Anda di halaman 1dari 2

Sepisan, moggo kito sesarengan angunjuaken rahos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT

ingkang sampuan maringi kathahing nikmat, arupi nukmat lahir soho batin sehinggo wonten ing
wekdal puniko kito waget pepanggihan wonten ing majlis puniko tanpo setunggaling alangan
punopo, Amien.
Kaping kalih, Shalawat soho salamIpun Allah SWT mugi katetepno dumateng Nabi Agung
Muhammd SAW, ingkang sampun bekto kito saking mergi ingkang awon dumugi mergi ingkang
sahe lumantar Agami Islam.
Hadirin Hadirot Rohimakumulloh
Dungkap kaping tiganipun, ing mriki kulo minongko pranoto acoro wonten ing wekdal
siang/dalu puniko bade mahosaken runtuting acoro ingkang Insya Allah bade kelampah ing
wekdal puniko:
1) Pembuko
2) Wahosan Ayat-ayat Suci Alquran
3) Prakata panitia
4) Sambutan-sambutan
5) Istirahat
6) Inti (Mauudlotul Hasanah)
7) Doa/penutup
Mekaten menggah runtuting adicoro ingkang bade kalampah wonten ing wekdal siang/dalu
puniko. Ngengeti wekdal ingkang saantawis siang/dalu, pramilo monggo acoro kito milahi
sesarengan kanthi wahosan Ummul Kitab, kulo dhereaken Ala Hadzihinniyah Al Fatihah.........
(Sareng-sareng)
Shodaqollohul Adzim, mugi-mugi kanthi berkahipun wahosan ummul kitab waget ndadosaken
lancaipun adicoro ingkang bade kalampah wonten ing wekdal siang/ndalu puniko, Amiwn.
Menggah adicoro ingkang kaping kalih, inggih puniko Wahosan Ayat-ayat suci Alquran
ingkang bade dipun wahosaken sederek/bpk/ibu ............. kanthi sari tilawah sederek/bpk/ibu
............. ingkang kajibahan tugas kulo sumanggaaken.
Minongko adicoro sak lajengipun inggih puniko Prakata Panitia iangkang bade dipun aturaken
sederek/bpk/ibu ....................... dumateng panjenenganipun kulo aturaken
Kito lajengaken adicoro ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan. Dene sambutan ingkang
kaping sepisan inggih puniko sambutan atas nama wakil saking sedoyo santri ingkang bade
dipun aturaken sederek ....................... dumateng ingkang kajibahan tugas kulo aturaken
Sambutan ingkang ongko kalih, inggih puniko sambutan atas nami Pengasuh Pondok pesantren
Maahidul Irfan Soropaten ingkang bade kaasto dening Almukarrom Bpk. KH. M Aliyyul
Munief Qst, dumateng Almukarrom KH. M Aliyyul Munief Qst kito aturaken
Menggah adicoro sak lajengipun istirahat, kangge wekdal puniko bade dipun isi Group Shalawat
Rebana Qathrun Nada. Dumateng Firqoh Group Shalawat Rebana Qathrun Nada kulo
sumanggaaken
Istirahat kito cekapaken semanten. Dumugilah acoro ingkang kito tenggo-tenggo, inggih puniko
acara inti mauidlotul hasanah ingkang bade kaasto dening Almukarrom simbah KH. Mufid
Masud saking Ngayojokarto soho doanipun. Ananging sak derengipun Almukarrom medal
sabdo lan acoro kulo akhiri, mbok bilih wonten klentan-klentunipun atur saking awal dumugi
akhir saking kulo pribadi nyuwun agunging pangaksami.
Kito akhiri Ihdinasshirothol Mustaqiim.......


Ngarsanipun Almukarrom simbah KH. Mufid Masud kito sumanggaaken........

Anda mungkin juga menyukai