Anda di halaman 1dari 5

INNALHAMDALILLAH nahmaduhu wanastainuhu wanastagfiruhu

wanauzubillahi mingsururi angfsusina wamingsayiati akmalina. Mayahdillah


falamudzillalah wayudlil falahadiyalah.

ASHADUALA ILLA HAILLALLOH washaduanna muhammaddan abduhu


warasuuh, lanabiya bakdah.

ALLOHUMMA SOLLI WASALIM WABARIKKALA muhammain waala alihi


ajmain. Amabakdu.

Para jamah solat isya’ rokhimatululloh

MONGGO LANGKUNG RUMIYEN kita tansah manjataken puji lan syukur


dumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi nimat lan rahmat dhumateg kito
sami, sahenggo kito saget kempal manunggal wonten musola ledok meniko
kangge nindaaken solat isyak, dilanjutaken solat tarawih, lan witir kanti
berjamaah. Mugi-mugi amal sesaenan kito sedoyo saget ketampi ing
ngersanipun Alloh SWT. Amin.

SALAJENGIPUN SEMONGGO KITO HANDEDUNGO dhumateng Alloh


SWT, mugi-mugi salawat lan salam tansah diparengaken dumateng junjungan
kito Nabi Muhammad SAW, ingkang sedoyo tindak tanduk ipun dados tulodo
dumateng kito.

Para jamaah isya’ rokhimatullulloh

WONTEN ING DALU MENIKO kawulo bade matur sekedik bakan Qada
lan Qodhar.

BERIMAN DUMATENG QADA DAN QODAR niku satunggalin rukun iman.


Kinten-kinten rukun iman kaping pinten geh?

QADA ARTOSIPUN ketentuan akan kepastian ingkang dateng saking


Alloh SWT dumateng segala sesuatu sejak zaman azali. Zaman sakderengan
sesuatu niku terjadi.

SEKLAJENGIPUN QADAR geh meniko ketentuan-ketentuan Allah SWT


ingkang sampun berlaku dumateng setiap makhluk hidup sesuai kaleh ukuran
lan ketentuan ingkang sampun dipestikke kaleh Allah SWT saking zaman azali.
SAKING FIRMAN ALLOH SWT SURAT AR RO’DU AYAT 8:
Wakullu saiin ingdahuu bimaqdaar.
Ingkang artosipun “Dan segala sesuatu pada sisi-Nya wonten ukuranipun.

RASULULLAH SAW BERSABDA :


Artinya : “Diriwayatkan dari Anas bin Malik r.a katanya: baginda s.a.w
bersabda: Allah SWT mengutus Malaikat ke dalam rahim. Malaikat
berkata: Wahai Tuhan! Ia masih berupa air mani. Setelah beberapa waktu
Malaikat berkata lagi: Wahai Tuhan! Ia sudah berupa segumpal darah.
Begitu juga setelah berlalu empat puluh hari Malaikat berkata lagi: Wahai
Tuhan! Ia sudah berupa segumpal daging. Apabila Allah SwT membuat
keputusan untuk menciptakannya menjadi manusia, maka Malaikat
berkata: Wahai Tuhan! Orang ini akan diciptakan lelaki atau perempuan?
Celaka atau bahagia? Bagaimana rezekinya? Serta bagaimana pula
ajalnya? Segala-galanya dicatat ketika masih di dalam kandungan
ibunya”.(HR Bukhari dan Muslim)

SAKING PENGERTIAN AYAT MENIKO KITO SAGET MENDET INTINIPUN, bilih


qada lan qadar atas diri manungso niku telah diputusaken dumateng Allah
SWT. Sakderenge manungso niku lahir wonten donyo niki. Ingkang kehidupan
sehari-harinipun istilah qada lan qodar kasebut takdir.

Takdir niku saget diketahui kaleh manungso saking prastowo ingkang sampun
terjadi, contohipun:
1. MUSIBAH BENCANA ALAM TSUNAMI WONTEN ACEH, GEMPA WONTEN
LOMBOK LAN PALU ingkang merenggut ratusan dumugi ribuan jiwa
ingkang sedo. Sakderenge kejadian niku mbeten enteng satunggalin
manungso ingkang saget mestekke. Kejadiannipun katahipun dalu sek sami
sare katahipun.

2. KECELAKAAN PESAWAT KARGO ING TEPI SUNGAI NIL SELATAN SUDAN


dinten Jumat November 2015 ingkang newasaken sedanten
penumpangipun. Nanging secara ajaib wonten bayi perempuan umur 13
wulan ingkang satu-satunipun ingkang selamat. Nek miturut akal, si bayi
meniko makhluk ingkang lemah lan mbeten mampu mencari perlindungan,
nanging malah bayinipun slamet. Sementara penumpang lain ingkang
sampun dewasa lan saget berusaha nyelametaken dirinipun malah sedo.

3. WONTENG ANAK INGKANG DILAHIRAKEN SAKING KELUARGA INGKANG


MISKIN. Katah ingkang beranggapan anak kasebut kelak geh dados tiyang
ingkang miskin, sami kalia tiang sepuhipun. Ananging, setelah ageng lare
kasebut ternyata dados tiyang ingkang sukses. Wonten rencang kulo,
naminipun Seftika. Kiyambaipun lahir ingkang kondisi ekonominipun kirang
beruntung. Namung prinsip tiyang sepuhipun, gadah pangarep-arep
nyekolahke anak ipun dumugi pendidikan ingkang inggil. Lan Seftika niki
geh gadah ikstiar lan usaha ingkang inggil ugi, purun sinau ingkang sregep.
Sahenggo saget kuliah S1 wonten UNY mendet jurusan pendidikan
matematika, mbeten bayar alias gratis. Malah saben wulanipun angsal arto
saking biasiswa. Lulus saking S1 tahun 2017 bijinupun kumloud lajeng
nerasken S2 wonten UNY. Lengagem biaya kuliah nipun prehatin sanget,
diewangi ngeles lan jogo warnet. Tahun 2018 bikaan CPNS wonten Jogja.
Daftar alhamdulilah sukses lan sakniki daos CPNS.
.
BAGI ORANG INGKANG BERIMAN kepada qadha lan qadar, apapun kenyataan
lan peristowo ingkang dialamipun, saget nampi lan nrimo kanti positif. Sebalik
ipun, bagi tiyang ingkang mbeten gadah iman kepada qadha lan qadar,
kenyataan nopomawon ditanggapi lan ditampi kanti negatif.

Contohipun :
• ORANG INGKANG GADAH IMAN BILEH KENGENG MUSIBAH
MENANGGAPINIKUN KANTI KESABARAN LAN KETABAHAN. Rencang
kulo niki geh sak sekolah, naminiun pak Eko. Angsal pacoben garwinipun
kengen infeksi paru2, bronkrits. Dadose kedah dirawat wonten IGD,
dangunipun sewulan langkung wonten RS Sarjito. Ten sekolahan pak Eko
geh biasa koyo mbeten wonten masalah. Srawung lan ngobrol biasa.
Mbeten sambat nopo-nopo. Jam 11an nyuwun ijin bade nuweni
garonipun saben dinteniun. Pulang ekolah geh langsung ten rumah sakit.
Nginep geh ten rumah sakit. Garwonipun ingkang menunjang
kehidupanipun katah ngagem alat bantu. Mbeten saget maem namung
angsal nutrisi saking selang, ingkang dimasukaken dumateng hidung. Ten
mulutipun wonten alat bantu pernapasan. Mas Eko niki le ngrumat
garwonipun kanti sabar lan tlaten maringi semangat. Nek dietang-etang
ragatnipun kagem ngobati garwonipun niku angsal mobil ayla 1. Tapi
alhamdullah kanti sabar, garonipun sakniki sampun dangan, tinggal
kontrol mawon, biayanipun gratis ngagem BPJS. Saking pacoben niku pak
Eko geh katot CPNS. Kesabaran lan ketabahan satunggaling sikap positif
ingkang dinilai Allah SWt dengan pahala. Jadi, selama tiyang niku sabar
lan tabah, selama niku pula pahalanya terus mengalir.
• ORANG BERIMAN KETIKA MENDAPATKAN KEBERUNTUNGAN BESAR
BERSYUKUR dan merasa bahwa semua itu karunia dari Allah SWT. Untuk
itu ia ingin berbagi kepada orang lain dengan menafkahkan sebagian
keuntungannya tersebut.
Sesuai surat ibrahm ayat 7 geh Bapak Ibu.

• ORANG INGKANG MBETEN BERIMAN KETIKA ANGSAL PACOBEN


MERASA BAHWA DIRINYA TIDAK BERGUNA LAGI. Dia merasa putus asa
lan akhiripun melampiaskannya dengan berbagai macam perbuatan
ingkang merusak, seperti melamun, merokok, mengkonsumsi narkoba,
bahkan wonten ingkang bunuh diri. Murid kulo riyen wonten PKBM
wonten sing koyo niku Bapak Ibu. Larenipun nipun padal lare ingkang
pinter, smpnipun sekolah nternasional. SMA nipun sma favorit Tufelipun
iatas 500. Mlebet kelas akselerasi. Nanging beten sengojo mangertosi
bileh kiyambak ipun niku anak angkat saking keluarga ingkang kaya
nanging mbeten gadah putra. Saking keluarga angkatipun mbeten dangu
dianugrahi momongan. Dadose kraos kroso dibedak aken. Terus geh niku
mlayu ten rokok kaleh narkoba. Pindah wonten jogja, direhabilitasi lan
disekolahke ten home schooling. Alhamdulilah sakniki sampun lulus,
dalan lan dados musisi..

• ORANG INGKANG GADAH IMAN KETIKA MENDAPAT KEUNTUNGAN


BISNIS YANG BERLIMPAH MALAH MENGGUNAKANNYA UNTUK
BERFOYA-FOYA. Dia merasa bahwa yang didapatnya itu semata-mata
merupakan prestasi yang harus dirasakan lan dia berhak lan bebas
menggunakan sesuka hatinya.
Contohipun wali siswa kulo, onte ingkang gelapaken mobil rental
ingkang disewo budene. Disade kagem tumbas barang-barang ingkang
mewah. Panjang niku urusanipun Bapak Ibu, dilalah putrinipun pas
UNBK. Nah budeniku mbeto preman, kagem mbeto larenipun niko.
Kagem jaminan, lan ngancem adik ipun niko men mbelekke mobilipun.
Tinimbang ganggu telpon polsek ngaglik. Alhamdulialh lulus gehan
putrinipun, kaleh saget damai.

CONTOH-CONTOH NIKU namung bagian ingkang alit saking prastowo


takdirpun Allah SWT. Masih katah prastowo ingkang saget kita pahami
sebagai perwujudan saking qadha lan qadar Allah SWT. Oleh karena itu,
orang ingkang beriman kedah yakin sepenuh hati akan adanya qadha dan
qadar. Ananging takdir utawi nasib niku saget berubah bileh kita berdoa lan
ikstiar. Sesungguhnya Allah tidak merubah keadaan suatu kaum sehingga
mereka merubah keadaan yang ada pada dirinya sendiri surah Ar Ra’du
ayat 11.

MUGI-MUGI kito sedoyo diwenehi ketabahan tuwin kesabaran saking Allah


ing dalan ujian kang kito jalani sakmangke. Amin.

MBOK BILEH MEKANTEN saking kawulo katah lepatipun. Kaulo nyuwun


pangapunten. Wss. Wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai