Anda di halaman 1dari 2

ADICARA TIRAKATAN

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

Innalhamdalillaah, nahmaduhuwanasta’inuhuwanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min


syuruuri anfusinawa min sayyiatia’maalina, may yahdihillahu falamudzillalah wa may
yudlill fala haadiyallah, asyhadu an-laa ilaa haillallaah wahdahulaasyariikalahu
waasyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Ammaba’d.

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;


Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam
pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;

Ibu Kepala Dusun Tegal Kunci , Bapak Ketua RW Dukuh Tegal Kunci ingkang kawula
hurmati.

Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha
dening para ummat, langkung langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun
almukarrom Bapa………………ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji,
ingkang dipun mulyaaken Allah;
Segenap Warga Rt 01 Rw 05 Dukuh Tegal Kunci ingkang kawula hormati,

Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat
rakhimakumullah.
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjuk aken
raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ingtiti wanci menika taksih
kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula,
saha awit paringipun saksae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamdalillaah.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung
Muhammad, SAW, para garwa saha putra, para keluarga nipun saha para sahabatipun,
saengga benjang ing yaumil akhir mugi-mugi kitatansah pikantuk syafaati pun. Amin

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Kepareng alangkung
rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapijin Derek kaken titi laksananing
adicara Pengaosan Tasyakuran Mengeti Dinten Kamrdikan Republik Indonesia Kaping 74
( pitung ndoso sekawan ) Tahun kali ewu songolas nyuwun lumunturing sih samodra
pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan
sawetawis, kinaryaa murwakani adicara pengaosan ingndalu punika. Sak lajengipun,
keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan
Pengaosan Tasyakuran Mengeti Dinten Kamrdikan Republik Indonesia Kaping 74
( pitung ndoso sekawan ) Tahun kali ewu songolas ing titi wancipun ingkang sampun
rinacik sahari nantam kirang langkung mekaten :

 Adicara angka sepisan Pambuka


 Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun
sinerating Pustaka Suci Al-Qur'an, ingkang samangke badhe kasarirani dening
Bpk/Ibu………………..
 Kalajengaken Ngidung sareng –sareng Lagu kebangsaan Indonesia Raya ...
 Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku
gati, ingkang badhe kasarirani Bapa Nur Rokhman selaku Ketua RT 01 Rw 05
Dukuh Tegal Kunci.
 Wondene adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatosing pepanggihan
wontren ndalu punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang
badhe kaparingaken dening almukarrom Bapa Kyai………………..
 Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun nggih panutup utawi do’a nun
inggih ingkang badhe dipun kaparingaken dening bapa kyai Sanuri.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah
urut reroncening titilaksana adicara Pengaosan………………………ing dinten punika.

Mugi mugi adicara ingkang sampun karantam punika saget alumampah kanti rancag
winantu barakah ipun Gusti Allah Subkhanhu Watat’ala Awit saking menika, sumangga
kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT
mracihnani bilih pepanggihan dinten punika tumunten kawiwitan.

Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do'a kanti
waosan BISMILLAHIRROKHMAANIRROKHIM dherekaken Maturnuwun.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe
kasarirani dening Bapak/Ibu/Saudari anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya
jamaah mugi kepareng hamidangetaken sahaha ngraosaken ingsak lebeting manah jer
menika Pangan dikanipun Allah SWT.
Sadereng lan sasampunipun dipunaturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng
Bapak/Ibu/Saudara …………....................wekdal kasumangga aken.

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi
waosan kala wau manah kita langkung tinar buka saengga saget ayom ayem tentrem
dumigi saklami-laminipun. Ugi dhumateng panjenenganipun ingkang sampun ngaturaken
waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiinyaarabbal
‘aalamiin.

NDUKANG ADI CARA INGKANG KAPING TIGO NGIDUNG SESARENGAN LAGU


KEBANGSAAN INDONESIA RAYA .... Hadirin dipun aturi jumeneng swak watawis.

Mekaten menggahatur pambagya harja sampun kaaturaken,

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng Saking Ketua RT
01 Rw 05 Dukuh Tegal Kunci dhumaten Bapak Nur Rokhman wekdal kasumangga aken.

Mekaten menggah atur pambagya harja sampun kaaturaken, tumapaking adicara


salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka umsari lan
wigatosing pepanggihan ing dhalu punika. Ingkang punika, dhumateng almukarrom bapa
Kyai……………, kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah. Dhumateng
BpkKyai ………………….. wekdal kasumangga aken.

Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken. Mekaten mauidhoh hasanah engkang


sampon dipon beberaken Bapak Kyai ________________________________ mugi-mugi kanti
penjelasan soho beberanipon kolowau saget nambahi ilmu kito, nambahi pengetahuan
kito. Amin allohumma amin.

Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken.


Wondene adicoro engkang pamungkasan inggeh meniko penutup do’a ingkang badhe
dipun pimpin dheng bopo kyai SANURI dhumateng bapo kyai Sanuri kawulo
sumanggaaken.

. monggo acoro ingdalu meniko sareng-sareng kito tutop kanti waosan hamdalah
“alhamdulillahirobbil ‘alamin.” Mekaten acoro engkang sampon kalampah ingdalu
muniko,mugi-mugi saget nambahi ilmu soho manfaat kagem kito sedoyo. Kula ingkang
piniji dherekaken lampahing adicara, temtunipun pinanggih atur ingkang kirang nuju
prana saha tindak tanduk ing kang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah
kula nyuwun gunging samodra pangaksami, kawula akhiri

Atur Billahi Taufiq Wal Hidayah


wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.....

Dirgahayu Kemerdekaan Ripublik Indonesia Kaping pitung dhoso sekawan tahun kalih
ewu songolas SEPINDAH MERDEKA TETEP MERDEKA !! !! MERKEKA

Anda mungkin juga menyukai