Anda di halaman 1dari 12

Kategori/SubKategori

1. Tembung budi pekerti asale saka basa…


A. Jawa Kuna
B. Palawa
C. Hindustani
D. Sansekerta
E. Kawi

2. Tuladha wong kang duwe budi pekerti yaiku kejaba…


A. Ngajeni marang budaya utamane basa jawa
B. Duweni unggah ungguh tan trap sila
C. Tnasah ngugemi tata cara aturan
D. Dadi siswa kang tansah mbangun turut
E. Ora ngajeni marang lakune budaya

3 Pratelan ngisor iki titikane basa ngoko alus kejaba…


A. Basa kacampur basa krama alus
B. Tembung kriyane dikramakake alus
C. Tembung kriyane nganggo krama madya
D. Ater ater lan panambang tetep ngoko
E. Aku tetep aku lan kowe didadekake krama alus

4. Kang nggunakake basa ngoko andhap/ ngoko alus yaiku kejaba…


A. Wong tuwo marang wong enom kang duwe pangkat
B. Wong sapadha padha umure / pegaweane
C. Ibu marang ingkang kakung
D. Wong kang wis kulina banget
E. Wong kang durung kulina

5. “Budhe nukokake sepatu aku” yen didadekake basa ngoko andhap sing diowahi tembung…
A. Aku
B. Ditukokake
C. Ditukoni
D. Nukokake
E. Sepatu aku

6. Yen kowe gelem sega iki panganen. Yen didadekake krama inggil yaiku…
A. Menawi panjenengan kersa sekul menika panjenengan dhahar
B. Yen rika kersa sekol niki rika pangan
C. Nawi sampeyan purun sekul niki panganen
D. Menawi panjenengan purun sekul meniki panjenengan dhahar
E. Sekule ipun panjenengan dhahar

7. Unen unen saempar cangkriman kang batangane wis dikandhakake nanging ora melok
diarani…
A. Paribasan
B. Bebasan
C. Saloka
D. Wangsalan
E. Parikan
Kategori/SubKategori

8. Iwak klebu nang wuwu iku kelebu arane…


A. Saloka
B. Sanepa
C. Pepindhan
D. Wangsalan
E. Cangkriman

9. Anak anung anindhiyta iku kalebu purwakanthi yaiku…


A. Guru sastra
B. Guru basa
C. Guru lumaksita
D. Guru swara
E. Guru lumaksana

10. Kolik priya, priyagung anjani putra iki kalebu purwakanthi guru…
A. Basa
B. Swara
C. Sastra
D. Lagu
E. Wilangan

11. Anak polah bapa kepradah iki kalebu arane…


A. Bebasan
B. Saloka
C. Paribasan
D. Parikan
E. Pepindhan

12. Nalika aku sinau ibuku durung turu. Yen didadekake krama alus yaiku…
A. Nalika kula sinau ibuku dereng sare
B. Nalika kula sinau ibu kula dereng turu
C. Nalika kula sinau ibu kula dereng sare
D. Nalika aku sinau ibuku durung sare
E. Nalika aku sinau ibu kula dereng sare

13. Pak nek doyan sega iku panganen. Yen didadekake krama madya yaiku…
A. Pak menawi purun sekul niki sampeyan dhahar
B. Pak menawi kersa sekul menika panjenengan dhahar
C. Pak nawi gelem sega niki panganen
D. Pak menawi purun sekul niki sampeyan tedha
E. Pak nawi kersa sekul niki panganen

14. Sing dadi pangarsa/mandhegani ing pentas drama diarani…


A. Rool
B. Asisten
C. Epilog
D. Monolog
E. Sutradara

15. Paraga sing dianggo geganep ing pentas drama diarani…


A. Piguran
Kategori/SubKategori

B. Prolog
C. Monolog
D. Mimik
E. Alur

16. Pokok masalahe crita utawa lelandhesan utawa dhasare crita diarani…
A. Underan/tema
B. Amanat
C. Paraga
D. Piguran
E. Sutradara

17. Ing ngisor iki unsure intrinsic cerkak kejaba…


A. Underan/tema
B. Amanat
C. Paraga
D. Alur lan padunungan
E. Monolog

18. Rantaman crita sing sinambungan mangun crita diarani…


A. Plot/alur
B. Tema
C. Underan
D. Paraga
E. Padunugan

19. Ing ngisor iki titikane crita cerkak kejaba…


A. Critane sakeplasan tamat
B. Isine padhet banget
C. Alur mung siji
D. Basane mentes ora dawa
E. Sinambungan

20. Tembung entar uga diarani tembung…


A. Garba
B. Silihan
C. Kriya
D. Sandi
E. Saroja

21. Lobok atine tegese…


A. Keras
B. Kereng
C. Sabar
D. Clemer
E. Sombong

22. Wong kang seneng ngrasani liyan diarani…


A. Kandel lambene
B. Njeber lambene
C. Amba lambene
Kategori/SubKategori

D. Tipis lambene
E. Lambene tipis

23. Wong sing seneng mbukak rahasiane liyan. Ing tembung entar diarani …
A. Mbukak wadi
B. Nyolok mata
C. Peteng atine
D. Mangan ati
E. Panen mata

24. Wong kang sregep nyambut gawe diarani…


A. Entheng tangane
B. Entheng endhase
C. Entheng bokonge
D. Entheng atine
E. Seneng lingguh

25. Mbok sing… ing atase bab sepele wae digawe rame.
A. Kethul atine
B. Lobok atine
C. Atine lobok
D. Atine ana wulune
E. Peteng atine

26. Dasar murid… wis dikandhani aja telat yen sekolah.


A. Dableg kupinge
B. Kupinge kandel
C. Kandel kupinge
D. Abang kupinge
E. Kethul atine

27. Dadi bocah lanang kok… ditinggal pacare kok stress.


A. Wedi getih
B. Getihe putih
C. Ora duwe getih
D. Getihe abang
E. Getihe biru

28. Tembung saroja umume nduweni surasa…


A. Sedhengan
B. Trenyuh
C. Mbangetake
D. Nyenengake
E. Silihan

29. Tembung loro kang padgha tegese utawa meh padha tegese dianggo bebarengan diarani…
A. Entar
B. Kriya
C. Lingga
D. Saroja
E. Dwipurwa
Kategori/SubKategori

30. Sapdha padha kanca sing… aja tansah…


A. Sayuk – rukun, tukar – padu
B. Setya tuhu
C. Mukti wibawa
D. Ayem – tentrem
E. Guyub – rukun

31. Karo wong tuwa iku sing… lan tudhuhna …mu


A. Unggah ungguh
B. Darma bekti, tata krama
C. Murang tata
D. Darma bekti, murang tata
E. Mulak sarak

32. Krana prasajane wong tuwaku…mung tansah masak…


A. Awan – bengi, iwak pitik
B. Esuk sore, endhog goreng
C. Esuk sore, tahu goreng
D. Esuk sore, tahu tempe
E. Awan bengi, bakso tahu

33. Saben manungsa duwe gegayuhan pingin urip… lan…


A. Mukti wibawa, kajen keringan
B. Sugih bandha, bojo telu
C. Mukti wibawa, anak okeh
D. Kajen keringan, mukti wibawa
E. Ayem tentrem, sawah amba

34. Senanjan direwangi… nanging yen durung takdire ya ora klakon sugih
A. Gulung koming
B. Nyungsang jempalik
C. Babak bundhas
D. Sikil dianggo endhas
E. Lara lapa

35. Sing dadi pepilinge… aja nganti diliwakake lan kudu diugemi.
A. Bapak simbah
B. Kaki nini
C. Bapa biyung
D. Para leluhur
E. Simbah lanang

36. Anekdot tansah disajakake adhedhasar kedadean…


A. Ora nyata
B. Digawe gawe
C. Nyata
D. Karangan
E. Fiksi
ANSWER: C

37. KUDIS, KURAP, TBC, ASMA. Iki kalebu jenis anekdot…


Kategori/SubKategori

A. Lisan
B. Teks
C. Fiksi
D. Parikena
E. Provokasi

38. Emboke dielus elus, anake diidak idak. Bedhekane yaiku…


A. Pring
B. Andha
C. Ontong
D. Salak
E. Nanas

39. +Wong ketiban duren iku marakake sugih.


+Wong wudunen marakake sugih pari.
Cangkriman ing dhuwur mau kalebu wujud…
A. Blenderan
B. Wancahan
C. Pepindhan
D. Pepindhan, tembang
E. Tembang

40. Emboke wuda anake tapihan bedhekane…


A. Andha
B. Ontong
C. Pring
D. Salak
E. Jagung

41. Wiwawite lesbadhonge karwapake iki kalebu …


A. Wancahan
B. Blenderan
C. Pepindhan
D. Plesedan
E. Sinawang tembang

42. Bosok malah enak bedhekane yaiku…


A. Tempe bosok
B. Trasi
C. Tape
D. Bothok
E. Tiwul

43. Numpak grobak yen ditulis aksara jawa nggunakake…


A. Sandhangan suku, taling tarung, cakra
B. Sandhangan suku, taling, pepet, cakra
C. Sandhangan suku, taling tarung, keret
D. Sandangan wyanjana, taling tarung
E. Sandangan taling tarung, cakra keret
Kategori/SubKategori

44. Sengkalan kang wujud gegambaran umpamane kewan apa liyane di arani sengkalan…
A. Candra peta/memet
B. Candra lukita/lamba
C. Candra mawa
D. Candra sastra
E. Surya candra

45. Bapak lan ibu senengane mangan sega pecel lawuh iwak lele goreng yen didadek ake krama
inggil yaiku
A. bapak kaliyan ibu remenanipun dhahar sekul pecel lawuhipun ulam lele goreng
B. bapak kalih ibu senengane dhahar pecel lan lele
C. bapak kalian ibu sing ditrisnani sega pecel
D. bapak kalih ibu sing diremeni sega pecel
E. bapak kaliyan ibu ingkang diremeni nedha sekul pecel lawuh lele

46. Basa kang bener manut unggah ungguhe yaiku


A. bapak mangan soto aku ngunjuk the
B. simbah wingi tak paringi arta
C. budhe sare ing kamar aku ya melu sare
D. bapak dhahar soto kula inggih nedha soto
E. aku ditimbali ibu terus aku nyeluk bapak

47. Basa kang tetembungane ngoko nanging kacampur tembung krama inggil tumrap sing
diajak guneman utawa sing digunem dene ater-ater lan panambang tetep ngoko ora
dikramake diarani basa
A. Ngoko
B. ngoko andhap
C. krama lugu
D. krama inggil
E. krama madya

48. Drama kang nggambarake panguripane kaum bangsawan ing abad 16 diarani
A. drama borjuis
B. drama absolut
C. drama maca
D. drama heroik
E. drama konteporer

49. Lemarine reged yen ditulis aksara jawa yaiku


A. le ditulis nga leled
B. re ditulis pa cerek
C. ma ditulis aksara murda
D. le lan re ditulis nga leled lan pa cereg
E. le diganti nga ra tetep

50. lelembut, dhedemitan diarani tembung


A. dwipurwa
B. dwiwasana
Kategori/SubKategori

C. dwilingga
D. hagnya
E. andhahan

51. kang kalebu crita ing pagelaran ludruk yaiku kejaba


A. sarip tambak yasa
B. pak sakerah
C. sawung galing
D. pangeran situbanda
E. damarwulan

52. kagunan wayang kulit diarani seni adi luhung sebab yaiku kejaba
a. ana seni tari
B. ana seni rupa
C. ana seni musik
D. ana seni swara lan drama
E. ana niyangane

53. Jnis-jenis seni pertunjukan yaiku


A. seni anekdot lan lawak
B. seni tari lan musik
C. opera lan sulap
D. teater lan film/wayang
E. kuda lumping

54. Drama miturut etimologi ( asal usul kata ) saka tembung dram tegese gerak yaiku saka
A. amerika
B. rusia
C. pulau kreta
D. yunani
E. india

55. Drama kang tuwuh ngrembakane cunduk karo dina gumbira pestaning rakyat kang ana
utamane saka padesan diarani drama
A. moralis
B. misteri
C. dukariya
D. rakyat
E. waca

56. Mulia saiki ya tanpa guna sebab tamune wis lunga menyang yogya, tembung muliha ing
ukara sambawa ngemu teges
A. umpama mulih
B. senajan mulih
C. muga muga mulih
D. mokal
E. supaya
Kategori/SubKategori

57. Panunggule pandhawa arane yaiku


A. punthadewa
B. arjuna
C. bima
D. nakula
E. sadewa

58. Para paraga dikenalake watake lan pandhapuke ing drama diarani
A. kode
B. orientasi
C. komplikasi
D. resolusi
E. revolusi

59. Wujud komposisi syair utama gancaran kang diajab bisa nggambarake ing panguripan
tingkah laku, dialog kang diperanake diarani
A. drama
B. prolog
C. monolog
D. depilog
E. dramawan

