Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR

DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1
BABAT
Jl. Sumowiharjo No. 1 Telp. (0322) 451201 Fax : (0322) 451201
e-mail : smabalamongan@yahoo.co.id

ULANGAN AKHIR SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2017 / 2018
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / Tanggal : Jum’at,08 Desember 2017
Kelas / Program : XII IPA/IPS Waktu : 90 Menit

A. Pilihen salah siji wangsulan kang paling bener.


Pacelathon iki kanggo mangsuli pitakon no 1-4.
Budi : “Kula nuwun. Kula ingkang sowan, Yang.”
Eyang Gondo : “Mangga…mangga, Nak. We lha iki ana dayoh rombongan. Kene..kene..padha
lungguh kene.”
Bocah-bocah : “Inggih matur nuwun. Sugeng sonten, Yang.”
Eyang Gondo : “Iya..iya..dikepenakake kono. Kepriye, ana apa putu-putuku sing bagus-bagus karo
ayu-ayu iki padha sowan Eyang?”
Gatot : “Inggih Yang, kula sakanca pikantuk tugas saking sekolahan pados katrangan
ngengingi criyos wayang Ramayana, Eyang.”
Eyang Gondo : “We lha apik, pinter gurumu maringi tugas kuwi. Mesthine kersane rak ben
awakmu padha ngerti crita wayang, ta? Ya…, terus… apa sing arep kosuwunake
pirsa Eyang?”
Yani : “Niku lho Eyang. Criyos wayang Ramayana menika kados pundi ta, Eyang?”
Enny :“Inggih, Eyang. Kula dereng pati ngertos criyos Ramayana. Eyang Gondo pirsa ta,
Eyang?”
Gatot : “Lho piye ta, En? Eyang Gondo ki dhalang. Mosok Ki Dhalang kok ora pirsa
Ramayana!”
Budi : “O…Eyang Gondo menika nate dados Ki Dhalang ta, Eyang?”
Gatot : “Tibake awakmu barang ki ya ora ngerti ta, Bud? Eyang Gondo iki dhalang
kondang! Malah wis tau ndhalang ana ing Istana Negara, ditimbali Bapak Presiden.”
Eyang Gondo : “Iya, Nak, iku biyen. Jaman Eyang isih rosa, lha saiki Eyang wis sepuh, pikun
ngene iki ya...wis ora kuwat mayang maneh. Sanajan sepuh kaya ngene iki, bab crita
wayang apa wae, Eyang ya isih apal. Wis arep padha nyuwun pirsa apa ngenani crita
Ramayana?”
Enny : “Menika lho, Eyang. Criyos Ramayana menika nyriyosaken lampahanipun sinten,
Eyang? Kados pundi criyosipun?”
Eyang Gondo : “O..kuwi? Lha nek takcritakake kabeh ya dawa banget, bisa sewengi ora rampung.”
Yani : “Anu…Eyang, ingkang ringkes mawon.”
Gatot : “Inggih Eyang. Boten sah panjang-panjang, mangke Eyang Gondo ndak sayah.”
Eyang Gondo : ”Ya wis. Cekak aos wae ya?”
Budi : “Inggih, Eyang. Alon-alon mawon.”
………………
1. Budi lan sakanca-kancane padha sowan daleme Eyang Gondo nalika …
a. sawise mulih sekolah
b. ing dina Minggu
c. sabubare menyang daleme Pak Guru
d. wayah sore
e. sadurunge nonton wayang Ramayana
2. Bocah-bocah kuwi padha sowan menyang daleme Eyang Gondo saprelu …
a. tilik kahanane Eyang Gondo.
b. nonton Eyang Gondo ndhalang wayang Ramayana
c. golek katrangan crita wayang Ramayana
d. ngerjakna tugas sekolah karo Eyang Gondo
e. ngabari Eyang Gondo yen diutus ndhalang ana ing Istana Negara
3. Eyang Gondo wis ora mayang maneh amarga …
a. wis ora oleh ndhalang d. wis nate ditimbali Bapak Presiden
b. wis sepuh lan pikun e. wis tau dadi dhalang kang kondhang
c. wis ora duwe wayang
4. Ukara kang ora jumbuh karo isining pacelathon ing ndhuwur, yaiku …
a. Eyang Gondo seneng ngerteni Gatot lan sakanca-kancane oleh tugas ngenani crita wayang
Ramayana
b. Eyang Gondo nate ndhalang ana ing Istana Negara
c. Sanajan sepuh, Eyang Gondo isih apal crita wayang apa wae
d. Bocah-bocah pingin Eyang Gondo nyritakake crita wayang Ramayana kanthi ringkes
e. Enny lan Budi wis ngerti yen Eyang Gondo kuwi dhalang kang kondang.
5. Pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
A : “Punapa kepareng, kula badhe nyuwun pirsa?”
B : “Ya, kena bae arep takon apa?”
A : “Jenisipun ukara menika miturut isinipun wontengangsal. Kula namung ngertos tiga
inggih menikaukara pawarta, ukara pitakon, ukara pakon. Lajeng ingkang kalih menapa
nggih?”
B : “O… ngono ta, sing 2 yaiku ukara pamenggak kangisine menggak supaya ora nglakoni
kangdikarepke, dene ukara pangajap yaiku ukara kang isine ngareparep.”
A : “Nggih…sakniki kula sampun mangertos, maturnuwun.”
Paraga kang luwih enom yaiku …
a. A, katitik matur nganggo basa ngoko d. B, katitik matur nganggo basa krama
b. B, katitik matur nganggo basa ngoko e. A, katitik matur nganggo madya
c. A, katitik matur nganggo basa krama

Pacelathon iki kanggo mangsuli pitakon nomer 6-9.


Mas Guru : “Kok boten nate panggih enten mesjid, Kang Di, napa angsale traweh ngalih
enggen?”
Kang Paidi : “Boten, niku. Nanging, anu …, sepuntene, nggih. Ampun didukani. Kula sakniki
empun boten nate ten mesjid.”
Mas Guru : “Lho, kok ngoten? Napa jalarane?”
Kang Paidi : “Anu …, bo… boten gadhah sande.”
Mas Guru :“Sarung sampeyan rak kalih, ta? Setunggal gadhahan sampeyan piyambak, lajeng
setunggale angsal kula nyukani?”
Kang Paidi : “Sepuntene sing kathah, Mas Guru. Sarung kula piyambak empun bedhah mawak-
mawak, dene sing angsal njenengan maringi kepeksa kula sade.”
Mas Guru : “Kok ngoten…?”
Kang Paidi : “Niku, napa. Ditangisi yoga kula. Ben dinten terus ndrenginging nedhi rasukan
enggal kangge riyayan. Nggih kepeksa kula sing ngalah. Sepindhah malih, sepuntene
ingkang kathah nggih, Mas Guru.”
6. Sing dirembug ana ing pethikan pacelathon ing ndhuwur, yaiku …
a. Kang Paidi ora duwe sarung kanggo traweh nang mesjid.
b. Mas Guru nyrengeni Kang Paidi amarga adol sarung.
c. Anake Kang Paidi ndrenginging jaluk klambi anyar kanggo riyayan.
d. Mas Guru arep menehi sarung Kang Paidi
e. Kang Paidi nggoleki Mas Guru nang masjid
7. Swasana kang katon ing pethikan pacelathon kasebut yaiku …
a. nyenengake d. mangkelno ati
b. emosi manas e. nyedihake
c. gawe trenyuh
8. Watake Kang Paidi ing sajeroning pacelathon yaiku …
a. gampang nesu marang Mas Guru d. jirih marang sisihane
b. sabar lan ngalah marang anake e. jahat marang anake
c. adil marang warga
9. Basa kang digunakake Mas Guru marang Kang Paidi yaiku …
a. ngoko lugu d. krama alus
b. ngoko alus e. krama inggil
c. krama lugu
10. Panganggone basa ngoko yaiku …
a. anak marang bapak d. wong kang durung akrab/lagi wae ketemu
b. ibu marang bapak e. bapak marag anak
c. ponakan marang paklik
11. “Pak.. Pak.. apa jenengan pirsa duit rong puluh ewu susuke blonjo mau esuk?”
Tataran basa kang digunakake ing ndhuwur yaiku basa …
a. ngoko lugu d. krama alus
b. ngoko alus e. krama inggil
c. krama lugu
12. Ukara ing ngisor iki kang bener pangatrape unggah-ungguh basane yaiku …
a. Bapak ajenge mirsani ludruk.
b. Ibu badhe ningali wayang kulit.
c. Ibu karemenanipun nonton ludruk.
d. Bapak ajenge ningali wayang kulit kaliyan ibu.
e. Bapak badhe mirsani ludruk kaliyan ibu.
13. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa krama alus yaiku …
a. Sinten ingkang badhe ndherek Bu Sinta tuwi Rina?
b. Sinten ingkang ajenge tumut Bu Sinta tuwi Rina?
c. Sinten ingkang ajenge ndherek Bu Sinta tuwi Rina?
d. Sinten ingkang badhe tumut Bu Sinta tuwi Rina?
e. Sinten sing arep ndherek Bu Sinta niliki Rina?
14. Crita sing cekak, ringkes, lan duweni kesan sing lucu diarani …
a. sesorah d. anekdot
b. pacelathon e. cerkak
c. drama
15. Ing ngisor iki kang ora kalebu tandha-tandha kebahasaane teks anekdot yaiku ...
a. ora ngemot sindiran d. ngandhut pesen moral
b. nggunakake tembung panggandheng e. teks cekak
c. ana unsur lucu
16. Urut-urutan struktur teks anekdot sing bener yaiku …
a. orientasi – abstraksi – krisis – reaksi – koda
b. orientasi – abstraksi – krisis – koda – reaksi
c. abstraksi – orientasi – krisis – reaksi – koda
d. orientasi – abstraksi – reaksi – krisis – koda
e. abstraksi – orientasi – krisis – koda – reaksi
17. Perangan saka teks anekdot kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepriye prastawa
kasebut dumadi, biasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan panggonan diarani …
a. koda d. krisis
b. orientasi e. abstraksi
c. reaksi
Teks iki kanggo mangsuli pitakon nomer 18-20
Jelas Apa Blas
Sawijining dina aku mlebu kelas nerangake wulangan anyar. Sawise ngomong ngalor ngidul
nganti kesel aku banjur takon, “Wis ngerti?” Wangsulane muridku bareng, “Tiiiii … .”
Krungu wangsulane muridku sing kaya mengkono atiku seneng banget. Ora muspra
anggonku mulang. Ya ngene iki senenge guru, yen wulangan sing diwulangake marang murid
dingerteni kabeh. Aku banjur takon maneh, “Jelas?” wangsulane muridku ya bareng, “Laaaaaaas!!!”
Aku ora kepenak ati banjur takon, “Jelas apa blas?” Muridku ora ana sing mangsuli. Kabeh padha
meneng.
Aku banjur kandha, “Awakmu iki yen matur sing temenan, aja ngapusi. Yen ngerti ya
kandhaa ngerti, lan yen ora ngerti ya kandhaa yen ora ngerti. Aja ora ngerti bajur kandha ngerti.
Jelaaaaas!” Bocah-bocah padha mangsuli bareng, “Laaaaaas!!”
Ana bocah sing lungguh mburi, ketoke rada ngempet guyu, lambene ditutupi tangan.
Nanging aku isih krungu yen ana sing cekikikan. Aku banjur prentah supaya bocah mau maju
menyang ngarep kelas.
Dheweke banjur tak kongkon nggarap ing papan tulis. Ketoke ora bisa. Aku banjur nesu,
“Awakmu iki ngerti ora?”
Muridku banjur mangsuli, “Kula wau sampun jawab blas, Pak!”
“Ooooooooo, pancene”, grenengku.
18. Abstraksi saka teks anekdot ing ndhuwur yaiku …
a. Krungu wangsulane muridku sing kaya mengkono atiku seneng banget
b. Sawise ngomong ngalor ngidul nganti kesel aku banjur takon, “Wis ngerti?”
c. Sawijining dina aku mlebu kelas nerangake wulangan anyar.
d. Ana bocah sing lungguh mburi, ketoke rada ngempet guyu, lambene ditutupi tangan.
e. Muridku banjur mangsuli, “Kula wau sampun jawab blas, Pak!”
19. Reaksi saka teks anekdot ing dhuwur yaiku …
a. Krungu wangsulane muridku sing kaya mengkono atiku seneng banget
b. Sawise ngomong ngalor ngidul nganti kesel aku banjur takon, “Wis ngerti?”
c. Sawijining dina aku mlebu kelas nerangake wulangan anyar.
d. Ana bocah sing lungguh mburi, ketoke rada ngempet guyu, lambene ditutupi tangan.
e. Muridku banjur mangsuli, “Kula wau sampun jawab blas, Pak!”
