Anda di halaman 1dari 2

GGN

Ganteng Ganteng Nyolongan

Ana arek jeneng e Wanda puspita. Areke iku uayu gak ketulungan, wes wayu, kuru,
pinter, sholehah,sugih wes pokoe cocok dadi mantu. Wanda sekolah ning SMAN 1 NJABON
kelas XII arep e lulus. Omahe ing Porong , dadi ben dina ne pulang-pergi saka porong ning
njabon numpak montor.Amarga di tukokne montor karo bapak lan ibuke dadi Wanda yo
ngesyukuri wae opo seng di ndueni.Wanda iki cedek ambek arek lanang ning sekolahe,jeneng e
Dilan. Dilan iki arek e macak guanteng senengane nggawe jaket denim lan tumpakkane vespa.
Ancene kabeh wedok ning SMAN 1 NJABON muesti kepincut karo Dilan iki, nanging Dilan iki
cuek lek ng arek wadon liyane kecuali Wanda seng perawakane uayu pol koyok Ariel Tatum.
Ono sahabat sahabat setia ne Wanda ket kelas 1 SD yoiku Naura,Nada, karo Zara. Suering
Wanda nggowo duit lebih neng sekolah amarga eruh lek sahabat e ancene pas pasan lak gorong
karuan melok lek Wanda ngejak mangan sakben mulih sekolah.Sahabat sahabat e Wanda iki yo
sungkan ambek Wanda tapi piye neh Wanda deweke sing bersikeras nukokne sahabate mangan.

Sawijing dina , Wanda diajak mangan bareng karo Dilan, jeneng e wadon diajak mangan
karo lanang sing disenengi langsung guirang koyok welut kesetrum. Wanda sing antusias nemen
langsung cerito nang sahabat sahabat tercinta ne “Heeee rekkkkk rekenen aku aa aku kate cerito
iki hotnews pollll” . Sahabat sahabat e wanda mek “ he arek iku gapopo ta ?” “emboh ra
sawangane kesurupan jin iffrid”, “awakmu nganggur a rek rekenen Wanda ilo” jare Nada.
“Sumpah iki rekk aku lho di ajak mangan ambek mas Dilannn gantengkuu”. “Loala rek gendeng
temenan arek iki” jare Zara. Dina iku Wanda bener-bener sueneng amarga dijak mangan. Lusa
ne iku dina ne yen mas Dilan ngajak Wanda mangan bareng. Arek loro iku budhal ning tempat
mangan Holycow ning Sutos Suroboyo. Panganane terkenal larang-larang amarga panganane
steak sapi saka luar negri. Wanda inisiatif nggowo duit akeh bek ne tuku opo-opo lan cek ketok
nang ngarep e Dilan , deweke guduk wedok melarat lan senengane njaluk di tukokno. Akhire
arek loro iku mangan bareng nge date koyok arek anyar pacaran,podo meneng menengan , isin
isinan. Pas mari mangan kate bayar, Wanda ngetokne duit lakok Dilan ngomong “ aku ae nda
sing bayar, tak tukokno” . wuh iku jenenge atine Wanda miber miber raiso mudun kecantol tiang.
Ben ngilangno isin e Wanda ,areke pamit ng toilet .”aku tak ng jading sek yaa mas”. “iyoo nda
ati2”. Wanda ninggal barang-barang e nang mejo trus budal ning jading. Mari saka jading, Dilan
ngejak Wanda mulih. Dina iku perasaane Wanda sueneng gak karuan koyok mari menang kuis
ning tipi-tipi.

Sesuk e Wanda cerito ning sahabat-sahabate piye perasaane pas wingi mangan karo mas
Dilan. “Rek sumpa rek wingi iku mangan ning Holycow dibayari sisan.”. “Heala Nda Nda
awakmu wis sugih ae mosok sek njaluk dibayari”. “Layo Nda Nda bener jare Naura” jare Zara.
“Lha piye maneh kate mbayar gak diolehi ambek Dilan” jare Wanda. “Wes ayo tak bayari
mangan-mangan wingi duitku gak kalong blas.”. “Yowes ayo wes” jare arek-arek. Pas tutuk
tempat mangan Wanda kuaget kok duit e kukut akeh padahal winginane ora mbayar blas. Akhire
Wanda ambek kanca-kanca ne mikir kok isok duit e ilang. Wanda mikir pas dee mangan bareng
Dilan terus ning jading dompet e sing nang mejo dibuka karo Dilan. Sahabat-sahabat e yo mikir
koyok ngono, akhire mereka ngerencanakno nggae njebak Dilan. Rencanane yaiku Wanda
ngejak mangan Dilan diawasi ambek kanca-kanca ne terus Wanda ning jading ninggalno dompet
e ning mejo.

Teko dinane Wanda ngejak mangan Dilan. Sahabat-sahabate Wanda wis ngenteni nang
panggon mangan.Wanda karo Dilan ngobrol panjang lebar sampek akhire Wanda pamit kate
ning jading. Pas Wanda wes ng jading, Zara,Naura,lan Nada niteni gerak gerik e Dilan nang
mejo. Sambil tengak tenguk Dilan mbuka tas e Wanda trus njukuk dompet e, dijukuk duik 200
ewu saka dompet e Wanda trus dibalekne maneh ning tas e Wanda. Pas Wanda mbalik saka
jading, Dilan mek mesam mesem alus. Akhire di tekani karo sahabat-sahabat e Wanda lan
ngepeki lek Dilan iku sing nyolong duik e Wanda. Akhire Dilan ngaku lek njukuk duik e Wanda
lan njaluk sepura ning Wanda lan sahabat e. “Nda sepurane wis nyolong duit mu” jare Dilan. “O
ancene lanang ora ndue isin! Nyolongan pisan. Ancene was*!”. Wanda lan sahabat-sahabate
ninggalno Dilan.Wanda akhire ngandani nang arek-arek wedok sekolahan e lek Dilan seng
jarene ganteng lan sugih iku, tibake nyolongan lan mata duitan. Akeh adek kelas sing sambat
ning Wanda lek arek sing tau metu karo Dilan mesti duit e kukut. Akkhire semenjak iku kabeh
arek ning sekolah eroh nek Dilan iku tibake nyolongan.

Anda mungkin juga menyukai