60. Wis kana kowe jagaa meneh tembung jagaa ing ukara agnya duwe teges yaiku
A. akon mrentah jaga
B. ora usah jaga
C. senajan
D. muga-muga
E. umpama

61. Wayang wahyu isine nyritakake yaiku


A. nabi isa almasih
B. nabi muhammad
C. nabi ismail
D. nabi nuh
E. nabi sis

62. Wayang golek kesuwur ing yaiku


A. jawa tengah
B. jawa barat
C. jawa timur
D. bali
E. madura

63. Wayang asale saka tembang ....... Kang duweni teges roh, dewa, gusti maha tunggal
A. Ma Hyang
B. Mayong
C. Daputa Yang
D. wewayangan
Kategori/SubKategori

E. danyang

64. Tuladha panjingan aksara wa yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku
A. suwarane rame
B. kalung suwasa
C. sawise tangi
D. patih suwanda
E. swarane mbata rubuh

65. Tembung sing diucapake rangkep ing wanda wiwitan diarani


A. dwilingga
B. dwiwasana
C. saroja
D. dwipurwa
E. tembung sambawa

66. Tembung sing diucapake rambah pindho tetep tembung linggane nanging owah sijine
diarani
A. dwilingga salin swara
B. dwi lingga semu
C. dwilingga wantah
D. dwilingga andhahan
E. dwilingga

67. Tembung panjenengan yen ditulis aksara jawa yaiku


A. pa ditulis murda
B. na tetep na
C. aksara na diganti nga
D. aksara nga diganti nya
E. aksara na diganti nya

68. Tembung ing ngisor iki sing oleh seselan um yaiku kejaba
A. lumampah
B. tuman
C. lumaku
D. gumuyu
E. sumusu

69. Tembung ing ngisor iki kang oleh seselan in lan er yaiku
A. tinuku + serandhal
B. tinumbas + skuter
C. kerelip + gumuyu
D. tinular + tinumbas
E. jinotos + jotosen

70. Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku kajaba
A. mongan - mangan
B. nguya - nguyu
Kategori/SubKategori

C. nungas - nangis
D. mumat - mumet
E. leledhang

71. Seni pertunjukan ludruk sadurunge main dibukani nganggo


A. tari ngremo
B. tari bondhan
C. tari srimpi
D. tari merak
E. nembang

72. Seni pertunjukan kaperang dadi yaiku


A. modern lan konteporer
B. tradisi lan modern
C. tradisilan klasik
D. klasik kontenporer
E. kuna lan budaya adat

73. Sawijining karya seni seni kang isih kaiket dening pola aturan aturan kang ditindakake
kanti dibolan baleni diarani
A. seni pertunjukan tradisi
B. seni modern
C. seni konteporer
D. seni drama modern
E. seni film/sinetron

74. Saiki kowe balia dhisik ing ukara agnya iki tembung balia duwe teges
A. supaya mulih
B. ora usah mulih
C. mulih mengko
D. mulih sesuk
E. supaya ora mulih

75. Raden gathotkaca satria ing


A. madukara
B. astina
C. mandura
D. pringgandani
E. pringga kusuma

76. Pesan utawa nilai - nilai moral kang disampekake pamiyarsa diarani
A. orientasi
B. komplikasi
C. komposisi
D. koda
E. resolusi

77. Patrap utawa tingkah laku kang ditindakake paraga diarani


Kategori/SubKategori

A. prolog
B. akting
C. monolog
D. antagonis
E. protogonis

78. Pasangan aksara jawa yen oleh sandhangan suku aksara pasangan bali wutuh yaiku
A. na,ka,ta
B. ka,ta,la
C. ma,ka,la
D. ga,ca,ba
E. ka,ta,ma

79. Bocah kang tansah ngugemi aturan ora sering mbolos, sregep sinau, tansah ngumpulake
tugas, ngenggoni unggah - ungguh, tepa selira, ora ngombe miras lan tansah ngluhurake
budaya bangsa tegese duwe
A. budi pekerti
B. sopan santun
C. rasa rumangsa
D. aturan kang apik
E. tindak kang adi luhung

80. Pratelan iki ing ngisor yaiku titikane basa ngoko alus kejaba
A. basane kacampur krama inggil
B. sing dikramakake inggil tembung kriyane
C. ater-ater lan panambang basa ngoko
D. aku tetep aku lan kowe dadi penjenengan
E. ater-ater lan panambang dikramakake

Anda mungkin juga menyukai