Anda di halaman 1dari 7

Ass Wr Wb

Innal hamdulillah nahmaduhu wa


nastainuhu wa nastaghfiruhu, wa naudu
billahi mingsurri angfusinaa, wamingsayyiati
akmalina, mayyahdillah, Falaamudilla lah,
wamayud lil falaa haa dialah.
Ashaduala ilahaillalloh waashaduanna
muhammadan abduhu warosulluh lanabiyya
bakdah. Allohumma solli wassalim wabarik
ala muhammadin wa ala alihi wa ashabihi
ajmain. Ammabakdu.

Paro jamaah ledok ingkang dirohmati Alloh

Manggo kito sami tansah memuji


syukur, dumateng ngarsanipun Alloh SWT,
ingkang sampun maringi kenikmatan, rizki,
rahmat ugi hidayah, arupi kesehatan, iman
soho islam
Sholawat saha salam, katunjuk
dumateng Nabi Muhammad SAW ingkang
sampun ke utus dening Alloh supados nuntun
umat manungso dateng margi ingkang leres.

Poro jamaah ledok rohimatululloh,


monggo pengaosan ing dalu meniko kito
bika kanti waosan doa pembuka majeles,
monggo kawulo derek aken.
Ing dalu meniko kulo bade ngaturaken
sekedek ceramah singkat, ingkang judulipun
bersyukur.

Wonten surat ibrahim ayat 7 igkang


bunyinipun: Laingsakartum la
azidannakum wa la ingkafartum inna
adlabi lasyadid.

Ingkang atosipun sesungguhnya jika


kamu bersyukur, niscaya Aku akan
menambah (nikmat) kepadamu, tetapi jika
kamu mengingkari (nikmat-Ku) maka azab-
Ku sangat berat.

Saking surat Ibrahim ayat 7 meniko


negasaken bileh salah satunggalipun cirri
tagwa niku geh meniko bersyukur dumateng
Allah SWT. Katah tiyang bersyukur atas
nikmat/rezeki ingkang ageng, namung jarang
tiyang niku bersyukur atas nikmat/rezeki
ingkang cilik/sekedik. Padahal
sesungguhipun mbeten enten nikmat ingkang
sekedek/cilik saking Alloh SWT, namung
kebodohan lan persepsi manungso mawon
ingkang damel nikmat niku mbeten
disyukuri.
Contoh nikmatipun Alloh geh meniko
kito sedoyo ten mriki, khususipun jamah
alhuda ledok niki sedanten lahir lan ageng
wonten negari tercinta kita Indonesia,
sehinggo saget nglaksanaaken ibadah siam
kurang langkung 13 jam. Kinten-kinten
Bapak Ibu, Mas, lan, adek sedanten?? Siam
wonten Indonesia niku wedalipun tergolong
panjang utawi pendek!!

Benten kalian negari sanes ingkang


wedalipun panjang utawi lami kagem
ngaksanaaken ibadah siam.
1. Skandinavia. Negari-negari skandinavia
contohipun Swedia, finlandia dan
norwegia tengah. Wedal siamipun
terlama se dunia, geh meniko 21 jam. 1
dinten wonten 24 jam geh, dadose
namung wonten 3 jam wedal ikang
digunaaken kagem berbuka kalian sahur.
2. Rusia, salah satunggaling negari bagian
paling utara bumi. Ibadah siam
dilaksanaaken saking imsak geh meniko
jam 03:15 dumugi berbuka jam 21:37
ingkang artosipun umat muslim ten mriko
siam kurang langkung 19 jam.
3. Inggris wedal siamipun 17 jam langkung
45 menit.
Perbedaan wedal utawi durasi siam
disebabaken oleh perputaran Bumi dalam
mengelilingi Matahari mbeten lurus namung
miring sahinggo nampi cahaya matahari
luweh katah lan lami dibandingaken kalian
ingkang selatan. Negari-negari ingkang
mlebet musim panas nyebabaken, wedal
siam meniko langkung lami. Namung wedal
ingkang lami meniko mbeten nyurutaken
ibadah siam kagem umat islam wonten
wilayang tersebut.

Wonten negari ingkang siamipun


panjang lan wonten negari ingkang
siampipun wedalipun pendek, sahenggo
wedal kagem berbuka langkung cepet.

Geh meniko conto-conto negari ingkang


gadah wedal siam ingkang pendek:
1. Chilli, wedal siamipun geh meniko 9
Jam. Salah satunggaling negari ingang
letakipun paling selatan di Bumi.
Penduduk muslim ing Chili siam saking
jam 05.31 dumugi 15.00
2. Argentina, Durasi siamipun 9 Jam.
Negari ingkang beribukota Buenos Aires
salah satunggalin negari ingkang wedal
siamipun singkat. Negari meniko salah
satunggaling negari ingkang ramah kalian
penduduk muslim meskipun muslim
muslin ten mriko minoritas, geh meniko
1,9 persen saking pendudukipun
Argentina.
3. Arab Saudi, wedal siamipun 12 Jam.
Dadose benjang ingkang umroh wonten
arab, sampun ngretos laminipun siam
wonten mriko.
Ketiga negari ingkang gadah wedal
siam ingkang pendek meniko memasuki
musim dingin sehinggo siangipun langkung
pendek kalian dalunipun. Udara kering lan
cuaca asrep mungkin dadosaken salah
satunggalipun ujian kagem umat islam
namun hal meniko mbeten nyurutaken
semangat kagem siam kalian makaryo.

Nah pripun caranipun kito supados


bersyukur dening Alloh SWT ingkang
sampun maringi wedal puasa ingkang
mbenten lami?

Poro ulama ngemuka anten tigo coro


bersyukur dening Allah.
1. Bersyukur dening hati nurani. Tiyang
ingkang bersyukur dening hati nuranipun
sakjatosipun mbeten saget
malingaken/ngingkari nikmat ingkang
diparingi Alloh
2. Bersyukur dengan lisan. Lidah meniko
ingkang saget nglafalaken kata-kata.
Ungkapan ingkang paling sae kagem
nyataaken syukur kito dumatheng Alloh
SWT geh meniku hamdalah. Dalam
sebuah hadis, Rasulullah bersabda,
”Barangsiapa mengucapkan alhamdu li
Allah, maka baginya 30 kebaikan.”
3. Bersyukur dengan perbuatan, ingkang
saget kito laksanaaken ngagem anggota
badan. Badan ingkang diparingi dateng
Allah dumateng manungsomonggo kito
gunaaken kangge kegiatan-kegiatan
ingkang positif.

La pripun ingkang kalian tiyang


ingkang kufur nikmat. Alloh bade maringi
siksaan lewat istidraj, geh meniko diparingi
katah kesuksesan wonten dunia, arupi
ekonomi, sosial , maupun politik. Terus
pripun, Alloh siksa kalian berbagai penyakit
utawi musibah ingkang saget ngilangaken
sedanten kenikmatan hidup secara tiba-tiba.
Kito diparingi penyakit geh mbeten angsal
dresulo, kito tansah bersyukur mbok menawi
kanti sakit kawulo wau saget ngangkat doso-
doso ingkang kito tindaaken. Kito kedah
ngertos kesehatan niku aurat sanget dadose
kedah bersyukur nek diparingi sakit
sahenggo kito kedah jagi kesehatan.
Utaminipun pola makan ingkang kito dahar.

Mugi-mugi bulan ramadhan meniko


saget dadosaken bulan shahruttarbiyah atawi
bulan pendidikan saget membuat kito dados
insane ingkang bersyukur atas nikmat
lahiriah maupun batiniah ingkang dicaosaken
dumateng Alloh SWT.

Mbok bileh mekaten ingkang saget


kawulo aturaken, bileh katah lepatipun
kawulo nyuwun pangapunten. Mugi-mugi
saget bermanfaat lan saged nambai iman lan
takwa kito dateng Alloh SWT. Monggo kito
tutup pengaosan ing enjang meniko kanthi
waosan hamdalah sesarengan.

Akhiru kallam. Wss wr.wb


Maturnuwun.

Anda mungkin juga menyukai