Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum wr. Wb.

Alhamdulillahi robbilalamin, washho-laatu wassa laamu ala asysyrofil ambiyaa-i


wal mursaliina waala aalihi wa askhaabihi ajmain.
Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna
muhammadan abduhu wa rosuuluhu laa nabiya badah. Ama badu.
Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula
sedaya aamii.
Panjenenganipun bapak kepala sekolah SMP Negeri 1 Sleman ingkang satuhu
kula bekteni lan kurmati.
Bapak ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMP Negeri 1 Sleman ingkang pantes
sinuba ing pakurmatan.
Miwah kanca-kanca kelas 9 (songo) lan adhik-adhik kelas 7 uga kelas 8 ingkang
kula tresnani.
Langkung rumiyen sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi
ngunjukaken puji saha syukur wonten ngarsanipun Gusi Allah SWT ingkang
sampun keparing angrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan mliginipun
iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya saget kempal
manunggal ing plataran pawiyatan menika ingkang tansah dados gegatilaning
ati.
Selajenganipun kula minangka wod-lumaraping atur para kanca pawiyatan kelas
9 SMP Negeri 1 Sleman riki keparing matur wonten ngarsanipun Bapak-Ibu guru
karyawan saha para adhik kelas 7 lan 8.
Sepisan ngaturaken sedaya kalepatan salebeting sesrawungan ing pawiyatan
SMP Negeri 1 Sleman menika, sae ingkang kasedya menapa dene ingkang
mboten kasedya, ingkang sampun kalaer utawi ingkang tasih kabatos, mugi
panjenengan sedaya keparing anglunturaken sih samodra pangaksami, kosok
wangsulipun mbok menawi panjengan ugi kagungan kalepatan datheng kula
sakanca siswa kelas 9, ugi mboten kawratan caos pangapunten. Wondene atur
ingkang nomer kalih, saestu kula dalah sedaya kanca siswa kelas 9 ngaturaken
agenging panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru sarta karyawan ingkang sampun
kepareng paring pawucal, tuladha-tuladha, ugi bimbingan kang sedayanipun
saged andayani dhateng mekaring kadewasan kula sedaya. Awit saking sedaya
kesaenan panjenengan sedaya, kula namung tansah sumendhe dhumateng
ngarsaning Pangeran Ingkah Maha Wikal, mugi sedaya amal kesaenan
panjenengan kewau pikantuk lelintu nugraha ingkang saageng-angengipun.
Aamiin, Aamiin, Alloh huma Aamin.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, wonten lepat saha kasaring atur nyuwun
lunturing samodra pangaksami.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai