Anda di halaman 1dari 3

PEMERINTAH KABUPATEN PONOROGO Kelas

DINAS PENDIDIKAN
PENILAIAN AKHIR SEMESTER K-13
SEKOLAH DASAR 3
TAHUN PELAJARAN 2O20/2021
KECAMATAN BUNGKAL

Mapel : 1. BAHASA JAWA Nama :…………………………..


Nomor :………………………….
Kelas : 3 (tiga) SDN :…………………………….
Hari : ……………………………….. NILAI
Tanggal : .................................................... KD 3.1 =…………………………
Waktu : 90 Menit KD 3.2 = ………………………..
TANDA TANGAN ORTU: KD 3.3 =…………………………
KD 3.4 =…………………………

KD 3.1
Wacanen sing tliti !
Ngingu Kucing Anggora
Rini sakiki wis kelas telu. Saliyane sregep sekolah, dheweke uga sregep ngrewangi wong
tuwane. Nalika prei Rini tansah ngrewangi ibune nyapu lan korah- korah. Kabeh pegawean mau
dilakoni kanthi ati seneng ora ngresula. Mula, ora mokal menawa bapak lan ibune asih banget
marang dheweke.
Rini seneng banget marang sekabehe jinis kewan ingon- ingon. Ing omahe dheweke
duwe ingon - ingon kucing angora. Rini asih banget marang kucing ingon- ingone mau. Saben dina
kucinge dipakani lan seminggu pisan uga didusi. Krangkenge uga mesti diresiki dhewe. Mula, kucing
anggorane katon sehat lan nggemesake banget.
Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
1. Wacan ing ndhuwur irah- irahane ……………….
a. Ngingu Kucing Anggora
b. Ngingu kucing angora
c. Ngingu kucing Anggora
2. Ing omahe Rini nduweni open –open …………….
a kucing angora b. pitik walik c.kelinci ireng
3. Sing kalebu kewan ingon- ingon …………………
a gajah b. macan c. kucing
4. Sing kalebu swara {a} jejeg ing ngisor iki yaiku ……………..
a sapa, kana, raja
b sapa, papan , pangan
c kana, jaran, kawat
5. Kang bisa kok tindakake kanggo ngopeni kewan ingon-ingon umpamane ……………………………………
lan …………………………………………
6. Yen matur karo bapak utawa ibu guru becike kudu nganggo basa ………………………………………………
7. Sebutna 3 wae swara {u } jejeg
…………………………………….. , …………………………………………, ……………………………………………..
8. Sebutna 3 wae sing kudu kok tindakake kanggo ngramut tetuwuhan ………………………………………….,
…………………………………………, …………………………
9. Gawea 3 ukara pitakon!
a …………………………………………………………………………………………………………….
b ………………………………………………………………………………………………………………..
c …………………………………………………………………………………………………………………
KD 3.2
10. Tuladha pengalaman kang nyenengake yaiku …………………….
a Ora dadi juara kelas b. melu kegiatan Pramuka c.nandhang lara
11. Nalika nyusun laporan observasi kudu ……………………….
a Asal- asalan wae b. ora nggatekake wektu c.obyektif/ opo enenge
12. Pesen utawa tuladha becik sing dijupuk saka isine crita diarani ………………………..
a amanat b. punjere crita c. latar crita
13. Sak durunge mlebu papan wisata kudu tuku …………………….
a nota b. kwitansi c. karcis
14 . Bapak ngombe kopi ning pawon. Tembung “”ngombe”” benere ……………………………………………
15. Pengalaman sing nyedhihake yaiku …………………………………….. lan …………………………………………
16 . Sebutna 3 wae papan wisata neng dhaerahmu !
………………………………………………., …………………………………………………….., …………………………………………
17. Ukara ing ngisor iki owahana dadi krama inggil !
a Simbah lara untu :………………………………………………………………………………………………………………….
b Ibu Guru lunga menyang Bungkal numpak montor :………………………………………………………………
c Bu Dhe mangan sega pecel : ………………………………………………………………………………………………….
18. Sebutna 3 wae hobby / kesenenganmu !
…………………………………………., …………………………………………………….., …………………………………………………..
KD 3.3
19. Nalika mangsa ketiga akeh wong sing ………………………
a Angel golek pangan b. kena bencana pageblug c. kangelan golek banyu resik
20. Sing bisa ditindakake masyarakat kanggo nanggulangi larang banyu yaiku ……………………
a Qra mbuwang rereged ing gorong - gorong
b Nebangi wit- witan ning alas
c Njaga lestarine lingkungan lan nandur wit- witan
21 Ing ngisor iki sing ora kalebu mupangate wit- witan yaiku… .
a Ngasilake oksigen b. nyegah udan c. nyengkerem lemah
22. Bapak ngangsu banyu ing sendhang. Tembung “”ngangsu “” tegese …………………..
a Ngusungi b. adus c. nyirami
23. Ing Indonesia ana 2 mangsa yaiku …………………………………..lan …………………………………………….
24 . Sing kalebu tanduran palawija yaiku …………………………………..lan ………………………………………………
25. Sebutna 3 wae kedadean sing ana nalika mangsa ketiga !
………………………………………., …………………………………………………., …………………………………………………
26. Sebutna 3 wae mupangate wit- witan tumprap panguripan!
a ………………………………………………………………………………………………………………………..
b …………………………………………………………………………………………………………………………
c ………………………………………………………………………………………………………………………….
27 . Sebutna 3 wae tandha-tandha arep udan !
………………………………………………., ……………………………………………, ……………………………………………
KD 3.4
28. Geguritan yen ana wulangan Bahasa Indonesia diarani ……………………
a karangan b. puisi c. parikan
29. Bu Guru maca geguritan ing kelas. Tembung “”maca”” benere ………………
a maos b. nyerat c. nyunggi
30. Anggitane tegese ……………………
a. Karangane b. sing maca c. sing nembang
31 Tembung- tembung ing geguritan dipilih sing nduweni makna …………………….
a biasa b. padhet c. gampang
Taman Sekolahku
Anggitane: Jeng Kitut

Kae taman sekolahku


Kebak kembang maneka warna
Endah lan asri dinulu
Ayo kanca padha dijaga
Kembang mawar, kembang melati
Kemuning, puring lan soka
Openana sing gemati
Aja nganti padha lali
Delengankae kupu gajahe
Mabur ngalor ngidul
Ngetan banjur nguion
Ngisep sarine kembang ing taman
Leledhang sajak gegojekan
Suka- suka aneng taman
32 Apa irah- irahane geguritan ing ndhuwur? ………………………………………………………………………………
33 Geguritan ing ndhuwur ana pirang pada ? ………………………………………………………………………………
34 Tulisen unine pada ke 2 saka geguritan ing ndhuwur !
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………
35 Apa sing dicritakake geguritan ing ndhuwur ?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

Anda mungkin juga menyukai