Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH KABUPATEN MALANG

DINAS PENDIDIKAN

SMP NEGERI I PAGELARAN


Jl. Keramat No. 234 Sidorejo, Kec. Pagelaran Kab. Malang
. (0341) 877007, 65174 e-mail : smpn1pagelaran@yahoo.co.id

UJIAN KENAIKAN KELAS (UKK)


TAHUN PELAJARAN 2014 / 2015
Mata Pelajaran
: BAHASA JAWA
Hari / Tanggal : Jumat, 5 Juni 2015
Kelas
: VII (Tujuh)
Waktu
: 09.30 - 10.30 (90 Menit)
PETUNJUK UMUM:
1 Berdoalah sebelum memulai mengerjakan soal
2 Isilah identitas Anda ke dalam Lembar Jawaban Komputer (LJK) yang tersedia dengan menggunakan pensil 2B.
3 Pilihlah satu jawaban yang paling benar dengan menghitamkan bulatan dalam Lembar Jawaban Komputer
(LJK)
4 Jumlah soal sebanyak 50 butir, pada setiap butir soal terdapat 4 pilihan jawaban
5 Tersedia waktu 90 menit untuk mengerjakan soal-soal berikut.
6 Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawabnya.
7 Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas ujian.
SELAMAT MENGERJAKAN
PETUNJUK KHUSUS:
Pilihlah satu jawaban yang paling tepat, dengan menghitamkan ( ) pada huruf A, B, C, atau D pada lembar
jawab yang tersedia!
Riyayan Tanpa Ibu
I Kunpriyatno
Dina riyaya iku dina kebak kabagyan, nanging ora kanggone Kingkin. Sawisw
mudhun saka sholat Ied dheweke malah ndelik ana ing kamar. Ungkeb-ungkeb ing
kasur, sirahe diblesekake ing bantal. Tangis mingseg-mingsege disok ing kono.
Atine sedhih jalaran ditinggal ibuke seda rong wulan kepungkur amarga gerah.
Saiba senenge yen riyaya iki isi ana Ibu. Senajan klambi ora kudu anyar, nanging
yen sing dlujuri iku ibu rasane marem banget.
Gawang-gawang ing pangangene pasuryane ibune sing tansah kebak esem
lan rasa tresna. Pasuryan sing edhum lan sabar. Kingkin kelingan riyaya taun wingi.
Ibu masak opoe senengane. Banjur dimaem karo lonthong lan kupat. Hmm, ora ana
sing ngalahake masakane Ibuke. Ora lali Ibu uga mesthi ngasta jajan sapirangpirang. Ora nate mundhut, cukup nggawe jajan dhewe. Ana tape, wajik, kacang
klici, roti semprit, mentari, rarangginang, maduangsa, lsp.
Brebel... luhe Kingkin tumetes maneh nelesi pipine. Ah, Ibu tansah sabar
momong putrane. Tansah asih marang dheweke. Sanajan kadhangkala nakal lan
nggadho ati, Ibu tansah nyoba nuruti kekarepane. Yen durung bisa nuruti, Kingkin
sok didhawuhi, didongengi nganti dadi ngerti marang kekurangane wong tuwane.
Apaa kabeh mau kudu ilang? Ibu, apaa saiki wis ora ngelus rambute maneh?
1. Wacan Bocah yaiku...
a. Wacan, dongeng kanthi basa tulis kanggo para bocah
b. Wacan, dongeng kang didongengake dening bocah
c. Wacan, dongeng Kancil Nyolong Timun
d. Wacan, dongeng kang ditulis dening para bocah
2. Wacan Bocah Riyayan Tanpa Ibu asma pengarange yaiku...
a. Dhiana Andriyani b. Astuti Wulandari c. I Kunpriyatno
d. Kusnadi
3. Paraga utama ing wacan bocah Ibu yaiku...
a. Kingkin
b. Dewi
c. Ibu
d. Bapak
4. Citra Riyayan Tanpa Ibu iku kedadeyan nalika...
a. Bapake tindak menyang mesjid
b. Ibu lagi penataran ing Blitar nitih kreta
c. Riyaya, Kingkin kelingan Ibune sing wis seda

d. Riyaya, Kingkin ora bisa takbiran


5. Piwulang kang bisa dijupuk saka wacan bocah Riyayan Tanpa Ibu yaiku...
a. Yen Bapak tindak, awake dhewe kudu ngganteni dadi Bapak
b. Ibu iku tanggung jawabe uga gedhe, anak kudu mbangung turut lan bekti
marang Ibu
c. Kabeh musibah iku ana hikmahe. Kita kudu sabar, tawakal ngadhepi
pacobane Gusti
d. Yen Bapak tindak anak ora pareng rewel, mengko dipundhutne jajan karo
Bapak
6. Amarga sedhih, mulih saka sholat Ied Kingkin banjur...
a. Menyang pawong masak opor
c. Nangis ing rangkulane
Bapake
b. Mlebu kamar, nangis mingseg-mingseg
d. Mlebu kamar, nyoba klambi
anyar
7. Ibune Kingkin wis seda......kepungkur.
a. Riyaya
b. Pitung wulan
c. Setaun
d. Rong
wulan
8. Biyen isih ana Ibune, yen riyaya mesthi...
a. Masak opor lan nggawe jajan dhewe
b. Nggawe jajan lan didol ing pasar
c. Masak opor, mundhut jajan sapirang-pirang
d. Mbukak jaitan kanggo tangga-tanggane
9. Wacan Bocah iku bisa diwaca ing...
a. Koran Jawa Pos
c. Jaya Baya, Panjebar Semangat
b. Gaul
d. Hai
10.Panganggone basa iku ana loro yaiku...
a. Tulis lan tinulis
c. Tulisan lan wacan
b. Lisan lan tulis
d. Dongeng lan crita
11.Uladha panganggone basa lisan, kayata...
a. Majalah
b. Layang
c. Maca buku
d.
Ndongeng
12.Ngirim kabar kanthi cara SMS iku kalebu basa...
a. Lisan
b. Tulis
c. Lisan-tulis
d. Singkatan
13.Nggunakake basa tulis kanggo ngandhakake pesen utawa kabar bisa uga liwat...
a. Telpun
b. Layang
c. Radio
d. Majalah
14.Nggunakake basa lisan iku kudune manut ing...
a. Ungguh-ungguh basa
c. Tata tulise
b. Tata ejaane
d. Bukune
15.Siti arep nyilih buku marang Lina kanca sabangkune. Basa kang digunakake Siti
yaiku basa ragam...
a. Ngoko lugu b. Ngoko alus
c. Krama andhap d. Krama inggil
16.Ukarane Siti nalika arep nyilih buku marang Lina yaiku...
a. Jeng Lina, mbok aku diampili buku cathetan basa Jawa!
b. Lin, aku nyilih bukumu cathetan basa Jawa ya!
c. Nuwun sewu, keparenga kula nyuwun ngampil kangunganipun buku cathetan
basa Jawi, nggih?
d. Lin, buku gadhahan Sampeyan dakampile sedhela bae!
17.Hesti arep nilpin Bulike, arep matur yen ibuke ora sida tindak Kudus, menyang
daleme Bulike mau. Ukarane Hesti ing telpun sing becik yaiku...
a. Helo? Iki Bulik ya? Lik, Ibu ora sido nang Kudus. Ora sida nang omahe Bulik.
b. Helo? Bulik Nggih? Dikengken Ibuk criyos nek boten sida kesah teng Kudus,
teng griyane Bulik.
c. Hi,hi,hi.. Bulik ta? He,he,he.. Ibuk ora sida Lik. Arep nang Bali timbang nang
omah sampeyan.
d. Helo? Bulik niki Hesti. Ngaturi pirsa, Ibuk boten siyos tindak Kudus. Boten
siyos teng dalemipun Bulik.
18.Nek ngomong karo wong sing luwih tuwa iku arane...
a. Matur
b. Kanda
c. Ngendika
d. Guneman
19.Ing ngarepan Basoni lagi... karo kancane.

b. matur
b. Kanda
c. Ngendika
d. Guneman
20.eyang nembe... kaliyan dhayonipun.
c. Matur
b. Kanda
c. Ngendika
d. Guneman
21.Pak Guru boten saged... amargi putranipun sakit.
a. Rawuh
b. Sowan
c. Dugi
d. Dhateng
22.Amargi infeksi flu burung, kathah ayam ingkang...
a. Seda
b. Tilar donya
c. Pejah
d. Matek
23.Bapak.... ing kamar ngajeng.
a. Turu
b. Tilem
c. Sare
d. Mlungker
24.Pak, kula mangke badhe... Arema ing stadion Kanjuruhan, pareng nggih?
a. Nonton
b. Nyawang
c. Mirsani
d. Ninggali
25.Bu Guru menapa sampun nate... film Spiderman? pitakone Wati.
a. Nonton
b. Nyawang
c. Mirsani
d. Ningali
26.Tuladhane basa ngoko alus yaiku...
a. Ton, bukumu iku lebokna tas!
c. Benjing kula wangsul enjing.
b. Panjenengan apa wis dhahar?
d. Sinten ingkang kagungan
buku punika?
27.Tuladhane basa ngoko lugu yaiku...
a. Paleme wis mateng-mateng, ayo diunduhi, Jon!
b. Mbak Debby apa ora kersa?
c. Kula ajrih kaliyan sawer.
d. Mugi-mugi Panjenengan enggal dhangan.
28.Tuladha ngaturi kenduren sing becik yaiku...
a. Pak Toni, kula dipun utus Bapak, mangke bakda maghrib dipun aturi
kenduren ten griya.
b. Lek Ji, engko sore nang omah ya, kenduren!
c. Hei, saoa ae, menge mantun maghrib teng griya sedaya, nggih, kenduren!
d. Mengke Sampeyan dugi nggih, kenduren teng griya jan 7 bengi.
29.Coba batangen cangkriman iki; anake diidak-idak, emboke dielus-elus yaiku...
a. Suwal
b. Nanas
c. Andha
d. Becak
30.Tuladhane ukara andharan/pawarta yaiku...
a. Hen, bukuku gawakna mrene!
c. Sapa sing arep teka
mengko bengi?
b. Aku ora bisa nang omahmu sebab repot!
d. Kowe wani nyabrangi
kali Brantas?
31.Ing ngisor iki sing nggambarake ukarane wong lagi gumbira yaiku...
a. Biyuh, ana emas kok sakgajah gedhene!
c. Aja kuwatir aku mengko
mesthi teka.
b. Hore, adhikku menang maneh!
d. Yen ana luputku, aku njaluk
sepura!
32.Ing ngisor iki sing kalebu ukara prentah yaiku...
a. Mehko sore aku arep sinau karo Budi.
b. Bukune jupuken, cepet!
c. Yen ora ana alangan Inul mesthi teka.
d. Sampeyan apa kenal Bu Asri?
33.Ukara kang nuduhake wong sedhih yaiku...
a. Ngerti ngene dadine, aku ora sudi ngrewangi. Uwong kok ora tata, direwangi
malah mungsuhi!
b. Den, paring welas Den. Tigang dinten kula dereng nedha, Den...!
c. Yen dudu kowe, sapa maneh coba? Bapakmu wis tuwa, adhimu isih cilik-cilik.
Age budhala!
d. Dhuh, Gusti. Maturnuwun sedaya peparing Panjenengan. Mugi-mugi rejeki
niki halal barokah.
34.Tuladhane ukara kanthi intonasi pitakon yaiku...
a. Kula nyuwun pangapunten awit sedaya lepat kula, Pak.
b. Sinten ingkang dereng tepang kaliyan Mas Tony?
c. Kila ndherek Mas Imron mawon, Pak.
d. Sampeyan sedaya sampun ngantos nindakaken M5!
35.Manuk emprit, mabur telu/...
a. Diceke siji kari loro
c. Ngasah arit nganti landhep

b. Dadi murid, ya sinau


d. Sinaua supaya pinter
36.Kolang-kaling kolak nagka, golek hlali gulane klapa/
Welingku mring para mudha...
a. Aja lali sinau lan golek ilmu
c. Kudu ngabekti marang Gusti
b. Negara iki sapa sing duwe
d. Aja lali watak utama
37.Tuladha parikan kanthi wanda 8-8 / 8-8 yaiku...
a. Mbang kenanga dhuh arume, kembang kanthi awe-awe/
Isih mudha dhuh antenge, suk gedhe sapa sing duwe
b. Kembang dhuku kececeran adhuh emane, kembang duren jare dlongop
arane/
Dijak mlaku bocah pengung biyuh sambate, ngajak leren jarene jebul mung
angop bae.
c. Godhong waru, bedhah pinggire/
Ngguya-ngguyu, owah pikire.
d. Jenang gula jare glali, diodoti ing pinggir sawah/
Jare bocah jaman saiki, sledhat-sledhot mung golek wah
38.Bayem rine, ketan pulukane/ayem atine, ketekan penjaluke. Yen manut wandane
kalebu parikan...
a. 4-4/4-4
b. 4-6/4-6
c. 4-8/4-8
d. Ora padha wandane
39.Asem kawak dipangan luwak, godhongen waru diamot becak/
...
a. Pancen apes nasibe awak, ketiban watu kepleset tiba klumah
b. Pancen apes nasibe awak, oleh sangu dijaluk mbokde
c. Pancen apes nasibe awak, dadi mantu ora bisa turu
d. Pancen apes nasibe awak, kesandhung watu disosor banyak
40.Ing kasusastran Indonsia, parika iku padha karo...
a. Pantun
b. Puisi
c. Cerpen
d. Peribahasa
41.Purwakanthi sing digunakake ing parika yaiku...
a. ab-ab, gatra 1= gatra 3; gatra 2= gatra 4
b. ab-ab, gatra 1= gatra 2; gatra 2= gatra 4
c. ab-ab, gatra 1= gatra 4; gatra 2= gatra 3
d. ab-ab, gatra 1= gatra 2; gatra 3= gatra 4
42.Para kadang tani nandur kedhele bibit unggul kanggo ningkatake asil
panene.
Tembung sing kacithak kandhel ing ukara kasebut kalebu dhapukane...
a. Katrangan sebab
c. Katrangan asal
b. Katrangan akibat
d. Katrangan tujuwan
43.Para kadang tani nandure kedhele saya sengkud.
Tembung sing kacithak kandel ing ukara kasebut kalebu dhapukane...
a. Jejer
c. Geganep
b. Wasesa
d. Lesan
44.Pak dhokter mriksa bocah sing lara. Sing dai jejer ing ukara kasebut
yaiku...
a. Pak dhokter
c. Bocah
b. Mriksa
d. Sing lara
45.Saben isuk Rehana nyirami kembang. Wasesane ing ukara kasebut yaiku...
a. Saben esuk
c. Nyirami
b. Rehana
d. Kembang
46.Tyas lagi nggawe unjukan. Ing ukara kasebut lesane yaiku...
a. Tyas
c. Nggawe
b. Lagi
d. Unjukan
47.Ukara-ukara ing ngisor iki sing duwe pola Jejer wasesa lesan yaiku...
a. Putrane Pak Camat durung kondur.
b. Pak Lurah napak asmani surat
c. Pakdhe isih kersa dhahar
d. Agemane Pak Guru anyar
48.Kowe apa sida lunga menyang lamongan. Ukara kasebut yen didadekake basa
ngko alus yaiku...
a. Sampeyan apa sida kesah menyang Lamongan?
b. Panjenengan apa sida tindak menyang Lamongan?

c. Sampeyan punapa siyos kesah dhateng Lamongan?


d. Panjenengan punapa siyos tindak dhateng Lamongan?
49.Aku dikongkon ibu mangan saiki. Ukara ngoko lugu kasebut yen disalin ing basa
krama alus dadi...
a. Kula dikengken ibu nedha sakniki.
b. Kula didhawuhi ibu dhahar sakniki.
c. Kula dipunutus ibu nedha sakniki.
d. Kula dipundhawuhi ibu nedha sakniki.
50.Tembung mawa ater-ater anuswara mbalang, yen ditulis ing aksara Jawa
yaiku...
a.
b.
c.
d.

Anda mungkin juga menyukai