Anda di halaman 1dari 1

NAMA : MALINDA CHRISTIANA PUTRI

NO : 19

KELAS : XII A 4

Assalamualaikum wr. Wb

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten
panjenengan sadaya lan kula amin
Panjenenganipun Bapak Semin sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelenggahan
punika dipun salirani panjenenganipun Bapa Tugiman ingkang pantes sinugata ing tata krami.
Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa Darmo sekaliyan garwa,
ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten
kakung anak mas Jono dene wigatosing perlu nuninggih mekaten:

Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa Darmo sekaliyan garwa katur
panjenenganipun Bapa Semin sekaliyan garwa dalasan sedaya kulawangsa.
Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak
mas Jono mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan
atmaja putrinipun bapa Semin ingkang nama rara ayu Tumi miturut adat widi widana ingkang
lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengombyong namung jumurung karsa mugi
tumapaking titi laksana rancag lancar tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah
ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.

Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun
pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging
pangaksami.

Wassalamualaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai