Anda di halaman 1dari 3

Bocah Loper Koran

Dina Jum'at, wayahe aku mangkat rada awan ning kantor amarga uwes
mepet weekend. Kaya biasane, aku numpak bis Trans Jogja seko Halte Bandara
Adisutjipto sing ora adoh banget seko omah. Aku ndelok jam isih 06.45 WIB,
jadwal bis teka jam 07.10 WIB. Ketimbang aku ngantuk ning halte tak sambi nge
game mbok menawa bisa push rank sisan nunggoni Trans Jogja teka. Saking asik
aku dolanan ora kerasa jam uwes 07.25 WIB nanging Trans Jogjane durung teka-
teka. Uwes rada mangkel ning ati, tur ora sido amarga pas aku mbathin Trans
Jogjane langsung teka. Padet, rame, wes pokoke rame tenan ning jero Trans Jogja
nganti aku kudu ngadheg. Uwes 3 halte tak liwati nanging aku durung bisa lungguh
ayem kark turu ning bis sing uwes dadi kebiasaanku yen uwes mlebu bis. Tur iki
yo salahku mangkat awan ning wayah wong-wong ameh pada weekend. Jam 08.15
WIB aku tekan halte tujuanku ning Terminal Jombor. Aku mudun seko Trans Jogja
sing ramene ora umum banjur aku lelungguhan ning pinggir Terminal Jombor

“Kang Sampoerna setunggal,”

“Siap bos. Kalih korek mboten?”

“Mboten sah, Kang. Maturnuwun”

Aku njupuk korek banjur ngurupke ududku. Bul… bul… Nikmat tenan rasane.
Esuk-esuk uwes nyebul ning terminal lan lagi mlebu kantor jam 09.00 WIB. Rasa-
rasane ana sek kurang, aku lunga lan nggolek minimarket cerak kono. Ning dalan
sakdurunge minimarket, aku ndelok bocah lungguh ning pinggir dalan nggawani
koran lan nyekeli weteng.

“Alhamdulillah, Ya Rabb. Mbiyen aku cilik uripku uwes cukup tenan,” Bathinku

Seko njero minimarket isih tak mat-matke bocah kui. Raine pucet, sikile ora
sendalan. Pikiranku ora bisa lunga seko bocah kui mau. Atiku ora tega mbayangke
uripe angel. Banjur aku tuku kopi saji, the saji, lan panganan-panganan cilik.
Sakwise tak bayar, rasane atiku sumringah banget. Aku lungguh ning ngarep
minimarket. Bocah kui lagi dodol nawani mobil mobil sing lagi mandhek ning
prapatan nanging blas ora ana sing mbukak kaca kanggo tuku koran Bocah kui.

“Le!” Aku nyeluk bocah mau, lungguh ning ngarep minimarket. Bocah mau raine
sumringah. Beda karo sakdurunge. Bedo pas aku liwat ning ngarepe. Lemah, Lesu,
kaya uwes ora nduwe harapan meneh.

“Koran mas?” Bocah mau nawani koran, mripate melu mesem ndelok aku. Bocah
lanang sing kulite rada ireng nduduhake yen Bocah kui kerja sabendino.

“Korane tak tuku, ning koe kudu mangan iki sek yo.” Aku ngejak Bocah kui
lungguh. Bocah kui gur meneng wae.

“Rapopo, aku ora mbrakot. Kene lungguh kene.” Bocah mau ngguyu banjur
lungguh ning cerakku. Bathinku yakin tenan, Bocah kui durung madang blas.
Bocah kui mangan lahap tenan.

“Aku tuku lima yo korane.” Karo madang Bocah kui mesem nganti mripate sipit.
Ndelok kui atiku ayem banget rasane.

Aku kenalan karo Bocah kui. Ngobrol ngalor ngidul. Jebul Bocah kui sekolah tur
Jumat tekan Minggu Bocah kui kudu dodol koran dinggo ngewangi ibune kerja.
Ora kerasa ngobrol sui karo Bocah kui atiku rasane lara ngerungokake cerita-
ceritane. Ambune kopi ora bisa gawe bathinmu ayem, anane mung mesakake karo
uripe Bocah ning sandingmu saiki.

“Mas, mas?” Bocah kui gawe aku sadar seko lamunanku.

“Koranmu kabeh tak tuku ya, Dik?”

“Mboten sah mas. Kula maturnuwun sanget ditraktir teh lan roti. Ndak mau
ngerepotin lagi, Mas.”

“Orapopo, Dik. Ora ngerepoti blas.”

“Mboten sah mas. Saya jual saja. Kalau dibeli mas semua, nanti malah ndak kebaca
mas, kan mas perlu baca satu saja. Mending saya jual lagi mas.” Rasane kaya
ditujem-tujem atiku. Bocah umur semene pemikirane bisa dewasa luwih seko aku.
“Nek ngono, aku tuku lima wae ya. Aku janji bakal tak woco lan ora bakal tak sia-
siakake koran-koran iki.” Bocah mau manggut-manggut. Mesem. Banjur
ngentekake roti sing isih ana ning tangane

Srengege uwis soyo munggah, nyapu opo wae sing ono ning ngisore. Bocah mau
nyruput teh sing tak tukokake.

“Kui gabres, Dik” Bocah mau ngguyu lan ngelap nganggo klambine.

“Matur nuwun sanget nggih, Mas.” Bocah kui ngekeki koran sing tak tuku banjur
pamit lan nyabrang ora lali koran ning tangane kui. Rupane sumringah, ora kerasa
aku melu mesem ndelok Bocah mau.

Dina Jumat iki, aku entuk pelajaran seko Bocah cilik sing dodolan koran.
Pelajaran cilik sing ora diajari ning SD SMP SMA bahkan ning PT. Pengajaran
kuwi, ojo nggampangke lan nyiak-nyiakake. Aku mesem, jam 08.50 WIB. Aku
ngadheg lan lungo ning kantor.

Anda mungkin juga menyukai