Anda di halaman 1dari 1

ASAL MULA BAKALE DESA SELAKAMBANG

Selakambang yaiku salah sewijining desa sing ana nang kecamatan kaligondang kabupaten
purbalingga jawa tengah.
Asal muasal dijenengi desa selakambang amarga wonten watu ingkang gede sanget jumeneng wonten
ing salah sijining kali ingkang wonten ing selakambang, menurut cerios para sesepuh selakambang
jaman gemiyen watu iku jarene kemambang , watu iku duwure kurang lewihe 7 meter,lan diameter
kurang lewihe 200 meter, posisi watu iku wonten ing tengah kali lebak, selo iku artine watu , lah nek
kambang iku artine kemambang, dadi asal mula desa iku diaranai selakambang amarga wonten watu
sing kemamabang ing tengah kali.
Selakambang kalebet desa ingkang paling luas sekecamatan kaligondang, sedesa iku wonten papat
dusun, dusun beji, dusun banteng, dusun jambu, dusun gembrungan, salah sawijine tokoh selakambang
sing sekti mandraguna sing mbabarna anane desa selakambang sing paring asmo Eyang Purwa Suci
waktu iku sekitar tahun 1700 utawa 1800 masehi, miturut ceritane para sesepuh selakambang gemiyen
Eyang purwa suci pernag tanding karo pendekar seka desa sebelah ( pagerandong) sing arane Ki Ajeng
menggala, singkat cerita eyang purwa suci olehe perang karo ki ajeng menggala ana ning sekitar kali
perek perbatasan desa, ki ajeng menggala kalah anggne perang tanding karo eyang purwa suci, ki
ageng menggala mati ketaman keris pusakane eyang purwa suci, tempat perang tanding nganti matine
kiageng menggala saiki diarani kali menggala, sing saiki mlebu wiliyah desa selakamabang.

Anggota Kelompok : *Danny Sulistiono


*Laela Pratiwi
*Siti Amiyah
*Tuty Hadiyanti

Narasumber

: Samsuri Marja

Anda mungkin juga menyukai