Anda di halaman 1dari 1

SESORAH BASA JAWA

Syalom, sugeng enjang sedaya

Ingkang kinurmatan Kepala SMP Bhakti Negeri saha Bapak Ibu Guru, para siswa kelas pitu ngantos
kelas sanga ingkang kula tresnani. Sumangga kita sesarengan ngunjukkaken puji syukur ing
ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuasa bilih kula panjenengan saged pepanggihan ing dinten menika
awit kula panjenengan taksih dipunparingi kasarasan saha kebegjan.

Kula minangka ketua Osis SMP Bhakti Negeri sekaliyan ketua panitia lomba 17 Agustus ngaturaken
panuwun bilih Bapak saha Ibu kersa ngrawuhi pepanggihan pembukaan lumampahipun kegiyatan
lomba mengeti 17 Agustus kelas pitu dumugikelas sanga.

Kegiyatan lomba 17 Agustus menika dipunwontenaken minangka ndherek mangayubagya pengetan


hari Kemerdekaan Indonesia ingkang kaping 76 tahun. Kegiyatan lomba 17 Agustus menika
kewontenaken wiwit dinten Rabu dumugi Kamis. Saben kelas wonten SMP Bhakti Negeri menika
sampun siap ndherek perlombaan ingkang badhe dipunlombaaken. Lomba-lombanipun inggih
menika lomba panjat pinang, kebersihan kelas, kaliyan lomba ndhamel taman wonten ngajeng
kelasipun piyambak-piyambak. Ing pangajap mugi-mugi lomba-lomba menika saged lumampah
kanthi lancar saha sukses.

Wasana cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan anggen kula matur nyuwun
pangapunten. Maturnuwun

Anda mungkin juga menyukai