Anda di halaman 1dari 4

SKENARIO LOMBA DOPOKAN PANGINYONGAN

Judul : “Nglempengna sing Bengkong”


Sutradara : Ruddipa
Pemain : Suyaningrum ( Biyung )
Gendhis ( Anak )

MONOLOG BIYUNG I

Asslamulaikum, wr,wb..
Kulanuwun…
Jan, kaya kiye dadi randa uripe rekasa manggone nang desa, sugih durung tau,
mlarat wis dadi pegawenane.
Bar kumpulan PKK jogane merah meruh, grabah pating tranang, bocah jere
sekolah aya wene durung bali.

DIALOG BIYUNG-BOCAH

B : Kulanuwun… ??
A : Mangga.. Lah, koe bocah ayu…
Sekang ndi bae aya wene tembe bali?
B : Ya sekolah yung..
A : Sekolah nangndi?
B : Nang gone kancane.
A : Deneng nang gone kancane?
B : Lah mbok sekolahe siki wis pindah meng Hape, Sinau nang ndi-ndia ya teles
yung.
A :seh.. wis pinter semaur yah..sekecap pada sekecap… Kuwe klambine lapat
lepot anu kenang ngapa jajal?
B : he..he.. Mau mampir nonton ebeg yung..
A : alaah..prettt.. arep nonton ebeg bae, ora usah alesan tes sekolah nang gone
batire.
B : Inyong nonton ebeg kuwe anu ana tugas skang sekolahan yung..!
(Bocah kesuh karo mbalangna tas)
A : ooo… bocah arep wani karo wong tua? Sekecap njawal… Kiye ngeneh njagong
tek omongi.
Bocah ayu, koe disekolahna kon ngerti unggah-ungguh, sopan santun…. koe
wong jawa.. pirang mbara maring wong tua kuwe kudu basa, wong tua kuwe
udu biyung tok ..kelebu gurumu utawa sapa
bae sing lewih tua sekang koe ya kudu de bajeni… de basani…
B : Nggih... kula lepat…pangapura ya yung..
A : Nah.. kaya kuwe kan maer. Sebab unggah ungguh, tata krama, sopan santun
gue budayane dewek kabeh..
B : wau kula saweg bingung yung.. angsal tugas saking pak guru babagan seni
budaya.
A : Dadi koe nonton ebeg, Lah trus ulihe apa?
B : Lah niku.. kula malah tambah bingung.. isine wong pada mendem, angel di
catet.
A : Koe nek arep sinau babagan seni Budaya kuwe ora mung Ebeg tok, Budaya
kuwe werna
werna, angger ebeg kuwe kesenian. Wis, kae nganah mering musium wayang
bae.
B : Musium wayang..? mbok isine wayang di jejer-jejer tok yung.. kalih watu
pating njlegudag..
sing ajeng di tonton sih napane yung?
A : Lah, koe angger nonton wayang sing ditonton apane?
B : Nggih pengendange yung.. napamalih pengendang saniki gagah-gagah lan
bagus-bagus.
A : oalah gustiiiii…. Kiye bocah.. tembe bae wingi wis ngerti wong ayu.. mesti
gara-gara
sekolah nang Hape kiye.. sing maraih sapa jajal?
B : sing maraih ya ramane..
A : Sih kapan..??
B : Nggih sengiyen, nalika teksih kempal kalih biyunge.
A : ala..la..laaa.. iya sih pancen ramamu dalang, tapi ya aja tiru wateke ramane.
Koe durung
mangsane, ko siki sekolah disit bae sing pinter. wis kae nganah ngesuk gagean
disidakna maring musium wayang. Nang kana ana rupa- rupa wayang, babagan
perkerisan, benda-benda cagar budaya lan sapenunggalane
B : Deneng biyunge ngertos?
A : Genah mau nyong tes kumpulan PKK trus mampir musium wayang.. Jan, nyong
kaget,
njudheg.
B : Njudeg kepripun sih yung?
A : Jaan… Panggonane siki bersih banget, blewera.. panggonan sing maune tukul
glagah alang-
alang siki wis dadi taman..
B : Sing leres mawon yung.. genahe niku…
A : Eh, ngandel bae karo biyunge. Pokoke, ngesuk koe temenan maring nganah..
ngko tulih nang kana dijlentrehna kabeh babagan isen-isene musium nang
petugase. Aja klalen ngganggo masker, wisuh tangane karo aja umpel-
umpelan. Manut pranatan sing ana nang kana.
B : nggih yung.. ngenjang kula teng musium.. seniki mpun sonten kula tek adus
riyin..
A : Ya wis nganah…
B : nggih yung..
( Bocah mlebu, karo nyangking tas)

MONOLOG BIYUNG II

Lah niku sederek sedaya, lakon sing kula lampahi.. jane sih nggih abot, ning wis
dadi kuwajibane biyung. Nglempengna sing bengkong lan nggulawentah bocah.
pengajabe kula, moga-moga anake kula dadi bocah sing bener, bisa nerusna
trukahe wong tua. Enggane arep dadi dalang ya dadhi dalang sing bener. Kena
kanggo tuladha..enggane arep dadi pegawe ya dadi pegawe sing murakapi, bekti
maring negara, bangsa lan agama. ngiraspantes nglestarikaken seni lan budaya.
Kayane wektune wis sore, cekap semanten riyin aturkula.. sewulepat nyuwun
pangapura.
Billahitofikwalhidayah.. wassallamualaiku, wr, wb..
Kliiiilaaan…

Anda mungkin juga menyukai