Anda di halaman 1dari 1

BINGUNG

Wes pirang-pirang dina iki Cinta bingung, dheweke bingung mikir sawise lulus sekolah arep lanjut
kuliah apa kerja. Saiki Cinta wes munggah kelas 12, dheweke sekolah ing salah sijining SMK ing Jogja
lan njupuk jurusan Akuntansi. Sedelo meneh uwes arep UN lan wis wayahe mikir sesuk sawise lulus
arep ngopo.

Rung suwe wingi, ono sosialisasi saking universitas-universitas ing Jogja.

”Cinta, sesuk sampean nek wis lulus arep kuliah apa kerjo?”, si Ningsih salah sijining koncone Cinta
tekon.

“Aku isih bingung e ning” jawab Cinta.

“Mending kuliah, koe ki pinter”

“Yo tak mikir-mikir dhisik”

Cinta sejatine yo pingin sawise lulus SMK terus lanjut kuliah. Ananging Cinta mikir dheweke iku gur
anak saka keluarga sing biasa, dudu wong sugih dheweke ora pingin mbebani wong tuane mergo
biaya kuliah sing larang. Sawise sosialisasi mau rampung, Cinta lan Ningsih podo jajan ning kantin.

Ning kantin cah 2 mau ketemu karo si Arif lan Yuda. Pas ketemu si Arif tekon marang Cinta

“Cinta, sesuk koe arep kuliah nandi?”

“Aku durung reti, aku isih bingung arep kuliah apa kerja” jawab Cinta

“Kuliah wae” jawab Arif

“Lha nek kuliah ki larang, wong tua ku ora duwe duit” jawab Cinta

“Koe ki pinter, melu bidikmisi wae mesti ketompo” imbuh si Yuda

Cinta banjur mikir “oiyo kan iso melu program bidikmisi, sopo ngerti aku katut dadi iso le kuliah
gratis” batin e Cinta.

Bali sekolah Cinta matur kaliyan ibune yen dheweke kepingin kuliah. Nanging ibune kepingin Cinta
iku kerjo. Cinta banjur sedih mergo dheweke kepingin banget kuliah, konco-koncone okeh sing arep
lanjut kuliah. Ngendikane ibu, Cinta oleh kuliah nanging tetep kerjo alias kuliah sambi kerjo. Tapi yen
dipikir-pikir kuliah sambi kerjo iku abot.

Sawise kejadian iku Cinta dadi soyo bingung arep kuliah opo ora, Cinta mikirke kui ngasi angel turu
saben bengi nganti saiki durung nemu jawaban e arep kuliah opo ora. Utek e bundet, wes kesel le
mikir perkoro kui. Ing sekolah Cinta dadi kerep ngalamun, “Koe ki mikir opo to?” takon Ningsih. “Aku
ki bingung mikir arep kuliah ora ketwingi tak pikir ki ra lek nemu jawaban e” jawab Cinta. Banjur si
Ningsih nyauri “Jajal wae sholat istikharah njaluk petunjuk marang Gusti Allah”. “Yo cobo tak jajal e
mengko bengi”.

Anda mungkin juga menyukai