Anda di halaman 1dari 4

Tema : Legendha

Judul : Dumadine Candi Prambanan

Paraga :

 Pambiwara : Aninda Nurul Azizah


 Prabu Boko : Khamadar Mustofa
 Roro Jonggrang : Rana Zakiyyah Zahra
 Anjani : Khifti Ulfatu Roikhah
 Joko Bandung Bondowoso : Erik Muhammad Nur Sangaji
 Patih Prabu Boko : Eka Bayu Prasetya
 Raja Pengging : Hilmy Darmansyah
 Panglima (Raja Pengging) : Muhammad Abdullah Febrian
 Ndari : Nur Feni Indriyani
 Gadis Desa : Asri Dwi Amanda
 Srikandi : Cindi Salsabila
 Jin 1 : Indra Dwi Maulana
 Jin 2 : Daffa Caecar Pahlevi
 Prajurit (Prabu Boko) : Syahrul Mustofa Setiawan
 Wong-wong Deso : Hesti Annisa
Eni Rochmawati

Sugeng enjang bapak/Ibu guru lan para kanca ingkang kinumartan. Wonten ing wedal
menika kawula lan para kanca-kanca badhe nampilaken sandiwara cariyos Dumadine Candi
Prambanan. Sugeng prisani cariyos menika. Nuwun.
Ing sawijining wedal. Ana payudan antara kraton Prambanan lan kraton Pengging.
Raja ing kraton Prambanan gadah asma Prabu Boko lan putrine kang ayu gadah asma Roro
Jonggrang. Kraton Pengging siap nyerang Kraton Prambanan. Nalika arep perang, Prabu
Boko ngendika marang putri-putrine yaiku Roro Jonggrang lan Anjani.

Prabu Boko : “Roro Jonggrang, romo arep mangkat perang, jogo awakmu ngati-ati”

Roro Jonggrang : “Nggeh kanjeng romo”.

Prabu Boko : “ Anjani, Opo iso kowe njogo adhimu?”

Anjani : “Nggeh kanjeng romo, kawula saged reka rayi kanthi kasinggihan.”

Ing selo-selo pangandikan, Patih Prabu Boko dugi lan ngendika.

Patih : “Sembah sungkem Kanjeng Prabu, Prajurit sampun siap, sumangga


kantun ngatos panjenengan.”

Prabu Boko : “(Mantuk marang patih e)”

Prabu Boko lan Prajurite tindak dateng tlatah kanggo pupuh, dugi tlatah payudan Raja Kraton
Pengging lan Joko Bandung Bondowoso ngendika.

Raja Pengging : “He Boko! Aku wes tau omong, nehke wae kratonmu marang aku,
hahaha, ora bakalan aku nyerang kowe sek kepindo iki.”

Prabu Boko : “ Ora usah omong wae koe Raja saka Pengging, Ayo Perang!”

Ora let suwe Prabu Boko kalah ning tangane Joko Bandung Bondowoso.

Bandung Bondowoso: “ Hahaha, Prabu Boko wes mati ning tanganku romo!”

Raja Pengging : “Putraku saiki kowe lungo’o ning kraton Prambanan.”

Bandung Bondowoso: “Nggeh Kanjeng romo.”

Ana salah sijining prajurit Prambanan mlayu saka payudan lan tindak wonten kedhaton
maringi kabar Prabu Boko mancal donyo.

Prajurit : “Sembah sungkem nareswara Roro Jonggrang kula badhe maringi


pawartos yen Kanjeng Prabu sampun puput yuswa ing medan payudan.”
Roro Jonggrang : “Ha, kanjeng Romo seda?”

Anjani : “ Sapa? Kang merjaya kanjeng Romo?”

Ndari : “Ampun nareswara kang ndamel Kanjeng Prabu Boko seda nggehipun
Joko Bandung Bondowoso, Putra Raja Kraton Pengging niku kang
sampun merjaya Prabu Boko.”

Ing wedal niku Roro Jonggrang njaluk ditinggalake wonten ing kamar dewe.

Bandung Bondowoso: “Opo iki Kraton Prambanan iku?”

Panglima : “Nggeh Joko Bandung Bondowoso.” (Mlaku alon-alon disambi ndelok


kraton Prambanan lan kamar-kamar)

Bandung Bondowoso mlebu ing kraton Kaputren lan nalika sepisan weruh Roro Jonggrang
Bandung Bandawasa kepincut keayuan Roro Jonggrang.

Bandung Bondowoso: “Sopo Kae? Ayune ngluwihi Bethari Ratih (diparani)”.

Panglima : “ Niku Roro Jonggrang Joko.”

Bandung Bondowoso: “ Duh ayune kaya Dewi Ratih, padang lan putih, aku tresno marang
sliramu duh widadari kayangan, apa kowe gelem dadi permaisuriku?”

(Roro Jonggrang meneng lan anteng)

Roro Jonggrang : “mbatin (Duh gusti kula nyuwun pitulungan, yen kulo mboten nuruti
Joko Bandung, mesti Joko Bandung Bondowoso muntap gedhe gusti)”

Wonten ing pikiran campur aduk Roro Jonggrang njaluk paminta.

Bandung Bondowoso : “”Kepriye duh widadari kayangan, apa wae pamintamu tak lakoni.”

Roro Jonggrang : “mbatin (Aku mboten kersa duwe garwa ingkang mejai kanjeng Rama
kulo).”

“Pamintaku gawekno sewu candi lan sumur 2 kang jero wektu gawene
sak wengi iki. Apa kow iso Joko Bandung Bondowoso?”

Bandung Bondowoso : “Aku iso, aku iso.”


Ing wengi kui Bandung Bondowoso ngundang jin supaya ngewangi gawe sewu candi lan sumur
2 kang jero.

Jin : “Pripun kanjeng? Pagawean apa kang saged kawula lakoni damel
panjenengan?”

Bandung Bondowoso : “Tulung koe gawekke aku sewu candi lan 2 sumur kang jero banget.”

Wes meh esuk candi kang dijaluk Roro Jonggrang kurang setunggal. Roro jonggrang bingung
lan nggawe tipu muslihat Joko Bandung Bondowoso. Roro Jonggrang nggugah wanita-wanita
desa gawe nutuki lesung lan jago padha kluruk, jin Joko Bandung Bondowoso pada leren
nyambut gawe lang ngilang.

Roro Jonggrang : “Ayo-ayo podo tangi!”

Wanita desa : “Sembah sungkem Nareswara Roro Jonggrang, enten napa niki?”

Rara Jonggrang : “Ayo-ayo padha nutuk lesung, ayo, ben Bandung Bondowasa ora sido
ndadekake aku permaisuri.”

Wanita desa : “Ayo tangi.”

(Thung thung thung kukuruyuk)

Bandung Bondowoso : “ (Muntap kang gedhe)

“Jonggrang, kowe wes ngapusi aku! Koe gawe alesan-alesan iki ben koe
ra dadi permaisuriku. Koe cen atos koyo watu Jonggrang, koe tak kutuk
dadi wati Roro Jonggrang.”

Lebar Roro Jonggrang maleh dadi watu keno kutukan Joko Bandung Bandawasa kang lagi
muntap, mula tekane saiki Candi Prambanan yo kasebut Candi Roro Jonggrang.

Anda mungkin juga menyukai