Anda di halaman 1dari 9

JAKA TARUB DADI DUDA

Dina Jemuah
Suasana sore wis mulai cerah.Udan sing mikine gede.benget be wis
mandeg.Srengengene wis mulai katon.Ehditambah ana pelangi mentongol neg
sisi kulon.Jerene wong-wong tah angger ana pelangi,berarti arep ana bidadari
sing arep adus neng bumi.Tapibener orane ya mbuh ora ngerti.
Selot sowebitsemribit ana ambu-ambuan wangi pisan.Ana apa ya?Suara
kemrincingkemrincing genah epor sekang sisi kulon.
ADEGAN KE I
ByurByurByur
Widadari Abang : CihuyAsikbisa adus maning.Jen banyune seger pisan.
Wis seminggu ora adus,awake pada pliket,lah jan
segerepol pokoke lah
Widadari Jambon : Tela iya koh,segere poll.Tapi angger aku ya ora kayak
ko.Ko tah dadi Widadari ora tau adus.Mbok siki neng
kayangan wis ana pemandian umum.Ora ngerti siKatro
Banget!!!
Widadari Kuning : Ihya ampyun sapa kue sing jarang adus.ngisin-isina
banget dadi widadari.Masa widadari jarang adus.Kyeh
contoh akyu yaSaben dina ora tau lat Manycure
Pedycure.Jenambume mbok wangi pisan kaya kiye
Widadari Ijo : Lahya wis.Anu kaya kue be debahas.Nyong sing pada bae
kaya Abang jarang adus be meneng bae koh
Widadari Abang : DuhIjo,dadi aku ana batire???HahahaTos disit yuh
(tos..!!tos..!!tos..!!)
Widadari Ijo : Tos!!!

Widadari Kuning : Yaampyunanu kaya kue be debanggakna.Mbok Jijai


ngerti!!Ohya,ngomong-ngomong si Ungu,Biru,karo Nila
lagi nengendi ya?koh kawit mau ora katon.
Widadari Jambon : Ohkae wong telu.Ngeneh ya tek omongi.Si Ungu mau
wis ijin arep konser disit.Si Biru lagi masak nggo baginda
Raja.Trus Si Nila lagi mojok karo pacare.Miki wis tek jeki
malah ora gelem bae.Jere mbok kesetrum.
Widadari Abang : Yaiya lah.Angger de jek ya mengko kesetrum.
Widadari Jambon : HuhOon banget sih.Maksude aku kwehSi Nila intine
ora gelem melu ngeneh lah.Jere wis ana simg ngejeki
shoping.
Widadari Kuning : Owdadi kaya kuwe

Neng Prapatan
ADEGAN KE II
Jaka Tarub : Lelele
Jaka Tole : Apa lahnyong ora budeg.Nyeluki bae.Nyong wis krungu.Ana apa
janen.
Jaka Tarub : Gyehwetenge aku lara banget,mulesmau esuk kakeen
mangan sambel.Batiri boker neng kali yuh.
Jaka Tole : Jenwis gedene semono,ming kali be njaluk debatiri.Kecing
temen.
Jaka Tarub : Lah,aja kaya kuwe lah.Ming batir bookAyuh lah
Jaka Tole : Emoh lah.Mbatiri ko ming kali.Mbatiri kweh angger ming
kota,shoping,cuci mata apa kepriben.Mbatiri koh ming
kali.Bebeh temen.
Jaka Tarub : Ohkaya kuwe ora gelem mbatiri.Ya wis,mangsa oraha angger
neng kali ana sing bening-bening,arep ora tek wei ngerti.

Butul neng kali


ADEGAN KE III
Jaka Tarub : Aduh jan lega. pisan..eh tapi kayta ana sing sejen ya,deneng
mambu wangi ana apa ya?kayane ambune sekang
kulon.Jajal tek tiliki lah.
Wualah-wuualah apa nyong ora salah weruh,kae widadari lagi pada adus.ce
ce.ce.bening pisan kena nggo cuci mata kiye tah,tombo
ngantuk.!!!!!!!!!
Oh ya aku duwe ide cemerlang,tek jukut lah salah siji slendange,talih ora
teyeng bali.

Jaka Tarub njukut slendang sing jambon


ADEGAN KE IV
Widadari Ijo : Kanca-kanca ayuhlah pada bali maring kayangan,kayane aduse
wis cukup,wis keset kiye koh.
Widadari Kuning : Aduh biyung,nyong esih kepengin siblon,dela maning
nin..
Widadari Abang : Tapi kayane wis sore loh,angger domaih Bapa tua
kepriHow..?
Widadari Jambon : Ya wis lah mayuh pada ngandang..
Eh..Slendange nyong neng endi ya?deneng Raib?
Widadari Kuning : Tape deh.miki mbok wis de selah ngkono lah,degolet
maning jajal?
Widadari Jambon : Wis koh tapi ne ora nana,kepriHow yah,mengko nyong
ora teyeng bali kepriwe biyunge-biyunge,
WidadariAbang : Ayuh cepetan wis sore mbok,Aku,Ijo karo Kuning bali disit
nin..

Widadari Jambon : La nyong Keprihow neng kene,masa nyong detinggal


dewekan?moh lah.moh
Widadari Ijo : Yaw is lah.Trima bae nasibe ko.
Widadari Kuning : Mbon,aku pada bali disit yaIm sorry Good By.Sorry
dory Stroberi Ya.

Widadari Jambon akhire detinggal dewekan.Langka sing gelem mbatiri


Ijik-ijik.Jaka Tarub teka kaya dadi pahlawan bae.
ADEGAN KE V
Widadari Jambon : Hikkhiksshiksslendange nyong nengendi lahkepriwe
kiyebiyungelahbapane.
Jaka Tarub : EhCah ayu,kenang apa nangis neng kono dewekan.Wis gedene
semono masa nangis.Apa ora isin
Widadari Jambon : Slendange inyong ilang.
Jaka Tarub ; Deneng bias ilang sich
Widadari Jambon : Hah!!!!Sapa kuwe sing takon.Deneng langka wujude.
Jaka Tarub : Kiye aku neng kene.Nylinguk mburi ya.
Widadari Jambon : Subhanalloh.!!!Rika sapa??Deneng ijik-ijik bisa neng
kono.
Jaka Tarub : OhKo ora ngerti aku ya..?Ya wis,perkenalken,Aku Jaka
Tarub.Pemuda sing paling cakep,paling ganteng,paling joss
neng desa kiye,kaya kuwe.Nah siki giliran aku sing arep
takon.Cah ayu dewek jenenge sapa,truz bisane neng kene
anu kepriben critane.
Widadari Jambon : Dadi rika Jaka Tarub.Anu sing cokan nggaweni tarub
angger ana manten ya?
Jaka Tarub : SembaranganKiye Jaka Tarub,udu tukang nggaweni tarub.

Widadari Jambon : Ohkaya kuwe.Ya wis,giliran aku yah.Aku kuwe Widadari


Jambon.Nama bekenne Nawang Sasi.Aku teka sekang
khayangan.Tapi sing dadi masalah,siki aku ora teyeng bali
khayangan.Soale slendange aku ilang.
Jaka Tarub : Owdadi kaya kuwe critane.Melasi temenYa wis,siki ko melu
ksro aku bae yuh.
Widadari Jambon : Melu maring ngendi lah.
Jaka Tarub : Aja kakeyen takon si ngapa.Gari melu bae koh.Apa ko gelem
tek tinggal dewekan neng kene.Hayuhgelem ora?Mbok
cokane angger wengi-wengi ana sing ngawe-awe.
Widadari Jambon : Apa iya..!!!Lah ya emong.
Jaka Tarub : Ya wis,mangkane melu aku bae.Sante bae..arep ora de apakapakna ora.
Widadari Jambon : Cak lho..!!!Ya wis,siki aku melu sampeyan.Tapi angger
sampeyan macem-macem,tek tutuk lho
Jaka Tarub : Iya lah

Sawise kaya kuwe,Widadari Jambon akhire melu Jaka Tarub.Mbarang wis


Suweakhire Jaka Tarub karo Widadari Jambon pada seneng-senengan.
Banjur,akhire pengantenen.Lan akhire dikaruniai anak lanang.
ADEGAN KE VI

Para Widadari sing maune pada bali khayangan teka maning.Para Widadari
Kuwe olih perintah sekang Papih Raja supaya njemput Nawang Sasi bali.
Widadari Kuning : MbonKepriwe kabare?Apik-apik bae mbok? Lawas ora
ketemu ya

Widadari Jambon : EhAbang,Ijo,Kining.Aku apik-apik bae neng kene


koh.Priwe kabare ko pada.Waras kabeh mbok.Kabare
papih raja kepriwe?
Widadari Ijo : Aku karo kanca-kanca neng kana ya pada asih waras kabeh.
Widadari Abang : Jen Aku tah heran karo ko.Bisane betah neng bumi.Ana
apa janen.
Widadari Jambon : Gyeh,tek critakna ya,Aku neng kene ketemu karo cowo
sing ganteng banget.Jenenge Jaka Tarub.Kae sing nulungi
aku pas aku detinggal neng ko pada.Trus siki aku wis
mbojo karo Jaka Tarub, malah siki aku wis duwe anak
lanang siji.Ya gantenge ora kalah kaya bapane.Jenenge
Jaka Tajam.Di jukut sekang Ta sing berarti Tarub,Jam
berarti Jambon.Keren mbok.
Widadari Abang : Owkaya kuwe critane.
Widadari Jambon : Nah,ngomong-ngomong ko pada janen ming ngeneh dalam
rangka apa?Tumben teka ngeneh.
Widadari Kuning : Kaya kiye critane.Aku,Ijo,karo Abang diutus neng papih
raja supaya njemput ko bali khayangan.Nggo ngapa urip
neng kene.Ora kepenak ora.Asih mending urip neng
khayangan.Apa-apa ana.
Widadari Jambon : Tapi pangapura ya kanca-kanca.Aku ora bisa melu ko
pada.Soale aku wis betah neng bumi.Maningan mengko
nasibe anak bojone nyong kepriwe.Aku asih kepengin neng
kene.
Widadari Ijo : Dadi kye nyong sia-sia ming ngeneh.Aja kaya kuwe sih
ngapa?
Widadari Jambon : Sepisan maning pangapura lah ya.Aku ora bisa.
Widadari Kuning : Ya wis angger kaya kuwe karepe ko.Tapi aku pada asih
tetep ngarepna ko balik khayangan maning.Aku arep ora
maksa.Sing penting ko seneng nyong ya melu seneng.

