Anda di halaman 1dari 1

ASSALAMUALAIKUM WR.

WB
ANGUDZUBILLAHI MINASYAITHONIRROJIM. BISMILLAHIRROHMANIRROHIM
ALHAMDULILAHIROBBIL ALAMIN, ASHOLATUWASSALAMU ALA SAYYIDINA
MUHAMMADIN, WA ALA ALIHI WASHOH BIHI AJMAIN .. AMMA BADU

DUMATENG SHOHIBUL BET INGKANG KAWULO HORMATI


IBU IBU JAMAAH YASIN INGKANG KAWULO HORMATI

Sepindah monggo kito sareng-sareng muji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT,
dene menopo gusti Allah tansah maringi pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah soho inayah
dumatengkito sedoyo, sehinggo wonten wekdal meniko, kita saget nindak aken kegiatan
ingkang arupi maus ayat-ayat ipun al quranul karim, kanti keadaan rahayu wilujeng mboten
manggih alangan setunggal menopo . Aamiin
Kaping kalihipun sholawat soho salam, mugi tansah katur kunjuk dumateng Nabi Agung
Muhammad SAW, ingkang sampun mbeto kito sedoyo wiwit saking zaman jahiliyah dumugi
zaman Islamiyah mugi-mugi kulo soho panjenengan sedoyo mangkin saget pikantok
syafaatipun mbenjang wonten ing Yaumil Qiyamah .. Aamiin
Kaping tiganipun kawulo wonten mriki mewakili saking shonibul bet sekeluargo
ngaturaken sugeng rawuh dumateng ibu-ibu sedoyo, mbok bilih saking shohibul bet meniko
anggadahi kekilafan, mengenahi pahormatan, utawi papan pinaraan ingkang kirang mranani
menggah panggalih panjenengan sedoyo, kawulo nyuwunaken agungeng pangapunten ingkang
sak kathah-khatah ipun
Ibu-ibu ingkang kawulo hormati .. ingkang saklajengipun wausan ayat-ayatipun al
quranul karinm . Dumateng imamipun kawulo sumanggaaken

PENUTUP

Alhamdulillahirobbil alamin bilih anggen kulo panjenengan sedoyo nindak aken maus
yasin soho manakib sampun sampun cekap, mugi-mugi kolo wau sageto mbeto barokah,
kususipun dumaten arwah-arwah ingkang sampun wonten ing alam kubur, ugi sageto
ambarokahi dumateng kito sedoyo amin ya robbal alamin
Saking kawulo cekap semanten, wonten kirang langkungipun nyuwun agungeng
pangapunten dumateng shohibul bet kususon dumateng ibu-ibu sedoyo.
Kawulo akhiri, wassalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh

Anda mungkin juga menyukai