Anda di halaman 1dari 8

UPACAR

A ADAT
TIBAN
KABUPA
TEN
TRENGG
ALEK

Didamel Kaliyan :
 Camelia Putri (05)
 Dini Siva Hailiyah (08)
 Dio Tabah Harjuna P.P (09)
 Indah Nabila Hasna (15)
 Raditya Yoga Pambayun (25)
 Salma Tiara (28)

Kelas XI – IPA 5
SMA Negeri 1 Trenggalek
Tahun Ajaran 2018/2019

1
BEBUKANING ATUR

Puji syukur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad,


amargi saget ngrampungaken tugas makalah niki tanpa wonten alangan
menapa-menapa. Pramila saking punika pangripta ngaturaken agenging
panuwun ingkang tanpa pepindhan dumateng Juru Kunci upacara adat
Tiban nggih menika Bapak Imam Kusairi saking Kerjo, Karangan ingkang
sampun mangertosi asal-usul lan urut-urutan upacara menika. Mugi-
mugi pitulungan panjenenganipun niku angsal limpahan rahmat saking
Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Aamiin. Kula lan rencang-rencang
ngajengaken upacara adat Tiban menika saget dilerstarekaken.
Ing makalah punika dipundharaken asal-usulipun upacara adat
Tiban. Mugi-mugi makalah punika saged dipunpigunakaken kangge
ngleluri sarta nglestantunaken upacara adat Tiban.
Mbok bilih wonten kakirangan, kula ngaturaken nyuwun
pangapunten. Kritik saha saran ingkang ngebangun saget kita ajeng-
ajeng kesempurnanipun karya tulis niki. Mugi-mugi makalah niki saged
migunani kagem pemaos sedaya.

Trenggalek, 23 September 2018

Pangripta

2
DAFTAR ISI

BEBUKANING ATUR ...............................................................................  ii


DAFTAR ISI .............................................................................................  iii

BAB IPEMBAHASAN ...........................................................................  4
A. Sejarah “Tiban” .................................................................................. 4-5
B. Piranti Tiban............................................................................................ 5
C.TujuanTiban ......................................................................................... 5
D. Manfaat Tiban ........................................................................................ 6
E. Aturane Tiban ......................................................................................... 6
F.PelaksanaanTiban.. ................................................................................ 6
G. Tata Cara Tiban ..................................................................................... 6
H. Pandangane Masyarakat ........................................................................ 7

BAB IIPENUTUP ..................................................................................... 8


A.Kesimpulan............................................................................................... 8
B. Saran......................................................................................................... 8

3
BAB 1
PEMBAHASAN

A. Sejarah “Tiban”

Awal mulane dienekake


tiban ing Kabupaten Trenggalek
yaiku anane musim paceklik kang
nyebabake kahanan sekitar
garing, lan kekurangan banyu.
Kahanan kasebut marakake para
buruh tani ora nduwe
panggawean amarga sawahe ora
bisa digarap. Saya suwe, para
buruh tani kasebut kekurangan bahan pangan. Banjur, ana sesepuh utawa
waksita kang ngucapake donga donga sing tujuane kanggo nyuwun udan
marang Gusti kang Maha Agung. Para buruh tani ngumpul ing tanah lapang,
ing ngisore srengenge sing panas ngenthang enthang karo nglakoni ritual
nyabetake sodo aren utawa diarani ujuk menyang awak karo joged jogedan
nganthi nimbulake tatu lan ngetokake getih. Sawise dilakoni ritual kasebut,
banjur katekanan udan gedhe ing tengah tengahe musim paceklik. Para
petani padha bunggah atine, amarga bisa nggarap sawahe maneh. Ritual
iku dening para warga diarani seni tiban, sing asale saka tembung “tiba”
sing artine teka. Tiban tegese kedadeyan sing ora dikira. Kaya dene udan
sing teka amarga ritual sabet sabetan ing tengah tengahe musim panas
paceklik.
Saiki seni tiban wis oleh tambahan sing tujuane digawe pelengkap
yaiku anane musik gamelan. Gamelan kasebut digunakake supaya
marakake pemain tiban penak anggone jogedan nganthi dheweke digawe
ora sadar menawa awake nduweni tatu kasile sabet sabetan. Ing kene tiban
nunjukake menawa para petani iku nduweni pengorbanan kang gedhe
banget gawe ngusahakake tekane udan. Buktine, para pemain tiban utawa
para petani kasebut wani nduweni tatu supaya bisa nunjukake
pengorbanane.
Wiwit tahun 1995, seni tiban uga oleh campuran karo seni liyane ing
Trenggalek, yaiku seni tayub. Biasane ritual tiban saiki, ora mung digawe
nyuwun udan marang Gusti Kang Maha Agung, ananging uga digawe
hiburan, kayata acara karnaval.
Saben kabupaten ing Jawa iku nduweni pembeda ing pelaksanaane
tiban. Ing Trenggalek sabetan saben pemain iku kaping 3 lan dilakoni
gantian dening pemain. Yen ing Kabupaten Kediri sabetan saben pemain iku

4
kaping 5 lan dilakoni gantian. Ana maneh pembeda antarane Kabupaten
Trenggalek lan Kabupaten Blitar yaiku manawa ing Kabupaten Trenggalek
wektu nglakoni sabetan, jarake antar pemain iku adoh, yen ing Kabupaten
Blitar sabetan antar pemain iku jarake cedek utawa diarani tempel. Saka
pembeda pembeda saben daerah iku nunjukake ciri khas ing sisteme
ananging aturan pelakanaan saben daerah iku tetep padha.
Saktemene seni tiban iku ora mung ana ing tlatah Jawa, ananging uga
kena ditemoni ing Sumatra, Kalimantan lan Irian. Nanging ritual tiban sing
ana ing luar tlatah Jawa kasebut tetep digowo dening wong saka Jawa
utamane wong saka Kabupaten Trenggalek.

