05 April 2020
MINGGU
XIV Waosan : Matius 27 : 11 – 54 | Pamuji : KPJ. 369 : 1, 3
2020 “Gusti Yesus ora paring wangsulan babar pisan, njalari gumune wali-nagara.” (Ay. 14)
“Membela diri”, dados sikap sadhengah tiyang ingkang katudhuh nindaaken perkawis ala
ananging rumaos mboten nindakaken perkawis punika. Piyambakipun badhe paring
JADWAL argument, dhatengaken para saksi ingkang ngenthengaken, malah mboten sekedhik
KEBAKTIAN ingkang siap ngucap sumpah mbuktikaken menawi piyambakipun mboten lepat.
MINGGU
Ing satengah pirembagan-pirembagan Gusti Yesus asring paring wangsulan sacara
UMUM I : langsung utawi lumantar pasemon, supados sedaya sami cetha kaliyan punapa ingkang
Pk. 07.00 WIB dipunwucalaken. Ananging ing prastawa salib, Gusti Yesus mboten kathah wicantenan.
Kaserat namung kaping kalih Gusti Yesus ngendika. Sepisan (ayat 11), wekdal kadangu
UMUM II :
dening Pontius Pilatus. Ingkang kaping kalih (ayat 46), wekdal ngudarasa dhateng Gusti
Pk. 17.00 WIB
Allah ing satengah kasangsaran saha masrahaken nyawanipun.
BALITA :
Pk. 07.00 WIB Menawi dipuntingali, wonten kesempatan Gusti Yesus kangge “membela dhiri”. Punapa
malih Pontius Pilatus mboten manggihi kaluputan kados ingkang dipuntudhuhaken tiyang
PRATAMA : Yahudi dhumateng Gusti Yesus. Ananging Gusti Yesus namung wicantenan saperlunipun,
Pk. 07.00 WIB ananging tetep adhedasar kaleresan saha pasrah ing satengah rancangan agung Rama ing
swarga.
MADYA :
Pk. 07.00
Punapa kita nate ing situasi katudhuh tumindak ala ingkang mboten kita lampahi? Lajeng
punapa ingkang kita tindakaken? Umumipun kita badhe mati-matian “membela dhiri”.
REMAJA : Punapa punika lepat? Tamtunipun mboten! Kita wajib “membela dhiri” wekdal perkawis ala
Pk. 07.00 WIB katudhukahen dhateng kita. Ananging asring kalandhesan emosi lan pungkasanipun crah
kaliyan tiyang sanes. Ing situasi punika sumangga kita nuladhani Gusti Yesus. Mboten
kathah ber-argument, wicantenan sekedhik ananging mentes adhedasar kaleresan, saha
JAM KANTOR: masrahaken sedaya dhumateng rancangan endah Gusti Allah. Awit Gusti ingkang badhe
Selasa-Sabtu blakaaken sedayanipun. Tiyang sae badhe ketingal kasaenanipun, tiyang ala badhe ketingal
08.00-14.00 WIB alanipun. (PKS).
Minggu:
06.30-11.00 WIB
“Kadang ngalah punika margi pungkasan kangge menang” – Earnie Larsen