Anda di halaman 1dari 6

Cerita cerkak

Kerja keras

Karya

: Susi Rusmawati

No absen

: 29

Kelas

: IX A

SEKOLAH MENENGAN PERTAMA

2016/2017
Tema
Pokok pikiran

:Usaha Bocah Sing Bisa Nyenengake kaluargane


: ~ Sekar bocah sing dilahirke saka kaluarga kang
ekonomine pas-pasan.
~ Sekar iki bocah sing sregep lan ngurmati wong
tuwane.
~ Sekar bias nerima kakurangane kaluargane.
~ Nduewe adhi jenenge Arum.
~ Sekar iku bocah sing ora tau gumantung marang
wong tuane.
~ Sekar sekolah ing SMA Budi Pekerti.
~ Nalika usahane, Sekar entuk beasiswa lan ketampa
kuliah ing luar negeri.
~ Sekar banjur kerja ing kana, nanging sekar ora lali
marang kaluargane.
~ Kaluargane Sekar seneng amarga nduweni anak sing
bias nyenengake kaluargane.

Kerja Keras
Sekar bocah sing dilahirake saka kaluarga kang ekonomine paspasan. Bapakne mung kerja dadi buruh bangunan, lan ibune mung dadi
bakul gorengan.Sekar sekolah ing SMA Budi Pekerti. Sekar duwe adhi
jenenge Arum, umure 15 tahun. Arum ijeh sekolah ing SMP Bakti
Nusantara.
Nalika dina minggu, Sekar lan Arum tangi jam setengah lima. Bocah loro
kuwi mau banjur nyepakake sarapankanggop kaluargane. Sakwise
rampung sarapan, bapakne Sekar lan Arum pamit mangkat kerja.
Ndhuk, bapak menyang kerja disik yoo! ngendikane bapak. Nggeh
pak jawabe Arum. Arum lan Sekar banjur mbantu ibune nggawe
gorengan ing pawon. Sekar banjur ide ring desane. Nalika kuwi,
gorengane Sekar laris tenan. Sakwise gorengane entek, Sekar langsung
bali lan nyerahake hasil dodole marang ibune. Nalika wis jam enem,
Sekar banjur adus, sholat magrib lan sinau. Amarga sesuk Senin kuwi
Ujian Kelulusan Sekolah Menengah Atas.
Jam papat esuk, Sekar uwis tangi, dheweke banjur mbaleni sing
disinau mau bengi. Nalika krungu swara adzan subuh, Sekar banjur
sholat lan jaluk doa marang Gusti Allah SWT. Supaya lancar anggone
ngarap ujian. Sakwise kuwi, Sekar adus lan njaluk doa marang wong
tuwane.
Ujian diwiwiti, Sekar bias ngarap kabeh soal kanthi sabar. Bel
tandha istirahat wis muni. Kanca-kancane Sekar ngajak Sekar lunga ing
kantin sekolah. Nanging Sekar ora gelem, amarga Sekar pengen sinau
kanggo ujian selanjute. Kanca-kancane Sekar setuju marang Sekar.
Banjur Sekar lan kanca-kanca sinau bareng. Bel tandha masuk sekolah

kanggo nglanjutake ujian wis muni. Sekar lan kanca-kancane langsung


siap-siap. Pengawas ujian langsung mbageake kertas jawaban lan soal.
Pelajaran sing diwaca Sekar mau metu kabeh. Sekar langsung ngarap
kanthi bener.
Pengumuman kelulusan ujian wis teka. Kaluargane Sekar teka ing
sekolahane Sekar. Pengumuman Kelulusan Ujian Sekolah diwiwiti dening
Bu Kepala Sekolah SMABudi Pekerti. Hasile, siswa kelas XII dinyatake
lulus kabeh. Kaluargane Sekar seneng banget, amarga anake bias lulus
saka SMA. Sekar banjur sujud syukur.
Sakwise acara ing sekolaha rampung, kaluargane Sekar lan Sekar
banjur ngrayakake kelulusane Sekar, yaiku maem ng warung bakso Pak
Tejo. Atine Sekar seneng banget amarga dheweke lulus SMA lan bisa
nyenengnke kaluargane.
Ndhuk, sakwise lulus saka SMA apa kowe arep kuliah? pitakone
ibune Sekar. Njeh buk, ananging bapak kaliyan ibuk ingkang mboten
setuju nggeh mbotern napa-napa . jawabe Sekar. Bapak alan ibu kuwi
ngedukung kowe sup[aya kowe bias ngraih cita-citamu bdhuk, dadi bapak
lan ibu setuju anggone kowe kuliah. Ngendikane bapak. Nangging
masalah biayanipun pripun pak? pitakone Sekar. Masalah biaya iku
urusane bapaklan ibu. Jawabe bapak. Njeh pak, kula manut
panjenengan mawon. Jawabe sekar.
Dina pertama masuk kuliah Sekar mung meneng wae. Dheweke ora
duwe kanca utawa kenalan ing kana. Nalika jam kuliah diwiwiti, Sekar
diwenehi tugas kelompok dening dosene Sekar. Sekar banjur golek
kelompok lan kenalan marang kelompoke. Nalika tugas kelompoke Sekar
ditumpuk, kelompoke Sekar entuk nilai paling apik dewe.

Esuk kuwi genep sesasi anggone Sekar kuliah. Nalika Sekar arep
mlebu kelas, dosene Sekar nyeluake supaya Sekar mlebu ing ruangane.
Atine Sekar rasane deg-degan lan bingung. Sakwise tekan ruangan
dosene Sekar, dosene Sekar takon marang Sekar.
Apa kowe bingung yen tak kon mlebu nang ruanganku? pitakone
dosene Sekar. Nggih pak, enten naa kok kula diken mlebet
ruanganipuun bapak? jawabe Sekar. Kowe arep tak wenenhi surat.
Jawabe dosene sekar. Surat napa pak? pitakone Sekar karo binggung.
Iki surat kanggo kowe lan kaluargamu, surat iki aja dibukak nang kene,
kudu dibukak nang ngomahmu supaya kalurgamu ngerti isine apa! jawabe
dosene Sekar. Ooo nggih pak, matur suwun. Jawabe Sekar. Nalika
Sekar wis metu saka ruangan dosene, Sekar bingung lan ora sabar
pengen ngerti isi surate.
Jam kuliah Sekar wis rampung. Sekar langsung bali ing ngomah.
Sakwise tekan ngomah, kaluargane Sekar dikumpulake ing ruang tengah.
Ana apa ta ndhuk, kok kabeh dikumpulake ing ruang tengah? pitakone
bapakne Sekar. Iki pak, kula angsal sutar saking dosene kula jawabe
Sekar. Ooo, cuba dibukak lan diwaca, supaya kabeh ngerti isi surate.
Ngendiakne bapak marng Sekar. Jebule pak, Sekar entuk beasiswa
kuliah ing luar negeri. Jawabe Sekar. Sokur Alhamdulillah, bapak melu
seneng banget anggone Sekar entuk beasiswa nang luar negeri.
Esuk kuwi Sekar langsung mangkat ing luar negerikanggo neruake
kuliah. Sakwise tekan kana, Sekar banjur golek kamar kost. Sekar uwis
mubeng-mubeng ngoleki kamar sing kosong, nanging tetep ora ana kamar
sing kosong. Nalika kuwi, Sekar ana sing nulungi, jebule sing nulungi
Sekar yaiku kancane SMA biyen. Sekar lan kancane banjur mlebu lan
omong-omongan.

Wis pirang-pirang dina Sekar kuliah ing kana. Sekar bingung


anggone kebutuhane Sekar saya akeh. Untunge, kancane Sekar menehi
solusi supaya Sekar golek pagaweyan wae nang kene. Sekar setuju solusi
kancane Sekar. Sekar lan kancane banjur gplek pagaweyan . Akhire
wong lara mau entuk pagaweyan.
Nalika kuliahe Sekar uwis rampung, Sekar banjur fokus marang
pagaweyane. Wis patangsasi Sekar kerja ing luar negeri, dheweke
sekses anggone kerja , nanging dheweke ya ora lali marang kaluargane.
Nalika Sekar arep mlebu kantore le kerja, ana tulisan yen kantore
bangkrut. Atine Sekar sedih banget yen dheweke wis ora bias kerja
nang kana maneh. Banjur Sekar milih bali nang ngomahe lan kerja nang
kana, supaya cedhak karo kaluargane. Kaluargane Sekar seneng amarga
nduweni anak sing bisa nyenengake kaluargane.

Anda mungkin juga menyukai