Widadari Jambon : Makasih yawis pada pengertian karo aku.


Widadari Abang : Ya wis,yuh pada bali.Wis sore kyeh.Mendung
maning.Mengko neng ndalan kudanen kepriwe.
Widadari Kuning : Mbon,aku bali yaDadah

Para widadari kuwe akhire bali khayangan.Tapi Widadari Jambon tetep ora
gelem bali.
Neng Ngumah..
ADEGAN KE VII
Jaka Tarub : Yang.Gawekna wedang kopi ngeneh.Sore-sore kaya kiye
kayane asik pisan medang kopi.
Widadari Jambon : ya.Sabar.
Jaka Tarub : Pancen angger rejeki ora gadang mingendi-ngendi.Bisa olih
widadari sing ayu mbok apa ora josss pisan.Angger ganu
ora tek jukut slendange,ndean aku ora bisa urip seneng
kaya kiye.Tapi aja nganti Si Nawang ngerti.Angger ngerti
brabe kyeh.Bisa kabur balik khayangan maning.Mengko aku
dadi duda.Sorry ya
Widadari Jambon : Jenbapake,karepe aben sore medangbae.Apa ora
bosen.
Jaka Tarub : Ya ora koh.Wong sing nggawekna be bojone nyong sing
paling.ayu.Jen,ayu pisan pokoke lah.
Widadari Jambon : Bapake tah senenge gombal lhomesti anu ana karepe.
Jaka Tarub : Ngerti Bae.
Widadari Jambon : Oh ya Pak.Berase wis entong.Ngesuk adange kepriwe?
Jaka Tarub : Mbok beras sing wingi asih.Sedela temen entonge.
Widadari Jambon : Asih jeer sinten.Wong wis bersih klimit koh.

Jaka Tarub : Oh ya,neng lumbung beras pedangan sebelah kulon toli asih ana
berase.Wingi ana kiriman beras sekang kang Daslam.
Widadari Jambon : Jajal tek tiliki ya Pak.
Jaka Tarub : Ya nganah.

Neng lumbung beras kuwe,ijik-ijik Widadari Jambon nemu slendang warna


Jambon.Mirip kaya slendange sing ganu ilang.Widadari Jambon curiga,apa
Iya, Jaka Tarub sing njukut slendange.
Widadari Jambon kesuuuuhpisan.
ADEGAN KE VIII
Widadari Jambon : Pak, aku arep takon.Penting benget!!!Kye masalah
slendange nyong sing ganu ilang.Pak,kenapa bisa slendange
aku ana neng lumbung wadah beras?Andang-andang,Bapak
sing njukut slendange aku ganu ya???
Jaka Tarub : Hahslendang?Slendang apa?Aku ora ngerti.
Widadari Jambon : Lahusah mungkir.Ngaku bae Pak.Aku bener-bener
kecewa karo bapak.Wis tek bela-belani ora balik
khayangan,eh ternyata sing njukut slendange aku ganu
malah wong sing paling aku tresnani.
Teganya.teganya.teganya
Jaka Tarub : Pangapurane YangAku bener-bener njaluk pangapura.Aku ora
ngerti bakalan kaya kiye akhire.
Widadari Jambon ; Pakaku kuciwakuciwa.Sedih atiku
Aku ora bisa kaya kiye terus.Aku wis dilomboni.Aku kudu lunga sekang
ngene.Pak,tulung jaga Jaka Tajam sing bener.Aku titip
tulung derumat.Aja ngasi kurangen pangan.WisAku lunga
yaSlamat tinggal..

Jaka Tarub : Yang.aja lunga lahaja tinggalna aku dewekan neng


kene.Melasi Jaka Tajam.Masa aku dadi DUDA..
HeheHikshiks.
Widadari Jambon akhire balik maring khayangan.Anak siji-sijine karo bojone
Detinggal lunga dewekan.Saben ana pelangi,Widadari Jambon ngintip
keadaane anake sekang langit.
Jaka Tarub banjur dadi DUDA

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai