Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr.

wb
Alhamdulillah alhamdulillahi rabbil’alamin washolatuwasalamu’ala’ambiyawal mursalin
wa’ala alihi waashabihi ajmain amma ba’du
kunjuk dumateng bapak bapak ibu guru ingkang pantes kula hormati lan para rencang-
rencang ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin mangga kita sami ngunjukaken raos puja lan
puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang maha agung ingkang sampun pareng pinten”
nikmat, rahmat, taufik saha hidayahipun sehingga kula lan panjenengan saget makempal wonten
ing masjid punika, sak perlu ninda’ake sholat dhuhur khanti berjamaah saha tholabul ilmi
sesarengan khanti kinanjar mboten mangen alangkah alangan satunggal punapa.
Ingkang kaping kalihipun sholawat saha salam kiti haturaken dhumateng junjungan kita nabi
ageng Muhammad SAW ingkang sampun pareng suri tauladan dhumateng kita sedaya ingkang
saklebetipun geseng ing alam donya punika. Mugi-mugi kanti ajaranipun kanjeng nabi punika
saget manfaate dumateng kita sedaya allahumma …. Amin….
Engkang salajengipun wonten ing mriki kula mboten bade nerangaken punapa-punapa, naming
kula bade ngaturaken sekedik pangertosan kula ing babagan Sabar Lan Shalat
Bapak Ibu Jama’ah rahimakumullah
Sedaya manungsa menika tansah mbetahaken pitulungan. Manungsa gesang mbetahaken
pitulunganipun Alloh.Salah satunggaling cara anggenipun kita nyuwun pitulungan dhumateng
Alloh inggih menika kanthi kesabaran lan shalat.

Wonten ing Al Quran Surat Al Baqarah 45-46 Alloh berfirman Ingkang artosipun: jadikanlah
sabar dan shalat sebagai penolongmu dan sesungguhnya yang demikian itu sungguh berat kecuali
bagi orang-orang yang khusyuk(yaitu) orang-orang yang meyakini bahwa mereka akan menemui
Tuhannya dan bahwa mereka akan kembali kepadaNya.
Wonten ing surat Al Baqarah ayat 153 dipun sebatkaken Ingkang artosipun: hai orang-orang
yang beriman jadikanlah sabar dan shalat sebagai penolongmu, sesungguhnya Alloh beserta
orang-orang yang sabar

Saking ayat-ayat kala wau saged kita pahami bilih kita kedah nyuwun dhumateng Alloh kanthi
sabar lan shalat.
Sabar lan shalat menika kaleh amalan utami menawi kita badhe nyuwun menapa kemawon
dhumateng Alloh.amargi sabar lan shalat menika amalan shaleh ingkang saged mendekatkan diri
kita dhumateng Alloh. Kesabaran menika amalan hati lajeng shalat menika amalan perbuatan
anggota badan. Kalih kalihipun nggadhahi kedudukan ingkang mulia.

Para ulama mbagi kesabaran menika dados 3 werni:


1. sabar anggenipun nindakaken perintahipun Alloh
2. sabar anggenipun nebihi laranganipun Alloh
3. sabar anggenipun nampi musibah / ujian saking Alloh
Tigang werni kesabaran menika kedah dipuntindakaken kanthi sae supados kita pikanthuk
pitulunganipun Alloh

Bpk Ibu jama’ah rahimakumullah


Sarana supados kita pinaringan pitulungan saking Alloh inggih menika kanthi nindakaken shalat.
Ingkang utami shalat wajib salajengipun shalat sunnah. Amargi wonten ing shalat kita saged
berkomunikasi secara langsung dhumateng Alloh. Kita pasrah ngaturaken kelemahan lan sanget
mbetahaken pitulunganipun Alloh.

Rasulullah nate ngajaraken shalat hajat kagem nyuwun pitulunganipun Alloh. Shalat istiharah
kagem nyuwun kemantapan hati menawi wonten kaleh perkawis ingkang membingungkan. Kita
ugi sampun dipun ajaraken shalat tahajud terutama wonten ing sepertiga malam terakhir wekdal
ingkang dipunistimewakan Alloh. Menawi wonten hamba ingkang nyuwun ampunan Alloh
bakal ngampuni dosanipun. Menawi nyuwun pitulungan Alloh ugi badhe maringi pitulungan.

Sumangga wonten ing shalat kita tansah nyuwun pitulungan dhumateng Alloh temtunipun kedah
kanthi kesabaran. Insyalloh kita saged tansah pinaringan pitulungan saking Alloh.aamiin
Poro bapak saha ibu sedaya ingkang kawulo hormati soho poro konco-konco ingkang kaula
tresnani pinangka ing pumgkasanig atur hambok bilih kirang toto krami soho ingkang sopan
shanton anggen kula ngaturaken tuntake mawon teseh kathah klenta klenthunipon kula mawanto-
wanto nyuwun agungen pangapunten.
Cekap semanten atur kula,
Wabilahi taufik wal hidayah wa ridho wal inayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai