugu b. Basa ngoko alus c. Basa krama lugu d. Basa krama alus
15. Basa ngoko sing kacampuran tembung tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman iku diarani ....
a. Basa krama inggil b. Basa krama alus c. Basa ngoko alus d. Basa ngoko lugu
16. Panjenengan dhek wingi kondur karo sapa ? Tuladha ukara ing dhuwur nganggo basa ......
a. Ngoko alus b. Ngoko lugu c. Krama lugu d. Krama alus
17. Basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing di ajak
guneman iku arane .......
a. Basa krama inggil b. Basa krama alus c. Basa krama madya d. Basa krama kramantara
18. Tuladha ukara ing ngisor iki sing migunakake basa krama lugu yaiku .....
a. Panjenengan kala wingi tindhak pundi ? c. Panjenengan sesuk tinghak Jarata jam pira ?
b. sampeyan wau dalu tilem jam pinten ? d. Sampeyan apa wis dhahar sarapan ?
19. Dina Selasa wayahe pelajaran basa Jawa. Kabeh muride padha nggatekake. Bu guru ..........aku lan kanca-kancaku
supaya sregep sinau. Tembung sing mathuk kanggo njangkepi ukara iku ...............
a. Ngongkon b. Ngengken c. Ndhawuhi d. Dipun utus
20. Bu Hesti saka pasarnggawa beras , gula lan endog. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku .....
a. Bu Hesti saking peken mbeta uwos , gendhis lan tigan
b. Bu Hesti saking peken mbeta beras , gendis kaliyan tigan
c. Bu Hesti saking pasar ngasta beras , gula lan tigan
d. Bu Hesti saking pasar ngasta uwos , gendhis lan tigan
21. Sing migunakake basa ngoko lugu yaiku .......
a. Anak marang wong sing luwih tuwa c. Bocah padha bocah sing wis raket
b. Wong pangkat marang wong pangkat d. Pembantu marang majikane
22. Dhek wingi mas Sartono arep lunga menyang Kediri. Ukara iku nganggo basa .....
a. Ngoko lugu b. Ngoko madya c. Krama alus d. Krama inggil
23. Sing diarani pacelathon yaiku ..........
a. Omong-omongan antarane wong siji lan sijine c. Omong saka batine dhewe
b. Omong-omongan kang nganggo narasumber d. Omong ing ngarepe wong akeh
24. Basa kang digunakake ing pacelaton anak marang bapak iku kudune .......
a. Sakarepe dhewe b. Basa ngoko c. Basa krama d. Manut aturane
25. Unsur pacelaton 5W-1H yaiku ......
a. Sapa , kapan , ing endi , kepriye c. Kapan , sapa bae , ing endi , ngapa
b. Apa , sapa , kapan , ngapa , ing endi , kepriye d. Ngapa , apa , sapa , ing endi , kepriye
26. Basa ngoko lugu digunakake dening ..........
a. Wong nom marang wong tuwa c. Adhi marang kakangne
b. Andhahan marang atasan d. Wong kang wis kulina
27. Titikane basa ngoko alus .......
a. Ater-ater dikramakke b. Panambang dikramakke c. Aku dadi dalem d. Kowe dadi panjenengan
28. Titikane basa krama lugu ................
a. Aku dadi kula b. Kowe dadi sampeyan c. Basa krama lan ngoko d. Panambang dikramakake
29. Ibu nimbali kula supaya mulih dhisik. Basa kang digunakake ing ukara iku .......
a. Basa ngoko b. Basa ngoko alus c. Basa krama lugu d. Basa krama alus
30. ukara kang nganggo basa krama alus yaiku......
a. Kula arep tindak menyang sekolah sapunika c. Ibu ngomong karo Simbah ingkang saweg dhahar
b. Kula badhe bidhal sekolah enjang punika d. Bapak maos koran karo dhahar roti in teras ngajeng
31. Wong iku yen mertamu ora duwe tata krama amarga .....
a. Ora uluk salam b. Ora gelem matur nuwun c. Ora karo kancane d. Ora nggawa panganan
32. Panganggone basa krama kang bener ana ing ukara .........
a. Rina mboten mlebet sekolah amargi gerah c. Nalika Ibu rawuh kula nembe siram
b. dalem kula tebih saking sekolahan d. Kula badhe ningali pameran buku
33. Unen-unen Ajining dhiri dumunung ana ing lathi ateges
a. omongan iku gumantung ing ati c. Ajining dhiri gumantung ana ing omongan
b. Guneman iku gumantung ing omongan d. Ajining dhiri gumantung ana ing ati
34. Panjenengan mengko arep rawuh jam pira ? Ukara iku nganggo basa ..........
a. Ngoko lugu b. Ngoko alus c. Krama lugu d. Krama alus
35. Tata carane guneman miturut unggah-ungguhing basa jawa ........
a. Nganggo basa ngoko yen guneman karo sing luwih tuwa c. Nganggo basa krama marang sing enom
b. Nganggo basa ngoko marang sing luwih enom d. Naganggo basa ngoko andhap marang sing luwih tuwa

36. Bapak lagi bae nesu. Ukara kasebut yen disalin basa krama alus ............
a. Bapak lagi bae duka c. Bapak saweg kemawon duka
b. Bapak saweg kemawon nesu d. Bapak lagi kemawon duka
37. Panganggone basa krama alus kang bener ....
a. Adik docaosi permen c. Bapak lagi bae rawuh saka kantor
b. Eyang badhe dhahar enjing d. Ibu arep tindak pasar
38. Pak lurah nembe kemawon rawuh. Ukara kasebut yen disalin basa ngoko lugu ...............
a. Pak lurah nembe bae rawuh c. Pak lurah lagi bae rawuh
b. Pak lurah lagi bae lunga d. Pak lurah lagi bae teka
39. Ing unggah-ungguhing basa Jawa anak marang wong tuwa migunakake basa ?
a. Krama lugu b. Krama alus c. Ngoko alus d. Ngoko lugu
40. Kowe mengko mulih jam pira ? Yen disalin basa krama alus ............
a. Sampeyan mangke kondur jam pinten ? c. Panjenengan mengko kondur jam pira ?
b. Panjenengan mengke kondur jam pira ? d. Panjenengan mangke kondur jam pinten ?


BIYUNGKU KANG ORA NATE NANGIS

Tanpa swara
Sliramu terus lumayu
Nantang tumiyuping angin ketiga
Mung kanggo nyabrangake ilining toya
Nurut lurung dharma kang kapenthang sansaya dawa
Tanpa swara
Sliranu terus lumayu
Tanpa maelu cacahe tatu kang
Terus nambah saben wektu
Kanti kringet lan luhmu
Mbaka siji para putramu
Kok lantarake nyabrang samodra geni
Biyung aku wenehana wektu
Kanggo ngabekti

Randukuning, 29 J uli 2007
Isngadi Marwah Atmadja

41. Isine geguritan ing dhuwur yaiku .....
a. Anak kang tansah ngabekti marang wong tuwa
b. Anak kang tansah wani marang wong tuwa
c. Wong tuwa kang akeh banget jasane tumrap anak
d. Wong tuwa kang mbelani anak
42. Pesen moral kang bisa dijupuk saka geguritan ing dhuwur yaiku .....
a. Wong tuwa kudhu menehi tuladha kang becik marang anak
b. Wong tuwa kudhu nglaksanakake kewajiban marang anak
c. Anak kudu tansah bekti marang wong tuwa,amarga jasane wong tuwa ora bisa kaetung
d. Anak kudu eling marang wong tuwane
43. Tembung nyabrang samodra geni ing gegurutan ndhuwur tegese ....
a. Nyabrang laut b. Ngliwati geni c. Ngadhepi pacobaning urip d. Ngadhepi laut lan geni
44. Opo judul geguritan ing ndhuwur .....
a. Biyungku kang ora nate ngguyu c. Biyungku kang ora nate susah
b. Biyungku kang ora nate nangis d. Biyungku kang ura tahu bungah
45. Sapa pangripta geguritan Biyungku kang ora nate nangis
a. Isngadi Marwah atmadja c. Isngadi atmadja marwah
b. Marwah isngadi atmaja d. Atmaja isngadi marwah

46. Wayang wong , yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku .....
a. c.

b. d.

47. Pasar sore , yen ditulis jawa yaiku ..........
a. c.

b. d.
48. Tembung kopyah yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ......
a. c.

b. d.
49. Tembung krupuk yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku .....
a. c.

b. d.
50. Tembung kroto yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
a. c.

b. d.

Anda mungkin juga menyukai