com
PEMERINTAH KABUPATEN…
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
SMP NEGERI SINAU-THEWE.COM
Jl. ……………
I. Pilihen jawaban kanthi milih A, B, C, utawa D, tumrap jawaban sing paling bener!
1. Struktur geguritan iku salah sijine kudu migunakake tembung sing mentes.
Tembung mentes tegese…..
A. Tembung sing mung waton
B. Tembung sing ora duwe makna
C. Tembung sing penak dirungokake
D. Tembung sing duwe makna kang jero
2. Kejaba tembung sing mentes, geguritan uga kudu duwe struktur migunakake basa rinengga.
Dene sing dikarepake basa rinengga yaiku…..
A. Basa kang angel dimangerteni
B. Basa kang ora kepenak dirungokake
C. Basa kang endah/penak dirungokake
D. Basa kang ora kepenak lan angel dimangerteni
Nyi Rumpih
Awakmu wis ringkih
Mlaku senggoyoran krangkih-krengkih
Parandene atimu datan wigah-wigih
Kepengin anak dadi linuwih
Sinau-Thewe.com
Sinau-Thewe.com
7. Gawe geguritan supaya katon endah iku kudu nggatekake anane purwakanthi guru sastra.
Purwakanthi guru sastra yaiku…..
A. vokal sing dibaleni
B. swara sing dibaleni
C. tembung sing dibaleni
D. konsonan sing dibaleni
10. Pungkasaning pethikan geguritan ing dhuwur migunakake unsur geguritan kang awujud……
A. purwakanthi guru lagu
B. purwakanthi guru basa
C. purwakanthi guru swara
D. purwakanthi guru sastra
12. Ukara ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi guru sastra “s” yaiku……
A. Tuku tahu lan tempe ditaleni.
B. Saben esuk Sasa solat subuh.
C. Dewi duwe dara mabur dhuwur.
D. Wina wira-wiri kaya wong sing lagi bingung.
13. Ing ngisor iki ukara kang migunakake purwakanthi guru basa/lumaksita, kejaba…….
A. Gunung Merapi, gunung ing lor Ngayoja.
B. Dadi bocah, dadia bocah sing manut karo wong tuwa.
C. Wis suwe ora ketemu, malah kowe saiki tambah bagus.
D. Klambi sing tak gawa iki meh padha karo klambine Dian.
Sinau-Thewe.com
Sinau-Thewe.com
16. Kadadean kang ana saka pethikan geguritan ing dhuwur yaiku……
A. Kahanan jaman kang wis owah gingsir
B. Kahanan jaman sing ora karuan
C. Kahanan jaman sing ora maju
D. Kahanan jaman biyen
17. Ing ngisor iki kang ora kalebu teknik nalika maca geguritan yaiku…..
A. wicara
B. wiraga
C. winata
D. wirama
18. Nabila nalika maca geguritan luhe nganti dleweran awit nggatekake wirasa.
Wirasa tegese……
A. Anggone maca pangucape kudu cetha
B. Banter alone lan munggah mudhune swara
C. Obahing perangan awak lan polatan kang kudu luwes
D. Penjiwaan/penghayatan kang dilarasake karo isine geguritan
19. Sari anggone maca geguritan durung bisa mbedakake pangucape antarane t karo th, d karo dh,
bab iki ateges Sari anggone maca durung bisa ngecakake……
A. wiraga
B. wicara
C. wirasa
D. wirama
21. Semana uga ing babagan peranganing awak kudu luwes, ora kaku, laras/jumbuh karo isine
geguritan, ateges kudu nggatekake bab…..
A. wiraga
B. wicara
C. wirasa
D. wirama
22. Supaya dadi karya sing becik lan endah mula panulise geguritan kudu nggatekake bab- bab
kaya kang disebutake ing ngisor iki, kejaba……..
A. Nggunakake basa rinengga
B. Milih tembung- tembung kang pantes lan mentes
C. Nggunakake purwakanthi, wangsalan lan parikan
D. Nggatekke guru lagu, guru wilangan lan guru gatra
Sinau-Thewe.com
Sinau-Thewe.com
25. Unen-unen kang kaya cangkriman nanging batangane wus cumepak ana ing kono, mung ora
melok utawa ora ketara diarani…….
A. parikan
B. wangsalan
C. cangkriman
D. purwakanthi
26. Dene unen-unen kang dumadi saka rong ukara, ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan
ukara kapindho minangka isi diarani….
A. parikan
B. wangsalan
C. cangkriman
D. purwakanthi
Sinau-Thewe.com
Sinau-Thewe.com
32. Sadurunge maca ana ing panggung, geguritan perlu dingerteni isine (ditafsirkan) luwih dhisik.
Kegiatan kaya mangkono diarani….
A. nggoleki purwakanthi
B. ngetung cacahe gatra
C. nggagapi isine geguritan
D. ngerteni sapa sing ngarang
33. Unjal ambegan landhung paling ora kaping telu, banjur maju kanthi ati teteg, madhep lan
mantep.
Iku mau patrap supaya siyaga kanggo……
A. performance/penampilan
B. teknik vokal
C. olah napas
D. olah raga
35. Cara njupuk dhasaring swara kang paling apik nalika maca geguritan yaiku saka….
A. irung
B. lambe
C. dhadha
D. tenggorokan
36. Ing ngisor iki kalebu unsur kang gawe endahing geguritan, kejaba….
A. Nganggo tembung kang ora ana gegayutane karo bab sing dikandakake ing geguritan
B. Rerangkening tembung mengku purwakanthi kang endah
C. Makna tembung bisa nuwuhake pirang-pirang tafsiran
D. Mengku angen-angen/imajinasi kang jero
38. Umume ing jaman biyen geguritan iku ing gatra sepisan diwenehi tulisan….
A. sun pangestu
B. sun pamaos
C. sun gegurit
D. sun wicara
40. Ing ngisor iki kalebu pituduh cara gawe geguritan, kejaba…..
A. Nemtokake tema geguritan
B. Nemtokake irah-irahan geguritan
C. Nemtokake sing arep maca geguritan
D. Nemtokake purwakanthi sing pas kanggo geguritan
Sinau-Thewe.com
Sinau-Thewe.com
41. Pethikan ing ndhuwur ing perangan geguritan kalebu unsur kang awujud….
A. parikan
B. bebasan
C. wangsalan
D. cangkriman
44. Irah-irahan kang trep kanggo pethikan geguritan ing dhuwur yaiku……
A. Kembang Mlathi
B. Pacobaning Urip
C. Srengenge Esuk Iku
D. Pungkasane Taun Iki
Sinau-Thewe.com
Sinau-Thewe.com
49. Pungkasaning gatra pethikan geguritan ing dhuwur ngandhut unsur purwakanthi guru…..
A. basa
B. swara
C. sastra
D. lumaksita
2. Terangna tegese :
a. wicara
b. wirama
c. wiraga
d. wirasa
Sinau-Thewe.com
Sinau-Thewe.com
Jaman
Dening : Muhammad Yamin M.S
Oh, Rame-Rame kowe saiki wis genti duwe anak lima semega-semega
Urip jaman merdika, enake apa-apa ana
Kliwat ngedan dadi brandhalan
Omben-omben, mabuk-mabukan
Tan ngerti bedhahing kamardikan
…………………………………..
4. Apa wosing/isi saka pethikan geguritan kanthi irah-irahan “Jaman” ing dhuwur?
Sinau-Thewe.com