Kidung Kawedar
Kidung Kawedar
PUJONGGO AGENG
KERATON DALEM SURAKARTA HADININGRAT
KAWEDARAKEN DENING :
R. WIRYA PANITRA KUSUMA DININGRAT,
SURAKARTA
Sekar Dhandhanggula
Kaping 01 :
Ana kidung rumekso ing wengi,
Teguh ayu luputa ing lara,
Luputa bilahi kabeh,
Jim setan datan purun,
Paneluhan tan ana wani,
Miwah penggawe ala,
Gunane wong luput,
Geni tinemahan tirto,
Maling adoh datan ana ngarah ing mami,
Guna duduk pan sirno.
Kaping 02 :
Sakehing lara pan samya bali,
Sakehing ama pan samya miruna,
Welas asih pandulune,
Sakehing braja luput,
Kadi kapuk tiba ing wesi,
Sakehing wisa tawa,
Sata galak tutut,
Kayu aeng lemah sangar songing landhak,
Guwaning wong lemah miring,
Myang pakiponing merak.
Tuwin saking dayanipun kidung wau, sakathahing penyakit ingkang badhe dhateng
lajeng sami wangsul. Sak kathahing ama ingkang andadosaken karibetan ing lelampahan
sami sumingkir tebih. Sedaya wau namung anggadhahi raos welas lan asih. Saupami
wonten ingkang badhe sumedya anamani dedamel, inggih sampun ndilalah mesti
lepatipun, saupami kengingo inggih mboten kraos punapa-punapa.
Pepindhanipun kados dene kapuk dumawah wonten tosan. Saupami kenging wisa saget
tawar. Saupami kepethuk sato kewan ingkang galak inggih nboten purun mangsa, kewang
wau dados tutut. Punapa dene manawi ngambah ing wit-witan ingkang angker, tuwin siti
ingkang sangar inggih lajeng dados cabar.
Samanten agengipun daya panguosipun kidung sak lampah-lampah kita tansah
jinangkung ingkang wilujeng ing kawilujengan sarta kaleresan. Wondene inkang
katembungaken songing landhak, guwaning wong lemah miring myang pakiponing merak,
punika namung pralambang, miturut wewaton ngelmi.
Tegesipun : anedhahaken wiwitanipun dumadosanipun manungsa, lantaran saking
kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung). Katranganipun : Bapa anggenipun anitisaken
wiji dhateng biyung korud dening kama wonten salebeting mani, madi, wadi tuwin
maningkem. Ingriku punika anggenipun sang Hyang Maha Suci amardeng titah. Nanging
wiji wau taksih dumunung ing nukat Gaib awujud cahya wening.
Kaping 03 :
Pagupakaning warak sakalir,
Yen winaca ing segara asat,
Temahan rahayu kabeh,
Apan sari rahayu,
Ingideran kang widodari,
Rineksa malaekat,
Sakathahing rasul,
Pan dadi sariro tunggal,
Ati Adam utegku bagenda Esis,
Pangucapku ya Musa.
2. RAOS KADIM, Dumunung ing MANAH, dados raos pangraos, inggih punika
ingkang saget ambedaaken LERES tuwin LEPAT.
Tegesipun : sadoyo wau dumunung dados satunggal wonten ing badaning manungsa.
Wondene ingkang katembungaken : ATI ADAM UTEGKU BAGENDHO ESIS punika
kateranganipun anerangaken gelaran mumukaning prabot kita.
Kadosta : ATI ADAM Tegesipun : Ati punika asilipun saking titipanipun biyung. Saget
dados ratuning badan , manawi kurang satiti saget dumawah sangsara lelampahanipun.
Dene ati punika peranganipun wonten 3 prakawis, inggih punika:
1. ATI SANUBARI. Pakartinipun kangge angrimati kawruh pancadriya utawi kangge
angraos-raosaken.
2. ATI SIRI. Pakartinipun anuwuhaken karep ingkang dereng kawedal krentek utai niat.
3. ATI MAKNAWI. Pakartinipun anuwuhaken raosing pangertosan dhateng GAIB (karsa
ingkang wiwitan).Ingkang makaten wau dipun sanepaaken NABI ADAM inggih dados
manungsa ingkang wiwitan.
Pangucapku ya Musa,
Tegesipun : Pangandika asalipun saking jantung, ewodene manawi saget sampurna, inggih
dumugi ing insan kamil (dumununging pagesangan ingkang leres) ingkang makaten
punika dipun sanepaaken NABI MUSA, inggih tansah mundhi dhawuh pangandikaning
ALLAH, lajeng saget dados panutanipun tiyang golongan bani Israel saking tanah mesir
dateng tanah kenangan. Namung saking dayaning pangandikanipun kemawon, lajeng
saget dipun pitados ing tetiyang kathah.
Kaping 04 :
Napasku nabi Ngisa linuwih,
Nabi Yakub pamiarso ningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dhawud swaraku,
Jeng Soleman kasekten mami,
Nabi Ibrahim nyawa,
Idris ing rambutku,
Bagendho Li kulit ingwang,
Getih daging Abubakar Ngumar Singgih,
Balung bagendho Ngusman.
Menawi kita saget anggumelengaken lampahing napas ingkang saking lebet utawi njawi,
saestunipun saget anuwuhaken kanyataning karsa ingkang linagkung. Ingkang makaten
wau kaupameaken kados dene NABI NGISA inggih dados tetangsuling agami.
Pramila dipun sanepaaken rupi kita, amargi rupi punika, dados warananing warna. Dene
warna punika dados warananing GAIB.
Dados rupi kita kita punika sadaya dados warananing gaib ingkang linangkung utawi
titipaning Allah.
Kawedarakensuraosipun makaten :
Netraku ya Mukammad,
Tegesipun : Namung anedhahaken bilih salebeting netro ingkang pethak punika wonten
gaibipun awujud CAHYA. Kawastanan : NUR MUKAMMAD, inggih punika ingkang
minangka awasing paningal.
Panduluku rasul,
Tegesipun : naming anedhahaken bilih raos punika lenggahipun wonten ing netra ingkang
cemeng. Katitik saking emating raos lajeng kiyer-kiyer. Katranganipun : Rasul punika
utusan. Menggahing ngelmi ingkang ingaken utusan punika raos.
Kaping 06 :
Wiji-sawiji mulane dadi,
Apan pencar saisine jagad,
Kasamadan dening date,
Kang maca kang angrungu,
Kang anurut miwah nyimpeni,
Dadi ayuning badan,
Kinarya sesembur,
Yen winacakna neng toya,
Kinarya dus rara tuwa angles rabi,
Wong edan nuli waras.
Katranganipun : sedaya wau bakunipun kita kedah pitados ingkang saestu, bebasanipun
sapatemon-tinemenan, amargi ing atasipun gusti Allah manawi sumedya mitulungi
dhateng kawulanipun punika sanadyan mawi sarana wujud punapa kemawon,
saestunipun inggih anggadhahi daya utawi sebab.
Nanging manawi tiyang ingkang pitados kados makaten punika, namanipun tiyang
ingkang ngelminipun saweg setengah.Dene menawi tumprap tiyang ingkang sampun pana
dateng gaib, kapitadosanipun punika boten kandeg namung wonten ing warono, nanging
perlu macung piyambak, sageta sapatemon.
Kinarya sesembur,
Yen winacakna neng toya,
Kinarya dus rara tuwa angles rabi,
Wong edan nuli waras.
Tegesipun : serat kidungan wau, manawi kawategaken ing toya, lajeng kasemburaken
idunipun, toya wau anggadhahi sawab manawi kaangge siram ing prawan ingkang
sampun kasep, lajeng tumunten saget angsal jodho. Manawi kangge siram tiyang ingkang
sakit ewah, nggih tumunten saras.
Amila daya wau inggih kapendhetaken saking panguaosing sang guru jati. Dados langkung
perlu punika sageda gambuh kaliyan sang GURU JATI supados saged ngampil
panguaosipun.
Kaping 07 :
Lamun ana wong kadhendho kaki,
Wong kabonda lan kabotan utang,
Yogya wacanen den age,
Ing wanci tengah dalu ping selawe,
Wacanen ririh,
Luar ingkang kabanda,
Kang kadendha wurung,
Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma,
Kang utang puniku singgih,
Kang agring dadi waras.
Kaping 08 :
Sapa reke bisa anglakoni,
Amutiha lawan anawa a,
Patangpuluh dina wae,
Lan tangi wektu subuh,
Lan den sabar sukuri ing widhi,
Insya Allah tinekan sakarsanireku,
Tumrap sanak rayatira,
Awit saking sawab pangiketing ngelmi,
Duk aneng kali jaga.
Ing saben dintenipun kadamel ajeg. Punapa malih sak tindak-tanduk kita, katingalo
ingkang narimo kanti sabar penggalih, naming sumarah ing sak keparengipun.
Sarana tumindak ingkang makaten punika, manawi temen-temen inggih saget tinarimah
dening Allah, saget kadumugen punapa ing pangestinipun sarta kenging kagem mitulungi
dhateng karibetaning sanak sederek, putra wayah tuwin sane-sanesipun. Ingkang makaten
wau katarik saking sawabing ngelmi ingkang sampun dipun lampahi sarta sampun dipun
anggit kanjeng Sunan nalika wonten dhusun KALIJAGA. Menggah ngelmi ingkang saget
wiyar tebanipun kenging kaagem mitulungi ing karibetan warni-warni wau. Dene
golonganing ngelmi ingkang kados makaten punika, sagetipun manjing anggadhahi daya
kedah anglampahi SISIRIH.
Kaping 09 :
Lamun arsa tulus nandur pari,
Puasa a sawengi sadina,
Iderana galengane,
Wacanen kidung iki,
Kabeh ama pan samya wedi,
Yen sira lunga aprang,
Wateken ing sekul,
Antuk a tigang pulukan,
Mungsuhira sirep datan nedya wani,
Rahayu ing payudan.
Iderana galengane,
Tegesipun : ing saderengipun pantun katanem sasampunipun sadinten mboten dhahar,
dalunipun lajeng ngiderana galengan sabin.
Katranganipun : raosing penggalih ingkang meleng panyuwunipun.
Kaping 10 :
Ana kidung rekeki aryati,
Sapa weruh reke araningwang,
Duk ingsun ana ing ngare,
Miwah duk aneng gunung,
Kisamurta lan ki Samarti,
Ngalih aran ping tiga,
Arta daya tengsun,
Araningsun duk jejaka,
Ki artati mengko araningsun,
Ngalih sapa wruh araningwang.
BETAL MAKMUR jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak,
yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi
iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku
Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing kahanan jati.
BETAL MUKARAM jumeneng ana ing dhadha ning adam. Kang ana sajroning dhadha
iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi
iku jinem , yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku
rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi
ing kaanan jati.
BETAL MUKADAS jumeneng ana ing kemaluaning adam. Kang ana sajroning kemaluan
iku pringsilan, kang ana ing antaraning pringsilan iku nutpah, yaiku mani, sajroning mani
iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku
rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi
ing kaanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono
wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam
insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajatining sipatIngsun.
Katranganipun : inking dipun parapi Arta Daya, Artati, punika wujudipun namung
satunggal mboten sanes : inggih namung ingsun.
Pepindhanipun kados dene sesebutan sang NATA, inggih punika ratu ingkang saweg
jumeneng wonten ing sitinggil”SANG PRABU” punika ratu ingkang saweg jumeneng ing
pandhapi “SRI NARENDRA” punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing kedhaton.
Sesebutan tiga wau inggih ingkang dipun sebut inggih namung satunggal utawi
anggadhahi teges ANERANGAKEN KUWAJIBANIPUN.
Kaping 11 :
Sapa weruh kembang tepus kaki,
Sasat weruh rek ke artadaya,
Tunggal pancer ing uripe,
Sapa wruh ing panuju,
Sasat sugih pagere wesi,
Rineksa wong sak jagad,
Kang angidung iku,
Lamun dipun apalna,
Kidung iku den tutug sedasa wengi,
Adoh panggawe ala.
Kawedharakensuraosipun makaten :
Pun B inggih lajeng ngrahapi lajeng katingal binger, rumaos nikmat sanget anggenipun
dhahar, dados pasugatan wau katrimah sanget. B lajeng pamitan wangsul. Menggah
pakartinipu A anggenipun anyugata mboten sarana ditembungi, sarta mboten amengku
pamrih. Punika ingkang dipun wastani nuju kareping sanes, tuwin tumindak sanes-
sanesipun ingkang sairib makaten wau.
Kaping 12 :
Lawan rineksa dening hyang widi,
Sasedyane tineka dening hyang,
Kinedhep mring janwo akeh,
Kang maca kang angrungu,
Kang anurat miwah nyimpeni,
Yen ora bisa maca,
Simpenana iki,
Temah ayu kang sariro,
Yen linakon dinulur sasedyoneki,
Lan rineksa dene hyang.
Anggadhahi sawab, saget amilujengaken badanipun, wondene menawi mboten saget maos,
inggih karimata kemawon inggih sampun anggadhahi sawab wilujeng. Langkung-
langkung bilih kersa anglampahi TARAK BROTO. Sawabipun saget sempulur anggening
ngupajiwa, sarta tansah jinangkung dening pangeran.
Kaping 13 :
Kang sinedya tinekan hyang Widi,
Kang kinarsan dumadakan kena,
Tursinihan pangerane,
Najan tan weruh iku,
Lamun nedya muja semedi,
Sasaji ing sagara,
Dadya ngumbareku,
Dumadi sariro tunggal,
Tunggal jati swara awor ing artati,
Aran sekar jempina.
Tursinihan pangerane,
Tegesipun : Punapa malih ugi jinangkung ing pangeranipun.
Katranganipun : ingkang dipun wastani penggayuh punika kabetahan ingkang
kanggenipun ing kala mangsa. Tumindak ingkang tansah kaleresan punika tegesipun
saking berkahing pangeran.
Dadya ngumbareku,
Katranganipun : ingkang dipun wastani ngumbara punika lenggahing hyang pramana
wonten ing Bental Mukaram. Ing wusana lajeng jumeneng ing Betal Makmur.
Kadosanipun oncat saking palenggahan.
Kaping 14 :
Semahira ingaran senjari,
Melu urip lawan melu pejah,
Tan pisah ing saparane,
Pari purna satuhu,
Anirmala waluya jati,
Kena ing kene kana,
Ing wasananipun,
Ajejuluk adi suksma,
Cahya ening jumeneng ing artati,
Anom tan kena tuwa.
Ing wasananipun,
Ajejuluk adi suksma,
Tegesipun : dene kedadosanipun boten sanes inggih namung jumenengipun pribadi
(sejatining ingsun).
Kaping 15 :
Panunggale kawula lan gusti,
Nila ening arane duk gesang,
Duk mati nila arane,
Lan suksma ngumbareku,
Ing asmara mung raga yekti,
During darbe paparab,
Duk rarene iku,
Awayah bisa dedolanan,
Aran sang hyang jati Iya sang artati,
Yeku sang arta daya.
Kaping 16 :
Dadya wisa mangkya amartani,
Lamun marta atemahan wisa,
Marma arta daya rane,
Duk lagya aneng gunung,
Ngalih aran asmara jati,
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun,
Nyi Pancari lunga ngetan,
Ki Artati nurut gigiring Merapi,
Anulya mring sundara.
Mangkya amartani,
Tegesipun : tumprapipun gesang ing donya manawi mangeran dhateng daya punika
gesangipun dados utami (dados marta). Kosok wangsulipun ingkang utami dados kesasar.
Ingkang makaten punika sageto nata tumindakipun, sampun ngantos salah penampi utawi
kerem.
Pramila saksampunipun wiji tumitis ing biyung wonten saklebeting mani, madi,
maningkem, rahsa ingsun lajeng lumampah minggah nurut ula-ula.
Kaping 17 :
Ana pandhita akarya wangsit,
Mindha kumbang ngajab ing tawang,
Susuh angina ngendi nggone,
Lawan galihing kangkung,
Wekasane langit jaladri,
Isine wuluh wung wang,
Lan gigire panglu,
Tapaking kuntul anglayang,
Manuk miber uluke ngungkuli langit,
Kusuma jrah ing tawang.
Kaping 18 :
Ngambil banyu apikulan warih,
Kodhok ngemuli lenge,
Miwah kang banyu den kum,
Myang dahana murub kabesmi,
Bumi pinetak ingkang,
Wawono katiyub,
Tanggal pisan kapurnaman,
Yen anenun sentek pisan anigasi,
Kuda ngrap ing pandengan.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Wawono katiyub,
Katranganipun : lebet wedaling napas punika katarik dening swasana.
Kaping 19 :
Ana kayu apurwa sawiji,
Wit buwana epang keblat papat,
Agodhong mego rumembe,
Aprada paku kuwung,
Kembang lintang salaga langit,
Semi andaru kilat,
Woh surya lan tengsu,
Asirat bun lawan udan,
Apapucak angkasa bungkah pratiwi,
Oyote bayu bajra.
Kaping 20 :
Wiwitane duk anemu candi,
Gegedhongan miwah mawarangkan,
Sih ing hyang kabesmi kabeh,
Tan ana jalma kang wruh,
Yen weruh apurwane dadi,
Candi sagara wetan,
Ing ngobar karuhun,
Kayangane sang tunggal,
Sapareke kang jumeneng mung artati,
Katon tengahing tawang.
Kaping 21 :
Gunung agung segara serandil,
Langit ingkang amengku buwana,
Kawruhana ing ngartine,
Gunung segara umung,
Guntur sirna amangku bumi,
Duk kang langit buwana,
Dadya weruh iki,
Mudya madyaning ngawiyat,
Mangasrama ing gunung agung sabumi,
Sandhi-candhi sagara.
Kaping 22 :
Gunung luhure kagiri-giri,
Segara agung datan pasama,
Pan sampun kawruhan reke,
Arta daya puneku,
Datan kena cinakreng budi,
Nanging kang sampun prapta,
Ing kuasanipun,
Angadeg tengahing jagad wetan kulon lor kidul,
Mandhap myang nginggil,
Kapurba wasesa.
Kawedharaken katranganipun :
Ing kuasanipun,
Tegesipun : anggadhahi daya pangertosan ingkang linangkung.
Kaping 23 :
Bumi gunung segara myang kali,
Sagung ingkang sesining bawana,
Kasor ing arta dayane,
Sagara sat kang gunung,
Guntur sirna guwa samya ning,
Singa wruh arta daya,
Dadya teguh timbul,
Lan dadi paliyas ing prang,
Yen lelungan kang kapapag widi asih,
Sato galak suminggah.
Kaping 24 :
Mendhak asih sakehing drubiksa,
Rumeksa siyang dalune,
Singa anempuh lumpuh,
Tan tumama ing awak mami,
Kang nedya tan raharja,
Kabeh pan lebur,
Sakehing nedya ala,
Larut sirna kang nedya becik basuki,
Kang sinedya waluya.
Upami kepethuk jim peri perayangan inggih rumaos ajrih piyambak punapa malih
sakathahing dubriksa, sami mendhak piyambak utawi rumaos welas, dados malah
reumeksa sak rinten dalunipun, temahipun lumpuh piyambak, mboten saget tumama ing
badan kita. Ingkang ngarah amrih pejah kita sadaya sampun dipun lebur dening
pangeran. Sak kathahing tiyang ingkang semedya mandamel awon,sedaya ugi
kasirnaaken.Namung ingkang sumedya sae saget lestari, amargi ketarik saking adheping
penggalih namung dhateng kawilujengan.
Kaping 25 :
Siang dalu rumeksa ing widhi,
Dinulur saking karseng hyang sukma,
Kaidhep ing janma akeh,
ran wikuning wiku,
Wikan liring muja semedi,
Dadi sasedyanira,
Mangunah linuhung,
Peparap hyang Tega Lana,
Kang kasempen yen tuwajuh,
Jroning ngati,
Kalis ing panca baya.
Dadi sasedyanira,
Tegesipun : punapa ingkang sakersanipun saget kadadosan.
Katranganipun : Karsanipun tiyang ingkang sampun anggadhahi ngelmi punika mboten
badhe nguja hawa kamurka- murkanipun. Nanging sampun saget anglenggahaken
ingkang dados pramesthiyanipun.
Mangunah linuhung,
Tegesipun : tuwin saget andhatengaken mangunah ingkang utami inggih punika anggening
tetulung dhateng sesami mboten amengku pamrih ing wusana ingkang dipun tulungi
sarehning sampun legan penggalihipun lajeng nyaosi bebingah saking kersaning
piyambak.
Kaping 26 :
Yen kinarya atunggu wong sakit,
Ejim setan datan wani ngambah,
Rineksa malaekate,
Nabi wali angepung,
Sakeh lara padha sumingkir,
Ingkang sedya mitenah,
Marang awakingsun,
Rinusak dening pangeran,
Eblis la’nak sato mara mara mati,
Tumpes tapis sadaya.
Rineksa malaekate,
Tegesipun : Amargi dipun reksa dening malaekatipun.
Kaping 28 :
Sakathahing upas tawa sami,
Lara raga waluya nirmala,
Tulak tanggul kang manggawe,
Duduk samya kawangsul,
Akawuryan sagunging sikir,
Ngadam makmum sadaya,
Datan paja ngrungu,
Pangucap lawan pangrasa,
Myang tumingal kang sedya,
Tumekeng napi,
Pangreksaning malekat.
Pangreksaning malekat.
Tegesipun : daya ingkng ageng wau inggih punika wujuding pangreksanipun malaekat
(pagering badan).
Kaping 29 :
Jabarail ingkang animbangi,
Milanira katetepan iman,
Pan dadya kendel atine,
Ngijrail punika,
Kang rumeksa ing ati suci,
Israfil dadi damar,
Madhangi jro kalbu,
Mikail kanga sung sandang,
Lawan pangan tinekan ingkang kinapti,
Sabar lawan narimo.
Ngijrail punika,
Kang rumeksa ing ati suci,
Tegesipun : Sucining penggalihipun wau katarik dipun reksa dening ngijroil.
Kaping 30 :
Yahu datyeng pamujining wengi,
Bale alas sesakaning mulya,
Kiran saka tengen nggone,
Wana kerun kang tunggu,
Saka kiwa gadane wesi,
Nulak panggawe ala,
Satru lawan mungsuh,
Pangeretenga julriyal,
Ander-ander kulhu balik linuwih,
Ambalik lara raga.
Pangeretenga julriyal,
Ingkang makaten menika sanepo,
Katranganipun : Lampahing Sholat Daim wau, mawi gandhengan lampahing nupus,
inggih punika angin ingkang anjok ing netra.
Kaping 31 :
Dudur molo teng ayatul kursi,
Lungguh ing surat ngam-ngam,
Pangleburan lara kabeh,
Usuk-usuk ing luhur,
Ingkang aran wesi ngalarik,
Nenggih nabi Muhammad,
Kang wekasan iku,
Atunggu ratri lan siang,
Kenedhepan ingtumuwuh padha asih,
Tundhuk mendhak marang wang.
Kaping 32 :
Satru mungsuh mundur padha wedi,
Sami dhanganeng betal mukadas,
Tulak balik pangreksane,
Pan nabi patang puluh,
Paring wahyu mring awak mami,
Apan nabi wekasan,
Sabda nabi Dawud,
Apetak Bagendha ambyah,
Kenaweden belis laknat lawan ejim,
Tan ana wani perak.
Kaping 33 :
Pepayone godhong dhukut langit,
Tali barat kumendhung ing tawang,
Tinundha tan katon mangke,
Arajek gunung sewu,
Jala sutra ing luhur mami,
Kabeh padha rumeksa,
Angadhangi mungsuh,
Anulak panggawe ala,
Lara roga sumingkir kalangkung tebih,
Luput kang wisa guna.
Angadhangi mungsuh,
Tegesipun : ingkang nulak manawi wonten mengsah andhatengi.
Anulak panggawe ala,
Tegesipun : utawi anulak ingkang sumedya mendamel awon.
Kaping 34 :
Gunung sewu dadya pager mami,
Katon murub kang samya tumingal,
Sakeh lara sirna kabeh,
Luputing tuju teluh,
Taragyana tenung jalengki,
Bubar ambyar suminggah,
Sri sadana lulut,
Punika sih rahmatullah,
Rahmat jati jumeneng wali jasmani,
Iya sang jati mulya.
Santosaning piyandel kala wau kaupamaaken kados dene gadhah pager gunung sewu.
Sinten ingkang mirsani dhateng kita katingal murub. Sakathahing sesakit sirna sadaya,
sarta linepataken saking ing tuju, teluh, taragyana, tenung, jalengki (bangsaning
brekasakan). Sami minger andhelik ing panggenanipun piyambak-piyambak. Namung Sri
Sadana (lampahing sandhang tedha) ingkang sih lulut menggah ingkang mekaten punika
tegesipun : namung sih rahmatullah inggih rahmat jati. Punika ingkang sejatosipun
ingkang jumeneng Pangeraning Raga inggih peparab SANG JATI MULYA.
Kaping 35 :
Ingaranan Rara Subaningsih,
Katumingal samya sih sedaya,
Kedhep sapari polahe,
Ken lara sirna larut,
Tan tumama ing awak mami,
Kang sangar dadi tawar,
Kang gething sih lulut,
Saking dhawuh sipat rahman,
Iya rahmad rahayu rineksa neki,
Sarana kangge methak.
Kathah sakit sami sirna larut, boten saget tumama ing badan kita.
Siti ingkang sangar dados tawar, sinten ingkang gething dados tresna.
Sedaya wau katarik saking daya sabda pangandikaning ingkang sipat Rahman (langgeng).
Kaping 36 :
Yen lumampah kang mulat awing wring,
Singa barong kang padha rumeksa,
Gajah meta neng wurine,
Macan gembong ing ngayun,
Naga raja ing kanan kering,
Singa mulat jrih tresna,
Jim setan lawan manusa,
Padha kedhep teluh lawan hantu bumi,
Ajrih lumayu ngindhar.
Manawi angleresi lumampah ingkang mirsa rumaos giris. Bebasanipun singa barong sami
rumeksa, gajah ingkang saweg ngamuk ingkang rumeksa ing wingking, sima gembong ing
ngajeng. Rajane sawer ingkang wonten ing kiwa tengen.
Dados sinten ingkang mirsa dhateng kita rumaos ajrih kaliyan tresna.
Jim setan, sesamining tiyang sedaya sami kedhep,paneluhan tuwin hantu bumi sami
lumajeng sipat kuping.
Kaping 37 :
Yen sumimpen tawa barang kalir,
Upas bruwang racun banjur sirna,
Temak kalis sabarang reh,
Jemparing towok putung,
Pan angleyang tumibeng siti,
Miwah saliring braja,
Tan tumama mring sun,
Cendhak cupet dawa tuna,
Miwah sambaing setan tenung padha bali,
Kedhep wedi maring wang.
Upami dipun jemparing, dipun towok, sami putung lajeng sami angleyang dhawah ing siti.
Tuwin sakkathahing dedamel boten tumama dhateng badhan kita .
Ingkang dedamelipun celak cupet, ingkang panjang mboten dumugi, tuwin tumprap setan,
tenung sami wangsul piyambak. Sami rumaos ajrih asih dhateng kita.
Kaping 38 :
Ana peksi mangku bumi langit,
Manuk iku indah warnanira,
Sagoro erob wastane,
Uripe manuk iku,
Amimbuhi ing jagad iki,
Warnanipun sekawan,
Sikile wawolu,
Kulite iku sarengat,
Getihipun tarekat ingkang sejati,
Ototipun hakekat.
Warnanipun sekawan,
Katranganipun Anasir 4 prakawis ingkang minangka embanan.
Sikile wawolu,
Katranganipun : Roh ilapi punika, Anggadhahi sorot 8 prekawis ingih punika : Cahya :1.
cemeng,2. abrit, 3. Jene, 4. pethak, 5. ijem. 6. ijem nem, 7. jambon, 8. wungu.
Ototipun hakekat,
Katranganipun : praboting ngelmi kedah mawi tarekat (lampahinh jiwa).
Kaping 39 :
Dagingipun makripat sejati,
Cucukipun sejatining sadad,
Eledan tokid wastane,
Ana dene kang manuk,
Pupusuhe supiyah nenggih,
Amperune amarah,
Mutmainah jantung,
Luamah wadhuke ika,
Manuk iku anyawa papat winilis,
Nenggih manuk punika.
Amperune amarah.
Katranganipun :
2. Amarah : pamanggenipun ing rempelo.
Mutmainah jantung.
Katranganipun :
3. Mutmainah : pamanggenipun ing ginjel.
Kaping 40 :
Uninipun Jabarail singgih,
Socanipun punika kumala,
Anetra wulan srengege,
Napas Nurani iku,
Grananipun tursina nenggih,
Angaup soring aras,
Karma kalihipun,
Ing gunung arpat punika,
Uluwiyah ingloh kalam wastaneki,
Ing gunng manik maya.
Karma kalihipun,
Ing gunung arpat punika,
Katranganipun : Karna kalih punika ibaratipun redi Arpat.
Kadosta : Kakang kawah punika ingkang rumeksa ing badan kita. Anggadhahi panguaos
saget andhatengaken ing karsanipun. Adhi ari-ari punika kuaosipun angayomi ing
salampah-lampah kita, saget andhatengaken ing panggayuh kita.
Kaping 42 :
Punang getih ing raina,
Ngrerewangi Allah kang kuwasa,
Andadeaken kersane,
Puser kawasanipun,
Nguyu-uyu sabawa mami,
Nuruti ing panedha,
Kawasani reku,
Jangkep kadangingsun papat,
Kalimane pancer wus dadi sawiji,
Tunggal sawujuding wang.
Dene tumprap erah, atas kuasanipun Gusti Allah, ing sarinten dalunipun angrerencangi
andadosaken punapa ingkang sakersanipun. Tumprap puser kuasanipun nguyun-uyun ing
sak solah bawa kita, inggih punika anuruti ing panyuwun kita. Sampun jangkep
panguasanipun sedherek kita sekawan. Jangkepipun gangsal dumunung ing pancer
sampun dados satunggal kempal kaliyan wujud kita.
Kaping 43 :
Yeku kadangingsun kang umijil,
Saking marga ina sareng samya,
Sadina awor enggone,
Sakawan kadangingsun,
Ingkang ora umijil saking,
Marga ina punika,
Kumpule lan ingsun,
Dadya makdum sarpin sira,
Wewayangan ing dad samya dadya kanthi,
Saparan datan pisah.
Sederek kita ingkang sekawan, inggih punika : ingkang lair sareng sedinten saking ing
marga ina (Baga). Wondene ingkang mboten medal ing marga ina piyambakipun dados
makdum sarpin. Jumenengipun dados wewayangan kita, sedaya wau saget dados rencang,
dhateng pundi purug kita mboten pisah.
Kaping 44 :
Yen angidung poma den memetri,
Memule sega golong lima,
Takir ponthang wewadhahe,
Ulam-ulamanipun,
Ulam Tasik rawa lan kali,
Ping pat iwak bengawan,
Mawa gantal ku,
Rong supit binungkus samya,
Apan dadi nyawungkus arta sadhuwit,
Sawungkuse punika.
Kaping 45 :
Tumpangnya neng ponthangnya,
Dadya limang wungkus semi ponthang lima,
Simung sekar cempakane,
Loro saponthangipun,
Kembang boreh dupa ywa lali,
Memetri ujub ira,
Donganira Mahmud,
Poma dipun lakonana,
Saben dina nuju kelairan neki,
Agung sawabe ika.
Sinten ingkang nindaaken pujian angesti dhateng sedherekipun piyambak wau, manawi
ngleresi dinten tingalanipun, mugi damel kawilujengan, memetri utawi amemule sekul
golong gangsal jodho dipun wadhahi takir ponthang dados gangsal takir. Dene ulam-
ulamipun, ulam loh ingkang wedalan : Tasik, lepen,tuwin bengawan. Sarta mawi sekar
gantal kalih supit dipun wungkusi dados gangsal. Ing sawungkusipun dipun sukani arta
sabribil, lajeng katumpangaken ing takir pontang wau. Tuwin malih dipun sukani sekar
cempaka. Mugi sami dipun lampahono ageng sawabipun.
Kaping 46 :
Balik lamun nora den lakoni,
Kadangira pan padha ngrencana,
Temah ura sak ciptane,
Sasedyanira wurung,
Lawan luput sak ngarah neki,
Akarepira wigar,
Gagar datan antuk,
Saking kurang temenira,
Madhep laku iku den awas den eling,
Tamat ingkang kidungan.
Kosok wangsulipun manawi mboten dipun lampahi wilujengan wau, sedherek gangsal
lajeng angrencana.
Amargi mboten dipun sumerapi inggih punika saget kedadosan pikiranipun lajeng ura
mboten kanten-kantenan. Ing wusana punapa ingkang dipun gayuh lepat, tuwin punapa
kersanipun wigar, mboten saget dumugen.
Menggah kedadosan ingkang makaten wau namung saking kirang temenipun dating
piwulang. Mila ngagesang wajib madhep manteb dhateng lampah, nanging kedah kanthi
lampah awas tuwin enget.
Dugi samanten sampun tamat ingkang kawastanan.