Anda di halaman 1dari 1

Cristiano Ronaldo

Cristiano Ronaldo lair ing Funchal, Madeira, Portugal tanggal 5 Februari 1985. Jeneng
lengkap Ronaldo yaiku Cristiano Ronaldo Dos Santos Aveiro. Anak dari Maria Dolores dos
Santos Aveiro lan José Dinis Aveiro. De’e duweni mas sing jenenge Hugo lan duweni mbak
Elma lan Liliana Cátia. Liliana kerjone dadi penyanyi sing jeneng panggunge “Ronalda” ing
Portugal. Keluargae nganut agama katolik taat lan urip mlarat. Ronaldo pas cilik gak duwe
dulinan lan parohan kamar ambek dulure. Pas umur 14, Ronaldo mutusno nyemplung nang
olahraga bal-balan.
Awal mulane Ronaldo ngawali karir’e mbelani tim negara Portugal sejak taun 2003. De’e
main pertama kali di tim Andorinha pas umur e sek 8 taun. Taun 1995, prestasi Ronaldo wes
berkembang ing Portugal. Akeh tim lokal sing kepincut karo Ronaldo. Sakwise menangno juara
nasional, Ronaldo pindah nang Sporting CP taun 2001-2003 ngawe nomor geger 28.
Pas ndek Sporting CP, de’e main ping 25 lan ngelebokno 3 gol. Pas pertengahan musim panas
2003, Sporting CP ngadakno tanding seduluran ngelawan Manchester United ngasilno hasil akhir
3:1 sing dimenangno karo Sporting CP. Hasil akhir iku nggarakno Sir Alex Ferguson nggumun
lan langsung narik Cristiano Ronado mlebu ning Manchester United, ndek Manchester United
de’e main ping 196 lan ngelebokno gol ping 84.
Pas taun 2009, de’e pindah ning klub Real Madrid. De’e sebesar 80 yuta poundsterling utawa
kiro-kiro Rp 1,3 triliun. Mulane de’e dicelok pemain paling larang pas wayah iku. Ronaldo wes
main ning Real Madrid ping 81 lan ngelebokno 87 gol. Ronaldo nyatetno awak’e dadi sing
ngelebokno gol paling akeh ing La Liga, yaiku 40 gol.
Saiki Cristiano Ronaldo main ning klub Italia, Juventus.
Alasan ngidolai tokoh iki: Cristiano Ronaldo duweni kemampuan luweh nang bal-balan. Soale
aku ugo seneng bal-balan.

Anda mungkin juga menyukai