Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh

Winantu sagunging pakurmatan. Kanthi lumaraping nawala sedhahan,


minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan. Sinartan
nyadhong berkahing Gusti ingkang Maha Tunggal, kula sabrayat hanggadhahi
pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran Walimatul Khitanaken yoga kula
ingkang nami Narendra Budi Pratama, benjang ing :

Dinten : Senin Legi


Surya kaping : 16 April 2018
Wanci : Tabuh 18.00 ( Ba’da Sholat Maghrib)
Mapan ing : Jln. Brigjend Sutoyo 152, RT.21, RW.05 Sukorejo,
Kecamatan Bojonegoro.

Satuhu badhe damel bombong saha mongkog’ing manah kula sabrayat,


mbok bilih dhangan ing penggalih saha sepen ing sambekala, bapak saha
sederek sekalian keparenga rawuh hangestreni saha paring puja pangastuti
dhumateng yoga kula, supados dados putra ingkang shaleh saha ngabekti
dhumateng tiyang sepuh kekalih, amin.
Wasan kula sagotrah hangaturaken agunging panuwun saha nyuwun
agunging pangaksami sadaya kekirangan dalah kalepatan kula.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokaatuh

(Kulawarga Bpk. Budi Asih & Sakulowongso)

Anda mungkin juga menyukai