Anda di halaman 1dari 2

Pitik Mogok Mangan

Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan
sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada
lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora dienthekake. Mbak
Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike
dipakakke pithik wae. Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan
marang kancane.
Pithik Blorok:
Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku
Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?
Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak.
Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!. Makani barang apik ora iso popiye?
Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok
ora doyan mangan wae po?
Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.
Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia sak gegem, diuncalke ning
lemah ben dipangan pithike. Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia
nganthek sumebar tekan ngendi-endi. Babar pisan ora gelem mangan.
Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi banjur njukuk sega mambu ning pawon.
Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur
nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape
pithike ora gelem mangan?.
Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur. Mbok menawa pithike
doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike.
Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora
dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi
kaget marang pokale pithike.
Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet
kepedesen merga mangan arem-arem. Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae
arem-areme celathune marang Ponakane. Weruh mbokne ponakane yaiku Majda
Yulianingrum metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pithike dho ora doyan
mangan.

Majda Yulianingrum:
Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!
Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?
Majda Yulianingrum:
Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.
Pithik Blorok kaget banget krungu usulan dheweke dibeleh wae. Blorok tambah kaget
wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.
Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan
arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.
Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae. Ben kowe wae sing ora
doyan mangan luwih pantes dibeleh...
Pithik Blorok:
Enak wae. Aku ya ora gelem dibeleh ki..... (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi
lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)
Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan arem-arem. Mbak Dewi lan Majda
Yulianingrum dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah
rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki.

Anda mungkin juga menyukai