Anda di halaman 1dari 3

Ing sak wijining dino, ono kekancan wong 5 sing jenenge Yunda, Amik, Sulis, Laili,Finas.

Songko 5 bocah
kui Yunda, Amik, Sulis, Laili tinggal nang kos-kosan. Wong 4 iki mesti kompak lan setiakawan pas wektu
bali sekolah do geguyon bareng. Pas nang dalan Yunda ketemu Dani, Yunda meneng-meneng duwe roso
nang Dani. Nanging Dani seneng karo Laili.

Adegan 1 Bali sekolah

Amik : Engko bali sekolah masak-masak yok

Sulis : Ayo ngko masak sing enak

Yunda : yo ayo we iso gak li?

Laili : yo ayo to?

(karo plaku Yunda reti Dani karo Amin)

Yunda : Dani…..!

Dani : Hmmm (karo plengos)

Laili : Koe kenal Dani toh nda?

Yunda : kenal wes sue

(Laili langsung meneng)

Amin nglorohi Sulis

Amin : Sulis

Sulis : dalem…. (karo mesem)

Adegan 2 (tekan kos-kosan)

Tekan kos-kosan Finas dolan

Finas : Assalamu’alaikum

Sulis bukak lawang

Sulis : Wa’alaikum salam lungguh nas

Finas : iyo

Sulis : dengaren koe dolan

Finas : aku pe ngajak metu Amik

Sulis : wonge ape blonjo

Amik : ngko sore wae sul (karo jawili Sulis)

Finas : Sediluk tok rek Sul

Sulis : iyo tapi ndang bali lo

Amik : ok, tak salen sek aku fin

Finas : iyo
Sak wise kuwi Dani karo Amin teko ngajak metu Sulis karo Laili

Amin, Dani : Assalamu’alaikum (seng jawab Finas)

Finas : Wa’alaikum salam, oi

Dani : la koe rek wes neng kene

Finas : yo to

(Amik metu songko kamar Finas langsung ngajak metu)

Amin : pe metu nang ndi we?

Finas : jalan-jalan to

Amin : yo ngko aku tak nyusul ambi Sulis

Dani : aku melu nisan

Sulis : koe pe mbi sopo?

Dani : Laili

Amik : la Yunda namah dewe? Dijak nisan

Yunda : gak aku, aku pe turu (karo prengut)

Sulis : lo yo ojo to nda koncone do metu mosok koe turu

Yunda : la aku mbok kon mbi sopo?

Laili : ayo to bareng-bareng

Yunda : moh (karo nyentak)

Finas : yo wes nak moh ayo do metu

(wong 6 kui langsung numpak montor)

Adegan 3 (wis tekan kos-kosan)

Sulis : Assalamu’alaikum ….. nda? Nda? (ra disauri)

Amik : Haduh kesele (karo lunggoh)

Laili : lho Yunda nang ndi?

Dani : jal to goleki nang kamar

Laili : iyo jal tak tilikane

Finas : aku bali sek yo delok kas aku maen voli

Amik : iyo nas ati-ati

Amin : aku enteni nas, aku yo pe bali, ayo dan melu bali san (ngajak Dani)

Dani : Ayo to (durung sampek bali)

Laili : eh Dan (konco-konco mlengo kabeh)


Dani : opo Lel?

Laili : wonge Yunda nanges lahpo re?

Dani : opo lel?

Laili : wonge Yunda nanges lahpo re?

Sulis : ndak leh? (panik mlayu marani Yunda nang kamar)

Amik : he? (langsung mlayu)

Anda mungkin juga menyukai