Anda di halaman 1dari 1

E; DIMENSI PENGETAHUAN

1; Pengetahuan tentang penyakit


Mbah S berkata aku yo ngerti penyakitku kih opo wae mbak, laraku kih yo ono
gulo, saraf, kolestrol macem-macem mbak sembarang ono ancen
wes tua ya ngene iki mbak, tapi nek masalah cara-cara nyegah
karo obat-obate aku yo ora mudeng mbak, aku yo Cuma
bendinone ngumbe obat sing teko dokter kuwi mbak, karo
mangan sing wes disaranke doktere, kadang yo olahraga mbak.
Nek aku ngerasa kesel sitek ya langsung leren mbak gak meh tak
paksakke mundak penyakitku kumat meneh mbak. Aku ya manut
wae opo sing dikongkon doktere mbak, sak iki awakku wes rodok
penak mbak, tapi setiap obate entek aku yo langsung kontrol
mbak ning dokter langgananku aku wedi nek penyakitku kumat
meneh biyen aku pernah gak iso lapo-lapo mbak tak kira arep
mati jebule ijeh iso urip sampek sak iki ya tak syukuri wae
mbak.

F; DIMENSI TINGKAH LAKU


1; Pola makan (frekuensi makan, porsi makan, kesulitan makan, pola diet, kualitas
dan kuantitas makanan),
Mbah S berkata aku mangan sedino ping telu (esuk, awan, bengi), sing tak
pangan bendinane kuwi sego akehe sak gelas, nganggo sayur
karo lawuh. Sayure ya ganti-ganti mbendinone mbak, kadang
sayur bayam, sayur kangkung lan liyane. Yen lawuhe kuwi kaya
ayam kampung, ikan nila. Ngombene biasane entek sak aqua
sedeng mbak ya kira-kira 600 ml ditambah teh pahit sak gelas
mbak.Buah sing biasa tak pangan kuwi gedang mbak. Aku ya
kadang mangan selingan kaya misal krupuk biasane entek sak
bungkus plastik cilik mbak ya goreng-gorengan mbarang paling
mangan siji sampek loro mbak, nek ngerokok sedino kuwi siji
sampek loro batang mbak.

Anda mungkin juga menyukai