Anda di halaman 1dari 3

Perjuangan

Wis ceblok ketiban ondho. Paribasan kuwi pas banget nggambarake


kahananku iki. Sawatara dina kepungkur, aku nrima info yen skripsiku
ditolak lan aku kudu mbaleni kuliah 1 semester maneh amarga ana syarat-
syarat sing durung dakpenuhi semester iki amarga kesibukan bisnisku. Ora
mung iku, aku kudu nrima yen rencana kerja sama bisnisku sing wis
disetujui ndilalah dibatalke amarga perusahaan sing arep kerjasama kuwi
bangkrut.

Kuciwa lan sedhih ngglayuti atiku. Aku kaya ora ana daya kanggo ngadapi
kanyatan iki. Aku malih kadang minder yen ndheleng kanca-kancaku sing
wis podo lulus lan podo oleh penggawean masio aku ya ngerti yen ana wae
kancaku sing lulus lan oleh panggawean ora nganggo usahane dhewe.
Sok suci! Coba awakmu nurut kandhaku lan melu nitipake skripsi pasti
nasibmu bakal luwih mujur Ngono kuwi kira-kira yen kanca-kancaku
ngece aku.

Yen ora merga nasehat lan dukungan bapak lan ibuku aku pasti wis nuruti
kanca-kancaku. Le, apa wae sing koklakoni, nang ndhi wae lan kapan
wae, aja lali nerapake kejujuran sing wis bapak ajarke nang kowe. Percaya
wae yen kowe jujur Gusti Alah bakal mudhunake kaberkahan ing uripmu
Kandhane bapakku kuwi agawe aku tegar ngadepi kahananku iki.

.........................................................

Aku mulai nata uripku. Aku mulai mikir apa sing nggawe uripku dadi
kaya ngene. Apa sing nggawe kasuksesan sing meh dakolehi ilang lan
diganteni kegagalan sing meh nggawe aku roboh yen ora merga dukungan
wong tuwaku.

Aku bingung lan bingung. Aku sadar pancen aku dudu wong sing nduweni
kecerdasan luwih. Nanging aku yakin yen aku wis nungsang jempalik
luwih saka kanca-kancaku. Aku isih ora paham geneya aku gagal ngolehi
cita-citaku. Apa iki merga aku kurang bejo? Apa kerja kerasku isih
kurang? Apa merga aku kurang gigih yen mbelani cita-citaku.
Aku mikir lan mikir lan aku mulai sadar. Yen dakpikir-pikir pancen kerja
kerasku isih durung sebanding karo cita-citaku sing dhuwur. Ora mung
pingin lulus summa cumlaude nanging aku yo nduweni cita-cita supaya
bisnisku sukses sing iki pasti bakal nguras tenaga, pikiran lan wektuku
luwih saka kanca-kancaku. Aku tanpa sadar ya kejangkit penyakit
sombong sing mungkin nyebabake Gusti Allah murka lan ngewenehi nasib
sing kaya ngene. Ya, alhamdulillah akhire aku sadar kesalahanku.

.........................................................

Aku mulai nebus kesalahanku karo semangat anyar. Kebetulan ing


semester iki ana pihak njaba sing nawarake program kerjasama bisnis
kanggo para mahasiswa kaya aku. Nanging ngolehake program iki ora
gampang merga seleksine ketat banget. Supaya bisa oleh program iku aku
kudu nglewati tes tulis lan tes wawancara. Aku kudu bisa ngyakinake juri
yen aku pantes oleh program iku. Pancen ora gampang, nanging aku
nduwe tekad ngolehi program iki merga iki bisa dadi langkah pertamaku
menyang cita-citaku.

.........................................................

Wes sawatara wulan kepungkur iki bapak sing ngewenehi dukungan nang
aku nginep ing rumah sakit. Bapakku didiagnosis dokter lara kanker
stadium akhir. Warta apik sing dakolehi sawatara jam kepungkur kerasa
hambar yen aku ing ngarepe wong sing dakkusayangi iki. Perasaanku
campur antara seneng lan sedhih. Bapakku masio ing kondisi sing kaya
ngene isih sempat ngewenehi wejangan lan mbakitake semangatku . Iki
nggawe tekadku ngejar cita-citaku bangkit. Apa maneh sakmarine oleh
kabar yen skripsiku diterima lan aku sukses nglewati tahap per tahap
seleksi program bisnis sing dakmelui.

.........................................................

Dina iku dina seleksi terakhir program bisnis sing dakmelui sing diadaake
ing kampus. Nanging kahanan bapakku dina iki kritis banget . Aku
bingung antara budhal menyang kampus utawa ngancani bapakku sing
saya kritis. Nanging bapakku kaya biasane ngewenehi aku wejangan
supaya budhal lan ora usah nguwatirake kondisine. Dheweke ngomong
yen bakal apik wae. Masio atiku abot aku akhire budhal menyang kampus.
Sakdurunge budhal aku pamitan menyang bapak ibuku.

.........................................................

Aku ora ngerti mbuh iki tangisan seneng opo tangisan sedhih. 5 menit
kepungkur aku oleh warta apik lan elek bebarengan. Warta apike aku lolos
seleksi nanging warta eleke yaiku bapakku isuk mau seda. Atiku campur
aduk antara seneng lan sedhih. Bapak sing ngancani lan ngewenehi
wejangan marang aku wis sedha. Nanging ing tangisanku iki aku uga
kelingan maknane urip. Aku sadar yen ing urip iki pancen ora mung
bahagia terus nanging mesthi ana pacoban sing diwenehi Gusti Allah
kanggo nguji hambane. Nanging saka kana manungsa bisa njupuk hikmah
yen sakmarine ujian mesthi ana pertolongan Allah lan saka ujian kuwi kita
bisa tambah bijak ing urip iki.

Anda mungkin juga menyukai