Anda di halaman 1dari 9

PHB BAHASA JAWA

SEMESTER GANJIL KELAS XI (IPA/IPS)

1. Kaendahan reriptan kang awujud geguritan kuwi dumunung ing...


A. pilihane tembung sing angel dingerteni
B. nggunakake basa-basa Jawa kuna
C. wewujudane kudu manut paugeran
D. pilihane tembung kudu mentes lan mantesi
E. tata rakite ukara kudu nggunakake basa baku

2. ing ngisor iki sing kalebu struktur batine geguritan yaiku...


A. pamilihing tembung
B. penganggone baya bahasa
C. perasaane panggurit
D. penganggone wirama
E. tatacarane nulis geguritan

3. Prasetyaku thukul saka ati kang tulus. Apa tegese ati kang tulus
A. ikhlas
B. grundel
C. iri
D. drengki
E. sombong

4. Puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran kang wis tartamtu diarani….
A. geguritan
B. parikan
C. cangkriman
D. bebasan
E. tembung entar

5. Bab-bab sing ora kudu digatekake sadurunge nemtokake gagasan baku (ide pokok) ing
sawijining geguritan, yaiku:
A. Negesi tetembungan sing katulis ing geguritan kasebut, yen kangelan negesi tembung
tembung kawi, bisa digoleki ing bausastra/kamus.
A. Mahami maknane tulisan ing saben-saben gatra/larik lan nulis ing sawijining ukara.
B. Ora perlu mahami maknane tulisan ing saben-saben gatra/larik lan nulis ing sawijining
ukara
C. Nggathukake maknane ing antarane gatra siji lan gatra liyane sing wis tinulis ing ukara.
D. Nggoleki dudutan / kesimpulan saka pokok pikiran sing kinandhut ing sawijine
pada/bait.

6. Arupane tukar pikiran utawa rembugan tumrape wong loro utawa luwih babagan masalah
kanggo tujuan tartamtu diarani….
A. wawancara
B. dhiskusi
C. micara
D. pacelathon
E. guneman

7. Tembung-tembung sing dienggo utawa kapilih kanthi cermat kanggo ngrakit geguritan
diarani....
A. tema
B. rima
C. amanat
D. tembung
E. gatra

8. Bakune rembug (gagasan pokok) sing diungkapake penggurit ana sajroning geguritan
diarani....
A. tema
B. rima
C. amanat
D. tembung
E. gatra

9. Pangulangane swara ing sajroning geguritan diarani....


A. tema
B. rima
C. amanat
D. tembung
E. gatra

10. Sikape panggurit marang wong sing maca geguritan kasebut diarani
A. tema
B. rima
C. amanat
D. nada
E. gatra

11. Akibate sing ditimbulake geguritan iku marang jiwa ragane wong sing maca geguritan
kasebut diarani....
A. tema
B. rima
C. amanat
D. suasana
E. gatra

12. Sijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubar panen pari
diarani...
A. slametan bayi
B. bersih desa
C. tedhak sitèn
D. injak tanah
E. mitoni

13. Upacara adat bersih desa kadhang uga diarani upacara apa?
A. mitoni
B. nyapih
C. mreti desa
D. tedhak siten
E. slametan bayi

14.Ing ngisor ora kalebu tujuane bersih desa yaiku kajaba…


A. Kango hiburan para warga sing lagi susah.
B. Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen pari sing
melimpah
C. Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib, roh utawa
arwah sing gentayangan
D. Kanggo njaga para warga saka gangguan- gangguan penyakit, keamanan lan bencana.
E. Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya keadaan desa
dadi tentrem lan aman.

15. Kepriye umume prosesi upacara bersih desa dilakoni?


A. umume diwiwiti ana ing tengahe panenan
B. umume diwiwiti ana ing tengahe methik pari
C. umume diwiwiti bubar panenan Kawitan utawa methik,
D. umume diwiwiti saka omah arikalane Arep mbuka panenan
E. umume diwiwiti saka omah arikalane arep mbuka methik pari
16.

KELANGAN TEMBANG KASMARAN

Angin segara tansah nyuwara


Kayadene tembang asmarandana
Swarane endah ana talinganku
Keprungu

Nanging ana apa tembang kang endah


Swarane kuwi sirna
Ilang kaya dipangan Bethara Kala

(Surabaya, 2000)

Adhedhasar pethikan guritan ing ndhuwur, sing dikarepake keprungu ing kuping, yaiku
…..
A. swara tembang asmarandana
B. swara tembang segara
C. swara angin asmarandana
D. swara angin segara
E. swara angin ing talingan

17. Tegese guritan iku, sing paling trep, yaiku …..


A. puisi modern sing nganggo basa Jawa, ora gumantung aturan sajak, lan ora kalebu
lagu kaya dene tembang macapat.
B. puisi gagrag anyar sing nganggo basa Jawa, isih gumantung aturan sajak, lan isih
kalebu lagu kaya dene kidung.
C. puisi modern sing nganggo basa Jawa, isih gumantung aturan sajak, lan isih kalebu
lagu kaya dene kidung.
D. puisi gagrag anyar sing nganggo basa Jawa, ora gumantung aturan sajak, lan ora
kalebu lagu kaya dene kidung.
E. puisi modern nganggo basa Jawa kang bebas nanging isih gumantung aturan sajak lan
lagu kaya dene tembang.

18. Guritan sing basane angel dingerteni amarga ora kerep dienggo ing pacelathon saben
dina, diarani …..
A. guritan rinengga
B. guritan prismatis
C. guritan pangripta
D. guritan profan
E. guritan protan

19. Guritan sing pilihan tembunge (diksi) gampang dingerteni amarga kerep dienggo ing
pacelathon saben dina nanging isih bisa nengenake kaendahan saka geguritan kasebut,
diarani guritan …..
A. prismatik
B. prismatis
C. propan
D. profan
E. protan
20. Gatekna andharan carane nggawe guritan ing ngisor iki!

(1) Ngeling-eling saperangan pengalaman


sing tau dialami.
(2) Milih salah sawijine pengalaman sing
nengsemake kanggo bahan nulis
guritan.
(3) Nemtokake tema.
(4) Nulis larik guritan aadhedhasar pilihan
tembung sing kapilih.
(5) Nemtokake pilihan tembung kang
endah lan nduweni makna.
(6) Ngoreksi lan nyunting guritan kang wis
Tata cara nggawe guritan ing ndhuwur durung bener, urutane sing bener, yaiku …..
ditulis.
A. (3), (1), (2), (5), (4), lan (6)
B. (3), (2), (1), (4), (5), lan (6)
C. (3), (4), (2), (1), (5), lan (6)
D. (3), (2), (1), (5), (4), lan (6)
E. (3), (1), (2), (4), (5), lan (6)

21. Wacanen guritan ing ngisor iki!


Kembang Mlathi
(R. Widiyati)
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara


Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci.
Andharan ngenani isi guritan kasebut, sing paling bener lan salaras, yaiku …..
A. Pangripta rumangsa isih gela amarga isih durung bisa labuh negara.
B. Pangripta rumangsa atine wis suci amarga wis labuh negara.
C. Pangripta rumangsa wis mulya negarane amarga wis dilabuhi dening pahlawan.
D. Pangripta rumangsa dosa amarga atine ora suci.
E. Pangripta rumangsa wis suci atine amarga nyebar kembang mlathi.

22. Guritan iku umume, wujud saka …..


A. wedhare daya pamikir lan rasa pangrasane pangripta.
B. sambat lan gegar batine pangripta.
C. wedhare sesambatan lan pikirane pangripta.
D. andharan lan gagasane pangripta ngenani samubarang.
E. gagasan ngenani samubarang apa wae kang dirasakne dening pangripta.
23. Gatekna urut-urutan tata cara ngerteni isi guritan ing ngisor iki!

(1) Nyathet tembung-tembung


kang angel dingerteni lan
jarang diweruhi.
(2) Nggoleki makna kang sinerat
ing geguritan.
(3) Nggoleki teges saka tembung-
tembung kang angel dingerteni
lan jarang diweruhi.
(4) Diwaca bola-bali teks guritane
(5) Ngerteni pralambang (simbol)
ing geguritan.
(6) Nggoleki makna kang sinurat
ing geguritan.
Urutan sing isih durung bener kasebut, yen dibenerake dadi …..
A. (5), (2), (3), (1), (6), lan (4)
B. (4), (1), (3), (5), (2), lan (6)
C. (6), (1), (3), (5), (2), lan (4)
D. (4), (3), (1), (5), (2), lan (6)
E. (4), (1), (3), (2), (5), lan (6)

24. Guritan sing wis dingerteni makna sinerat lan sinurate, banjur bisa ditemtokake …..
A. sapa sing dadi pangriptane
B. tegese tembung-tembung sing angel dingerteni
C. tetembungan sing angel dingerteni.
D. panggon lan wektune pangripta nggawe guritan kasebut
E. pesen moral utawa amanat ing guritan kasebut

25. Wacanen lan ngertenana isine pethikan guritan iki!

Kitir
(Sumono Sandy Asmono)

Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-
awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat

Surasane pethikan guritan ing ndhuwur, yaiku …..


A. brangasan
B. kaweden
C. bingung
D. seneng
E. isin

26. Guritan iku meh padha karo tembang macapat, yen ing basa Jawa. Bedane, yaiku …..
A. Guritan gampang dingerteni tegese, dene tembang macapat angel dingerteni
B. Guritan angel dingerteni tegese, dene tembang macapat gampang dingerteni
C. Guritan nggunakake tatanan lagu lan cacahe wanda, dene tembang macapat ora
D. Tembang macapat nggunakake tatanan lagu lan cacahe wanda, dene guritan ora
E. Tembang macapat nggunakake pilihan tembung sing apik, dene guritan ora
27. Supaya ngerteni isi lan maknane guritan, luwih dhisik kudu …..
A. dicathet tembung-tembung sing angel ditegesi
B. digancarake teks guritane
C. dicathet amanate
D. digancarake maksude
E. dicathet cacahe wanda

28. Nggancarake guritan iku padha karo …..


A. ngandharake isine guritan nggunakake asile mikir lan basane dhewe
B. ngandharake isine guritan nggunakake basa sing ndhakik-ndhakik
C. nyritakake isine guritan nggunakake basa sing ndhakik-ndhakik
D. ngandharake isine guritan nggunakake tembung sing angel dingerteni
E. nyritakake isine guritan nggunakake asile mikir lan basane dhewe

29. Supaya si jabang bayi tansah manud, anteng lan kebak pangayoman, kalebu motif jarit.....
A. Truntun
B. Babok Angrem
C. Wahyu Angrem
D. Babon Angrem
E. Semen Rama

30. Tujuwan nindakake upacara adat yaiku …..


A. kanggo ngusir bangsa lelembut
B. kanggo nyuwun berkah lan kaslametan mring Gusti
C. kanggo ngramekake acara
D. kanggo nuruti panjaluke sesepuh
E. kanggo nguri-uri

31. Sajrone tingkeban cengkir gadhing digambari wayang sepasang, yaiku …..
A. Prabu Rama lan Dewi Shinta
B. Kamajaya lan Dewi Ratih
C. Prabu Rama lan Dewi Ratih
D. Kamaratih lan Dewi Sinta
E. Rama lan Kamajaya

32. Tigas Rikma, yaiku...


A. Motong rambut sajrone siraman
B. Mendhem rambut sajrone siraman
C. Guwak rambut sajrone larung sesaji
D. Medhem rambut sajrone aqiqahan
E. Nugel benang lawe

33. Supaya si jabang bayi mbesuke ngerteni undhag-undhagan sajrone urip kanggo nggayuh
kamulyan, ing tradhisi piton-piton kalebu maknane …..
A. ngidak jadah
B. dikurungi
C. munggah andha tebu
D. siraman
E. tigas rikma

34. Upacara adat kang ditindakake kanggo ngilangi bebaya utawa ngguwak balak sajrone
awake diarani …..
A. kirab
B. jamas
C. ruwatan
D. aqiqah
E. tedhak siten

35. Upacara adhat jawa sing wiwitan ditindakake sedina sadurunge temu manten yaiku …..
A. dipingit
B. siraman
C. dodol dhawet
D. paes ageng
E. tigas rikma

36. Makna Motif nyamping Truntun sajrone tingkeban yaiku.......


A. Supaya si jabang bayi manut marang wong tuwane
B. Supaya si jabang bayi disenengi dening kulawargane
C. Supaya si jabang bayi nurun kabecikane kulawargane
D. Supaya si jabang bayi pikantuk ridhaning Gusti
E. Supaya si jabang bayi ora kakurangan satunggal menapa

37. Sajrone upacara adat siraman, ana piranti sing arane senik. Senik, yaiku …..
A. wadhah banyu kanggo siraman saka bathok
B. wadhah dhawet
C. payung
D. wadhah banyu
E. cidhuk kanggo siraman saka bathok

38. Selapan iku ana ........ dina


A. 30
B. 29
C. 36
D. 25
E. 27

39. Makna pari saunting sajrone upacara adat ngundhuh mantu, yaiku.........
A. Supaya temanten loro bisa nyukupi kabutuhan sandhang
B. Supaya temanten loro bisa nyukupi kabutuhan papan
C. Supaya temanten loro bisa nyukupi kabutuhan pangan
D. Supaya temanten loro bisa duweni pamikiran dewasa
E. Supaya temanten loro nduweni ati kang manteb

40. Ngidak jadah pitung werna kalebu rantaman upacara ing upacara adat.......
A. Tingkeban
B. Tedhak siten
C. Ngundhuh Mantu
D. Larung Sesaji
E. Bersih Desa

41. Ngundhuh mantu dilaksanakake ing.........


A. Omahe manten wadon
B. Omahe manten lanang
C. Omahe manten lanang lan wadon
D. Omahe para pinisepuh
E. Wangsulan A, B, lan C bener

42. Maknane ndhas wedhus utawa ndhas kebo sajrone larung sesaji, yaiku.......
A. kanggo tolak balak
B. kanggo tumbal
C. kanggo ngilangi rasa sombong, serakah, lan bodho
D. kanggo njaga keslametan laut
E. kanggo njangkepi ubarampe kang dibutuhake

43. Simbol sing ngandharake papan sajrone ubarampe ngundhuh mantu, yaiku...
A. pang kapas/ randhu sak wohe
B. pari sawuli
C. pang ringin sak godhonge
D. gedhang raja
E. cengkir gadhing

44. Ubarampe keleman, yaiku........


A. ubarampe sajrone ngundhuh mantu sing arupa woh-wohan
B. ubarampe sajrone larung sesaji sing arupa wernane tumpeng
C. ubarampe sajrone tingkeban sing arupa pala kesempar lan pala gemandhul
D. ubarampe sajrone tingkeban sing arupa pala pendhem lan pala gemandhul
E. ubarampe sajrone tedhak siten sing arupa barang-barang ing njero kurungan

45. Makna cengkir gadhing sajrone upacara ngundhuh mantu, yaiku......


A. Supaya temanten loro bisa nyukupi kabutuhan papan
B. Supaya temanten loro bisa nyukupi kabutuhan sandhang
C. Supaya temanten loro mangerteni undhag-undhagane panguripan
D. Supaya temanten loro nduweni ati kang manteb kanggo nggayuh panguripane
E. Supaya temanten loro nduweni pikiran kang kenceng anggone nglakoni panguripane

46. Ubarampe songsong, yaiku . . .


A. wadhah dhawet
B. cidhuk saka bathok
C. janur sing dianyam
D. payung
E. mangkok cilik

47. Piranti lan bahan liyane ing upacara adat, lumrahe diarani …..
A. ubarampe
B. ubarambe
C. umbarampe
D. umbarambe
E. ubarape

48. Upacara adat Jawa sing ditindakake sadurunge upacara panggih/temu temanten, yaiku …..
A. ngundhuh mantu lan siraman
B. siraman lan midodareni
C. tingkeban lan midodareni
D. pitonan lan siraman
E. pitonan lan ngundhuh mantu

49. Upacara adat Jawa kanggo bocah/jabang bayi, yaiku …..


A. tedhak siten lan midodareni
B. siraman lan midodareni
C. siraman lan tedhak siten
D. tingkeban lan tedhak siten
E. tingkeban lan siraman

50. jenisi upacara adat ing ngisor iki sing ana gegayutane karo kepercayaan yaiku...
A. ruwatan
B. tingkeban
C. selapanan
D. tolak balak
E. sedekah bumi

Anda mungkin juga menyukai