Anda di halaman 1dari 13

1.

Karangan cekak kang awujud gancaran (prosa) kang nyritakake sak klebatan lakoning
uripe tokoh, ala becike wewatakane kanthi pengangkah kanggo tepa tuladha utawa
piwulang, lan crita iku bisa rampung diwaca sepisan lungguh diarani ...
A. cerbung
B. cergam
C. anekdot
D. cerkak
E. novel
2. Sakabehe katrangan, panuduh, sing ana sesambungane karo wektu, swasana lan
panggonan ing sajroning crita diarani ...
A. alur
B. latar
C. sudut pandang
D. plot
E. gaya bahasa
3. Titikane cerkak yaiku, kajaba ...
A. reroncening crita mung siji
B. asipat naratif
C. asipat reka-reka/fiktif
D. perwatakane paraga digambarake cekak
E. lagune ukara kudu situasional
4. Wacan 1
Marno mono umure lagi ngancik pat belas taun, sekolahe isih ana klas siji SMP Negri ing
sakcedhake desane. Dheweke kuwi putrane Pak Dhukuh Paren ya Pak Saiman, priyayi sing
kondhang sugih, becik atine, lan pinter momong rakyat ing padhukuhane. Eman, dene anake
lanang sing mung semata wayang iku beda banget watake karo wong tuwane. Dhasar anake
wong sugih mula sapenjaluke tansah keturutan. Yen Pak Saiman karo sing putri mono, ora
seneng nguja bocah, panyuwune putrane dituruti janji penting lan migunani tumrap sekolahe
Kang dudu wewatakane Pak Saiman manut cuplikan cerkak ing dhuwur yaiku ……
A. nguja anake lanang
B. becik atine
C. welas asih mring putrane
D. pinter momong rakyat
E. nuruti panjaluke anak kang migunani kanggo sekolahe
5. Wacan 2
“Bubar upacara bendera, kowe diundang Pak Broto ana ruang kepala sekolah!” kandhane
Antok
minangka ketua kelas loro SMP Teladan marang aku.
Aku mung manthuk. Sabanjure, aku muter dalan nuju ruang kepala sekolah. Pikiranku kebak
pitakonan, ana apa nganti kepala sekolah nimbali aku. Kamangka kepala SMP Teladan nggonku
sinau iki wis kawentar wong kang disiplin, galak, lan ora wigah-wigih menehi ukuman marang
guru utawa murid sing dianggep mbangkang prentahe.
Kang dadi paraga utama (tokoh sentral) ing pethikan cerkak kasebut yaiku ....
A. Aku
B. Pak Broto
C. Antok
D. Kepala Sekolah
E. ketua kelas loro
6. Wacan 3
“Bubar upacara bendera, kowe diundang Pak Broto ana ruang kepala sekolah!” kandhane
Antok
minangka ketua kelas loro SMP Teladan marang aku.
Aku mung manthuk. Sabanjure, aku muter dalan nuju ruang kepala sekolah. Pikiranku kebak
pitakonan, ana apa nganti kepala sekolah nimbali aku. Kamangka kepala SMP Teladan nggonku
sinau iki wis kawentar wong kang disiplin, galak, lan ora wigah-wigih menehi ukuman marang
guru utawa murid sing dianggep mbangkang prentahe.
Kedadean crita kasebut dumadi ing wanci ....
A. surup
B. sore
C. esuk
D. awan
E. bengi
7. “Bubar upacara bendera, kowe diundang Pak Broto ana ruang kepala sekolah!”
Ukara kasebut yen didadekake basa krama alus .....
A. bibar upacara bendera, sampeyan ditimbali Pak Broto wonten ruang kepala sekolah
B. bubar upacara bendere, sampeyan didhawuhi Pak Broto ing ruang kepala sekolah
C. bibar upacara bendera, jenengan dibeluk Pak Broto wonten ruang kepala sekolah
D. bibar upacara bendera, panjenengan dipuntimbali Pak Broto wonten ruang kepala
sekolah
E. bibar upacara bendera, panjenengan dipunaturi Pak Broto wonten ing ruang kepala
sekolah
8. Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur intrinsik cerkak yaiku ...
A. Tema
B. Paraga
C. Latar
D. Sajak
E. Pamawas
9. Urutane kang bener yen gawe crita yaiku …
A. nemtokake tema, gawea cengkorongan, ngembangake dadi karangan kang wutuh
B. gawe crita, nemtokake cengkorongan, nemtokake tema, ngembangake karangan
C. gawea cengkorongan, ngembangake dadi karangan kang wutuh, nemtokake tema
D. nemtokake tema, ngembangake dadi karangan kang wutuh, gawea cengkorongan
E. gawea cengkorongan, nemtokake tema, ngembangake dadi karangan kang wutu
10. Sing penting dhewe lan kudu digatekake nalika nemtokake tema yaiku …
A. kudu ngerti apa sing bakal dicritakake
B. tema kudu anyar lan menarik
C. temane durung tau dirembug wong
D. kudu bisa nyusun tembung sing trep
E. sing ana ing masyarakat saiki
11. Gunane congkrongan salah sijine yaiku supaya …
A. critane ora nyimpang
B. critane dadi akeh
C. jumlah halamane bisa dikira-kira
D. gampang dimangerteni
E. amanate ora ilang
12. Crita gancaran sing ngandharake kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cetha,
yaiku. . .
A. critane cekak, isisne padhet, ukarane ringkes, basane gampang dimangerteni
B. critane ora dawa, ukurane ringkes isine padhet nanging basane angel dimangerteni
C. critane dawa, isine padhet, basane gampang dimangerteni
D. critane cekak, isine padhet, basane angel dimangerteni
E. critane dawa, isine cekak, basane mentes
13. Pachelathon nang ngisor nggunakake basa apa?
Gatekna pethilan pachelathon nang ngisor iki !
Marsini : “Mas Nu, Mas Nugroho!”
Nugroho : “Ana apa Mbak?”
Marsini : “Njenengan kuwi awet nom ya, Mas!”
Nugroho : “Pancen aku rumangsane ya isih enom kok?, ha…ha…ha! …Lha
njenengan arep tindak ngendi mbak ?”
Marsini : “Aku arep bali nyang Sragen Mas! Ning aku klebu wong dhusun, dadi
saka kota Sragen isih telung puluh kilometer maneh.”
Nugroho : “aku percaya yen panjenegan kuwi saka ndesa Mbak, ketara ayu.”
Marsini : “Alaah, ampun ngaten, mas! Wong kaya ngene kok diarani ayu. Terus
sing elek kaya ngapa?”
A. krama Alus
B. ngoko Alus
C. krama Inggil
D. ngoko lugu
E. krama ndesa
14. Dhik Mahesti ngomong yen liburan arep lunga menyang Bali.
Dhik Mahesti……………..menawi liburan badhe kesah dhateng Bali.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku……..
A. Sanjang
B. Ngendikan
C. Dhawuh
D. Ngomong
E. Matur
15. Bapak, aku mengko arep turu ing omahe simbah. Ukara ngoko lugu kasebut yen diowahi
dadi krama inggil yaiku…..
A. Bapak, kula mangke badhe tilem dhateng dalem simbah.
B. Bapak, kula mangke badhe tilem dhateng griyane simbah.
C. Bapak, kula mangke badhe sare dhateng griyanipun simbah.
D. Bapak, kula mangke badhe sare dhateng daleme simbah.
E. Bapak, kula mangke badhe tilem dhateng dalemipun simbah.
16. Dina iki Pak Soni ora bisa teka amarga lagi lara untu. Ukara ngoko lugu kasebut yen
diowahi dadi krama inggil…..
A. Dinten puniki Pak Soni mboten saged rawuh amargi nembe gerah untu.
B. Dinten puniki Pak Soni mboten saged dugi amargi nembe sakit untu.
C. Dinten puniki Pak Soni mboten saged dugi amargi nembe gerah waja.
D. Dinten puniki Pak Soni mboten saged rawuh amargi nembe gerah waja.
E. Dinten puniki Pak Soni mboten saged rawuh amargi nembe sakit waja.
17. Nalika aku mulih sekolah, bapak wis mulih saka kantor.
Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil yaiku……
A. Nalika kula wangsul sekolah, bapak sampun kondur saking kantor.
B. Nalika kula wangsul sekolah, bapak sampun wangsul saking kantor.
C. Nalika kula mulih sekolah, bapak sampun wangsul saking kantor.
D. Nalika kula kondur sekolah, bapak sampun kondur saking kantor.
E. Nalika kula mulih sekolah, bapak pun kondur saking kantor.
18. Bapak mangan sate karo ibuk ing omahe simbah wingi sore.
Ukara kasebut yen diowahi dadi krama ingil yaiku…..
A. Bapak dhahar sate kaliyan ibuk wonten daleme simbah wingi sonten.
B. Bapak nedha sate kaliyan ibuk wonten griyane simbah wingi sonten.
C. Bapak dhahar sate kaliyan ibuk wonten dalemipun simbah kalawingi sonten.
D. Bapak nedha sate kaliyan ibuk wonten griyanipun simbah kalawingi sonten.
E. Bapak dhahar sate kaliyan ibuk wonten griyanipun simbah wingi sonten.
19. Bu guru ngongkon aku lan kanca-kanca maca buku ing perpustakaan.
Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil yaiku…..
A. Bu guru ngutus kula kaliyan kanca-kanca maos buku wonten ing perpustakaan.
B. Bu guru ngutus kula kaliyan rencang-rencang maos buku wonten ing perpustakaan.
C. Bu guru ngengken kula kaliyanrencang-rencang maos buku wonten ing perpustakaan.
D. Bu guru ngutus kula kaliyan kanca-kanca maca buku wonten ing perpustakaan.
E. Bu guru ngengken kula kaliyan kanca-kanca maos buku wonten ing perpustakaan.
20. Aku ora weruh menyang ngendi lungane ibuk, sing weruh amung bapak.
Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi krama inggil…..
A. Kula mboten ngertos dhateng pundi tindakipun ibuk, ingkang pirsa namung bapak.
B. Kula mboten pirsa dhateng pundi kesahe ibuk, ingkang pirsa namung bapak.
C. Kula mboten ngertos dhateng pundi kesahipun ibuk, ingkang ngertos namung bapak.
D. Kula mboten pirsa dhateng pundi tindakipun ibuk, ingkang ngertos namung bapak.
E. Kula mboten pirsa dhateng pundi tindakipun ibuk, ingkang pirsa namung bapak
21. Jroning naskah drama kudu dikantheni anane pituduh tumindak kang nggambarake
setting, kahanan panggung, sarta tumindak apa wae sing kudu dilakoni dening para
paraga. Pituduh tumindak iku diarani …
A. Dialog
B. Epilog
C. Monolog
D. Nalog
E. Pandom
22. Ing seni pertunjukan kethoprak, perangan dumadine prakara kang kudu diadhepi dening
para tokoh/paraga kang biasane mapan ing taman sari, kasatriyan, padhepokan, utawa
karang padesan yaiku …
A. Pasulayan
B. Jejer
C. Dhagelan
D. Wasana
E. Perang
23. Ukara-ukara ing ngisor iki kang luput panulisane yaiku …
A. Saiki durung mangsa rendheng
B. Namung sekedhik ingkang mangertos bab basa krama alus
C. Munggah mudun gunung wis nate daklakoni
D. Kathah kawula muda ingkang mboten saged ngetrapaken tata krama
E. Bocah kuwi budal sekolah mesti sering telat
24. Drama kang nyritakake kasusahan utawa prihatin daiarani …
A. Drama misteri
B. Drama komedi
C. Drama sejarah
D. Drama tragedi
E. Melodrama
25. Wujud ringkesan skenario diarani …
A. Naskah
B. Sinopsis
C. Kabeh bener
D. Teks
E. Skenario
26. Ing ngisor iki kang kalebu seni pertunjukan yaiku …
A. Sendratari ramayana
B. Pameran bathik
C. Upacara kebo-keboan ing Banyuwangi
D. Seni ukir
E. Tanggap wacana
27. Crita kethoprak biasane njupuk saka cerita babad, tegese …
A. Crita bab asal-usul panggonan
B. Nggambarake panandhanging kawula alit
C. Crita kang ngandht unsure sejarah
D. Crita carangan
E. Crita saka manca Negara
28. Ing ngisor iki kang ora kalebu seni pertunjukan modern, yaiku …
A. Kethoprak
B. Sirkus
C. Pantomim
D. Opera
E. Tablau
29. Nami kethoprak kedadean saking kalih tembung, inggih menika…
A. Kethuk lan keprak
B. Kenong lan keprak
C. Kothak lan keprak
D. Thuthuk lan keprak
E. Kenthongan lan keprak
30. Kesenian drama tradisional saking Jawa Timur ingkang diperagakaken dening sawijining
grup kesenian ingkang dipungelaraken ing panggung kanthi mendhet criyos ngengingi
pagesangan kawula alit saben dinten, perjuangan, lsp kanthi dipunselingi lawakan ugi
dipuniringi gamelan dipunwastani …
A. Ludrug
B. Jaranan
C. Reog
D. Kethoprak
E. Wayang
31. Nami ludrug kedadean saking kalih tembung, inggih menika …
A. Gela-gelo lan gedrag-gedrug
B. Lucu lan gedrag-gedrug
C. Lucu lan ubrak-ubruk
D. Gela-gelo lan ubrak-ubruk
E. Ela-elo lan gedrag-gedrag
32. Ing ngandhap menika ingkang kalebet ciri-ciri besutan, inggih menika …
A. Paraganipun ngginakaken kostum sarwa pethak ugi nganggo peci warni abrit
B. Paragane migunakake kostum kaya dene raja
C. Paragane migunakake kostum kaya dene wong wadon lan nganggo peci abang
D. Paragane migunakake kostum kajaba rupa putih lan nganggo peci abang
E. Paragane migunakake kostum kaya dene wong wadon lan wedhakan merok-merok
33. Anekdot iku digawe kanthi tujuan kanggo …
A. Nyindir/ngritik
B. Gegojekan
C. Bedhekan
D. Lelucon
E. Cekakan
34. Adhedhasar gambar ing ndhuwur, isi kang trep yaiku …
A. Pamarintah mbangun gedhung kanggo para wakil rakyat supaya luwih apik, nanging
ora trep karo tumindake wakil rakyat nalika ing gedhung kasebut.
B. Pamarintah mbangun gedhung kanggo para wakil rakyat supaya luwih apik, amarga
tumindake wakil rakyat nalika ing gedhung kasebut wis trep.
C. Pamarintah mbangun gedhung kanggo para wakil rakyat supaya luwih apik, supaya
tumindake wakil rakyat saya becik.
D. Pamarintah ora gelem mbangun gedhung kanggo para wakil rakyat supaya luwih
apik, nanging ora trep karo tumindake wakil rakyat nalika ing gedhung kasebut.
E. Pamarintah mbangun gedhung kanggo para wakil rakyat supaya luwih apik, amarga
tumindake wakil rakyat saya becik ing gedhung kasebut.
35. Adhedhasar gambar ing ndhuwur, paraga sing disemoni yaiku …
A. DPR
B. Polisi
C. Rakyat
D. Guru
E. Penegak Hukum
36. Tembung “Geguritan” kadadeyan saka tembung “Gurit”, kang nduweni teges…..
A. Pikiran
B. Kidung
C. Drama
D. Ngomong
E. Aksara
37. Sapa sing bisa aweh sandhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanang arep disuwitani
utawa gelem didadekne bojo.
Ukara ing dhuwur mujudake unine …..
A. Wara-wara
B. Reklame/iklan
C. Seyembara
D. Layang
E. Lelayu
38. Marno mono umure lagi ngancik pat belas taun, sekolahe isih ana klas siji SMP
Negri ing sakcedhake desane. Dheweke kuwi putrane Pak Dhukuh Paren ya Pak Saiman,
priyayi sing kondhang sugih, becik atine, lan pinter momong rakyat ing padhukuhane.
Eman, dene anake lanang sing mung semata wayang iku beda banget watake karo wong
tuwane. Dhasar anake wong sugih mula sapenjaluke tansah keturutan. Yen Pak Saiman
karo sing putri mono, ora seneng nguja bocah, panyuwune putrane dituruti janji penting
lan migunani tumrap sekolahe.
Kang dudu wewatakane Pak Saiman manut cuplikan cerkak ing dhuwur yaiku ….
A.nguja anake lanang
B.becik atine
C.welas asih mring putrane
D.pinter momong rakyat
E.nuruti panjaluke anak kang migunani kanggo sekolahe
39. Ing wilayah praja Purwakandha ana sawijining randha tuwa aran mbok Randha
Kasiyan. Wektu kuwi wancine durung lingsir. Ewadene Mbok Randha Kasiyan durung
bisa turu. Atine umyeg, batine usreg, pikirane judheg. Anake lanang sing mung sji
kepingin ngrabi putri, putrane Prabu Jayakusuma, Raja Purwakandha. Jaka Kendhil :
Geneya Simbok durung sare? Apa Simbok menggalih abote panyuwunku? Mbok Randha:
Genah ta Le. Simbok judheg mikir panjalukmu. Awake dhewe ki wong cilik, kanthik
kowe kepengin ngrabi putri Sekar Arum kedhaton. Tangeh kelakone. Jaka Kendhil : lha,
apa Simbok ora percaya yen Bathara sing Maha Kuwasa iki Maha? Mbok Randha:ya
percaya, nanging …… (ora diterusne) Jaka Kendhil: yen pancen percaya ora usah
nganggo nanging. Simbok ora perlu menggalih abot, sing penting tumindak. Sebab mikir
ping sewu iku ora guna yen tanpa tumindak………………….(Bandha Antologi Dongeng
jawa)
Paraga saka crita ing dhuwur yaiku….
A. Jaka Kendhil lan Mbok Randha
B. Mbok Randha lan Prabu Jayakusuma
C. Prabu Jayakusuma lan Jaka Kendhil
D. Jaka Kendhil lan Putri Sekar Arum
E. Prabu Jayakusuma lan Putri Sekar Arum
40. Ing ngisor iki sing kalebu seni pertunjukan yaiku….
A. Pameran batik
B. Ukir-ukiran
C. Sendratari Ramayana
D. Upacara larung
E. Tanggap wacana
41. “Bubar upacara bendera, kowe diundang Pak Broto ana ruang kepala sekolah!” kandhane
Antok minangka ketua kelas loro SMP Teladan marang aku. Aku mung manthuk.
Sabanjure, aku muter dalan nuju ruang kepala sekolah. Pikiranku kebak pitakonan, ana
apa nganti kepala sekolah nimbali aku. Kamangka kepala SMP Teladan nggonku sinau iki
wis kawentar wong kang disiplin, galak, lan ora wigah-wigih menehi ukuman marang
guru utawa murid sing dianggep mbangkang prentahe.
Kang dadi paraga utama (tokoh sentral) ing pethikan cerkak kasebut yaiku ....
A.Aku
B.Pak Broto
C.Antok
D.Kepala Sekolah
E.ketua kelas loro
42. Ukara kang kalebu purwakanthi lumaksita utawa guru basa yaiku ….
A. Jalaran dheweke jatining tresna asalira tresna
B. Janji jujur jajahane mesthi makmur
C. Sing weweh Ibu kang dak deres iki luh-mu
D. bakal wawuh
E. Dhasar mula putri susila, sinembuh penggalih ngumala
43. Sing ora kalebu struktur fisik geguritan yaiku ….
A. Perwajahan guritan (tipografi)
B. Tembung kongkret
C. Tembung diksi lan imaji
D. Perwajahan guritan (tipografi)
E. Basa figurative lan versifikasi
44. Bakso bakmi, mi apa micin, cin apa cinta, kalebu purwakanthi.....
A. Guru Sastra
B. Guru Gatra
C. Guru Wilangan
D. Guru Basa
E. Guru Swara
45. Mangan tahu, tahune kanggo Wong wolu, kalebu purwakanthi ....
A. Guru Basa
B. Guru Satra
C. Guru Lagu
D. Guru Swara
E. Guru Gatra
46. Sekul lepat ulam segara, wonten lepat nyuwun pangapura, kalebu purwakanthi....
A. Guru Lagu
B. Guru Swara
C. Guru Wilangan
D. Guru Basa
E. Guru Sastra
47. Sing kalebu struktur batin guritan yaiku ….
A. Tema (sense) lan nadha (tone)
B. Tembung kongkret, dhiksi, imaji
C. Tema (sense) lan nadha (tone)
D. Rasa (feeling) lan nada (tone)
E. Wangsulan a lan c bener
48.
(1) Rujak
(2) Dhawet legi
(3) Siwur
(4) Papan pasiraman
(5) tumpeng kuwat
Ubarampe ing ndhuwur digunakake kanggo adicara…….
A. Tingkeban
B. Brokohan
C. Midodareni
D. Temu manten
E. Tedhak siten
49. Ancas dianakake adicara tedhak siten yaiku……
A. Supaya si bocah nduweni dalam urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane.
B. Bocah iku nyeker-nyeker lemah, kang nduweni teges nggolek pangan.
C. Bocah kuwi mlebu donya ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis
dipilih wiwit cilik.
D. Bocah bisa ngliwati tantangan urip
E. Ngaturake puji syukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, dene wis menehi
kalancaran lan slamet nganti bisa ngidak lemah lan bisa urip mandhiri.
50. Penganten kaloro kapangku dening bapake penganten putri kanthi tangan loro,
karangkulake ing pamidhangane sarimbit, sineksenan dening ingkang ibu lan para tamu,
para sepuh. Iki tinemu ing adicara ….
A. Dhahar kembul
B. Kacar kucur
C. Bobot timbang
D. Gantalan
E. Singep sindur