20. Orientasi saka teks anekdot ing ndhuwur yaiku …
a. Krungu wangsulane muridku sing kaya mengkono atiku seneng banget
b. Sawise ngomong ngalor ngidul nganti kesel aku banjur takon, “Wis ngerti?”
c. Sawijining dina aku mlebu kelas nerangake wulangan anyar.
d. Ana bocah sing lungguh mburi, ketoke rada ngempet guyu, lambene ditutupi tangan.
e. Muridku banjur mangsuli, “Kula wau sampun jawab blas, Pak!”
Prathelan crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 21-24.
Nulung Sedulur
Sawise lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah jalaran wong tuwane ora duwe ragad.
Sanajan nasibe kayamangkono Sarno ora nglokro, tansah ikhtiyar kanthi sregepmaca buku, majalah,
lan liya-liyane supaya kawruhe sayamundhak pinter lan dewasa ngadhepi kahanan uripe.Bareng
saya gedhe pikirane saya maju ora kalah karokanca-kancane sing padha isih tetep sekolah. Sanajan
wisora sekolah anggone kekancan karo kancane sing isihsekolah tetep sumambung apik.
Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukangcukur. Usaha iki dilakoni kanthi seneng
jalaran manutpanemune Sarno, tukang cukur kuwi dudu pagaweyan singnistha nanging malah
mulya. Awit saka katrampilane daditukang cukur, wong dadi kathon ngganteng. Sarno
miwitiusahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki orambutuhake pawitan kang gedhe.
Sarana kang dibutuhakemung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lanubarampe liyane.
Kaya unen-unen: Sapa temen bakal tinemu, sapaobah mamah. Ikhtiyar Sarno diridlani
dening Gusti. Akehwong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung Sarnosupaya dicukur. Sarno
ora tahu ngarani upah kangdibayarake sing padha cukur, amung sapawehe. Pakartikang kaya ngene
iki kang njalari wong-wong padha senengcukur menyang nggone Sarno. Awit kekuwatane wong
kuwibeda-beda mula ya ana sing menehi kanthi murwat ugaana sing sethithik. Kabeh mau ditampa
dening Sarno kanthi
lila legawa tanpa ngresula. Ing atine Sarno, kajaba usahakuwi dalane rejeki uga bisa kanggo sarana
tetulung marangtangga teparo.
21. Pikirane Sarno ora kalah karo kanca-kancane sing isih tetep sekolah amarga …
a. anggone kekancan karo kancane tetep sumambung apik.
b. dheweke tansah nglokro
c. dheweke duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur
d. ikhtiyare Sarno diridlai dening Gusti
e. dheweke tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku, majalah lan liya-liyane.
22. Ing ngisor iki kang ora dadi alasane Sarno milih usaha tukang cukur yaiku …
a. miturut Sarna tukang cukur kuwi dudu pagaweyan singnistha nanging malah mulya
b. dheweke duwe keterampilan nyukur
c. usaha iki orambutuhake pawitan kang gedhe
d. akehwong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung Sarnosupaya dicukur
e. sarana kang dibutuhakemung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lanubarampe liyane.
23. Wong-wong padha seneng cukur menyang nggone Sarno amarga …
a. akehwong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung Sarnosupaya dicukur
b. Sarno ora tahu ngarani upah kangdibayarake sing padha cukur, amung sapawehe.
c. Sarno ora tau ngresula
d. sawise dicukur Sarno wong dadi kathon ngganteng
e. Sarno sregep maca buku lan majalah
24. Ing ngisor iki kang ora dadi watake Sarno miturut prathelan crita ing ndhuwur yaiku …
a. sregep d. seneng nulung
b. tansah legawa e. ora lila
c. ora seneng ngresula
25. Unsur-unsur intrinsike cerkak antarane yaiku …
a. tema lan waktu d. amanat dan alur
b. setting lan pangripta e. paraga lan pangripta
c. sudut pandang lan konflik
26. Kalungguhane pangripta ana ing crita diarani …
a. pesan moral d. amanat
b. punjere crita e. wong kapisan
c. sudut pandhang
27. Reroncening kadadean crita saka awal tumeka pungkasan diarani …
a. irah-irahan d. plot
b. setting e. sudut pandhang
c. idhe crita
28. Ciri-cirine crita cerkak yaiku …
a. Critane sakeplasan, isine padhet, basane endah
b. Critane dawa, isine cekak aos, basane mentes
c. Critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basane gampang dimangerteni
d. Critane dawa, isine padhet, basane gampang dimangerteni
e. Critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dimangerteni
29. Ing ngisor iki kang kalebu ukara crita kang trep, yaiku …
a. “Aku isih arep mangan dhisik. Enteni sek ya,” semaure Toni saka njero omah.
b. “Nyuwun sewu, menapa panjenengan menika Pak Irvan?”, pitakone Bu Ambar.
c. Edo kandha marang ibuke yen dheweke arep dolan menyang omahe kancane.
d. “Awakmu arep niliki sapa?”, pitakonku marang Novi.
e. “Panjenengan sampun ngantos supe ngunjuk jampinipun saben dinten sepindhah,” welinge
Mbah dukun marang Pak Indra.
30. Ing ngisor iki kang kalebu ukara kandha kang trep, yaiku …
a. Alda matur ibuke yen awake krasa lemes amarga lali durung sarapan.
b. Pak Yudhis nakoni Vega ngapa dheweke nangis.
c. “Kapan kowe teko, Mas?”, pitakone
d. Khojim nakoni Faiz kepriye carane nggawe blog nang internet.
e. Bu Savira ngendikan menawi benjeng kula kaliyan rencang-rencang kedah ngempalaken
tugasipun.

B. Garapen manut prentahe!


31. Tulisen panganggone basa krama lugu lan krama alus.
32. Tulisen krama lugune ukara iki.
a. Punapa panjenengan boten ndherek mirsani ludruk?
b. Dinten menika Mas Fadhil badhe mundhut sande dhateng peken.
33. Tulisen ukara wangsulan saka pitakon iki.
a. Sinten asmanipun panjenengan?
b. Jam pira biyasane awakmu menyang sekolah?
34. Tulisen pitakon saka ukara wangsulan iki.
a. Anake Bu Siti cacahe telu.
b. Pandamelanipun Pak Riko menika sadeyan sande dhateng peken.
35. Tulisen apa wae unsur intrinsike cerkak.

Sugeng Makarya

Anda mungkin juga menyukai