B. Piranti Tiban
Piranti kang di gunakake kanggo nindakake tiban :
1. Sabet saka sada wit aren. Sabet kang
digawe tiban biasane diarani ujung.
Alesane nggunakake sada aren amarga
sada aren iku ora kaku lan sadane
gedhi-gedhi. Sada aren kang
dibutuhake kanggo gawe sabet yaiku
17 glinti sing datali dadi siji.
2. Gamelan. Gamelan kang digunakake
kanggo tiban yaiku gong, kendang, lan
kentungan. Gamelan iki fungsine
kanggo pengiring lan supoyo pemain
tiban bisa nglalekake rasa lara amrga
sabetan.
3. Celana ireng dawa lan udeng.

C. Tujuan Tiban
Tujuan di anakake tiban :
1. Kanggo upacara nyuwun udan ing mangsa ketiga.
2. Kanggo ngenalake budaya ing masyrakat.supaya bisa dilestarikake
dening masyarakat.
3. Kanggo ngehibur masyarakat.
4. Kanggo papan silaturahi antarane pemain tiban.

5
D. Manfaat Tiban
Manfaat di anakake tiban :
1. Masyarakat bisa ngenal budaya tiban saka daerahe.
2. Bisa kanggo papan silaturahim marang wong liyo.
3. Masyarkat bisa kehibur saka mrisani tiban.
4. Tiban bisa di gabung karo tari tayub supaya luwih kreatif.

E. Aturane Tiban
1. Pemaine tiban dipunpara dados kalih
kelompok.
2. Ing Trenggalek, panggonan ingkang
dipunginakaken tiban nduweni gadhah
bunder ingkang gadhah diameter 5-7
meter.
3. Pemaine tiban kedah lukar ageman
4. Ngagem lancingan cemeng
5. Pecute kedamel saking sodo aren
6. Ingkang dipuncemethi yaiku pangkal gulu ngantos udel
7. Cara nyementhinipun nggantosan, mboten sareng-sareng

F. Pelaksanaan Tiban
Implementasine Tiban iki dianakaké ing mangsa ketiga, kang biasane
dianakake sak dina saka jam 11 nganti rampung utawa bab 4 5 jam.
Nanging, ing implementasine saka Tiban ora tansah ing mangsa ketiga, iku
bisa dadi ing mangsa udan.

G.Tata cara Tiban


Tatacara Nalika nindakake Tiban :
1. Pemain Tiban nyandhang celonon lan ora oleh nggawe klambi
2. Pemain gantian nyambuk Tiban sesuai karo musik gamelan
3. Ana rong kelompok ing implementasine Tiban, kang ing saben
klompok dipimpin déning landang
Nalika mengkono tradisi Tiban, mesti ana efek saka nglakoni Tiban iku
kayata tatu, ngetokne getih lan abuh kang suwi kanggo waras. kanggo
obat-obatan, ora ana obat khusus kanggo nambani tatune. Obate minangka
obat tatu biasane kayata betadine. Nanging, ana tatu dening cambukan iku

6
sing diobati dening ludah (idu) lan tatu saknalika banjur waras, banjur
padha dianggep duwe kesaktian.
H. Pandangane Masyarakat
Miturut pandangane masyarakat, Tiban iku identik kaliyan
mengsahan. Nanging tiban punika yaiku pirantos pemersatu, Nglintu tiyang
ingkang sampun professional awis nyapih tiyang tiban.

7
BAB II
PENUTUP
A. KESIMPULAN
Awal mulane dienekake tiban ing Kabupaten Trenggalek yaiku anane
musim paceklik kang nyebabake kahanan sekitar garing, lan kekurangan
banyu. Kahanan kasebut marakake para buruh tani ora nduwe panggawean
amarga sawahe ora bisa digarap. Saya suwe, para buruh tani kasebut
kekurangan bahan pangan. Banjur, ana sesepuh utawa waksita kang
ngucapake donga donga sing tujuane kanggo nyuwun udan marang Gusti
kang Maha Agung.Ritual iku dening para warga diarani seni tiban, sing asale
saka tembung “tiba” sing artine teka. Tiban tegese kedadeyan sing ora
dikira. Kaya dene udan sing teka amarga ritual sabet sabetan ing tengah
tengahe musim panas paceklik.
Piranti tiban ana 3, yaiku sabet saka sada wit aren kang diarani ujung,
gamelan, celana ireng lan udeng. Miturut pandangane masyarakat, Tiban
iku identik kaliyan mengsahan. Nanging tiban punika yaiku pirantos
pemersatu, Nglintu tiyang ingkang sampun professional awis nyapih tiyang
tiban.

B. SARAN
Kula lan rencang-rencang ngajengaken upacara adat Tiban menika
saget dilerstarekaken.Mugi-mugi makalah punika saged dipunpigunakaken
kangge ngleluri sarta nglestantunaken upacara adat Tiban.

Anda mungkin juga menyukai