Anda di halaman 1dari 3

GLADHEN STS BAHASA JAWA

SMP NEGERI 22 SURABAYA

Materi STS Bahasa Jawa


1. Swara miring lan jejeg (aiueo)
2. Geguritan (teges, ciri, unsur intrinsic, cara gawe geguritan)
3. Unsur basa ing geguritan (tembung entar, saroja, garba, dasanama, lan purwakanthi)
Wangsulana pitakonan iki kanthi trep lan titi
1. Wong sing ngasilake karya sastra wujud geguritan, diarani…
a. Panggurit
b. Niyaga
c. Komposer
d. Penyanyi

2. Ing basa Indonesia, geguritan gagrag anyar diarani…


a. Puisi
b. Prosa
c. Karya Ilmiah
d. Semboyan

Pahlawanku ....
Mbok korbanke jiwa ragamu kanggo bumiku Bandha lan nyawa
kopasrahake Kanggo kamulyaning bumiku Indhonesiaku ....
Getih luber mili netesi Ibu pertiwi Kanggo kamulyaning bumiku.
3. Tembung mulya ing ukara kasebut tegese....
a. Mulih
b. Negara
c. pahlawan
d. sugih

4. Langkah wiwitan kang kudu ditindakake nalika arep nulis geguritan yaiku . . . .
a. negesi tembung
b. nemtokake tema
c. ngumpulake tetembungan
d. ngrakit ukara

5. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kita kudu mangerteni . . . .


a. Isine
b. Macane
c. tulisane
d. wujude

6. Menawa omong-omongan karo kanca-kancane dheweke mesthi lunyu ilate. Tembung lunyu
ilate duweni teges…
a. Mencla-mencle
b. Ora duwe isin
c. Sabar
d. katon nesu

7. Dawa tangane, Entek atine, Dawa ususe kalebu tembung…


a. Entar
b. Dasanama
c. Garba
d. Saroja

8. Tembung ayem tentrem, sepi mamring, rahayu slamet, lan sapiturute kalebu tembung ....
a. Entar
b. Saroja
c. Garba
d. Camboran

Gatekna petikan geguritan ing ngisor iki !


Wanci sekolah miwiti pasinaon
Kathah siswa kang sami pitakon Sabtu enjing kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti tanpa di kongkon ......................
9. Purwakanthi kang tinemu ing geguritan yaiku....
a. Purwakanthi guru swara
b. Purwakanthi guru sastra
c. Purwakanthi lumaksita
d. Purwakanthi guru basa

10. Tembung “Priyagung” kuwi kalebu ing tembung garba. Tembung kuwi asale saka….
a. Pri + yagung
b. Priya + agung
c. Pri + agung
d. Priyagu + ng

11. Wira ditimbali Pak Lurah mring kantor kelurahan. Tembung mring asale saka..
a. Mara + ing.
b. Ma + ring
c. Mri + Ing
d. M + ring

12. Tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan kanggo
mbagetake surasane diarani tembung ....
a. Garba
b. Entar
c. Saroja
d. Camboran

Rina wengi anggone nyambut gawe direwangi ... kanggo nyukupi ....
13. Isine ceceg-ceceg kang trep yaiku ....
a. Babak bundhas, anak bojo
b. Adus kringet, sandhang pangan
c. Jungkir walik, anak bojo
d. Babak bundhas, sandhang pangan

14. Tembung dasanama yaiku tembung sing nduweni teges padha utawa luwih saka siji. Sing ora
kalebu dasanamane tembung omah yaiku…
a. Panti
b. Wisma
c. bayu
d. graha

Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!


Kahanan esuk iki katon seger Sesawangan gunung ijo royo-royo Ndadekna ati ayem
tentrem ......................................................................
15. Pethikan geguritan iku ana tembung ijo royo-royo lan ayem tentrem. Tembung kasebut
kalebu jinising tembung …
a. Tembung saroja
b. Tembung dasanama
c. Tembung entar
d. Tembung garba

16. Tuladhane tembung ing ngisor iki kang nduweni swara [i] miring, yaiku ...
a. tangi, wedhi, tangi
b. pitik, sawi, ladhing
c. bathik, garing, mampir
d. piring, pipi, ladhing

17. Sing kalebu titikane utawa cirine geguritan yaiku .... (pilihen 3 wangsulan)
a. kaiket paugeran guru gatra, lagu lan wilangan
b. nggunakane basa rinengga
c. nduweni amanat sing becik
d. nengenake bab wirama lan lagu
e. cacahe kudu luwih saka 5 baris

18. Gatekna pethikan geguritan iki!


Kawiyak sunaring srengenge
Surya ngrembaka maneh
..........................................................

Sing kalebu dasanama tembung srengenge yaiku .... (pilihen 2 wangsulan)


a. Bayu
b. Surya
c. Baskara
d. Graha
e. purnama

19. Tuladhane tembung ing ngisor iki sing nganggo swara [a] jejeg yaiku... (pilihen 3
wangsulan)
a. Abang
b. Larang
c. Gudang
d. Gula
e. Lara
f. sida

20. Supaya bisa mangerteni isine geguritan, bab-bab sing kudu digatekake yaiku... (pilihen 3
wangsulan)
a. Mahami maknane tulisan ing saben-saben gatra
b. negesi tetembungan sing angel ing geguritan
c. Goleki sapa sing nulis geguritan
d. nulis ukara sing dadi gagasan bakune geguritan

Anda mungkin juga menyukai