Anda di halaman 1dari 1

TANGGAP WACANA DINTEN PENDIDIKAN NASIONAL

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan ,

Bapak Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi

Para kanca, siswa lan siswi ingkang kula tresnani

Assalamualaikum Wr. Wb.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha Agung ingkang kepareng paring
rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing
kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Pendidikan Nasional samangke punika.
Pangetan dinten Pendidikan Nasional wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya utaminipun bangsa
Indonesia.

Pramila menika tanggal kalih Mei dipun pengerti minangka dinten Pendidikan Nasional, menapa malih menawi
panjenengan sedaya saget emut dasar kaliyan tujuanipun pendidikan nasional ingkang adedhasar Pancasila.

Ingkang tujuanipun ningkataken ketaqwaan dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, nginggilaken budi pekerti,
nggiataken kepribadian ugi semangat kebangsaan kaliyan tresna tanah air.

Supados saget nuwuhaken generasi-generasi ingkang saged ambangun dhiri pribadinipun ugi tanggel jawab
pembangunan bangsa kita.

Selajengipun dhumateng para generasi muda ugi pelajar, para siswa kedahipun langkung tekun anaggenipun
ngudi kawruh saha ketrampilan, tekun anggenipun ngamalaken nilai saking Pancasila supados mbenjing saged
dados tiyang ingkang saged migunani tumprap ing kaluwarga, bangsa lan agama.

Pungkasaning atur kawula sumangga kita ngeningaken cipta ingkang katujuan dhumateng arwahipun para
pahlawan pendidikan utaminipun Ki Hajar Dewantara, saha para dwirja tuwin para piyantun sinten kemawon
ingkang kathah labuh labetipun wonten danyaning pawiyatan. Mugiya sedaya amal bekti kesaenipun katampi
kaliyan Allah SWT, Gusti ingkang satuhu Maha Asih saha kapapanaken kanthi papan ingkang mulya, Amin ya
rabbal alamin.

Mugiya tanggap wacana kawula ingkang cekak punika wonten guna paedahipun.

Tuku lemper karo cerutu

Pingin pinter kudu sinau

Masang pulut ning dhuwur cemoro


Menawi luput kulo nyuwun ngapuro
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai