Anda di halaman 1dari 8

REMEDIAL PSAT-BKS BASA JAWA TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan A, B, C, D utawa E tumrap
pratelankang trep!

1. Karangan sastra nduweni ciri-ciri kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba…..
A. Nduweni sifat obyektif
B. Nduweni makna konotatif
C. Nuwuhake kesan kuat lan endah ing batine sing maca
D. Migunakake pilihan tembung, ukara lan gaya basa sing bebas
E. Nyentuh ing rasa
2. Kang kalebu teks sastra yaiku….
A. Artikel
B. Cerita cekak
C. Karya tulis ilmiah
D. Laporan
E. Makalah
3. Para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi, minangka
panuntunkeblating panembah, ingkang satuhu luhuring budi.
Tembung kang kacithak kandel ing teks ing ndhuwur tegese…..
A. Esuk sore
B. Saben wengi
C. Awan bengi
D. Esuk nganti sore
E. Sore tekan wengi
4. Madeg karaton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra mbarepe, Duryudana, Patih
Sengkuni,lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugam ana gandheng cenenge karo peprentahe Astina
ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandhawa wis wiwit diwasa. Pethilan teks ing
kasebut tuladhane teks sastra yaiku…..
A. Teks cerkak
B. Teks geguritan
C. Teks tembang macapat
D. Teks pedhalangan
E. Teks tembang campursari
5. Parikan, wangsalan, cangkriman, lan paribasan iku kalebu jenise basa rinengga kang awujud….
A. Kawruh basa
B. Paramasastra
C. Tembang
D. Geguritan
E. Kasusastran
6. Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa rinengga yaiku…..
A. Para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing
pitutur, keblat ing panembah.
B. Sadurunge ditemokake manten lanang lan manten wadon dirias luwih dhisik.
C. Awake lencir pakulitane kuning, nanging olehe nesu tangane nuding-nuding.
D. Akeh dhayoh sing padha ora oleh panggon amarga papane ciyut.
E. Sawise acara rampung tamune padha mulih dhewe-dhewe
7. Kanthi linambaran pepayung budi rahayu, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, mugi pinarenga
kawulahambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha.
Tembung sewu agunging aksama tegese…..
A. Pangapunten ingkang kathah
B. Sugeng siang
C. Sugeng dalu
D. Maturnuwun ingkang kathah
E. Kalepatan ingkang kathah
8. Palarapaning panganten putri sinungging pepaes awarna kresna, ireng meles, menges, ajanges pantes.
Tembung palarapan tegese…..
A. Bathuk
B. Sirah
C. Pipi
D. Irung
E. Kuping
9. Tembung kinasih, dumunung, tinabuh, tembung linggane…..
A. Kasih, dunung, tabuh
B. Kasih, dunung, abuh
C. Kasih dunung, nabuh
D. Asih, dunung, nabuh
E. Asih, dunung, nabuh
10. Direwangi njungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo mangan saben dinane. Tembung njungkir
njempalik kalebu…..
A. Tembung saroja
B. Tembung entar
C. Tembung camboran
D. Tembung garba
E. Tembung yogaswara
11. Tembung loro kang nduweni swara a lan i ing pungkasane wanda, nduweni teges lanang wadon
diarani…..
A. Tembung entar
B. Tembung saroja
C. Tembung yogaswara
D. Wangsalan
E. Dasanama
12. Dewa-dewi, mudha-mudhi, siswa-siswi kalebu jenise….
A. Tembung entar
B. Tembung saroja
C. Tembung yogaswara
D. Wangsalan
E. Dasanama
13. Unen-unen ing ngisor iki kang kalebu parikan yaiku…..
A. Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir
B. Lawa lima kalong telu dadine pira?
C. Wajik klethik gula jawa, luwih becik sing prasaja
D. Dahwen ati open
E. Para warga padha gotong royong, mbangun jembatan.
14. Jarit lawas ing sampiran. Unen-unen kasebut tegese…..
A. Kena apus sarana gampang banget
B. Wong sing ora nduwe papan panggonan
C. Wong nduwe kapinteran nanging ora digunakake
D. Nemu kepenake tanpa melu rekasane
E. Mung kanggo jagan yen ana kurange
15. Yen tumindak sarwa kesusu asile ora becik, iku paribasane…..
A. Ketapang ngrangsang gunung
B. Kalah cacak menang cacak
C. Kebat kliwat gancang pincang
D. Entek ngamek kurang golek
E. Lahang karoban manis
16. Wong kang wis ora oleh pangapura saka Pangeran, iku paribasane…
A. Kaduk wani kurang deduga
B. Kalah cacak menang cacak
C. Kadang konang
D. Keplok ora tombok
E. Kineban lawang tobat
17. Durna karo Sengkuni duwe gagasan anyar sing bisa gawe kapitunaning liyan. Tembung kapitunaning,
tembung lingga…..
A. Kapi
B. Tunaning
C. Kapituna
D. Pitu
E. Tuna
18. Kabeh mung dakpasrahake neng ngersane Pangeran.Dimen nalar, budi lan ati pinaringan padhang.
Tembung pinaringan tembung lingga….
A. Pinaring
B. Paringan
C. Maring
D. Naring
E. Paring
19. Juwita, dyah, wanodya, rini, putri, iku dasanamane…..
A. Pinter
B. Ati
C. Banyu
D. Kembang
E. Wanita
20. Atmaja,tanaya, suta, sunu, siwi, iku dasanamane…..
A. Angin
B. Bumi
C. Ati
D. Banyu
E. Anak
21. Kang diarani guru wilangan ing paugerane tembang macapat yaiku.....
A. Cacahing larik saben sapada
B. Cacahing wanda saben sagatra
C. Cacahing wanda saben sapada
D. Tibaning swara ing pungkasaning pada
E. Tibaning swara ing pungkasaning gatra
22. Tembang macapat kang nduweni sasmita sarkara, hartati, madu, manis, yaiku tembang…..
A. Sinom
B. Dhandhanggula
C. Pocung
D. Gambuh
E. Megatruh
23. Tembang macapat kang nggambarake nalika manungsa isih ana ing alam ruh lan durung lair yaiku…..
A. Mijil
B. Maskumambang
C. Sinom
D. Kinanthi
E. Pocung
24. Tembang macapat kang nggambarake kahanane manungsa nalika isih enom, yaiku…..
A. Maskumambang
B. Sinom
C. Mijil
D. Kinanthi
E. Pocung

Tembang ing ngisor iki kanggo soal no 25-27


Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak-ajak,
satemah anenulari.

25. Miturut paugerane tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang…..


A. Sinom
B. Kinanthi
C. Mijil
D. Gambuh
E. Megatruh
26. Paugerane tembang macapat ing kasebut yaiku..A. 8i, 8u, 8a, 8i,8a,8i
B. 8u, 8i, 8u, 8i,8i,8a
C. 8u, 8a, 8a, 8i,8a,8i
D. 8u, 8i, 8a, 8i,8a,8i
E. 8u, 8i, 8i, 8i,8a,8i
27. Saka cakepan tembang kasebut kang nduweni guru wilangan 8 yaiku…..
A. Gatra 1
B. Gatra 2
C. Gatra 3
D. Kabeh gatrane
E. Gatra 4
28. Pratelan yen Yen wis tinitah wong agung tegese…..
A. Aja banjur gumedhe/sombong
B. Aja cedhak-cedhak karo wong kang ala kelakuwane
C. Jalaran ora wurung bakal ajak-ajak
D. Yen kowe dititahake dadi wong gedhe
E. Lan kelakuwane kang ala kasebut bakal nulari

Tembang ing ngisor iki kanggo soal no 29-30


Ngelmu iku kelakone kanthi laku,Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekesing dur angkara.

29. Miturut Paugerane tembang kasebut kalebu tuladhane tembang


A. Gambuh
B. Maskumambang
C. Mijil
D. Pocung
E. Asmarandana
30. Adhedhasar tembang kasebut kang nduweni guru wilangan 12 yaiku…
A. Gatra 1
B. Gatra 3
C. Gatra 2
D. Gatra 4
E. Ora ana
31. Dadia lakunireku. Tembung lakunireku kalebu tembung garba, kang asale saka tembung…..
A. Lakuni + raiku
B. Laku + nire + ku
C. Laku + sira + iku
D. Laku + ira + iku
E. Laku + nira + iku

32.

A.

B.

C.

D.

E.

33. Tembung ing ngisor iki kang panulisane ing aksara Jawa migunakake aksara rekan, yaiku…..
A. Argentina
B. Kamboja
C. Milan
D. Kongo
E. Vietnam
34. Tembung ing ngisor iki sing nggunakake aksara murda kanggo panulisane, kajaba.....
A. Vietnam
B. Alaska
C. Inggris
D. Yunani
E. Jerman
35. Kembang blimbing arane…
A.
B.
C.
D.
E.
36. Jeneng tokoh ing ngisor iki panulisane ing aksara Jawa nggunakake aksara rekan, yaiku…..
A. Fahri Hamzah
B. Amin Rais
C. Prasetyo Aji
D. Gathot Sulistyo Hadi
E. Sultam Agung Hanyakrakusuma
37. Ing ngisor iki bangsane kewan raja kaya, kajaba…..

A.

B.

C.

D.

E.

38. Kosok baline mundur yaiku…..

A.

B.

C.

D.

E.

39.40.

Unine aksara jawa ing dhuwur yaiku…..


A. Tegar leyeh-leyeh karo ndelok tivi
B. Asgar leyeh-leyeh karo ndelok tivi
C. Tegar leyeh-leyeh karo nonton tipi
D. Asgar leyeh-leyeh karo ndelok tipi
E. Sekar leyeh-leyeh karo nonton tivi
40. Tembung pepaes, cecundhuk, kekasihe, kalebu tembung rangkep..
A. Dwilingga semu
B. Dwipurwa
C. Dwiwasana
D. Dwilingga wantah
E. Dwilingga salin swara
41. Tembung pinatut, pinilih, sinungging, tembunge lingga....
A. Panut, pilih, sungging
B. Patut, pilih, sungging
C. Atut, silih, sungging
D. Atut, pilih, sungging
E. Patut, silih, sungging
42. Tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dinggo bebarengan diarani...
A. Tembung wod
B. Tembung saroja
C. Tembung entar
D. Tembung garba
E. Tembung aran
43. Senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane, paribasane yaiku.....
A. Kalah cacak menang cacak
B. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh
C. Entek ngamek kurang golek
D. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh
E. Durung pecus keselak besus
44. Samubarang panggaweyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane, paribasane yaiku...
A. Mikul Dhuwur mendhem jero
B. Kalah cacak menang cacak
C. Durung pecus keselak besus
D. Entek ngamek kurang golek
E. Lahang karoban manis
45. Mugi-mugi Gusti ingkang Maha Agung paring piwales ingkang samurwatipun.Tembung piwales
kalebu...
A. Tembung wod
B. Tembung kriya
C. Tembung andhahan
D. Tembung lingga
E. Tembung garba
46. Atmaja, putra, siwi, sunu, suta, tanaya, weka, yoga, iku dasanamane.....
A. Awak
B. Ati
C. Anak
D. Buta
E. Wadon
47. Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gulaWelingku mring para mudha,..............
Ganepe parikan kasebut kang trep yaiku....
A. Aja sakarepe dhewe
B. Aja wedi ing rekasa
C. Aja seneng tumindak ala
D. Aja sak senengmu dhewe
E. Aja ninggalake tata krama
48. Cundhuk mentul pinasang titi tata pinatut, katiyub ing maruta sumilir kadi kembang dewadaru.
Tembung maruta tegese ...
A. Lintang
B. Geni
C. Angin
D. Banyu
E. Lemah
49. Jeneng negara ing ngisor iki panulisane ing aksara Jawa nggunakake aksara murda yaiku...
A. Arab
B. Jerman
C. Nigeria
D. Laos
E. Mongolia
50. Tembung ing ngisor iki kang panulisane ing aksara Jawa migunakake aksara rekan, yaiku…..
A. Kamboja
B. Argentina
C. Vietnam
D. Milan
E. Kongo
51. Kembang jambu arane…..

A.

B.

C.

D.

E.

52. Kembang blimbing arane…


A.
B.
C.
D.
E.

53.

A.

B.

C.

D.

E.

54. Syair utawa tetembungan kang dienggo ing tembang macapat diarani....
A. Cengkok
B. Titi laras
C. Cakepan
D. Pada
E. Pathet
55. Tembang macapat kang nggambarake manungsa kang lagi lair ing alam donya yaiku...
A. Asmarandana
B. Mijil
C. Pocung
D. Gambuh
E. Maskumambang
56. Tembang macapat kang nggambarake manungsa kang lagi nandang asmara yaiku....
A. Gambuh
B. Asmarandana
C. Pocung
D. Maskumambang
E. Mijil
57. Ing ngisor iki kalebu tembung garba sutraye, yaiku ...
A. Yeku
B. Sugyarto
C. Karyenak
D. Aneng
E. Kalokeng
58. Ing ngisor iki kalebu tembung garba warga ha, yaiku...
A. Munggweng
B. Narendra
C. Lumebweng
D. Lagyantuk
E. Kapyarsa
59. Wajibe murid iku
Kudu sregep taberi sinau
Miwah gemi setiti lan ngati-ati
Manut parentahing guru
Bekti mring wong tuwa karo
Paugerane tembang macapat ing kasebut yaiku..
A. 7o, 10u, 11i, 8o,8i
B.7u, 10u, 12i, 8u, 8o
C. 70, 10u, 12i, 80, 8i
D. 7u, 9u, 12i, 8u, 8o
E. 7u, 9u, 11i, 8u, 8o

Anda mungkin juga menyukai