Anda di halaman 1dari 2

SKENARIO LOMBA DOPOKAN PANGINYONGAN

Judul : “Nglempengna sing Bengkong”


Sutradara : Krisman
Penulis Skenario : Ruddipa

MONOLOG BIYUNG I
Asslamulaikum, wr,wb..
Kulanuwun…
Jan, kaya kiye dadi randa uripe rekasa manggone nang desa, sugih durung tau, mlarat wis
dadi pegawenane.
Bar kumpulan PKK jogane merah meruh, grabah pating tranang, bocah jere sekolah aya wene
durung bali.

DIALOG BIYUNG-BOCAH
B : Kulanuwun…kukanuwuun ??
A : Mangga.. Lah, koe bocah ayu… Sekang ndi bae aya wene tembe bali?
B : Ya sekolah yung..
A : Sekolah nangndi?
B : Nang gone kancane.
A : Deneng nang gone kancane?
B : Lah mbok sekolahe siki wis pindah meng Hape, Sinau nang ndi-ndia ya teles yung.
A : wis pinter semaur kowe ya...Kuwe klambine lapat lepot anu kenang ngapa jajal?
B : he..he.. Mau mampir nonton ebeg yung..
A : alaah..prettt.. arep nonton ebeg bae, ora usah alesan tes sekolah nang gone batire.
B : Inyong nonton ebeg kuwe anu ana tugas skang sekolahan yung..!
(Bocah kesuh karo mbalangna tas)
A : ooo… bocah arep wani karo wong tua? Kiye ngeneh njagong tek omongi.
Jas, koe disekolahna kon ngerti unggah-ungguh, koe wong jawa.. pirang mbara maring
wong tua kuwe kudu basa, wong tua kuwe udu biyung tok ..kelebu gurumu utawa sapa
bae sing lewih tua sekang koe ya kudu de basani.
B : Nggih... kula lepat…pangapura ya yung..
A : Nah.. kaya kuwe kan maer.
B : wau kula saweg bingung yung.. angsal tugas saking pak guru babagan seni budaya.
A : Dadi koe nonton ebeg, Lah trus ulihe apa?
B : Lah niku.. kula malah tambah bingung.. isine wong pada mendem, angel di catet.
A : Koe nek arep sinau babagan seni Budaya kuwe ora mung Ebeg tok, Budaya kuwe werna
werna, angger ebeg kuwe kesenian. Wis, kae nganah mering musium wayang bae.
B : Musium wayang..? mbok isine wayang di jejer-jejer tok yung.. kalih watu pating njlegudag..
sing ajeng di tonton sih napane yung?
A : Lah, koe angger nonton wayang sing ditonton apane?
B : Nggih sindene yung.. napamalih sinden saniki enom-enom lan ayu-ayu.
A : oalah gustiiiii…. Kiye bocah.. tembe bae disepiti wingi wis ngerti wong ayu.. mesti gara-
gara
sekolah nang Hape kiye.. sing maraih sapa jajal?
B : sing maraih ya ramane..
A : Sih kapan..??
B : Nggih sengiyen, nalika teksih kempal kalih biyunge.
A : ala..la..laaa.. iya sih pancen ramamu dalang, tapi ya aja tiru wateke ramane. Koe durung
mangsane, ko siki sekolah disit bae sing pinter. wis kae nganah ngesuk gagean disidakna
maring musium wayang. Nang kana ana rupa- rupa wayang, babagan perkerisan, benda-
benda cagar budaya lan sapenunggalane
B : Deneng biyunge ngertos?
A : Genah mau nyong tes kumpulan PKK trus mampir musium wayang.. Jan, nyong kaget,
njudheg.
B : Njudeg kepripun sih yung?
A : Jaan… Panggonane siki bersih banget, blewera.. panggonan sing maune tukul glagah alang-
alang siki wis dadi taman..
B : Sing leres mawon yung.. genahe niku…
A : Eh, ngandel bae karo biyunge. Pokoke, ngesuk koe temenan maring nganah..
ngko tulih nang kana dijlentrehna kabeh babagan isen-isene musium nang petugase. Aja
klalen ngganggo masker, wisuh tangane karo aja umpel-umpelan. Manut pranatan sing
ana nang kana.
B : nggih yung.. ngenjang kula teng musium.. seniki mpun sonten kula tek adus riyin..
A : Ya wis nganah…
B : nggih yung..
( Bocah mlebu, karo nyangking tas)

MONOLOG BIYUNG II
Lah niku sederek sedaya, lakon sing kula lampahi.. jane sih nggih abot, ning wis dadi
kuwajibane biyung. Nglempengna sing bengkong lan nggulawentah bocah. pengajabe kula,
moga-moga anake kula dadi bocah sing bener, bisa nerusna trukahe wong tua. Enggane arep
dadi dalang ya dadhi dalang sing bener. Kena kanggo tuladha..enggane arep dadi pegawe ya
dadi pegawe sing murakapi, bekti maring negara, bangsa lan agama. ngiraspantes
nglestarikaken seni lan budaya.
Kayane wektune wis sore, cekap semanten riyin aturkula.. sewulepat nyuwun pangapura.

Billahitofikwalhidayah.. wassallamualaiku, wr, wb..


Kliiiilaaan…

Anda mungkin juga menyukai