Anda di halaman 1dari 3

A.

Soal Pilihan Ganda


Sun gegurit,
Kaanan jaman sakiki
Sipat pemudha pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman Nguni
Srawung sarwa ngati-ati.

1. Nitik cara panulisane, geguritan kasebut kalebu jinise geguritan …


a. Lawas c. saiki
b. Anyar d. Biyen
2. Apa tema gaguritan ing dhuwur?
a. Pendhidhikan c. Sesrawungan Pemudha saiki
b. Lakone urip d. Sesrawungan Penudha saiki karo mbiyen
3. Saka geguritan ing ndhuwur, kita bias mangerteni menawa srawunge pemudha jaman
saiki iku …
a. Anteng c. saya ndadi
b. Medeni d. dikendhaleni.
Bekti Kagem Ibu
Nyuwun tambahing pangestu
Kula badhe angayahi
Tangungjawab marang bangsa
Ugi mring ibu pertiwi
Iki pancen kewajiban
Kang putra wus kudu ngerti.

4. Nitik cara panulisane, geguritan ing ndhuwur kalebu jinise geguritan …


a. Lawas c. saiki
b. Anyar d. Biyen
5. Sing nyuwun pangestu, manut geguritan kasebut yaiku …
a. Aku c. Ibu pertiwi
b. Ibu d. Para pemudha
6. “Kula badhe angayahi”. Menawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi …
a.
b.
c.
d.
7. Geguritan gagrag lawas adat saben isine bab …
a. Piwulang c. tata laku
b. Ngelmu kanuragan d. Ngelmu tuwa
8. Bab-bab kang ora kudu digatekake nalika nulis geguritan yaiku …
a. Nemtokake diksi/pilihan tembung
b. Nemtokake tema lan judhuk
c. Pira regane gawe geguritan
d. Wiwit nulis larik geguritan lan nyunting.
9. Ing ngisor iki kalebu paugerane geguritan gagrag anyar, kajaba …
a. Basane ora nganggo basa padinan
b. Tetmbunge pilihan
c. Sajak pungkasan mardika/bebas
d. Lumrahe diwiwiti nganggo tembung sun gegurit
10. Tembung kasebut adat saben kanggo miwiti geguritan gagrag

a. Lawas/tradhisional c. saiki
b. Anyar/modheren d. Jaman mengko
11. “Saiki gedhe dadi Bethara Kala.” Pethilan geguritan gagrag lawas kasebut yen ditulis
nganggo aksara Jawa wujude …
a.
b.
c.
d.
Dipun sami ambanting badanira
Nyuda dhahar lan guling
Darapon sudaa
Nepsu kang ngambra-ambra
Rerema ing tyasireki
Dadya sabarang
Karyanira lestari

12. Pethilan tembang kasebut kalebu tembang macapat …


a. Dandanggula c. Mijil
b. Durma d. Sinom
13. Miturut pethilan tembang kasebut, badan iku dibanting kanthi cara nyuda …
a. Seneng-seneng c. Mangan lan turu
b. Ngambra-ambra d. Lelungan
14. Gatra kaping telu guru lagu lan guru wilangane yaiku …
a. 4a c. 6a
b. 5a d. 7a
15. Isine serat wulangreh pupuh Durma yaiku bab …
a. Cara ngrumati wong tua c. cara nglakoni tata krama
b. Carane golek ngelmu d. cara ngendhaleni hawa nepsu
16. Sing nganggit serat wulangreh yaiku Pakubuwana kaping …
a. 4 c. 2
b. 3 d. 1
Ing pangrawuh lair batin aja mamang
Yen sira wus udani
Mring sariranira
Lamun ana kang Murba
Masesa ing alam Kabir
Dadi sabarang
Pakaryanira ugi

17. Saka pethilan tembang Durma ing dhuwur, kita kudu mantep (aja mamang) marang …
a. Sariranira c. Taqdire Gusti
b. Pengetahuan lair lan batin d. Kekarepan
18. Saka pethilan tembang Durma ing dhuwur, kita kudu percaya yen ing donya iki ana kang
kuwasa, yaiku kang Murbeng Dumadi. Murbeng Dumadi tegese…
a. Gusti c. Surga
b. Manungsa d. Neraka
19. Kang kalebu pangrawuh batin yaiku …
a. Bandha c. Iman
b. Ilmu umum d. Jabatan
20. Pitutur ing serat wulangreh kudu … dening menungsa supaya bisa urip kanthi apik.
a. Diwaspadai c. Dirasakke
b. Ditinggal d. Diugemi

B. Soal Isian Singkat


21. Iketaning basa kang awujud sair iku diarani …
22. Kapirid saka wujud lan isine, geguritan kaperang dadi loro, yaiku geguritan gargrag …
lan gagrag …
23. Geguritan gagrag lawas iku cacahing gatra saben pada ora ajeg, nanging sathithike ana …
gatra.
24. Geguritan gagrag lawas lumrahe isine arupa …
25. Lumrahe geguritan gagrag lawas diwiwiti nganggo tembung …
26. Geguritan gagrag anyar uga diarani gaguritan …
27. Geguritan gagrag anyar nduweni sipat luwih … amarga ora kaiket paugeran kaya
paugerane geguritan gagrag lawas.
28. Basa kang digunakake ing geguritan gagrag anyar iku basa endah, tegese dudu basa …
29. Basa kang digunakake ing geguritan gagrag anyar iku ana kalane nganggo lelewaning
basa. Lelewa tegese …

Bener luput ala becik lawan beja


Cilaka mapan saking
Ing badan priyangga
Dudu saking wong liya
Mulane den ngati-ati
Sakeh durgama singgahana den eling
30. Manut pethilan tembang Durma kesebut, beja cilaka iku saka …
31. Tegese badan priyangga yaiku …
32. Kanggo ngedohi durgama/ancaman/pitnah, manungsa kudu …

Apan ana sesiku telung prakara


Nanging gedhe pribadi
Puniki lilira
Yokang telung prakara
Poma ywa ngunggung sireki
Sarta lan aja
Nacad kepati-pati
33. Saka pethilan tembang durma ing dhuwur, ana … perkara kang kudu diadohi.
34. “Poma ywa ngunggung sireki”. Tegese tembung kasebut yaiku aja …
35. “Nacad kepati-pati”. Tegese tembung kasebut yaiku aja …

C. Uraian
36. Jelasna apa iku kang diarani geguritan!
37. Sebutna 3 wae paugerane geguritan gagrag lawas!
38. “tanggung jawab marang bangsa”. Tulisen tembung kasebut nganggo aksara Jawa!
39. Tulisen guru lagu lan guru wilangane tembang Durma!
40. Ing pangrawuh lair batin aja mamang.
Yen sira wus udani,
mring sariranira,
lamun ana kang Murba.
Masesa ing alam kabir,
dadi sabarang,
pakaryanira ugi.
Jelasna isi sing bisa kojupuk saka tembang Durma ing ndhuwur!

Anda mungkin juga menyukai