51.

Nama saya Faiz, lahir tanggal 24 Agustus 1987


B. Nama saya Faris, lahir tanggal 25 Desember 1983
C. Nama saya Fasa, lahir tanggal 28 September 1989
D. Nama saya Feris, lahir tanggal 24 Oktober 1986
E. Nama saya Fais, lahir tanggal 23 November 1984
52.
A. Yuswaku saniki 17 tahun
B. Yuswaku saniki 13 tahun
C. Yuswaku saiki 16 tahun
D. Umurku saiki 15 tahun
E. Umurku saiki 14 tahun

53.

Tandha kang diwenehi bunderan yaiku ….


A. 8
B. 7
C. 9
D. 5
E. 6

54.

Gambar ing dhuwur yen diwaca ….


A. Kejawen
B. Kajawen
C. Bharadha
D. Beradha
E. Bertani
55. Kang diarani unggah-ungguh basa yaiku ….
A. Undhag-undhage basa kang ora ngandhut tata krama
B. Undhag-undhage basa kang ngandhut tata krama
C. Undhag-undhage basa lisan kang ngandhut tata krama
D. Undhag-undhage basa tulis ngandhut tata krama
E. Undhag-undhage basa isyarat kang ngandhut tata krama
56. Tumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore ora mandheg-mandheg nyebabake hawane
sansaya kekes. Tembung ing ukara kasebut tegese ….
A. Sumuk
B. Panas
C. Adhem banget
D. Wedi
E. Semelang
57. An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah apa bener?“ pitakone Rani marang Ani.
Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep yaiku...
A. Rani takon marang Ani menawa ibune gerah
B. Rani takon marang Ani kapan ibune gerah
C. Rani takon marang Ani ngenani bener apa ora yen ibune gerah
D. Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah
E. Rani takon marang Ani menawa apa ibune ora gerah

Ayahe Sadewa
Dening: Eni Siti Nurhayati

Ngerti ora, Dhik, biyen nalika sampeyan sakos karo adhiku, sampeyan nate tak
request dadi pacarku? Eman, kalah cepet karo sapa iku? “Atiku mbatin, masa ta, kok
Yuni ora nate crita. Aku ora semaur nganti tekan ngarep sekolahan. “Nuwun ya, Mas,
wis diterke,” kandhaku. Mas Bima mung mesem. Eseme wiwit dina iki bola-bali katon
ing mripatku. Sesuk, sesuk, lan sesuke maneh ana wae alesane Mas Bima methuki aku.
Ngeterke sepedhah, takon perkembangane Sadewa, lan mamitke Sadewa sing ijin diajak
eyange. Aku seneng ae nampa tekane. Nganti wengi iki ama SMS mlebu: Bu guru, eh
Dhik Arini, saupama njenengan tak jak ning Bali piye? Kersa, ta? Bales, hlo! Dudu
merga aku nggolekne ibu kanggo Sadewa, nanging atiku kadhung kepilut njenengan.
Maca SMS sing keri iki, atiku kok sajake kapilut sisan. Hlo, mlebu maneh SMS: Nang
Bali iku kanggo bulan madhu. Hla, sadurunge ayo ijab dhisik. Yen wis ngene aku kudu
piye?

58. Manut cerkak ing dhuwur pakaryane paraga Arini, yaiku ….


A. Dokter
B. Guru
C. Karyawan swasta
D. Karyawan kantor
E. Bidan
59. Ing ngisor iki sing ora kalebu alasan Bima kerep methuki Arini yaiku ….
A. Ngeterake sepedhah
B. Takon perkembangan Sadewa
C. Mamitake Sadewa
D. Ngeterake bukune Sadewa
E. Ngeterake Sadewa sekolah
60. Isine SMS saka Bima marang Arini yaiku ….
A. Ngajak Arini dolan
B. Ngajak Arini ngopi
C. Ngajak Arini mantai
D. Ngajak Arini Bebrayan
E. Takon perkembangan Sadewa

Anda mungkin juga menyukai