Anda di halaman 1dari 3

(Masuk ke panggung ferdi dan angga)

Angga: Fer, awakdewe lapo yo nang panggung kene?

Ferdi: iyo, aku dewe yo bingung, soale iki lak acara spesial.

Angga: spesial tambah endog a?

Ferdi: hus! Ngawur ae kon iku, ikilho wocoen tulisane nang mburi. (ternyata angga membaca tulisan
yang ditempel di punggung ferdi, tulisannya silahkan tendang saya. Angga langsung nendang
ferdi)

Ferdi: cak! Lapo kon nendang aku?

Angga: jare di kongkon moco tulisan nang mburi! Yo tak woco, iki loh nang geger mu (sambil
mengambil kertas dipunggung ferdi)

Ferdi: cak! Sopo seng nempelno ngene iki. Iki nek gak sindhu gak onok maneh seng liyo. Iki lho ngga
maksudku wocoen tulisan nang tembok acara.......................

Angga: ooo iku tahh...

Ferdi: spesial kan..

Angga: heem, tapi gak onok endog e, kurang spesial.

Ferdi: hadeh, sabar.. sabar..

Angga: fer, awakdewe mau durung salam yo... iku lho akeh tamu. Onok kepala sekolah, guru2 ambek
wali murid sisan. Gak sopan blas awakdewe iki

Angga & ferdi: assalamualaikum untuk para penonton.. semoga sehat semua ya.. (amin) banyak
rejekinya yaa.. (amin) tambah kaya ya .. (amin) al fatihah

Angga: heh, mbok pikir iki pengajian ndek kampung ta??

Ferdi: hehehe

Angga: he terus awakdewe iki kate lapo

Ferdi: iyo, aku dewe yo bingung arep nyumbang opo nang acara iki. Yoopo nek nyanyi ae

Angga: halah feer, koyok enak enak o ae suaramu. Lha wong kon nyanyi indonesia raya ae dalam
hati, kok arep nyumbang nyanyi

Ferdi: yo gak yo

Angga: ngedance ae lho, ben kekinian. Gaul

Ferdy: model koyok awakmu iku gak pantes nek ngedance. Awakmu lho kaku, gaisok lemes.

Angga: main band ae ta. Tambah sip iku

Ferdy: iki maneh, wong di uruki pak bambang nyebul pianika ae gak tau isok, malah arep ngeband.

Angga: hehe ojok rame-rame. Isin aku

Ferdy: sek talah, endi sindhu iki. Mau janjian arep ketemuan kok gurung teko yo
Angga: jek fitnes bee, ben kuru

(sindhu naik ke panggung)

Sindhu: opo ae yo, ngerasani aku ta?

Angga: gak kok, iki lho awakmu lapo telat?

Sindhu: yo biasa rek, wong nek ganteng iku biasane muncul terakhir

Angga & ferdy: huek huek cuh

Sindhu: lho deloken ta, mari ngene isok dadi model aku

Angga: iyo wes percoyo ae

Ferdy: gaes, mari ngene awakdewe wes gak sekolah nang ketabang maneh, sedih rasane atiku

Sindhu: iyo, opo maneh iki sekolah apik. Paporit. Guru-gurune yo enak kabeh, ekstrakurikuler yo
berprestasi, areke yo pinter-pinter. Masi o onok seng mayak

Angga: sopo seng mayak

Sindhu: wes gausah tak sebut. Percuma aku nyebut ferlangga paling awakmu gak kenal.

Angga: lho iku lak jenengku cak. Enak ae, mayak jare

Sindhu: fer awakmu iling ta guru-guru sing tau ngajar awakdewe

Ferdi: yo iling lah. Mulai bu ema, bu iim, bu dyah, bu nanik, bu eni, pak totok, pak taji, bu lika, pak
hadi, pak mahfud, pak asrul, maam dwi, pak bambang, bu min, bu dian, iling kabeh. Awakmu iling ta
ngga?

Angga: yo iling lah. (angga menyebutkan guru2 ketabang dan guru di sekolah pindahan juga)

Ferdi: lho sopo iku? Onok ta guru2 iku nang ketabang?

Angga: yo gaonok lah. Wong iku guru sd liyo

Sindhu+ferdi: hadehhh

Sindhu: menurutmu rek, arek ketabang iku yoopo?

Ferdi: pinter

Angga: suwun

Ferdi: sopan

Angga: suwun

Ferdi: ganteng

Angga: suwun lho fer

Ferdi: mayak pisan

Angga: suwun lho.. eh gak, aku gak mayak. Arek ngganteng koyok ngene kok mayak.

Sindhu: ngganteng teko endi nggaaaaa..


Angga: yo sing nang kelas VI A sing ngganteng iku aku

Sindhu & Ferdi: huek cuh

Angga: nek kelas C iku ............... , kelas B iku fikri, kelas A yo aku

Sindhu & ferdi: karepmu nggaaa

Ferdi: awakmu ngganteng tapi gaonok seng ngesiri. Aib iku

Angga: onok yo..

Sindhu: sopo? Arek c onok gak seng ngesiri awakmu? Arek C ayu2 lho ngga (shindu nyebut beberapa
nama anak kelas C)

Angga: koyoke gak onok

Ferdi: nek arek B? Onok sing ngesir awakmu ta? Alya? Sahnas? Alma? Bilqis?

Angga: gak onokk

Sindhu: iki seng terakhir yo, arek A onok sing ngesiri awakmu ta? Nita? Lala? Sivia? Rina?

Angga: gak onok kabeh hehe

Sindhu & ferdi: ngono ngaku ganteng!!

Angga: wes saolo gausa mikir naksir2an, sing penting iku awak dewe mikir sekolah

Ferdi: dengaren awakmu bener ngga

Sindhu: yo setuju. Mugo2 kabeh isok diterimo nang SMP negeri favorit. (amin) mlebu SMP kawasan
(amin) mari ngono isok mlebu SMA favorit (amin) mari ngono isok kuliah kabeh, nyambut gawe
sing nggena (amin)

Ferdi: ndu, awak dewe gak kesuwen ta nang panggung? Ngko liyane gak uman lho!

Angga: iyo ndu, ayo mudun ae

Sindu: sik sik sak durunge mudun aku pengen ngucapno terimakasih kepada semua guru SDN
KETABANG yang telah sabar mendidik kami

Ferdi: kami minta maaf bila kami pernah merepotkan bapak dan ibu guru, membuat kesal

Angga: iya bu, saya juga minta maaf. Terimakasih sudah mendidik kami selama ini. Jasa-jasa bapak
dan ibu guru akan selalu kami kenang

Sindhu: hanya Allah SWT yang bisa membalas semua jasa2 ibu dan bapak guru

Ferdi, sindhu, & angga: terimakasih, terimakasih SDN KETABANG. Terimakasih temanteman.
Semoga kelak kita berjumpa dan menjadi orang sukses. Wassalaimualaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai