Banyumas
contoh artikel bahasa jawa tentang batik Saiki batik Banyumas akeh
sing dadi gaweane masyarakat, pusate sing akeh neng daerah Sokaraja,
kae sing terkenal juga akeh gethuk goreng sokarajane. Neng Banyumase
dewek ya ana umah sing nyediake batik, akeh motife lan regane ya
macem-macem, umahe neng perek alun-alun, nek maring kana takon bae
karo wong mesti pada ngerti. contoh artikel bahasa jawa tentang batik
Jerene batik motif Mbanyumas kue gawanane pengikute pangeran
Diponegoro pas jaman peperangan mbiyen neng tahun 1825-1830 M,
pengikut sing mlayu maring ngulon akeh sing manggong neng kene. Nah
kiye ana pengikut sing terkenal : jenenge Najendra, kuwe sing
ngembangna batik celup neng Sokaraja, bahane biasane seka mori lan
warnanne cok de jukut seka warna uwit tom, uwit pace lan mengkudu.
Jan batik Banyumas kuwe walau ora nganggo jeroan nek de enggo jen
adem tenan nenk awak. Makane sedulur kabeh ayo pada nganggo batik
banyumas. contoh artikel basa jawa tentang batik Saiki batik Banyumas
wis akeh motife, ana motif Jonasan, yaiku motif sing de dominasi karo
warna coklat lan ireng dengan corak non geometrik, motif liane ana :
Sekarsurya, Sidoluhung, Lumbon, Jahe Puger, Cempaka Mulya, Kawung
Jenggot, Madu Bronto, Satria Busana, Pring Sedapur. contoh artikel
basa jawa tentang batik Aku sing gumun saiki karo wong Banyumas
dhewek, nenk dina Jumat nek ora salah wong sing dadhi pegawane
negara kon pada nganggo batik, ya iya sih pada nganggo batik, tapi apa
saking ora ngertine apa kepriwe, mbok iya sing de enggo batikke dhewek
batik banyumas, malah pada nganggo batik liane. Jan-jan kiye kan sing
ora mudengi. Makane ayoh pada mulyakna kabudayane dhewek, aja apaapa sing penthing ngetren.wualah-wualah ! Dunya wis arep kiamat, ya
uwis ya sedulur, muga-muga pada ngerti budayane dhewek. Berita sing
anyar saiki para abdi negara kon nganggo batik seka dina rebo tekan
dina Setu. Ya mudah-mudahan bisa mulyakna perajin batik Banyumasan
lan Ekonomi banyumas. Salam ngapak. Artikel niki ditulis dening Igun
Winarno