Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr.

Poro Bopo Ibu Guru ingkang kawulo mulyaken, poro rencang panitia soho rencang sedoyo ingkang
kawulo hormati.

Poro rawuh ingkang kawulo hormati.

Sakderengipun kawulo matur nopo ingkang bade kawulo aturaken mangke, langkung rumiyin kawulo
aturaken puji syukur dumateng ngarsanipun gusti ingkang makaryo jagad. Ingkang sampun paring pinten-
pinten rohmat, ni’mat dumateng kawulo lan panjenengan sedoyo sahinggo kawulo lan panjenengan
saged makempal wonten ing aula SMAN 1 Surokarto hadiningrat sakmeniko sakperlu hangrawuhi reuni
kalih doso tahun kassmadji songo wolu.

Poro rawuh ingkang kawulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo atas nami ketua panitia acara ngaturaken agunging panuwun ingkang sak
ageng-agengipun dumateng Ibu kepala sekolah nuwun injih ibu harminingsih ingkang sampun
nyediahaken tempat soho perlengkapanipun. Kawulo aturaken agunging panuwun dumateng bopo2
soho ibu2 guru ingkang kerso rawuh wonten ing reuni puniko. Kawulo aturaken agunging panuwun
dumateng sedoyo rencang panitia ingkang sampun nyiapaken acara reuni puniko. Mboten kesupen
agunging panuwun dumateng sedoyo rencang ingkang sampun saged rawuh wonten ing acara reuni
puniko.

Lan ing mriki kulo nyuwun tambahipun barokah dongo dumateng poro bopo ibu guru ing acara puniko,
mugi-mugi sedoyo ilmu, bimbingan lan gemblegan saking poro bopo ibu guru dumateng kawulo soho
rencang2 sedoyo saged migunani dumateng masyarakat, agomo lan negoro.

Poro rawuh ingkang terakhir kulo ngaturaken agunging pangaksami, mbok bilih menawi kawulo wonten
lepat ing tindak tanduk lan pitutur.

matur nuwun..

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai