Anda di halaman 1dari 2

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD)

Nama : Aline Amanda Rahmatika


Kelas : XI MIPA 2
No. Absen :2

Judul : Mengidentifikasi penulisan aksara Jawa menggunakan aksaramurda.


Mapel : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XI/Genap
Alokasi Waktu : 60 menit
KD : 3.5 Mengidentifikasi kaidah penulisan empat paragraf berhuruf Jawa yang
menggunakan aksara murda.

IPK : 3.5.2 Mengidentifikasi penulisan aksara Jawa menggunakan aksaramurda.


Tujuan Pembelajaran : Peserta didik dapat mengidentifikasi penulisan aksara Jawa menggunakan aksara
murda.

Tugas Mandiri :
1. Wacanen teks aksara Jawa “Raden Ajeng Kartini” ing buku paket kaca 155-157, nuli salinen dadi aksara
Latin!
2. Satitekna aksara murda sajroning teks aksara Jawa “Raden Ajeng Kartini” lan isinen tabel ing ngisor iki
kanthi nulis aksara murda sing koktemokake, tumuli tulisen kanthi aksara Latine banjur ukarane tulisen
kanthi aksara Latin!

Jawaban :
1. Teks aksara Latin “Raden Ajeng Kartini”
Teks aksara Latin “Raden Ajeng Kartini”

Raden Ajeng Kartini

Raden Ajeng Kartini lair tanggal 21 April 1879 ing Jepara. Panjenenganne lair saka trah priyayi
yaiku putri saka Bupati Jepara raden mas Adipati Arya Sasraningrat lan ibu Ngasirah. Sanajan
mangkono sawise umur rolas taun tetep dipingit ana omah kaya lumrahe wanita kang ngancik
remajaning jaman kuwi.

Raden Ajeng Kartini kepengin kaume, kaum wanita, lumrahe kapapalang papalang tumrap
panggayuh urip maju. Sing dianggep papalang nalika samana adat pingitan lan agama kang angidini
poligami. Nanging bareng wis luwih diwasa pikirane lan jiwane luwih mateng, dadi luwih sabar darana
lan tawakal, sing disengiti dudu tujuwane adat lan agama. Sing dianggep wengis marang kaum wanita,
panganggepe para priya sing ngremehake wanita sarana nyalahgunakake adat lan agama. Kaya dene
kangmase sing pambarep, yaiku raden mas Sasraningrat kumawasa banget kaya-kaya adhi-adhine
wanita ora duwe wewenang apa-apa, miturut Kartini jalaran dikulinakake mikir kabutuhan pribadine
thok lan nganggep wanita asor. Mung Kartini wae sing wani babantahan karo kangmase kang degsiya
marang wanita iku.
Mulane Kartini nganggep jejering ibu iku wigati banget tumraping panggulawenthah ing anak, yen
ta para ibu ora ana sing pikirane maju lan becik bebuden-ne, gek kaya ngapa ing tembe pakartine putra-
putra bangsa. Sarehdene sing dipikir Kartini iku kamajuwaning bangsa ing tembe, gagayuhane Kartini
iku ora mung urusane wanita.

Kabeh pikiran lan gagasan-ne mau kacetak ing surat-suratte Kartini marang para mitra
tetepangane, kang akeh-akehe wong landa, salah sijine rosa abedanon, mungkalamangsa diwedharrake
marang ramane utawa adhi-adhine, utawa yen marang sedulur tuwa mung marang raden mas
Sasrakatana. Kartini ngaku manawa kabebasane wanita iku bakal kagayuh watara rong turunan utuwa
telung turunan engkas yen diperjuwangake. Nanging kudu diwiwiti, lan Kartini saguh miwiti, minangka
bebanten awit nalika samana, ing wekasane abad 19 akeh banget papalang-nge lan akeh kang niyat
mamalangi, pait getiring perjuwangan ijen iku bisa uga melu anjalari Kartini sing lagi yuswa 24 taun
tilar donya, patang dina sawise ambabarake putra kakung. Raden Ajeng Kartini disarekake ing Balu
Rembang. Dene nyatane gagayuhane Kartini iku let saketurunan wae wis maujud wanita Indonesia ing
tataran apa wae wis ana, tumekane sing apangkate jendral jalaran negara Indonesia mardika. Tuhu bener
yen bung Karna mastani kamardikan iku jembatan emas tumrap sawarnaning gagayuhan.

2. Tabel Aksara Murda


No. Aksara Murda Aksara Latin Ukara
1

2
3
4
5
lst.

Anda mungkin juga menyukai