Anda di halaman 1dari 14

Kawontenanipoen SYNODE ingkang sapisan

Ing Pasamoewan Gereformeerd


Djawi-Tengah

Wonteng ing Keboemen kala 17, 18 Februari 1931


Kawontenanipoen “SYNODE” ingkang sapisan
Ing Pasamoewan Gereformeerd
Djawi-Tengah,
Wonteng ing Keboemen kala 17, 18 Februari 1931.

Pakempalan Synode waoe saking oetoesanipoen Classis gangsal, inggih poenika


saking Classis Solo, Ngajogjakarta, Poerworedjo (Magelang toemoet Classis Poerworedjo),
Poerbalingga lan Keboemen.
Satoenggil-toenggiling Classis ngoetoes saderek tiga, kadasta: Classis Solo ngoetoes
M. Soengkana, M. Boesana lan M. N. Mestaka. Ngajodja: R. S. S. Martahatmadja, Ds.
Sopater lan M. Kalam. Poerworedjo: Ds. Wirjotenojo, Ds. Siswawasana (Magelang) lan M.
Soeradja. Saking Poerbalingga: Ds. Soedarmadi, M. J. Adam lan M. K. Djajaprawira.
Saking Keboemen: Ds. Z. H. Soesena, M. J. P. Atmadimedja lan M. Jokas.
Synode wonten Adviseuripoen para pandita Zending 6, inggih poenika: Dr. B. J. Esser
(saking Poerbalingga) Ds. A. Pos (Ngajogjakarta), Ds. P. H. van Eyk (Solo) Ds. A. F.
Keuchenius (Poerworedjo), Ds. K. Van Dijk lan Ds. H. Bargema (saking Keboemen).
Oegi kadatengan para goeroe Indjil Zending, poenika inggih kagolong Adviseur. Sarta para
goeroe pamoelangan Zending, para verplegers lan saderek Kristen djadjar sanes-sanesipoen,
poenika namoeng kaetang tamoe.
Dene ingkang wenang gadah swara (stemmen) namoeng para oetoesaning
Pasamoewan (Classis), inggih ingkang dados warganing Synode. Menggah para Adviseurs
poenika tijang ingkang kinadjenan, namoeng dados djoeroe-pirembag (pamrajogi) minangka
sesoeloeh dateng Synode. Inggih poenika jen oetoesan ingkang gadah oesoel sampoen
mratelakaken oesoelipoen ladjeng Adviseur nglairaken toedjoening oesoel, sarta paring
pirembag oetawi pamrajogi, wasana Synode ngrembag oesoel waoe, punapa dene damel
kekentelaning rembag. Dene menggah para tamoe namoeng mirengaken rembag-rembag.
Datengipoen para oetoesan sami ambekta pratanda saking Classis ingkang ngoetoes
ingkang mratelakaken anggenipun dados oetoesan (serat Credentie).
Sarehning Synode manggen wonten ing Keboemen, Classis Keboemen ladjeng
andamel Commitee, kangge nampeni ingkang sami rawoeh sarta kangge njawisaken ingkang
bade wonten (ngadeg).
---------------------
Dinten Senen sonten 16 Februari 1931 para oetoesan, para Adviseurs lan para tamoe
katah ketingal rawoeh, ingkang dereng, noesoel ing endjingipoen.
Djam 8 daloe sami ngempal wonten gredja, dipoen-atoeri lenggah dening Commitee
ing papanipoen pijambak-pijambak ingkang sampoen katjawisaken. Commitee ladjeng
nampeni serat-serat saking para oetoesan katjotjogaken kalijan wontenipoen oetoesan. Wasana
pangarsaning Commitee ladjeng minggah dateng mimbar njaosi soegeng dateng para ingkang
sami rawoeh, sarta ladjeng ambikak kempalan tjawisan Synode ngangge memoedji Masmoer
116a : 11 sarta maos I Corr. 13a 19a, sarta mawi dipoen terangaken ringkesipoen kaperang
dados tiga:
a. Sebab poenapa dene kawroehipoen manoesa teka namoeng satoegel-satoegel.
b. Awit ingkang dipoen-kawroehi (Pangandikanipoen Goesti Allah) poenika asipat
kasoekman sarta lebet artosipoen angoengkoeli pamboedinipoen manoesa ingkang
kangge ngawroehi.
c. Sebab boedinipoen manoesa tjoepet lan peteng; sanadjan toemrap tijang ingkang
sampoen kapadangan dening Roh Soetji sarta ingkang kalebet witjaksana. Sebab saking
kalih prekawis poenika andjalari manoesa taksih kasamaran dateng soeraosing Kitab
Soetji pinten-pinten oetawi pangawroehipoen dateng Kitab Soetji ladjeng namoeng
satoegel-satoegel.
Mergi saking pangawroehipun manoesa namoeng satoegel-satoegel, temah andjalari ing
satengahing Pasamoewan ladjeng wonten panganggep lan tekad beda-beda, panasaran,
pasoelajan, pepisahan lan golong-golongan ingkang sami ngaken leres pijambak-pijambak,
senadjan sedaja waoe nganggep Goesti lan Kitab Soetji satoenggal. Poenika terang wiwit
saking djaman Pradjandjian Lami, djamanipoen para Rasoel. Tjarijos-tjarijos ing Babad
Pasamoewan Christen ngantos doemoegi djaman sapoenika oegi.
Sarehning pangawroehipoen namoeng satoegel-satoegel mila wadjib sanget kedah:
1. Andap-asor angroemaosi ing kabodoanipoen.
2. Nganggep, ngandel lan soemoejoed dateng Pangandikanipoen Goesti Allah, senadjan
taksih katah ingkang taksih samar toemprap pamboedinipoen manoesa. Botenta Kitab
Soetji ingkang teloek dateng pamboedinipoen manoesa (katerangaken sakadjengipoen
manoesa, nanging pamboedinipoen manoesa ingkang kedah teloek soemoejoed dateng
Pangandikanipoen Goesti Allah, senadjan manoesa boten (dereng) saged mangertos
njandak babar pisan dening tjoepet lan kapetenganipoen pijambak waoe, awit
Pangandikanipoen Goesti Allah mesti njata lan leresipoen.
3. Sarehning pangawroehipoen manoesa namoeng satoegel-satoegel, mila poenapa
ingkang dados pemanggihipoen sampoen ngantos dipoen-engkoki mesti leresipoen,
malah kedah tansah dipoen dadar ngangge Pangandikanipoen Goesti Allah, poenapa
leres saestoe poenapa boten. Poenapa dene menawi wonten sederek ingkang
nglepataken, melehaken oetawi ngengetaken dateng pemanggihipoen waoe, poenika
sampoen ngantos dipoen-remehaken, mbrekoenoeng padoegoenoeng, oetawi
ambegoegoek-ngoeta-waton mekaten.
4. Senadjan manoesa perloe nampi pepenget, pameleh lan pamrajogi pakempalan saking
sesami, ewadene pamrajoginipoen sesami waoe inggih kedah dipoen-tjondongaken
kalijan Pangandikanipoen Goesti Allah. Awit djoeroe-pamrajogi pijambak
pangawroehipoen oegi satoegel-satoegel, saged klintoe oetawi lepat.
5. Sarehning pangawroehipoen manoesa namoeng satoegel-satoegel, mila wadjib tansah
ngoedi indaking pangawroehipoen sarana taberi nitipriksa soeraos ing Kitab Soetji
kanti njoewoen pitoeloenganipoen Sang Roh Soetji. Sarta ngoedi itjaling Pasoelajan
ing satengahing Pasamoewan ing bab panganggep lan tekad, moerih toenggil boedi
raos lan tekad kados gegelitaning sarira satoenggal wonten ing Jesus Christus.

Sesorah waoe dipoen-wekasi:


Bingah sanget dene ing tengah kita bade wonten Synode ingkang sapisan (wiwitan),
ingkang bade ngadeg poenika, ingkang nelakaken jen Pasamoewan kita kaberkahan dening
Goesti wiwit madjeng. Nanging nelakaken oegi jen njata pangawroeh kita inggih namoeng
satoegel-satoegel, boten saged ngrampoengi prekawis-prekawis ing satengahing
Pasamoewanipoen ngantos perloe ngawontenaken pakempalanipoen para Pasamoewan
(Synode) kangge ngrembag prekawis-preekawis waoe sesarengan. Synode ingkang bade
ngadeg engeta anggenipoen dados tijang toegelan anggenipoen bade ngrembag prekawis-
prekawis, sampoen ngantos wewaton pamboedinipoen pijambak, namoenga wewaton-
wewaton kaleresaning pangandikanipoen Goesti Allah kemawon.
Wasana katoetoep ngangge pandonga.
Pangarsaning Commitee ladjeng ngatoeri para oetoesan soepados milih pangreh kangge
andapoek Synode, inggih poenika pangarsa, moeda-pangarsa lan djoeroeserat.
Ingkang kapilih dados pangarsa : Ds. Z. H. Soesena,
moeda pangarsa : Ds. Siswawasana lan
djoeroeserat : M. J. P. Atmadimedja,
ladjeng kapoerih lenggah ing papanipoen pangreh. Poenika Synode sampoen nami ngadeg.
Pangarsaning Synode matoer dateng pakempalan, ngatoeraken panoewoen dene
konarsakaken noentoen pakempalan, nanging kanti soesah lan isin sanget ngraos badanipoen
poenika tijang poenapa dene ngantos kinarsakaken ngemoedeni pakempalan ingkang moelja,
gawat lan awrat sanget poenika toer saweg bade klampah sapisan poenika, mesti kemawon
katah koetjiwanipoen. Mila saderengipoen klampah njoewoen ngapoenten ing kalepatanipoen.
Soekoer sanget dene ing Synode wonten Adviseur ingkang sembada sanget, damang ing
pangawroeh, sarta sampoen njarirani (ngalami) pijambak, inggih poenika para pandita
Zending, poenapa dene para goeroe-Indjil-Zending. Saboten-botenipoen mesti wonten
paedahipoen dateng Synode. Pangarsa oegi njoewoen dateng kantja pangreh soepados
ambantoe kalijan temen-temen. Ing daloe poenika Synode dereng ngrembag oesoel-oesoel,
bade karembag ing endjingipoen lan saladjengipoen, namoeng among pamitran sarta
ngrembag soepados Synode dipoen-potret kangge kakintoenaken dateng Pasamoewan ing
negari Welandi, poenapa dene katoembas dening sinten ingkang ngersakaken bade moendoet.
Ladjeng katoetoep dening pangarsa mawi pandonga.

-----------------------

Anggenipun Synode ngempal ngrembag oesoel-oesoel, wiwit djam 8 endjing


doemoegi djam 1 sijang ladjeng wiwit malih djam 7 sonten. Wasana wiwit djam 11 daloe, lan
saged rampoeng pangrembagipoen oesoel-oesoel. Dados boten ngantos tanggal 18. Ingkang
grawoehi wetawis sederek eketan. Saderengipoen pakempalan kabikak pangarsa ngatoeri
soepados pakempalan ngadeg sawatawis menit kangge nelakaken anggenipoen prasetya
anggenipoen namoeng bade dedasar kaleresaning Kitab Soetji kemawon, sarta dipoen-atoeri
pamrajogi salebetipun kempalan sampoen sinambi eses (oedoet). Pakempalan ladjeng kabikak
dening pangarsa mawi pamoedji Masmoer 1 a 1, maos Jochanan 15 a 1-8 sarta pandonga.
Doemoeginipoen ing djam kendel rembagan, sarta ngawiti rembagan malih inggih mawi
pamoedji Masmoer.
Dene oesoel-oesoel ingkang karembag kados ing ngandap poenika.
1. Wontena Pangrehing Pasamoewan ingkang oemoem. (Oesoel Poerbalingga) .
Sasampoenipoen prekawis poenika dipoen terangaken saperloenipoen, Synode
ngroedjoeki. Kekentelaning rembagipoen Synode mekaten: wontenipoen Pranata
oetawi Kerken-Orde poenika djalaran saking wontenipoen prekawis-prekawis ingkang
kedah dipoen tata, mila sampoen ngantos damel prekawis-prekawis ingkang kedah
dipoen tata, mila sampoen ngantos damel pranatan roemijin. prajogi nitipriksa
prekawis kalih ingkang sampoen wonten oetawi toemindak ing salebeting
Pasamoewan. Sasampoenipoen mekaten ladjeng wiwit damel Pranatan kangge nata
prekawis kalih waoe, saja mindak katahing prekawis lan saja ewah kawontenaning
Pasamoewan. Pranatan inggih dados saja mewah lan owah-owah, dados boten
namoeng adjeg kemawon. Patrap mekaten, Pranatan ladjeng tjotjog kalijan ingkang
dipoen tata, temah saged maedahi dateng Pasamoewan. Djer Pranata poenika dede
pamisesa ingkang meksa, nanging satoenggaling patrap saking pamilihipoen
Pasamoewan pijambak ingkang dipoen anggep tjondong kalijan kersanipun Goesti
Allah kangge nata kawontenanipoen pijambak. Synode ladjeng andamel Commissie
kangge njinaoe Rantjanganipoen Pranatan, patrap kados ingkang dipoen terangaken
ing nginggil waoe, sarana panoentoenipoen para pandita-Zending. Jen Rantjangan
sampoen sami dados Commissie ladjeng ngempal lan njatoenggilaken Rantjangan
waoe ladjeng kasoewoenaken pamrajogi dateng Conferentienipoen para pandita
Zending. Wasana kapasrahaken dateng Synode ingkang bade wonten ing taoen
ngadjeng. Dene ingkang kapilih dados Commissie sederek: M.Soepanahardja, Solo;
Ds.Sopater, Djokja; Wirjotenojo, Poerworedjo; Ds.Soedarmadi, Poerbalingga lan
Ds.Z.H.Soesena, Keboemen.

2. Noenggilipoen Pasamoewan, kedah ngangge wewaton oetawi tangsoel poenapa. (Swara


Keboemen).
Poenika dados oesoel, nanging woedjoed sesorah. Orehanipoen karingkes mekaten:
Pasamoewan Christen wadjib tetoenggilan oetawi pitepangan, terang saking soeraos
ing Kitab Soetji pinten-pinten lan saking soeraosipoen Sahadat 12 (oemoem), sabab
sami dados gegelitaning sarira satoenggal wonten ing Sasirah Goesti Christus; ingkang
katah paedahipoen lantaran anggenipoen sawab-sinawaban. Noenggilipoen
Pasamoewan sampoen kerep dados rembag wonten ing pakempalan, ing padjagongan
lan serat-serat kabar, kadosta rembag Masmoer kemawon kedah ngengeti
Patoenggilanipoen Pasamoewan Christen oetawi Pasamoewan sanes-sanesipoen,
sampoen namoeng ngengeti Pasamoewanipoen pijambak kemawon, awit pantji dados
wadjib lan betahipoen sedaja Pasamoewan. Menggah wontenipoen Synode ingkang
saweg nembe klampah sapisan poenika oegi mekaten patoenggi1anipoen Pasamoewan
Christen. Barang katah ingkang bade dipoen toenggilaken poenika mesti wonten
wewaton oetawi tetangsoel ingkang kangge njatoenggilaken oetawi malih barang
ingkang noenggil dasar lan kawontenan. Lah manoenggilipoen Pasamoewan Christen
poenika kedah ngangge wewaton, tetangsoel lan dedasar poenapa? Boten wonten
malih-malih kedjawi namoeng sarana Pangandikanipoen Goesti Allah kemawon.
Terang kados ingkang kasebat ing Lelampahanipoen para Rasoel 2 a 42. Efesoes 2 a
20; II Tim. 3 a 16, 17; lan sanes-sanesipoen.
Noenggilipoen Pasamoewan Christen oegi sarana ingkang dados pangakening
pitadosipoen (sanesipoen sahadat 12 ingkang oemoem). Sanadjan Pasamoewan2 kita
dereng gadah pangakening pitados ingkang kangge nampik penganggep (piwoelang)
nasar (awit dereng wonten perloenipoen), ewadene inggih sampoen kenging kasebat
anggadahi, inggih poenika: Piwoelang Agami Christen, ingkang dipoen-anggep lan
dipoen angge dening sedaja Pasamoewan Gereformeerd.
Ingkang poenika anggenipoen Synode ngrembag sedaja prekawis ingkang bade
kangge sedaja Pasamoewan, langkoeng2 bab rembag Pamoedjinipoen Pasamoewan
Christen, ingkang sampoen njata dados rembag rame sarta ngantos dados sekar-lati,
lan bokmenawi mangke oegi dados rembag wigatos pijambak sarta rame. Sedaja waoe
karembaga wewaton kaleresaning Pangandikanipoen Goesti Allah kemawon, sampoen
ngantos ngangge seneng lan pamilihipoen pijambak, poenapa dene sampoen ngantos
mregi dening kedajan ing tijang (senadjan perloe oegi ngangge rembagipoen tijang
sanes); kadosta mergi saking adjrih, ewed, rikoeh doepeh kawon sepoeh, pinter, nama
lan sapanoenggilanipoen oetawi sampoen ngantos karembag tijang-tijangan.
Ingkang sami kekempalan sami roedjoek sedaja, menawi soeraosipun Kitab Soetji
kadamel wewaton lan dedasaring panoenggilipoen Pasamoewan Christen. Semanten
oegi panoenggilaning pakempalan katah ingkang mestani kirang perloe Synode
mratelakken mekaten kemawon. Poenika amargi senadjan tijang Christen sami
nampeni Kitab Soetji, semanten oegi panoenggilanipoen oetawi piwoelangipoen boten
mesti sami, sarana sami tijang toegelan. Mila Synode dipoen-atoeri apratela, bilih
panampinipoen dateng ing Piwoelang Agami Christen Heidelbergsche Catechismus).
Pakempalan inggih sami roedjoek, temah apratela bilih ingkang kadamel wewaton lan
dasaring panoenggilipoen Pasamoewan Christen poenika soeraosipoen Kitab Soetji,
inggih mitoeroet katrangan, ingkang kamot ing Piwoelang Agami Christen waoe.
3. Njoewoen soepados Kidoeng Pasamoewan Christen dipoen-oemoemaken kanggenipoen,
Masmoeripoen njoewoen dipoen boedidaja wewahipoen. (Oesoel Djokja).
Oesoel poenika ladjeng ngawontenaken djedjer kalih, inggih poenika pamoedji
Masmoer 150 lan Kidoeng. Menggah rembagipoen Synode ing bab prekawis kekalih
waoe mekaten:
a. Synode ngroemaosi lan ngakeni bilih Masmoer 150 poenika ingkang patoet lan
sembada pijambak kangge pamoedjinipoen Pasamoewan Christen, awit Masmoer
poenika saking peparingipoen Goesti Allah pijambak, lantaran pamangsitipoen
Roh Soetji dateng oemat kagoenganipoen, wiwit kina makina. Soepados kangge
wewatoning Pamoedji kondjoek doemateng Pandjenenganipoen, poenapa dene
sampoen njekapi kangge nglairaken soeraosing poedjinipoen manahipoen tijang
moersid, kadosta roemoes dosa, njoewoen pangapoentening dosa, salebeting
ngraos papa lan sangsara, kamoeljan lan kaloehoeranipoen, Pangeran,
sampoernaning woelang lan sihipoen Goesti Allah, wijos, pakarjan sangsara, seda,
woengoe lan mechrad oetawi kamoeljanipoen Goesti Jesoes lan
sapanoenggilanipoen. Mila Pasamoewan Christen panganggenipoen dateng
Masmoer kedah dipoen tengenaken, katimbang Kidoeng2 ingkang saking
anggitanipoen manoesa tanpa pamangsitipoen Roh Soetji. Barang ingkang
kabedakaken (kasedjekaken, kapisah) poenika panganggep lan panganggenipoen
inggih kedah dipoen-bedakaken oegi. Prekawis poenika inggih manut dateng
tetoeladanipoen para moersid abdinipoen Allah ing djaman kina. Ing djaman
Pradjandjian Lami lan Pradjandjian Enggal para nabi, para Rasoel, malah Goesti
Jesoes pijambak, ingkang sami kadadosaken tetalesing pamoedjinipoen
Pasamoewan Christen.
b. Synode inggih oegi roemaos bilih Pasamoewan perloe ngangge pamoedji
saking Kidoeng2 sapinten ingkang njondongi kalijan Pangandikanipoen Goesti
Allah, awit pantji katah paedahipoen dateng Pasamoewan Kristen, lan inggih
karana ngengeti dateng Pasamoewan2 ingkang sampoen sami ngangge Kidoeng
poenika, ngiras kangge nandakaken anggenipoen toemoet pakempalan sanes
djalaran ingkang kangge memoedji sami kemawon.
c. Synode nganggep perloe ngatoeraken pangraos lan sedyanipoen bab
panganggep lan pangangenipoen pamoedji waoe dateng pakempalaning para
pandita Zending, sarta soepados teroes katoer dateng Synode ing negari Welandi,
moerih sae kedadosanipoen.
d. Kidoengipoen Pasamoewan sampoen wonten, inggih poenika jasanipoen
Commissie ingkang kersa ngengeti kabetahanipoen Pasamoewan Djawi, ingkang
taksih apes poenika, mila Synode roemaos bingah lan matoer noewoen sanget.
Masmoer 150 anggenipoen katembangaken inggih sampoen rampoeng oetawi
djangkep, inggih poenika nembe kemawon dipoen anggit lan dipoen wedalaken
dening pandjenenganipoen ingkang Ds. K. van Dijk. Sarehning Synode oetawi
Pasamoewan Djawi ingkang bade ngangge Masmoer lan Kidoeng wau, mila
roemaos perlu kedah nitipriksa roemijin bokmenawi wonten ingkang perloe
kaewahan oetawi kabesoet saperloenipoen. Sarehning Kidoeng waoe
doemadosipoen boten saking rembagipoen Synode, mila Synode roemaos boten
wenang oepami bade angewahi. Prekawis poenika kedah kapasrahaken dateng
Commissie ingkang jasa, dene saoepami Commissie wonten kersanipoen
masrahaken dateng Synode Djawi soepados katitipriksa lan kabesoet
saperloenipoen oetawi namoeng moendoet Pambantoe saking Pasamoewan Djawi
ingkang bade anderek ngangge, poenika Synode inggih bingah.
Namoeng Masmoer 150 poenika ingkang kasoewoen lan katetepaken lan kedah
katitipriksa lan dipoen besoet saperloenipoen. Synode ladjeng damel Commissie
kangge nindakaken bab rembag pamoedjinipoen Pasamoewan waoe, ingkang
sakinten mangertos dateng raos, lagoe lan dateng kasoesastran. Dene ingkang
kapilih dados Commissie sederek 5 inggih poenika pandjenenganipoen R. S. S.
Martahatmadja (Djokja), M. Joram (Djokja), M. S. Atmawidjana (Solo), Ds. S.
Wirjotenojo (Poerworedjo) lan Ds. Z. H. Soesena (Keboemen). Patraping
panjamboetdamelipoen Commissie ingkang roemijin kagarap ing pangagengipoen
pijambak-pijambak, ladjeng kala-kala ing wantji ingkang katemtokaken
Commissie sami ngempal ngrembag angsal-angsalanipoen pandamelanipoen
perloe dipoen tjotjogaken mawi dipoen djoemenengi dening sawenehing sardjana
ingkang dipoen anggep sembada kangge djoeroe pirembagipoen. Mekaten
sateroesipoen ngantos rampoeng. Sasampoenipoen rampoeng ladjeng kaatoeraken
dateng Parepatanipoen para pandita Zending moerih kaseksen lan dados ing
saenipoen. Wasana kapasrahaken dateng Synode ingkang bade kawontenaken ing
ngadjeng.
4. Serat Pratelan bab Baptis lan Boedjana Soetji sageda kasamekaken. Sarta kadamela kalih
roepi, ingkang rowa lan ingkang ringkes. (Oesoel Djokja).
Pantjasanipoen Synode mekaten. Wontena Pratelan werni satoenggil kemawon lan
boten mawi patokan rowa oetawi ringkes, nanging njekapi ing kaperloewan. Soekoer
menawi wonten temboeng saketjap ingkang kangge njekapi prekawis poenika.
Kedjawi poenika wonten Pratelan malih ingkang dados betahipoen Pasamoewan, saha
sedaja Pasamoewan dereng temtu anggadahi, oetawi senadjan gadah dereng sami,
inggih poenika Pratelan kangge ningkahan, kangge netepaken Pandita, pinisepoeh lan
diaken, poenapa dene kangge medot oetawi ngedalaken panoenggilan ingkang
moertad, sarta nampi malih dateng tijang moertad ingkang mratobat. Sarehning
Pasamoewan Djawi ingkang katah dereng saged damel Pratelan2 waoe pijambak,
senadjan oepami wontena ingkang saged temtoenipoen katah koetjiwanipoen, awit
dereng nate toer kirang kawroeh sanget, pramila prekawis poenika prajogi
kasoewoenaken toeloengdateng parepatanipoen para pandita Welandi malih, dasar
poenika ingkang kadadosaken bapa, goeroe lan djoeroepirembagipoen Pasamoewan
Djawi tanemanipoen, toer sampoen baoet ing bab prekawis poenika. Sasampoenipoen
dados ladjeng kaparingaken dateng Synode Djawi ingkang bade wonten ing ngadjeng,
oegi ladjeng kapriksakaken dateng Synode ing negari Welandi soepados tetelaa jen
wonten patoenggilanipoen Pasamoewan ngriki lan ngrika.

5. Serat loeloesanipoen pindahing sederek Christen kadamela sami. (Oesoelipoen Solo).


Wontenipoen oesoel mekaten, awit serat-serat loeloesan ingkang sampoen wonten,
kedjawi beda-beda modelipoen, wonten ingkang isinipoen boten njekapi kangge
ngiseni Stamboek Pasamoewan, oepami mawi mratelakaken Baptis kala lare lan
sapanoenggilanipoen.
Serat bab Ningkah inggih ladjeng katoet karembag soepados dipoen ewahi kadosta:
oengeloeng lan “ing desa………….. Si”, poenika kedah kaboetjal perloe ngwekani
tijang ingkang manggen ing negari lan ingkang pantji gadah titel: M oetawi R.
Rembagipoen Synode mekaten. Serat loeloesan ingkang perloe boten bab modelipoen,
nanging isinipoen kedah ingkang njekapi, langkoeng perloe malih bab paseksen
toemrap pitados lan lampahipoen ingkang gadah loeloesan pindah waoe, soepados
sederek poenika sageda karimat ing saleresipoen dening pangadjenging Pasamoewan
ingkang dipoen pindahi. Ngengeti ing satengahing Pasamoewan Djawi wonten
panoenggilanipoen ingkang ngangge basa Melajoe oetawi wonten sederek Christen
Djawi ingkang pindah dateng Pasamoewan Melajoe, mila serat-serat waoe kedah
mawi basa kalih Djawi lan Melajoe. Serat kekalih waoe moerih sami lan njekapi,
mangka Stamboek Pasamoewan bade dipoen ewahi, gegajoetan kalijan wontenipoen
Burgerlijken Stand, ingkang pangewahipoen kapasrahaken dateng pandjenenganipoen.
Dr. B. J. Esser dening parepatanipoen para pandita Welandi, mila ewahing serat-serat
waoe inggih prajogi kasoewoenaken toeloeng dateng pandjenenganipoen Dr. Esser
kemawon pisan, ladjeng Pasamoewan2 ingkang sami ambetahaken sami toembas.
Pandjenenganipoen oegi sagah paring pitoeloeng.

6. Menawi wonten sederek Kristen sakit ewah ngantos boten kenging kangge brajatan,
poenapa kenging katilar semah malih? (Oesoel Poerworedjo).
Rembagipoen Synode mekaten.
a. Tijang boten kenging megat semahipoen, kedjawi saking sebab satoenggil
kemawon, inggih poenika lampah bandrek. (Matth. 19a 8, 9).
b. Tijang ingkang estoe tresna dateng semah mesti boten pisan mentala nilar
semahipoen ingkang nandang sakit mesakaken mekaten poenika, malah saja
kedah bade melasi.
c. Pangrehipoen Pangeran ingkang mekaten poenika boten pisan-pisan sia-sia,
mesti wonten toedjoeanipoen ingkang moedja lan oetami ingkang andadosaken
kasaenan dateng ingkang ketaman djandji sinanggi kalijan andap-asor, sabar,
narimah lan soemoejoed dateng ingkang kagoengan pangreh. Malah sija-sija
sanget ingkang nilar semahipoen mekaten waoe.
d. Sasisah-sisahipoen ingkang katilar sakit, taksih langkoeng sisah ingkang
nandang sakit, toer kasoesahanipoen ingkang katilar sakit kenging dipoen
pitoeloengi ing sanes.

7. Pasamoewan Kristen poenapa kenging ningkahaken penonton Kristen oetawi ingkang


saweg sinaoe Agami Kristen. (Oesoel Poerbalingga).
Rembagipoen Synode mekaten.
Kenging lan botenipoen poenika manoet kawontenan lan kaperloewanipoen ingkang
njoewoen dipoen ningkahaken, kedah mawi pradjandji poenapa sagah bade netepi
pranatan Kawin tjara Christen. Nanging inggih kedah mawi weweka lan ngatos-atos
sanget, sampoen ngantos andjalari pangawon-awon dateng Agami Christen. Kalijan
malih angengetna jen ningkah poenika prekawis oemoem.

8. Wontena goeroe Indjil ingkang inggil pasinaonipoen. (Oesoel Poerbalingga.).


Toedjoeanipoen oesoel waoe mekaten. Zending moegi kangoengana goeroe Indjil
ingkang inggil pasinaonipoen, sampoen namoeng kados ingkang sampoen
kelampahan. Perloenipoen manoet kawontenaning djaman, poenapa malih kangge
ngabaraken bangsa tijang pinter oetawi inggil pasinaonipoen. Awit kangge tijang
pinter menawi dipoen kabari dening tijang limrah oetawi dening goeroe Indjil kados
sapoenika, poenika terkadang wonten ingkang angremehaken, ingkang ngabaraken
pijambak terkadang wonten ingkang awang-awangan.
Rembagipoen Synode mekaten.
Prekawis poenika sanes koewadjibanipoen Synode ngriki, nanging Zending. Dene
Zending pijambak pantji tansah amboedidaja madjenging pandamelanipoen anggening
angabaraken Indjil, sarta bade ngawontenaken pamoelangan kangge goeroe Indjil
ingkang dipoen inggilaken piwoelangipoen sarta kadamel lami wekdalipoen sinaoe
katimbang ingkang sampoen kelampahan.

------------------------------------

Namoeng semanten telas ingkang dados rembagipoen Synode. Sarehning taksih


wonten wekdal sawatawis ladjeng kangge ngrembag warna-sari, kados ing ngandap poenika.
1. Wontena Kerkblad. Kenteling rembag dereng perloe, ngengeti wedaling arta, lan sampoen
wonten serat kabar ingkang kenging sarta njekapi kaperloewanipoen prekawis
poenika, inggih poenika Kristen Djawi. Poenika kemawon dipoen-santosani.
2. Tijang Christen ingkang sampoen kapegat dening semahipoen, poenapa kenging emah-
emah malih.
Rembagipoen Synode kenging. Sampoen klintoe panjoeraos; prekawis poenika beda
kalijan ingkang kasebat ing Mattheus 19 a 9 awit ing ngrikoe nerangaken tijang
ingkang kapegat boten awit saking djalaran lampah bandrek.
3. Wontena oetoesanipoen Pasamoewan Djawi dateng Zendings-Raad.
Rembagipoen Synode: Zendings Raad poenika sanes pakempalanipoen Pasamoewan,
nanging pakempalanipoen para oetoesanipoen Zending ingkang ngrembag prekawis
roepi2 bab padamelanipoen, nanging oegi wonten ingkang magepokan kalijan
Pasamoewan Djawi, mila Pasamoewan angwontena sederek Christen Djawi ingkang
toemoet ngempal wonten ing ngrikoe saking goejoebing rembagipoen sederek Kristen
Djawi oetawi saking kersanipoen para pandita Zending soepados mireng lan ngrembag
prekawis ingkang karembag wonten ing ngrikoe kados wadjibipoen tijang Kristen.
Dene ingkang kapilih sederek Ds.Wirjotenojo. Jen wonten pambengan soelihipoen Ds.
Siswawasana.

---------------------------------

Sasampoenipoen Rondvraag pangarsa noetoep Parepatan Synode sarana anglairaken


wiraos:
a. Synode matoer noewoen dateng Commitenipoen Classis Keboemen
anggenipoen sampoen njawisaken papan sakabetahanipoen .
b. Matoer noewoen dateng para Adviseurs anggenipoen sampoen kersa paring
sesoeloeh rembag ingkang adji sanget ngantos Synode saged kalampah kalijan beres,
rembagipoen bade maedahi dateng Pasamoewan Kristen Djawi.
c. Pangreh inggih matoer noewoen kanti bingah dateng para warga, dene kanti
kamoersidan lan toememen anggenipoen nglampahi koewadjibanipoen dados oetoesan
ngantos Synode toemindak kalijan sae, wohipoen bade maedahi dateng
Pasamoewanipoen.
d. Dene pangarsa pijambak njoewoen pangapoenten toemrap sakatahing tjatjad-
tjatjadipoen dateng Parepatan.
e. Wasana memoedji ngangge Kidoeng sarta ngatoeri soepados
pandjenenganipoen toewan Dr. B. J. ESSER andedonga panoetoep.

Ladjeng bibar kalijan seneng lan wiloedjeng.

------------------------
Katandan dening Pangarsa.:
Z. H. SOESENA.
Djoeroeserat
J. P. ATMADIMEDJA

Anda mungkin juga menyukai