Anda di halaman 1dari 2

KELANGAN

Ning sawijining desa, ono bocah jenenge Asih. Bocah iku sregep banget mbiyantu ibune saben dina dodolan roti bolu menyang
pasar. Awit bapake tilar donya , Asih lan ibune dodolan roti bolu supaya bisa dingge nyukupi kabutuhane urip. Kamangka dhuwit saka
adol roti bolu mung bisa digunakake kanggo tuku panganan sedina wae lan modal kanggo tuku bahan roti bolu maneh.
Saiki Asih yo ora bisa sekolah kaya kancane liyane. Sanajan saiki dheweke kudune lungguh ning bangku kelas 12 lan saiki
dheweke amung bisa lungguh nggawe roti bolu karo pasrah marang Gusti Kang Maha Kuasa. Pas wayah isuk nalika srengengene wes
jumedhul ana sisih wetan, Asih lan Ibune cepak-cepak ngadahi roti bolu sing arep diadol menyang pasar lan toko titipan langganan.
Nalika kabeh uwis siyap, Asih pamitan karo ibune yen dheweke arep lunga dhisik menyang toko titipan langganan banjur engko
nyusul ibune menyang pasar.
“Buk, Asih ajeng bidhal rumiyin nggih? Mangke njenengan kula susul dhateng peken menawi sampun rampung". Pamitane
Asih marang Ibune.
"Iyo nduk, sing ati ati nek numpak pedah!"
"Nggih buk, Assalamu'alaikum"
"Wa'alaikumsalam".
Sabanjure dipamiti, Ibune Asih enggal siyap-siyap amarga jam wis nunjukake ning angka pitu. Pas wayah metu omah, ora lali
Ibune Asih ngunci pintu rapet-rapet, banjur budal menyang pasar karo mlaku. Ing sadawane dalan, Ibune Asih nawakake dagangane
yaiku roti bolu kanggo kabeh wong sing ana ing dalan. Sayange mung siji utawa loro wong sing pengin tuku roti kasebut. Nganti
wektu Ibune Asih pengin nyebrang menyang pasar,dumadakan ana sing nunggang motor ugal-ugalan saka sisih tengen nubruk Ibune
Asih nganti mental ora karuan. Kabeh wong podo kremuyuk pengen eruh lan mbiyantu mbopong Ibune Asih karo sing nunggang
motor mau digowo menyang rumah sakit.
Asih sing oleh kabar yen Ibune ditubruk uwong banjur enggal enggal nyusul menyang rumah sakit karo nangis mbrebes,
dungo supaya Ibune ora genio genio. Pas wis teko ning rumah sakit dheweke banjur ditekani dokter lan dokter e ngendhikan yen
Ibune kudu enggal dioperasi, amarga tabrakane mau ndadekake jantung Ibune Asih suloyo. Mak deg Mak tratap, Asih spontan jumbul
karo ngendhikan “Astaghfirullah, Ya Allah ujian punapa malih niki ingkang njenengan aturi dhateng kula?”. Pikirane Asih saiki cupet,
bingung arep golek duwit menyang ngendi, nanging yen ora ndang Ibune bisa cilaka. Banjur Asih mutusake sholat dhuha disik pisan
nyuwun petunjuk dhateng Gusti Pengeran. Pas rampung yen sholat lan atine Asih rada tenang, ana kabar maneh saka dokter yen Ibune
Asih wis ora kena ditulung maneh. Asih langsung lemes dempes kaya ora percaya karo kenyataan sing dheweke hadapi saiki. Ibune
sing ditresnani, wong tuwa kari siji sijine uga enggal nyusul bapake. Saiki Asih wis sah dadi yatim piyatu amarga kelangan bapak
ibuke.

Anda mungkin juga menyukai